Pustaka Sri Radyalaksana Karya Prajaduta Terbit 1939

Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat di Dusun Sala bertahan lebih lama daripada kraton-kraton dinasti Mataram sebelumnya, bahkan memicu berkembangnya Kota Solo. Salah satu referensi yang bisa disimak untuk mengetahui dinamika bangunan fasilitas Kraton Solo dari masa ke masa itu adalah Pustaka Sri Radyalaksana karya Prajaduta dkk. terbitan tahun 1939.

Buku yang diterbitkan pada tahun ke-194 pemerintahan generasi Pakubuwono disusun komite yang dipimpin Mas Ngabèi Prajaduta dengan panitia yang terdiri atas Radèn Mas Ngabèi Jayasuwarna, Radèn Lurah Agnyaduta, Radèn Ngabèi Wiryabaskara, Radèn Mas Ngabèi Kartaduta, Radèn Mas Ngabèi Dirjaduta, dan Ki Mas Sarawiryana yang dibantu oleh Radèn Mas Ngabèi Purwasastra. Terbitnya buku 200 halaman itu dirancang bersamaan dengan peringatan 200 tahun didirikannya Kraton Solo.

Berikut ini transkrip Pustaka Sri Radyalaksana karya Prajaduta dkk. yang diterbitkan N.V. Boedi Oetomo, Surakarta, pada tahun 1939:

Punika Pustaka Sri Radyalaksana

Anyariyosakên kawontênan pindhahipun karaton dalêm saking Kartasura dhumatêng ing nagari Surakarta Adiningrat.

Kaêcap ing pangêcapan Budi Utama ing Surakarta

Taun 1870 utawi taun 1939.

— 0 —

Ôngka | Pratelan isinipun buku punika | Kaca

1 Purwaka …

2 Pindhahipun karaton dalêm saking Kartasura dhumatêng Sala (Surakarta) … kaca 5

3 Kawontênan jumênêng dalêm para nata tuwin, oprup, residhèn, guprênur, dalah para pêpatih dalêm, tuwin jaksa, pangulu, pujôngga, wiwit ing Surakarta … kaca 26

4. Yasan dalêm para nata, wiwit wontênipun ing Surakarta … kaca 49

5 Cariyos wiwit wontênipun abdi dalêm bupati nayaka, saha abdi dalêm bupati kaparak sasaminipun, wiwit jaman Mataram … kaca 89

6 Pratelan urut-urutanipun para nata ingkang jumênêng … kaca 117

7 Kawontênan warni-warni bab panganggèn utawi pangagêman, kuluk … kaca 149

8 Bab tudhung ing Surakarta … kaca 154

9 Bab rasukan … kaca 162

10 Bab kampuh (dodot) … kaca 166

11 Bab calana … kaca 174

12 Bab sabuk ukup … kaca 175

13 Bab èpèk saha timang … kaca 176

14 Bab wangkingan (dhuwung) … kaca 180

15 Bab pasikon (wêdhung) … kaca 183

16 Lante (lampit) kangge lênggah manawi sowan … kaca 187

17 Payung, songsong … kaca 189

18 Pudyastawa … kaca 197 dumugi 200

 — 0 —

 [Grafik]

Gambar Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X ingkang sampun sawarga.

Purwaka.

Kula nuwun, awit saking golong gêlênging pamanggihipun pangrèhing pakêmpalan Harta Wandawa, rèh kabupatèn, kaparak têngên, amarêngi 200 taun, jumênêngipun nagari dalêm ing Surakarta, prêlu damêl buku pangèngêt-èngêt, kaangkah isinipun buku wau 200 kaca, ngêwrat:

I. Pindhahipun karaton dalêm saking Kartasura dhumatêng Sala (Surakarta).

II. Kawontênanipun jumênêng dalêm para nata tuwin oprup, residhèn, gupêrnur, dalah para pêpatih dalêm tuwin jaksa, pangulu, pujôngga wiwit ing Surakarta.

III. Yasan dalêm para nata, wiwit wontênipun ing Surakarta.

IV. Cariyos wiwitipun wontên abdi dalêm bupati nayaka, saha abdi dalêm kaparak sasaminipun, wiwit jaman Mataram.

V. Kawontênan warni-warni, tumrap ing Surakarta.

Buku punika mawi rinêngga ing gambar-gambar sawatawis, dene ingkang kapatah dados kumisi nindakakên damêl buku pangèngêt-èngêt wau inggih punika:

— 1 —

1. Mas Ngabèi Prajaduta: pangarsa.

2. Radèn Mas Ngabèi Jayasuwarna: panitra I.

3. Radèn Lurah Agnyaduta: panitra II.

4. Radèn Ngabèi Wiryabaskara: panitya.

5. Radèn Mas Ngabèi Kartaduta: panitya.

6. Radèn Mas Ngabèi Dirjaduta: panitya.

7. Ki Mas Sarawiryana: panitya. kabiyantu Radèn Mas Ngabèi Purwasastra.

Mênggah pandamêlipun buku punika amung wêwaton mêthik sêrat-sêrat pèngêtan saha sêrat babad tuwin sêrat sanès-sanèsipun, punapa malih awêwaton gotèk utawi cêcriyosan ingkang sakintên sagêd sambêt kalihan kawontênanipun buku pangèngêt-èngêt wau.

Sarèhning pandamêlipun buku punika namung awêwaton mêthiki sêrat babad tuwin sêrat sanès-sanèsipun, têmtu kemawon wontên ingkang kècèr botên sagêd cocog kalihan yêktinipun, botên langkung para kumisi namung nyuwun gênging pangaksamanipun para ingkang srêddha nungkara.

Sêrat punika kanamakakên: Sri Radyalaksana.

Sri, têgêsipun: ratu.

— 2 —

Radya, têgêsipun: nagari

Laksana, têgêsipun: lampah.

Utawi kenging dipun têgêsi lêlampahan utawi kawontênan, dados têmbung: Sri Radyalaksana, punika pikajêngipun: lêlampahan kawontênanipun panjênêngan dalêm nata tuwin kawontênanipun nagari wiwit sajumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping kalih, ingkang akadhaton wontên ing nagari dalêm Surakarta Adiningrat, sapiturutipun ngantos dumugi jumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sadasa punika. Mênggah kawontênanipun pèngêt-pèngêtan wau, tumrapipun panjênêngan dalêm nata, namung kapêndhêt sapantêsipun, kados ingkang kasêbut sasisih punika.

Katandhan Kumisi

Pangarsa, M. Ng. Prajaduta,

Panitra I R. M. Ng. Jayasuwarna,

— 3 —

Panitra II R. L. Agnyaduta.

Para Panitya, R. Ng. Wiryabaskara, R. M. Ng. Kartaduta, R. M. Ng. Kartaduta, R. M. Ng. Dirjaduta, Ki Mas Sarawiryana.

— 4 —

[Grafik]

Gambar Dalêm Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi (sakalihan ingkang garwa) putra dalêm pambajêng kakung Sampeyan Dalêm P.B. X, ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 7 Mulud, Je 1870, utawi kaping 26 April 1939, jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram. Sasampunipun lajêng jumênêng nata sumilih kaprabon dalêm ingkang rama, ajêjuluk: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping XI.

— 5 —

Kula nuwun, mênggah ingkang dados purwakaning cariyos punika, nalika alam jumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping II, ingkang akadhaton ing nagari Kartasura, salinggaripun saking nagari dalêm ing Kartasura, dening wontênipun dahuruning praja, sanadyan sagêd wangsul jumênêng nata malih, ananging panggalih dalêm sakalangkung singkêl (prihatos), angraosakên risaking nagari saha risaking karaton dalêm saisinipun, prasasat sirna sadaya, amila saking kaparênging karsa dalêm, badhe pindhah karaton saking nagari Kartasura, ing dhusun pundi ingkang prayogi kagêm pindhah karaton wau. Enggaling cariyos, sri narendra lajêng utusan anitik pasitèn mangetan.

Miturut ingkang kasêbut ing sêrat pèngêtan anggitanipun suwargi Pangeran Wijil kaping I ing Kadilangu, ingkang sumare wontên ing astana Lawiyan Surakarta, pujôngga dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping II, saha pujôngga dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping III, kados ing

— 6 —

ngandhap punika:

Ingkang Kautus anitik pasitèn ingkang prayogi wau Pangeran Wijil, dene ingkang kautus anitik siti ingkang wangi, abdi dalêm Suranata, nama Kyai Kalipah Buyud, ingkang kautus anumbali badhenipun nagari, Mas Pangulu Pêkih Ibrahim, ingkang kautus masang bakuh kukuhing praja, Pujôngga Kiyai Tumênggung Tirtawiguna, prayagung sakawan wau sasampunipun mundhi dhawuh pangandika dalêm, lajêng sami bidhal dhatêng sawetaning nagari, botên watawis dangu angsal titikan pasitèn ingkang sakalangkung pelag (sae), sarta sitinipun wangi, katêlah ing ngriku kasêbut namaning dhusun Talawangi (ing sapunika nama Kadipala), lajêng dipun babadi ngantos waradin, tuwin lajêng dipun cêngkal dados pakaranganing kadhaton.

Kiyai Tumênggung Tirtawiguna mawas ukuraning nagari botên pikantuk, kagalih kirang baweranipun. Karêmbag malih ingkang dados prayogining lampah, sampun ngantos botên angsal damêl, Pangeran Wijil lajêng anitik pasitèn malih, sami dhatêng ing dhusun Sala.

[Grafik]

Gambar tugu têtêngêr ing Kadipala Surakarta (rumiyin nama dhusun Talawangi), inggih punika pasitèn ingkang kacêngkal badhe kagêm karaton botên saèstu.

Pangeran Wijil kalihan Kiyai Tumênggung Tirtawiguna tansah prihatos, èsthining panggalih nyênyuwun sagêdipun rah

— 7 —

badhening kadhaton, prayagung kêkalih sami manungku puja wontên satêpining kêdhung Kol, lajêng angsal wangsiting Gusti Ingkang Murbèng Bawana, makatên ujaring suwara: hèh kang padha manungku puja, yèn ing desa Sala iku wus pinasthi bakal dadi nagaragung, luwih karta raharja, ananging katêmua karo Kyai Gêdhe Sala, ing kono kang sumurup mula bukane ing nguni-uni.

Satêlasing wangsit, Pangeran Wijil lajêng kesah saking kêdhung Kol, mangilèn dhatêng ing dhusun Sala, sadumuginipun ing dhusun Sala, Pangeran Wijil kalihan Kiyai Tumênggung Tirtawiguna, malêbêt ing pakaranganipun Kyai Gêdhe Sala, katingal saking katêbihan lajêng pinurugan, ciptaning panggalih manawi kawêdala, apa iki sing jênêng Kyai Sala, sanalika sakalangkung bingahing manah, Kyai Gêdhe Sala enggal amêthukakên utusaning nata, lajêng kadhèrèkakên malêbêt ing griya, sarêng sampun sami satata lênggah, ing ngriku sami rêrêmbagan kalampahanipun ing damêl, badhe nitik titining pamêca dhusun Sala, Kyai Gêdhe Sala matur kawontênanipun ing jaman rumiyin.

Dhuh sang pangeran, mbokmanawi kaparêng midhangêtakên lêpiyan ing ngajêng, makatên saking kaèngêtan kula.

— 8 —

[Grafik]

Gambar rawa ing kêdhung Kol Pasar Kliwon Yasadipuran, inggih punika ingkang kawêca Pangeran Wijil, pasitèn wau sae angsaripun.

[Grafik]

Pakuburanipun Kyai Bathang, wontên saêlèr wetan alun-alun lèr Surakarta.

Kala jaman nagari ing Pajang, putranipun Tumênggung Mayang seda kasulah (kawêsiasat) ing ratu, awit kalêpatan dening panjênêngan dalêm sang nata, kawêsiasat kasulah dumugi pêjah, wangke kalarung wontên ing lèpèn Pepe, kasangsang wontên sawetaning siti Sala, kala samantên bêbêkêlipun ing dhusun ngriku nama Kyai Sala. Pramila lajêng katêlah nama dhusun Sala. Ing ngriku Kyai Sala pinuju dhatêng lèpèn, sarêng wuninga bathang kasangsang lajêng kalorogakên manêngah, dhatêng ing panggenan toya ingkang ilinipun langkung santêr, wanci sontên anggènipun ngèlèkakên, sarêng enjing sampun wangsul malih dhatêng panggenanipun kasangsang wau, ngantos rambah kaping tiga anggènipun ngèlèkakên, tansah wongsal-wangsul kemawon, bêkêl Sala sakalangkung ngungun, kunarpa lajêng mangsit makatên: he, kyai, ingsun iki aja sira siya-siya, bêcik pitulungana, pêndhêmên ana sakuloning desa Sala, amarga karamat ingsun ana sajroning nagara agung kartaraharja salawase tan kêna binêdhah, enggalipun wangke lajêng kapêtak wontên sakilèning dhusun Sala, katêlah nama kramat Kyai Bathang. Sarta sabên dintên malêm Jumuwah, tuwin Anggara Kasih murub amadhangi

— 9 —

sadhusun, lajêng kapêpêtri ing tiyang kathah minôngka pêpundhèn, manawi pinuju kasusahan sami nyuwun idi luwaring sungkawa, wusana sami kasambadan manggih suka raharja ngantos sapriki taksih ngrêda mangunahipun.

Kacariyos, Pangeran Wijil saha Tumênggung Tirtawiguna, tuwin Kyai Kalipah Buyut, sarta Mas Pangulu Pêkih Ibrahim, sami suka ing galih, anyipta badhe kasêmbadan sêdyanipun. Lajêng sami mangkat dhumatêng kramatanipun Kyai Bathang, sadumuginipun ing ngriku sami anyumêrêpi papan katingal bawera asri tiningalan, ananging kuciwanipun cêlak rawa langkung lêbêt saha wiyar. Prayagung sakawan sakalangkung èmêng ing galih, lajêng sami wangsul atur uninga dhumatêng ingkang sinuhun, kadhèrèkakên Kyai Gêdhe Sala, Pangeran Wijil matur sadaya sarèhing dinuta. Ingkang sinuhun sarêng miyarsa sakalangkung ngungun ing panggalih. Lajêng animbali Kyai Tohjaya, kalihan Kyai Yasadipura sapisan, sami kadhawuhan manah sagêdipun dados nagari, kadhawuhan sami nimbang ing dhusun Sala kalihan bumi Talawangi kalih pisan pundi ingkang prayogi, Kyai Tohjaya kalihan Kyai Yasadipura matur sandika, badhe mariksa rumiyin, sang nata mangayubagya

— 10 —

kyai kêkalih lajêng mangkat, sadumuginipun ing dhusun Sala, angubêngi rawa agung sakalangkung sae, kawawas tirta kamandhanu ingkang dumunung ing ngriku, sarta pangudaraosing panggalih sampun kapanggih, lajêng munjuk sang nata, unjukipun sang wignya kêkalih: dhuh ingkang sinuhun, ing dhusun Sala sampun kapanggih ukuranipun, sakalangkung sae, namung ngudi pêpêtipun ingkang rawa, manawi sampun pêpêt, gampil pangukuripun pasitèn kêkalih wau. Ingkang sinuhun kapinudyèng panggalih, lajêng animbali Kiyai Tumênggung Ônggawôngsa, sanalika Kiyai Tumênggung Ônggawôngsa lajêng sowan ing ngarsa dalêm, winartosan saliring karsa nata, miwah lampah-lampah nitik badhe pindhahing praja, aturipun Tumênggung Ônggawôngsa, prayogi karêmbag ing nagari. Ingkang sinuhun lajêng animbali Adipati Pringgalaya, marêk ing ngarsa dalêm sampun dhinawuhan saliring rèh sadaya, sang adipati matur sandika, lajêng mundur. Sadumugining dalêm kapatihan lajêng karêmbag kalihan para nayaka jawi lêbêt sadaya, ngantos samadya côndra anggènipun rêrêmbagan, pinanggihing pangrêmbag ingkang prayogi kagêm nagari sae kalihan wêcaning jangkanipun, ing dhusun Sala, dene ingkang kapilih kawitan inggih [ing…]

— 11 —

[…gih] punika dhusun Kadipala. Jangkanipun nadyan papan sae botên lêdhok, nanging jangkanipun enggal risak.

[Grafik]

Pakuburanipun Kyai Sala, wontên saêlèr wetan karaton Surakarta.

[Grafik]

Gambar patilasan têlênging Kêdhunglumbu, kaprênah sawetan sasanasumewa (pagêlaran).

Wontên malih ingkang katitik mangetan dhusun Sanasèwu tanah lêmpar waradin, katantunakên dhatêng Kiyai Tumênggung Ônggawôngsa, kirang prayogi, amargi tiyang Jawi badhe wangsul ngrasuk agami Buda malih, tansah tukar kalihan rowang.

Ingkang kautus lajêng wangsul dhatêng Kartasura, lapur ing sang nata, dhawuh dalêm sampun marêngakên, dhusun Sala lajêng dipun babadi namung kapêndhêt sapintên wiyaripun ingkang kenging kagêm karaton, dalah padalêmanipun para pangeran, tuwin para punggawa. Sasampunipun lajêng damêl sêrat ingkang badhe kadhawuhakên dhumatêng bupati môncanagari. Sadaya bupati môncanagari ing bang wetan saha kilèn, sami kapundhutan ladosan balok, kathah kêdhiking ladosan balok miturut agêng aliting nagarinipun piyambak-piyambak, sarêng balokipun sampun anglêmpak, lajêng kacêmplungakên ing rawa, ngantos sagêd kêbak waradin sadaya, namung kantun têlênging rawa dèrèng sagêd pampêt, amargi kalêbêtan balok pintên kemawon tansah sirna, malah saya agêng wêdaling

— 12 —

toya, lubèr balabar kados sagantên, Pangeran Wijil, Kalipah Buyut, saha Pangulu Pêkih Ibrahim sami nênumbali sarat puja môntra, mêksa tanpa daya, malah mêdal gêrèh pèthèkipun miwah gêrèh layur, tuwin isèn-isèning samodra, sadaya ingkang tumandang sami giris angunduri. Kyai Tohjaya miwah Kyai Yasadipura sakalangkung sungkawa, tuwin Pangeran Wijil, para alim sadaya tansah budi sarana, nanging botên kandhêg agênging toya, Pangeran Wijil sarta Kyai Yasadipura, sami manêkung wontên sawetanipun têlênging rawa, ingkang kalêrês sakiduling kêdhung Kol.

[Grafik]

Gambar pasitèn ing dhusun Sanasèwu, kaprênah sawetan nagari Surakarta, inggih punika ingkang kacêngkal badhe kagêm karaton, botên saèstu.

Cinariyos, anggènipun manêkung Pangeran Wijil akalihan Kyai Yasadipura ngantos pitung dintên pitung dalu, botên dhahar botên sare, amiyarsa swara makatên: he, kang mangun puja brata, wruhanira têlêng iku mulane ora bisa pampêt amarga têmbusane sagara kidul, dene yèn sira udi pampête têlêng mau, kang dadi saranane, tambalên gong Kyai Sêkardalima, karo roning lumbu, lawan sirahing talèdhèk, ing kono bisa pampêt têlênge, ananging ing têmbe dadi kêdhung ora mili ora sat,

— 13 —

ajêg banyune, ora kêna dipampêt salawas-lawase. Têlas ujaring swara, Pangeran Wijil miwah Kyai Yasadipura, lajêng sami amudhar puja bratanipun, wêkasan Pangeran Wijil ngandika dhatêng Kyai Yasadipura, bisik-bisik: nyariyosakên anggènipun angsal wisikipun Sang Hyang Suksma Kawêkas, sampun kacariyosakên sadaya, ingkang jinarwan langkung suka, Pangeran Wijil lajêng dhawuh dhatêng Kyai Yasadipura, besuk iki yèn wis dadi praja kowe bakala anèng sakiduling kêdhung Kol, sapa-sapa kang omah ing kono, anak putune têkan buyute padha bisa mêgar, sarta rosa santosa. Kyai Yasadipura angèstokakên.

Kacariyos anggènipun tampi wisik Pangeran Wijil, kala malêm Anggara Kasih, wulan Sapar kaping 29 ing taun Jimawal 1669, sarêng bangun enjing lajêng mantuk, angunjuki uninga ing sang nata, punapa kawontênanipun kaunjukakên sadaya. Sarêng sang nata nampèni unjukipun prayagung kêkalih wau, kèndêl sawatawis lajêng ngandika makatên: tlèdhèk iku dhuwit ringgit, têgêse salêksa, dene gong iku têgêse gôngsa: lambe. Lambe iku: uni, wutuhing bêbasan kerasan, [kera…]

— 14 —

[…san,] gong Kyai Sêkardalima: dadi sêkaring lathi. Sarèhne kang ngandharake mula bukane mau Kyai Gêdhe Sala. Mulane saka panimbanging udanagara, Kyai Gêdhe Sala kabênêr anampani sêsirah dhuwit, kehe salêksa ringgit, minôngka lêlirune pulo kang dadi desa, têkan rawane.

[Grafik]

Gambar kêkajêngan wit sana, ing dhusun Sanasèwu.

Enggaling cariyos, Kyai Gêdhe Sala sampun anampèni kucah dalêm arta, kathahipun salêksa ringgit, sarêng sampun katingal arta langkung kathah ing manah marwata suta, lajêng nyuwun lilah dalêm tumindak ing damêl, amêpêti têlênging rawa, ingkang sinuhun angidèni, Kyai Gêdhe Sala manêkung wontên ing daganipun Kyai Bathang. Katarimah panêkungipun, kaparingan sarana warni sêkar dalima, sarta kalihan godhong lumbu, lajêng kacêmplungakên salêbêting kêdhung, lajêng angêrigakên tiyang pintên-pintên, tiyang sami rinoban ing arta sami tumandang, sanalika radi pampêt toyanipun, nanging toya dèrèng kèndêl ilinipun, lajêng katumpangan ingkang sinuhun, munajat ing madya ratri wontên satêpining toya, lajêng mirut ilining toya kantun mêmblêg-mêmblêg kemawon ngantos sapriki, sarta langkung angkêr saking

— 15 —

patilasanipun ingkang sinuhun, nalika karsa munajat wontên ing ngriku, enggaling cariyos sampun paripurna. Ing nalika ingkang sinuhun munajat botên wontên ingkang nyumêrêpi, kajawi Pangeran Wijil kalihan Kyai Yasadipura, lajêng andhèrèk munajat ing pêngkêran dalêm.

Wêkdal Kyai Gêdhe Sala masang isarat ron lumbu akalihan sêkar dalima sarêng dhumawah têlênging kêdhung, toya tumuntên asat, lajêng kathukulan witing lumbu, katêlah dumugi sapunika sarêng dados pakampungan, karanipun kampung Kêdhunglumbu.

Sasampunipun makatên, lajêng waradin siti numpang badhe katingal bawera, lajêng cinêngkal ukuring nagari, dening ingkang bapa Tuwan Mayor Baron Hogêndhorêp, kanthi Patih Adipati Pringgalaya, Kyai Tumênggung Ônggawôngsa, Kiyai Tumênggung Mangkuyuda, Kiyai Tumênggung Tirtawiguna, ingkang nyipat kakêncênganing karaton, Pangeran Wijil, kanthi Kiyai Kalipah Buyut, ingkang ngukur adu manising karaton, Kyai Yasadipura, kalihan Kiyai Tohjaya, sampun rampung karanganipun, saking dhawuh dalêm siti Talawangi kadhawuhan dhudhuki kangge anguruk kadhaton, dados siti Talawangi kalihan siti [si…]

— 16 —

[…ti] Sala sakalih-kalihipun sami kangge, têrang dhawuh dalêm lajêng dipun yasani kadhaton sapanunggilanipun, abdi dalêm lurah undhagi sami anggarap, ingkang sami dados kamisêpuhipun undhagi Kiyai Prabusana, kanthi Kiyai Aryasana. Kiyai Rajêgpura, Kiyai Sri Kuning, kanthi bahu suku môncanagari, ingkang anjênêngi Adipati Pringgalaya, kanthi bupati jawi lêbêt sadaya sampun paripurna rakiting nagari, ananging kala samantên dèrèng pinagêr banon, sawêg jaro bêthèk kemawon, ingkang kangge dandos-dandos. Dadosipun nagari Surakarta Adiningrat, sinangkalan sirnaning rêsi rasa tunggal (taun 1670).

Kacariyos kala samantên Adipati Pringgalaya sampun anampèni palapuranipun abdi dalêm ingkang sami andandosi kadhaton, sampun paripurna, para nayaka sakawan têrang langkung suka, lajêng nyaosi unjuk, ing saandhap sampeyan dalêm, anyaranani kadhaton, ingkang sinuhun karênan ing galih, lajêng dhawuh mundhut brana tuwin arta kaparingakên Adipati Pringgalaya, kadhawuhan maringakên abdi dalêm ingkang mêntas nyambut damêl, sang nindya mantri matur sandika, badhe nampèni kucah

— 17 —

dalêm, sadumugining jawi ganjaran dalêm wau lajêng kabage dhatêng ingkang sami anggarap, sadaya sampun waradin, para wadana kliwon, panèwu mantri lurah bêkêl jajar sami suka, nuwun-nuwun sami nampèni ganjaran.

Sarêng antawis dintên, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping II animbali Sang Pujôngga Tumênggung Tirtawiguna, kalihan Pangeran Wijil, risang kêkalih sampun manjing pura umarêk ing ngarsa dalêm, ingkang sinuhun andangu dhumatêng Tumênggung Tirtawiguna kalihan Pangeran Wijil.

Dhawuhing pangandika dalêm: he, Tumênggung Tirtawiguna, marmane sira ingsun timbali marang ngarsaningsun, sarta Si Pangeran Wijil, padha ingsun pundhuti sêsurupan, apa kang dadi kupiya sarta isarate panjênêngan ingsun ngalih nagara iku.

Unjukipun Tumênggung Tirtawiguna: kawula nuwun, mênggah ingkang dados isaratipun, nalika panjênênganipun nata binathara Prabu Yudayaka pindhah nagari Yawastina, makatên sarananipun. Pala kasimpar, pala gumantung, pala adêg saha sêsêkaran, ingkang wangi-wangi sinajèkakên rumiyin, wontên ing kadhaton enggal.

— 18 —

Para pandhita rêsi sapanunggilanipun, sami mudyastuti sadintên sadalu, luwaring mêmudyastawa, sang nata lajêng pindhah, sarawuhing purantara lajêng bujana sagarwa putra sawadyabala. Kaping kalih Sang Prabu Aji Pamasa ing Kadhiri pindhah dhatêng nagari Witaradya, ingkang dados sarana pindhah praja, inggih tumpêng rêrajêkan, têgêsipun tumpêng sèwu iji sinungan ulam suku sarta ulam dharat, ulam lèpèn rawa bênawi, ulam mabur, jêjanganan awarni-warni, miwah wastra têtigasan, sarêng pindhah kadhaton inggih andrawina sawadyabala. Kaping tiga Prabu Dewata Cêngkar, ing nagari Mêdhangkamulan kilèn, pindhah dhatêng Mêdhangkamulan wetan, sarananipun inggih sami kalihan panjênêngan nata kêkalih wau, namung kawêwahan gêcok mêntah, kapasang sadaya pojok kadhaton, saha prapataning margi agêng alit, tutupipun inggih buja. Kaping sakawan Prabu Banjaransari ing Pajajaran pindhah dhatêng Galuh, sarananipun pindhah nagari kados para nata wau. Namung wêwah sang nata kalihan pramèswarinipun, ngagêm busana sarwa têtigasan, kados dene pangantèn dhaub, tuwin rêrênggan urut margi, sarta sadaya para nayaka, para satriya, sapanunggilanipun sami [sa…]

— 19 —

[…mi] sarimbitan sadaya, ngrasuk busana kadosdene pangantèn sapêkên, tutuping pindhah inggih amangun suka.

Têlas aturipun Tumênggung Tirtawiguna, kalihan Pangeran Wijil, ingkang sinuhun karênan ing panggalih, lajêng ngandika: he, Tirtawiguna, lawan Pangeran Wijil, kang dadi kupiyane nata ngalih kadhaton catur narendra mau, ingsun amuwuhi unton-unton sarta rêracikan lan rêrajungan.

Ingkang dados karsa dalêm sampun kadhawuhakên sadaya, nayaka kêkalih jumurung ing karsa nata, lajêng kadhawuhakên dhumatêng Adipati Pringgalaya, kapranata ing nagari, ingkang dipun rumiyinakên alih-alihan, satunggal kagungan dalêm uwos pantun, saubarampenipun pawon, isi bumbu sapanunggilanipun, tiga kagungan dalêm pitik iwèn, sapanunggilanipun, sakawan kagungan dalêm kewan suku sakawan, gangsal kagungan dalêm bêkakas. Dene kagungan dalêm rajabrana arta sarêng kalihan ingkang sinuhun.

Kacariyos praja enggal karêngga asri raras, sabên kontên kadèkèkan krun, karêngga ing sêsêkaran, tuwin margi para sakawanan sami kadèkèkan palêngkung pandam [panda…]

— 20 —

[…m] sèwu, umbul-umbul daludag bandera urut margi, sabên saonjotan dipun dèkèki tarub wêwangunan mawi têtuwuhan, sarta surendra angrangin, ing ngriku uparêngganing kadhaton sapanunggilanipun sarwa amêpêki, miwah bale-bale sangkêp sauparêngganipun sadaya, dene warninipun sajèn, gêcok kêcapa, bêkakak ulam, dêling sadhapur, pênyon sunglon sapanunggilanipun, sarta robyongan, 1. robyong sêkar, 2. robyong pradapa, 3. robyong kinang, 4. robyong rokok, 5. robyong konyoh.

Dene warnining tumpêng, 1. tumpêng mêgana, 2. tumpêng kêndhit, 3. tumpêng urubing damar, 4. tumpêng sasrah, 5. tumpêng rawoh, 6. tumpêng rêrajêkan, 7. tumpêng rukmi, 8. tumpêng lulut, 9. tumpêng lulus, 10. tumpêng giling, sarta jêjanganan awarni-warni. Ulam-ulamanipun ulam tawang, ulam toya, ulam dharatan.

Warnining jênang, jênang abrit pêthak, jênang salaka, jênang manggul, jênang timbul, jênang grêndul, jênang sungsum, jênang lahan, jênang pathi, jênang kalop dhingringan, jênang ngangrang, jênang dodol, jênang taning, jênang lêmu, jênang koloh. Jadah, wajik, pudhak, pondhoh,

— 21 —

kêtan mônca warna, sarta pala kirna, pala gumantung, pala kasimpar, pala kapêndhêm, pala adêg, sawarnining tigan, tigan ayam, tigan kambangan, tigan pêksi, tigan mina sapanunggilanipun, saha sawarnining lawe, sinjang bathik sapanunggilanipun, sêmèn-sêmèn, sinjang lurik pandêlêgan, sinjang sasêkaran sawarninipun, sadaya wau tindhihipun êmas, salaka, suwasa, têmbaga, tosan, prunggu, kuningan, timbêl, sami bobot satail sadaya. Sarta sajèn urip-uripan sampun sumaji sapanggenan.

Dene kyai pangulu dalah para kêtib para alim khaji sapanunggilanipun, sadaya wau sami ngaos sadintên sadalu wontên salêbêting pura, enjingipun ingkang sinuhun lajêng bidhal apindhah nagari, Tuwan Mayor Baron Hogêndhorêp saha kumpêni lumampah ing ngajêng, kumpêni sakawan bragada. Ingkang sinuhun ngrasuk busana mangagêm basahan, nitih titihan dalêm kareta Kangjêng Kyai Garudha.

Dene tatanan lampah-lampahipun ingkang ngajêng piyambak, kagungan dalêm waringin sawatawis agêngipun, sakêmbaran, lajêng kagungan dalêm bangsal pangrawit kausung wêtah, [wê…]

— 22 —

[…tah,] kagungan dalêm liman kêkalih, lajêng waringin malih sakêmbaran, ingkang badhe katanêm wontên ing kagungan dalêm alun-alun kidul, lajêng sadaya kagungan dalêm turôngga, lajêng para bupati, lajêng Adipati Pringgalaya, Adipati Sindurêja, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom nitih turôngga jajar kalihan Tuwan Mayor Baron Hogêndhorêp, lajêng pangulu, mardikan, juru, suranata, ngajêng rakitan bêkta bêdhug, para kabayan angampil cêkal (ukur) Kiyai Baladewa. Titihan dalêm ginarêbêg abdi dalêm kaparak kiwa têngên, ingkang nongsongi bupati kaparak kiwa têngên, upacara dalêm sadaya, bupati gêdhong kiwa têngên, anjajari joli jêmpana, ing wingking para pramèswari garwa dalêm saupacaranipun, tuwin para estri sadaya sabêbêktanipun, lajêng kasambêtan pusaka dalêm, winadhahan ing gêndhaga sinongsongan, ing wingking wadya pasisir môncanagari. Saurutipun margi ingkang sisih têngên katatanan kagungan dalêm gôngsa carabalèn, dalah kodhokngorek, saha gangsanipun para bupati mungêl sadaya. Badhe pêrnah ing pagêlaran sampun dipun tarubi asri. Ing ngarsa dalêm ambêngan warni-warni, kagungan dalêm bangsal lajêng kaêtrapakên, [kaêtrapa…]

— 23 —

[…kên,] sarawuh dalêm ingkang sinuhun lajêng têdhak saking kareta, lênggah ing dhampar bangsal pangrawit, para garwa saha para putra ingkang taksih timur saha wadya èstri, sami anjujug ing dalêm wêwangunan, Tuwan Mayor Baron Hogêndhorêp, para upsir ngadêg satêngên dalêm, iring lèr têbih, para punggawa andhèr ing ngarsa dalêm, sarêng sampun sirêp sapanangkilan, ingkang sinuhun angandika: Adipati Pringgalaya, karsaningsun ing samêngko desa ing Sala, ingsun pundhut jênênge desa ing Sala, ingsun karsakake dadi nagara ingsun, sarupaning kawulaningsun kabèh padha èstokna. Adipati Pringgalaya matur nuwun sandika, suwaranipun sadaya wadyabala mawurahan asaur pêksi. Sasirêpipun suwaraning wadyabala, ingkang sinuhun angandika: pangulu Pêkih Ibrahim, sira dongakna slamêt ingsun, lan têtêpe nagaraningsun ing Surakarta Adiningrat lan sawadyabalaningsun kabèh, Pangulu matur sandika, angadêg maos donga, sinauran aminipun wadyabala sanagari. Sarampunging andonga, ingkang sinuhun angandika: tatanên kagungan ingsun waringin kêmbar, tejadaru, jayadaru,

— 24 —

lan apa adate nagara madêg anyar, aturipun Adipati Pringgalaya: nuwun sandika, rêkyana patih kalih pisan lajêng ananêm waringin kêmbar. Sarampunging pananêm lajêng prajurit sami drèl. Sasisih drèl prajurit kumpêni Walandi sami nigang rambahan, kasauran ungêlipun kagungan dalêm mariyêm, sadaya gôngsa sami mungêl, sarampungipun lajêng kagungan dalêm gôngsa kyai surak kaglundhungakên ing pêngkêran dalêm, mangidul ing pundi dhawahipun, inggih punika lajêng kangge gêdhong gôngsa, sarta lajêng kangge guru cêpêngan sitinggil. Adipati Sindurêja lan Pringgalaya, sarta nayaka bêkêl kalih lajêng wangsul ing ngarsa dalêm, waringin kidul inggih sarêng pananêmipun, ingkang jênêngi bêkêl-bêkêl môncanagari, Panaraga, Banyumas, sampun sami wangsul ing ngarsa dalêm, lan panyêngkalipun mangidul, Kiyai Tumênggung Wiraguna, cêngkalipun kajêng walikukun, pathokipun ugi kajêng walikukun, lajêng ginatra sadaya, dumugi ing alun-alun pêngkêran, lajêng nyêngkal masjid agêng, nyêngkal bètèng kumpêni, sadaya pasanggrahanipun Kumpêni Walandi sampun mirantos, ing mangke uprupan ing suranagaran, wetan alun-alun, masjid agêng lajêng dipun tarubi, [taru…]

— 25 —

[…bi,] sabên Jumuwah kadamêl sêmbahyang, bibar Jumuwah ingkang sinuhun lajêng angêdhaton, dalêm bêktan saking Kartasura, adêgipun sapunika pêrnah Gênthan lèr, sapunikanipun dalêm Mangkubumèn jawi, ingkang sami tinangkil lajêng bibaran ing pasanggrahanipun sowang-sowang, yèn dalu para bupati asuka-suka nabuh gamêlan, yèn siyang ing loji biola rame, wiwit jam 6 enjing wiwit nyambut damêl jam 11 kèndêl, jam 3 bibaran, salaminipun tumindaking damêl sasêlanipun ing wêkdal sêmbahyang. Pêpatih dalêm kêkalih sami giliran têngga ingkang sinuhun, utawi anênggani pandamêlan, dalah bupati ugi giliran tugur angubêngi bêthèk.

Sabên dintên manawi dalu bêdhayan, utawi ringgitan wacucal, manawi siyang topengan. Ingkang sinuhun iyasa dalêm panêpèn alit payon atêp, ing mangke pêrnahipun wontên ing Balekambang, inggih punika ing patamanan bandêngan, Kiyai Tumênggung Wiraguna ing sabên dintên tansah anyêpêngi cêngkal, nama cêngkal baladewa, mênggah pandamêlipun cêngkal panjangipun ingkang kaukur thuripun ing turas dalêm, Ingkang Sinuhun Prabu ing Ngalaga anggènipun turas agêm kagungan dalêm kaadêgakên.

— 26 —

Dene kawontênanipun para panjênêngan dalêm nata wiwit wontên ing Surakarta, kados ingkang kasêbut ngandhap punika.

Pratelan kawontênanipun para nata wiwit Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping II, dalah oprup, residhèn (guprênur) pêpatih dalêm, pangulu, jaksa, tuwin pujôngga.

  1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping II, wiyosan dalêm ing dintên Salasa Paing, tanggal kaping 26 wulan Sawal ing taun Alip, 1635. Timuripun asma Radèn Mas Gusti Prabayasa.

Jumênêng dalêm nata ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 16 wulan Bêsar taun Jimakir 1650, lajêng pindhah ing nagari Surakarta Adiningrat.

Oprup ingkang jagi nagari.

Tuwan Mayor Baron Hogêndhorêp.

Pêpatih dalêm taksih Adipati Pringgalaya kalih Adipati Sindurêja.

Jaksa taksih Kyai Gambuh.

Pangulu Pêkih Ibrahim, kagêntosan pangulu anom [a…]

— 27 —

[…nom] tapsir, kagêntosan malih Pangulu Amat Tahar.

Pujôngga, taksih Tumênggung Tirtawiguna.

Ing dintên Akat Kaliwon tanggal kaping 11 wulan Mukharam, taun Alip 1675, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping II murut ing kasidan jati, dados anggènipun jumênêng nata dangunipun 25 taun, dumugi surud yuswa 40 taun langkung 3 wulan.

  1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping III, wiyosan dalêm ing dintên Sêtu Wage tanggal kaping 25 wulan Saban (Ruwah) ing taun Be, 1656, (kaping 24 Pebruari 1732) timuripun asma Radèn Gusti Mas Suryakusuma, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram.

Jumênêng dalêm nata ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping 5 wulan Mukharam taun Alip 1675 (kaping 15 Dhesèmbêr 1749) misuwuring asma Ingkang Sinuhun Swarga.

  1. Oprup, Barêtolemeyus pan Totomondo [Toto…]

— 28 —

[…mondo] Adênam, karan Adapak Totomondo.

  1. Oprup Yan Hèndrik Abraham.
  2. Oprup Prèdrek pan Dhuwel Mistêr Dripèl.
  3. Oprup Kristopêl Beman, Toean J.Chr. Beuman.

Pêpatih amung Adipati Pringgalaya. Kagêntosan

Adipati Mangkupraja (andong) palihan nagari kagêntosan malih Adipati Sasradiningrat (sumare Batawi) kagêntosan malih Adipati Sindurêja, wusana kagêntosan Adipati Jayaningrat.

Jaksa Kyai Ngabèi Natayuda.

Pangulu, Jakariya.

Pujôngga Pangeran Wijil ing Kadilangu, Pangeran Anèh, Sastrawijaya, sarta Ngabèi Yasadipura.

Ing dintên Jumuwah Wage tanggal kaping 25 wulan Dulkijah (Bêsar) taun Jimakir 1714 (kaping 26 Sèptèmbêr 1788) wanci jam 11 siyang, sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping III, murut ing kasidan jati. Dados anggènipun jumênêng nata dangunipun 40 taun, dumugi surut dalêm yuswa 58 taun langkung 5 wulan.

— 29 —

  1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV, wiyosan dalêm ing dintên Kêmis Wage, wanci jam 10 dalu, tanggal kaping 18 Rabingulakir taun Je, 1694 (kaping 2 Sèptèmbêr 1768) timuripun asma Radèn Mas Gusti Subadya, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, jumênêng dalêm nata ing dintên Sênèn Paing tanggal kaping 28 Dulkijah (Bêsar) taun Jimakir: 1714 (kaping 29 Sèptèmbêr 1788) misuwuring asma Ingkang Sinuhun Bagus.
  2. Oprup pan Sêtralêndhorêp Toean Fr. Chr. Fan Stralendorff Sep.
  3. Oprup Wilêm Andrian Palêm, Toean W.A. Palm.
  4. Oprup Andris Hèrsingêr, Toean A. Hartsinch.
  5. Oprup Prèdrek Baron Pan Redheton dhe Parkêlèr, Toean J. Fr. Baron van Reedetot de Parkeler.
  6. Oprup Be, Ye, Pan Niwêkèrkên, ugi asma Niyom Èlên, Toean B. J. Van Niewen Kerken (Nijam helm.)

— 30 —

  1. Oprup pan dhên Borêh, saking Mataram, Toean J. G. Van den Berh.
  2. Oprup pan Libêhir, karan Bugislaut, Toean B. T. Van Liebeherz.
  3. Oprup Tuwan Ye, A, pan Bram (I), Toean J. A. van Braam (I).
  4. Oprup Tuwan Ha, We, Gilsêhap, Toean H. W. Geelschap.
  5. Oprup Tuwan Ye, A, pan Bram (II), Toean J. A. Van Braam (II).

Santun gupêrmèn Ingglêsman.

  1. Oprup Ministêr Kolonèl Adham, Toean A. G. Adams.

Wiwit Nama Residhèn

  1. Residhèn pan Sipilhih, Ministêr Hope, Toean H. Hope.
  2. Residhèn Tuwan Ye, Robinson. Toean J. Robinson.
  3. Residhèn Yonson, Toean J. M. Johnson.

Santun Gupêrmèn Walandi malih.

  1. Nuntên wakil residhèn, Didrik Wilêm Pikèt [Pikè…]

— 31 —

[…t] pan Hak, Toean D. W. Pinket van Haak.

  1. I, dlir, A, Isêldhik, Toean W. H. Van Ijseldijk.
  2. Ha, Te, Lippi, asistèn residhèn (wakil) Toean H. T. Lippe Ass.Res.
  3. Tuwan Er, pan Pralêm, Toean R. Van Prelm.
  4. Nuntên Residhèn Ridêr Kolonel Mistêr Gerarnaus, ngrangkêp residhèn ing Ngayogyakarta, Toean Mr. H. G. Nahuijs (wakil).

Patih taksih Adipati Jayaningrat, kagêntosan Adipati Mangkupraja (ayah), kagêntosan malih Adipati Danuningrat, kagêntosan malih Adipati Cakranagara, wusana kagêntosan Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat (sumare Imagiri).

Jaksa Dêmang Urawan, santun nama Tumênggung Amongpraja I.

Pangulu Tapsir Anom, kagêntosan Pangulu Martalaya.

Pujôngga Ngabèi Yasadipura 1, kagêntosan Ngabèi Yasadipura 2.

— 32 —

Ing dintên malêm Sênin Paing tanggal kaping 23 Bêsar Alip 1747 (kaping 1 Oktobêr 1820) Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV murut ing kasidan jati, dados anggènipun jumênêng nata dangunipun 33 taun, dumuginipun surud yuswa 53 taun langkung 9 wulan.

  1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping V, wiyosan dalêm ing dintên Salasa Kliwon tanggal kaping 5 wanci jam 1 siyang, wulan Rabingulakir taun Dal 1711 (kaping 13 Dhesèmbêr 1784). Timuripun asma Radèn Mas Gusti Sugandi, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram.

Jumênêng dalêm nata ing dintên Salasa Kliwon tanggal kaping 3 wulan Mukharam (Sura) ing taun Ehe 1748 (kaping 10 Oktobêr 1820) misuwuring asma Ingkang Sinuhun Sugih.

  1. Residhèn taksih Kolonel Mistêr Gerarnaus, [Gerarna…]

— 33 —

[…us,] Toean Mr. H. G. Nahoijs (wakil).

  1. Nuntên Residhèn Albartis, ridêr Baron dhe Salis, ngrangkêp residhèn ing Ngayogyakarta, Toean A. Th. Baron de Salis.
  2. Nuntên Residhèn Èndrik Magilapri, Toean H. Mac Gillavrij (wakil).

Patih taksih Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

Jaksa taksih Tumênggung Amongpraja I.

Pangulu taksih Martalaya.

Pujôngga taksih Ngabèi Yasadipura II.

Ing dintên Jumuwah Kliwon, wanci jam 3 siyang tanggal kaping 29 wulan Dulkijah (Bêsar) ing taun Je 1750 (kaping 5 Sèptèmbêr 1823), Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping V murut ing kasidan jati, dados anggènipun jumênêng nata sawêg 3 taun, dumugi surut yuswa 39 taun langkung 9 wulan.

  1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VI, wiyosan dalêm ing dintên malêm Akat Wage kaping 18 wulan Sapar taun [ta…]

— 34 —

[…un] Je 1734 (kaping 26 April 1807), wanci jam 2 dalu, timuripun asma Bandara Radèn Mas Sapardan, lajêng kajumênêngakên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, jumênêng dalêm nata ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 10 wulan Mukaram (Sura) taun Dal 1751 (kaping 15 Sèptèmbêr 1823) misuwuring asma Sinuwuh Banguntapa.

1. Residhèn taksih Hèndrik Magilapri, H. Macgillavrij (wakil).

2. Nuntên komisaris Siwênopên, nama barêstê residhèn, Toean J.A. Van Sevenhoven.

3. Residhèn Hèndrik Magilapri, Toean H. Macgillavrij.

Patih inggih taksih Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

Jaksa inggih taksih Tumênggung Amongpraja I.

Pangulu Sumêmi.

Pujôngga inggih taksih Ngabèi Yasadipura, santun nama Tumênggung Sastranagara.

Ing dintên Kêmis Kaliwon tanggal kaping 18 wulan Dulkijah

— 35 —

(Bêsar) taun Jimawal 1757 (kaping 10 Juni 1830) jêngkar saking Surakarta dhatêng Ambon.

Jumênêng dalêm nata dangunipun 6 taun.

Ing dintên Ngahat Pon wanci jam 5 enjing tanggal kaping 12 Rêjêb taun Wawu 1777 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VI murut ing kasidan jati, dumugi yuswa 43 taun langkung 6 wulan.

  1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VII, wiyosan dalêm ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 15 wulan Mukaram (Sura) ing taun Alip 1723 (kaping 28 Juli 1796), timuripun asma Radèn Mas Gusti Malikisalikin, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Purobaya.

Jumênêng dalêm nata ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping 22 wulan Dulkijah (Bêsar) ing taun Jimawal 1757 (kaping 15 Juni 1830) misuwuring asma Sinuhun Purobaya.

  1. Residhèn Tuwan Komisaris Naus malih taksih

— 36 —

ngrangkêp residhèn ing Ngayogyakarta, Toean H. G. Nahuijs.

2. Tuwan Mr. Ye, Ep, pan Nês (wakil), Toean Mr. J. F. Van Nes (Wakil)

3. Nuntên Residhèn Hèndrik Magêlapri malih, Toean H. Mac Gillavrij.

4. Nuntên Residhèn Ridêr Palêk ing Ngayogyakarta makili Residhèn Surakarta, Toean F. G. Valek Wakil.

5. Nuntên Residhèn Yohanês Teodhoris Mayor, Toean F. F. Mayer.

6. Nuntên Residhèn Lodhêwêk Arêtman, Toean C. L. Hartmann.

7. Nuntên Residhèn Mistêr Karêl Hèndrik Baron Dhêgèr, Toean Mr. W.G.E. Barondegeer.

8. Nuntên Residhèn Bankês, lajêng minggah jendral wontên ing Surakarta, Toean H. F. Busschens (Wakil).

9. Katungka rawuhipun Tuwan Komisaris Yan Insk. pan Siwênopên, amranata siti nagari tuwin arta sanêgari, Toean F. N. Nieuwenhuijten.

— 37 —

Patih inggih ugi Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, kagêntosan Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat (sumare Jabung, suwau asma Radèn Tumênggung Jayanagara Bupati Sèwu).

Jaksa inggih taksih Tumênggung Amongpraja I, kagêntosan Radèn Tumênggung Amongpraja II kawakilan Radèn Ngabèi Jayaendra pêpatih kapatihan, kagêntosan Ngabèi Jagapraja, sarta Ngabèi Urawan, kagêntosan malih Radèn Tumênggung Amongpraja III (Pasar Kliwon) sarta mawi Kaliwon Radèn Ngabèi Wirayuda.

Pangulu taksih Sumêmi, kagêntosan Dipaningrat, kagêntosan Tapsir Anom (Sumêmi) kagêntosan Tapsir Anom (Amat Muslim).

Pujôngga Radèn Tumênggung Sastranagara, lajêng kagêntosan Radèn Ngabèi Rônggawarsita.

Ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Siyam taun Jimakir 1786 (kaping 10 Mei 1858) Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VII murut ing kasidan jati. Dados anggènipun jumênêng nata dangunipun 29 taun [ta…]

— 38 —

[…un] langkung 9 wulan, anggènipun surut dumugi yuswa 63 taun langkung 9 wulan.

  1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VIII, wiyosan dalêm ing dintên Sênèn Kliwon tanggal kaping 24 wulan Rêjêb ing taun Alip 1715 (kaping 20 April 1789), timuripun asma Radèn Mas Kusèn, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi.

Jumênêng dalêm nata ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 4 wugan Sawal taun Jimakir 1786 (kaping 17 Mei 1858) misuwuring asma Sinuwun Ngabèi.

1. Residhèn Sêkong, Toean P. C. Schonek.

2. Residhèn Niwênhesên, Toean F. N. Nieuwenhuijzen.

Patih Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat (sumare Jabung).

Jaksa taksih Radèn Tumênggung Amongpraja (Pasar Kliwon) kagêntosan Radèn Tumênggung Amongpraja (Kêndhuruwan) [(Kêndhuruwa…]

— 39 —

[…n)] mawi Kaliwon Radèn Ngabèi Yudadipraja.

Pangulu taksih Tapsir Anom.

Pujôngga taksih Radèn Ngabèi Rônggawarsita.

Ing dintên malêm Sêtu Wage tanggal kaping 25 wulan Jumadilakir taun Je 1790 (kaping 28 Dhesembêr 1861) Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VIII murut ing kasidan jati.

Dados anggènipun jumênêng nata 4 taun, surut dalêm dumugi yuswa 75 taun.

  1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX, wiyosan dalêm ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 7 wulan Rêjêb taun Je 1758 (kaping 22 Dhesèmbêr 1830) timuripun asma Radèn Mas Gusti Duksena, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya, lajêng kajumênêngakên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, amarêngi ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 4 wulan Sawal taun [tau…]

— 40 —

[…n] Jimakir 1886, (kaping 17 Mei 1858).

Jumênêng dalêm nata ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je 1790 (30 Dhesèmbêr 1861) misuwuring asma Sinuhun Prabuwijaya.

1. Residhèn taksih Niwênhesên, Toean F. N. Nieuwenhuijzen.

2. Nuntên Residhèn En, Dhe, Lamrês pan Torên Burêh, Toean N. D. Lammers van Tooren Burg.

3. Nuntên Residhèn Sutêlip, saking Banyumas, Toean J. P. Zoetelief.

4. Nuntên Residhèn Tobiyas saking Rêmbang, Toean J. H. Tobias.

5. Nuntên Residhèn Kohiniyus, Toean A. A. M. N. Kevchinius.

6. Nuntên Residhèn En, Dhe, Lamrês pan Torês Burêh malih, Toean N. D. Lammers van Tooren Burg.

7. Nuntên Residhèn pan Yekêl, Toean C. A. L. J. Jeekel.

8. Nuntên Residhèn Mistêr We, Pe, A, Matês, Mr. W. P. A. Matthes.

— 41 —

9. Nuntên Residhèn A Ye Sêpan, A. J. Spaan.

10. Nuntên Residhèn Oskar Arên Burnabi loce, Toean O. A. Burnabij Lauwtier.

Patih inggih Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sumare Jabung, kagêntosan Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, ridêring ordhê Nedêrlansên leyo (sumare Manang). Kala rumiyin Ondêr Mayor Radèn Tumênggung Wiryadiningrat bupati pangrêmbe, kagêntosan Radèn Mas Adipati Mangunkusuma, kala rumiyin Radèn Tumênggung Mangunkusuma, bupati pulisi ing Klathèn, kagêntosan Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring krun ordhê ing Siyêm (kala rumiyin Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, bupati kaparak têngên).

Jaksa taksih Radèn Tumênggung Amongpraja (Kêndhuruwan) Radèn Ngabèi Yudadipraja, kagêntosan Radèn Tumênggung Kartanagara (Radèn Tumênggung Cakrawadana bupati Gagatan) kagêntosan Radèn Tumênggung Jaksanagara (Radèn Tumênggung Rajaniti Bupati Gadhing Mataram).

Sarta mawi kaliwon Radèn Ngabèi Mangunpradata.

Radèn Tumênggung Jaksanagara kaundur, namung linintu Kaliwon [Ka…]

— 42 —

[…liwon] jaksa kêkalih, Radèn Ngabèi Mangunpradata, Radèn Ngabèi Yasapradata.

Pangulu Mas Pangulu Tapsir Anom, kagêntosan Radèn Pangulu Tapsir Anom.

Pujôngga inggih Radèn Ngabèi Rônggawarsita, lajêng botên wontên pujôngga.

Ing dintên Jumuwah Lêgi tanggal kaping 28 wulan Ruwah taun Je 1822 (kaping 17 Marêt 1893) Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX murut ing kasidan jati.

Dados anggènipun jumênêng nata dangunipun 33 taun, dumugi yuswa 64 taun langkung sawulan.

  1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 10, grut krèising ordhê nedêrlansên leyo ridêr grut krèis in dhê ordhê pan oranyê nasao met dhê swardhên, grut krèising konênglêkê ordhê ing nagara Kamboja. Grut krèising krun ordhê ing nagari Siyêm.

— 43 —

Ridêr pan dhèn twedhên gradhê twedhê klasê pan dhên dhut bêlêdrak ing nagari Cina. Grut krèis dhèr mèkêlên burêh sêhis ordhê pan dhê wèndhisêkrun, grut krèising ordhê nisan, iptikar ing nagari Tunis. Riddhêr dheirstê klasê dhèr ordhê pan dhèn kimkan ing nagari Anam. Grut krèis militèr ordhê pan onsên hirê Yesus Kristus ing nagari Portugal. Grut krèis pan dhèn kèsêrlêkê ordhê pan dhèn drak ing nagari Anam. Grut krèising ordhê pan dhèn witên olipan ing nagari Siyêm. Grut krèising ordhê pan Leyopol II ing nagari Bèlgi. Grutê erêtekên mèt hetlin dhèr huhstêklasê purkir dhênstên saking republik nagari Ostênrik. Grut krèising konênglêkê ordhê pan dhê sêtèr ing nagari Ansuwan. Grut krèising ordhê pan dhê pulsêtèr ing nagari Swedhên. Grut krèising krun ordhê ing nagari Itali. Grut opisiring ordhê leyopol ing nagari Bèlgi. Grosê goldhênê erênseigên mit dhêm sêtèrên ing nagari Ostênrik. Ridêr twedhê klas mèt dhê sêtèr dhèr ordhê pan pêrdhinstên pan sin migaèl, ing

— 44 —

nagari Bèiyêrên. Ridêr twedhê klas mèt dhê sêtèr dhèr ordhê pan dhèn rodhên adhêlar ing nagari Prèisên. Komandhur mèt dhê sêtèr dhèr ordhê pranês yosèp ing nagari Ostênrik. Komandhur irstê klasê mèt dhê sêtèr dhèr ordhê pan Hèndrik dhê leyo ing nagari Brinêswèik. Komandhur dhèr irstêgrad pan dhê dhanêbrohsê ordhê ing nagari Dhènêmarkên, komandhur mèt dhê plak dhèr ordhê pan dhê swartê sêtèr ing nagari Benin. Sarta litênan jendraling wadyabalane Kangjêng Sri Maharaja Putri ing nagara Nèdêrlan, ingkang akadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat.

Timuripun asma Radèn Mas Gusti Sayidin Malekul Kusna, wiyosan dalêm ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 wulan Rêjêb, ing taun Alip 1795 (kaping 29 Nopèmbêr 1866), sarêng yuswa 3 taun, kajumênêngakên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara Sudibya Rajaputra Narendra ing Mataram.

Jumênêng dalêm nata ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 12 wulan Ramêlan (Puwasa) ing taun Je 1822 (kaping 30 Marêt 1893) wuku Madhangkungan masa kasapuluh, [ka…]

— 45 —

[…sapuluh,] windu Sêngara.

  1. Residhèn taksih Oskar Arên Burnabi Loce, O. A. Burnabij Lautier.
  2. Nuntên Residhèn Jonghir El, Teha, Hora Sikama, minggah dados idêlèr, Toean Jhr. L. Th. Hara Siecama.
  3. Nuntên Residhèn Pe, Dhê, Pogêl, inggih punika ingkang nyuwun amajêgi kagungan dalêm siti Karanggêdhe sawawêngkonipun, lajêng dipun kèndêli dening kangjêng gupêrmèn, Toean W. de Vogel.
  4. Nuntên Residhèn El, Te, ha, Sêneidêr, Toean L. Th. Schneider.
  5. Nuntên Residhèn Ge, èp, pan Wik, Toean G. F. Van Wijk.
  6. Nuntên Residhèn Solêwin gèlêpkê, Toean E. P. Sllowijn Gelpke.
  7. Nuntên Residhèn Harlop, ming, Toean A. J. W. Harloff minggah dados idêlèr namung sakêdhap, lajêng dipun kèndêli dening kangjêng gupêrmèn.
  8. Nuntên Residhèn Pan dhê Marêl, Toean Van der Marel.

— 46 —

  1. Nuntên Residhèn Niwênhèis, Toean J. H. Nieuwenhuijs.
  2. Nuntên Residhèn Pan dhêr Yah wiwit nama gupêrnur, nyarêngi adêgipun gupêrnur propinsi tanah Jawi, kangjêng gupêrmèn angadêgakên gupêrnur cacah gangsal. (I. Jawi kilèn, gupêrnur wontên ing Batawi, (II Jawi Têngah, gupêrnur wontên ing Samarang, (III Jawi Wetan, gupêrnur wontên ing Surabaya, dene praja kajawèn kêkalih (IV Gupêrnur Surakarta, (V Gupêrnur Ngayogyakarta, Toean M. B. Van der Jagt.
  3. Nuntên Gupêrnur Elêsdhingên, Toean J. J. van Helsdingen.
  4. Nuntên Wakil Gupêrnur, Ha. Ha. Dhê kok, Toean H. H. De kock (wakil).
  5. Nuntên Gupêrnur Trir, Toean M. J. J. Treur.
  6. Nuntên Gupêrnur Ye Bilèpêl, Toean J. Bijleveld.
  7. Nuntên Gupêrnur Trir, Toean M. J. J. Treur.
  8. Nuntên Gupêrnur Ori, Toean K. J. A. Orie.
  9. Nuntên Wakil Gupêrnur Ye, Bilèpêl, Toean J. Bijleveld (Wakil).

— 47 —

  1. Nuntên Gupêrnur Ori, Toean K. J. A. Orie.

Pêpatih dalêm taksih Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, kagêntosan Kangjêng Radèn Adipati Jayanagara, lajêng kaganjar sêsêbutan pangeran, lajêng asma Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara.

Jaksanipun, nalika pêpatih dalêm taksih Sasradiningratan, apangkat kaliwon cacah kalih, inggih punika nama: Radèn Ngabèi Mangunpradata tuwin Radèn Ngabèi Yasapradata, dene Radèn Ngabèi Mangunpradata lajêng kaingsêr dados kaliwon pamajêgan ing Bayalali, nama Radèn Ngabèi Puspaudyana, lajêng santun nama Radèn Ngabèi Côndradipura. Abdi dalêm kaliwon jaksa wau ingkang satunggal apangkat bupati, ingkang kakarsakakên dados bupati jaksa, bupati pulisi ing Klathèn, Radèn Tumênggung Martanagara, lajêng nama Radèn Tumênggung Jaksanagara, kaliwonipun taksih Radèn Ngabèi Yasapradata, lajêng kagêntosan Radèn Ngabèi Prajamartana, nama Radèn Ngabèi Sasrapradata, salowongipun abdi dalêm bupati jaksa, ingkang kakarsakakên anggêntosi Radèn Ngabèi Sasrapradata wau, lajêng nama Radèn Tumênggung Jaksanagara, lajêng kakarsakakên [ka…]

— 48 —

[…karsakakên] dados abdi dalêm bupati nayaka sèwu, nama Radèn Tumênggung Wôngsanagara, nanging taksih nindakakên pandamêlan bupati jaksa, kaliwonipun lajêng kagêntosan Radèn Ngabèi Sastrasuwignya, nama Radèn Ngabèi Jaksadipura (wêgdal punika ingkang jumênêng pêpatih dalêm Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara), Radèn Ngabèi Jaksadipura wau lajêng kakarsakakên dados bupati nayaka sèwu, nama Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Mistêr Wôngsanagara, nanging taksih lastari nindakakên dados pangarsanipun pangadilan dalêm pradata agêng.

Pangulu, Kangjêng Radèn Pangulu Tapsir Anom, lajêng kagêntosan Kangjêng Radèn Pangulu Tapsir Anom (nama nunggaksêmi).

Pujôngga sêpên.

Ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 1 wulan Mukaram (Sura) taun Je 1870, wanci jam 7 enjing langkung 25 mênit, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X wau murut ing kasidan jati.

[Grafik]

Dalêm agêng prabasuyasa karaton Surakarta.

Dados anggènipun jumênêng nata dangunipun 48

— 49 —

taun kirang sangang wulan dumugi yuswa 75 taun kirang pitung wulan.

Ing Ngandhap punika Pratelan Kawontênanipun Yêyasan Dalêm para Nata wiwit wontên ing Nagari Dalêm Surakarta Adiningrat.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping II iyasa:

  1. Kadhaton.
  2. Jam kapasang ing panggung damêlan ing nagari Inggris, nalika ing taun Walandi 1748, wêlingan nalika wontên ing nagari Kartasura, pambabaripun sampun pindhah ing Surakarta (sapunika sampun wontên ing musiyum, Sriwadari).

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping III iyasa:

a.1. Kadhaton, dipun paringi nama prabasuyasa,

— 50 —

salêbêtipun taun Alip 1683.

  1. Nalika ambanon capuri kalihan adêgipun kori brajanala (kori gapit) taun Ehe 1684.
  2. Adêgipun saka guru masjid agêng taun Wawu 1689.
  3. Pambangunipun sitinggil lèr ing taun Alip 1691.
  4. Magêr banon kadhaton taun Ehe 1692.
  5. Dalêm prabasuyasa kawangun malih taun Jimawal 1693.
  6. Pandhapa kadhaton dipun santuni, dene pandhapa ingkang lami kaparingakên Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, taun Wawu 1697.
  7. Pandamêlipun kori agêng bètèng Surakarta, taun Jimakir 1698.
  8. Panggung sônggabuwana, ing taun Ehe 1708.
  9. Larèn pagêr siti toya umbul Pêngging kailèkakên malêbêt ing kadhaton, tau

— 51 —

Ehe 1708.

  1. Bangsal pangrawit pagêlaran kapindhah mangalèr, ing dintên Jumungah tanggal kaping 9 Rabingulakir taun Jimawal 1709.
  2. Pamasangipun banon talês sitinggil lèr, dintên Akat kaping 19 Rabingulakir Jimawal 1709.
  3. Ngadêgipun griya bangsal gamêlan sêkatèn, plataran masjid agêng ingkang kidul, taun Wawu 1713.
  4. 14. Abdi dalêm prajurit kawan dasa cêmêng anirwèsthi.
  5. Abdi dalêm prajurit kawan dasa abrit anirmala.
  6. Abdi dalêm dalêm prajurit dorapati, nama jagabraja.
  7. Abdi dalêm prajurit carangan (wirautama) kathahipun 125 dêdamêlipun pêdhang akalihan pistul.
  8. Ringgit gêdhog salampahan, babonipun ringgit yasan ing Kartasura, abdi dalêm panatah wêwah Cêrmadrana, Cêrmapanatas, Cêrmajaya, Cêrmatruna, punika karsa dalêm, mangun ringgit kartala [karta…]

— 52 —

[…la] tanpa kuku kados Bima, saha klana dados kalih, satunggal gusèn, satunggalipun botên gusèn, kanggenipun gêntosan manut punapa lampahanipun, sabên-sabên mêdal salah satunggal tamtu gadhah kadang nama Klana Jayapuspita, wujudipun lanyapan, rambut gendhong, dhuwungan, mênggah yasan dalêm wau dêdêg pangadêgipun taksih dèrèng urut, utawi ribig, têmbungipun padhalangan taksih bajujag, dados kados ringgit purwa, dene ringgit gêdhog ingkang kangge ing padhalangan taksih miturut kados kina, kartala sami ngangge kuku mirib Bima, sarta sadaya ringgit palêmahanipun mawi sastra mungêl nama sarta wandanipun, sarampungipun yasan dalêm wau kaparingan nama Kyai Banjêt ênèm, kala samantên amarêngi taun 1709.

  1. Pasanggrahan ing dhusun Ngrantan (sawetan Bacêm).

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV iyasa:

— 53 —

  1. Bangun masjid agêng, taun Ehe 1716, taun Walandi 1789.
  2. Adêgipun regol srimanganti lèr, taun 1718, taun Walandi 1719.
  3. Pasangipun talês sitinggil kidul, Sênèn kaping 2 Rabingulakir Wawu 1721, taun Walandi 1794 nunggil warsa nanêm uwit waringin kurung sakêmbaran ing alun-alun kidul.
  4. Ngadêgipun saka guru dalêm prabasuyasa kawangun malih, ing taun Jimakir 1722, taun Walandi 1795.
  5. Rampungipun anggèning andadosi dalêm prabasuyasa, kawangun sarta lajêng kaêpyan kaêcèt, taun Alip 1723, taun Walandi 1796.
  6. Kapa, wangun Majapait, ing taun Be 1728, taun Walandi 1802.
  7. Gêdhong salèripun prabasuyasa, sarampungipun kaparingan nama dalêm lèr (panêpèn), taun Be 1728, taun Walandi 1802.

— 54 —

  1. Loji bètèng ing Klathèn, taun Alip 1731, taun Walandi 1805.
  2. Ngadêgipun bangsal witana sitinggil kidul, Salasa kaping 3 Bêsar Be 1736 (kaping 9 Januwari 1810).
  3. Saka rawa pandhapi agêng kaumpak, marêngi ing dintên Salasa Pon kaping 16 Rabingulakir Alip 1739 (kaping 29 April 1812).
  4. Pandhapa agêng ingkang têngah sitinipun dipun dhudhuki lajêng kaurug siti saking Kadipala ing dintên Rêbo kaping 12 Bêsar Alip 1739 (kaping 16 Dhesèmbêr 1812).
  5. Bangsal marcukundha, srimanganti wetan dipun dandosi ing dintên Sênèn kaping 13 Rabingulakir Jimawal 1741 (kaping 4 April 1814).
  6. Sakiwatêngênipun lèpèn Larangan ingkang mili malêbêt ing kadhaton kabanon, ing dintên Sênèn kaping 1 Siyam taun Je 1742 (kaping 6 Agustus 1815).

[Grafik]

Kori kamandhungan karaton Surakarta.

  1. Wiwit pasang talês pandhêmèn kori kamandhungan,

— 55 —

ing dintên Sêtu kaping 21 Bêsar Jimakir 1746 (kaping 10 Oktobêr 1819).

  1. Pambangunipun pandhapa pamêthelan, ing dintên Salasa kaping 18 Mulud taun Alip 1747 (kaping 4 Januwari 1820).
  2. 16. Abdi dalêm prajurit jayèngastra, dêdamêlipun sanjata sadaya, kathahipun 125 kalêbêt mayor upsir tambur sulingipun.
  3. Abdi dalêm prajurit tamtama, carangan, dêdamêlipun sanjata waos sulam, pistul pêdhang kathahipun 125 kalêbêt mayor upsir salomprètipun.
  4. 18. Klowongan kêndhang tapak asta dalêm (sapunika wontên musiyum Sriwadari).
  5. Dhêsthar mawi kuncung (lajêng katulat sadaya tiyang alit, salêbêtipun taun Je 1734).
  6. Yasa pasanggrahan ing dhusun Cêmani, salêbêtipun taun Je 1734.
  7. Nyudhèt banawi sawetan Bacêm kagêjig mangalèr anjog [a…]

— 56 —

[…njog] ing Baturana, lajêng nama lèpèn Gêjigan.

  1. Ngingah warak manggèn alun-alun kidul (ngajêng mukminan) sami nunggil taun Je 1734.

Ing nalika Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom karsa yasa ringgit purwa, babonipun ringgit yasan ing Kartasura, kaparingan nama Kyai Pramukanya, abdi dalêm panatah ingkang kakarsakakên anggarap, nama Gôndatruna akalihan Cêrma pangrawit, punika karsa dalêm mangun wandaning ringgit rangkêp-rangkêp, dênawa, wanara, sami mripat satunggal, ringgit lanyapan sami kabucal sangkukipun, sarampungipun yasan dalêm ringgit wau salampahan, kajawi ricikanipun cacah kalih atus iji, saha lajêng kaparingan nama Kyai Mangu, nuju ing taun Ehe 1706 (taun Walandi 1751).

Tumuntên karsa dalêm yasa ringgit malih, babonipun Kyai Pramukanya, sami kawangun kados kagungan dalêm ingkang sampun dados, nanging wêwah Bima mawi makutha, Dasamuka mripat satunggal, wandanipun bêlis, Kumbakarna mripat [mripa…]

— 57 —

[…t] satunggal, wônda mêndhung, Sumbadra wônda lêntrêng, Rara Irêng (Subadra ênèm) lastantun lancêng, kala samantên ringgit iyasan ing Surakarta sampun botên mawi sangkala gambar, dene titi mangsanipun sami dipun sêrat nunggil palêmahaning kêkajêngan, amargi sampun wontên ingkang sagêd ngukir sastra wontên ing wacucal, mênggah wandaning ringgit sami mungêl ing palêmahanipun kadosta, ingkang rupak palêmahanipun namung mungêl jênêngan dalêm Arjuna jimat, ingkang wiyar palêmahanipun mungêl nama wônda saha angkaning tahunipun, sarêng sampun dados salampahan, kaparingan nama Kyai Kanyut, wondene kagungan dalêm ringgit purwa Kyai Mangu sarta Kyai Kanyut wau, sarèhning cacahing kawujudan saha wandanipun sami, ingkang kabedakakên namung panyunggingipun busana, Kyai Mangu punika namung kapulas gêmpolipun, limrahing pakêcapan kawastanan pathekan, Kyai Kanyut pamulasipun kaestha ron, sawênèh sêmbagèn, kêmbang tiba, amarêngi ing taun Je 1708 (taun Walandi 1753).

Kaparêng dalêm yasa ringgit purwa malih salampahan, babonipun yasan ringgit ing Kartasura, kajujud sapalêmahan [sa…]

— 58 —

[…palêmahan] sarta kawangun dênawa sarta wanara sami mripat satunggal, saha mangun wandaning Arjuna ênèm, kinanthi akalihan kadung, Ôngkawijaya bontit, ugi kawastanan wônda pangantèn, punapa malih yasa wônda Bima gurnat, jaladara wônda kagèt, Krêsna mangu, Bratasena manut wandaning Bima kemawon, saha karsa dalêm yasa dênawa prêpatan sami mawi rasukan, saha mangun wandanipun Petruk, wônda mèsêm, Bagong wônda ngrèngkèl, ugi kawastanan wônda roti, saha yasa putra Ngalêngka botên bokongan. Abdi dalêm panatah ingkang kakarsakakên anggarap: 1. Cêrma Pangrawit, 2. Gôndatruna, 3. Cêrmanatas, 4. Cêrmadrana, 5. Cêrmatruna, 6. Cêrmajaya. Kala samantên wiwit wontên awisaning ringgit wacucal purwa sarta gêdhog, kajawi kagungan dalêm sami botên kalilan mawi palêmahan cêmêng, punapa malih botên kalilan adamêl kayon ingkang botên kaisenan bêbujêngan, sarêng sampun dados kaparingan nama Kyai Pramukanya ênèm, ugi kawastanan Kyai Pramukanya ing kadipatèn, kawontênanipun ing sapunika kasêbut ringgit jujut sapisan, ringgit wau lajêng konjuk ingkang sinuhun, dene ringgit Kyai Pramukanya [Pramu…]

— 59 —

[…kanya] babonipun kasimpên ing gêdhong sitinggil, nalika punika nuju ing taun Be 1710, taun Walandi 1755.

Ing sajumênêng dalêm nata yasa ringgit purwa, babonipun ringgit Kyai Mangu kajujud satunggal satêngah palêmahan, saha karsa dalêm sadaya ringgit katongan kawangun mawi makutha, sadaya ringgit ingkang mawi wônda dipun wontênakên, dados rangkêp-rangkêp, ringgit dugangan, kadosta: patih bala sabrang, saha kurawa sawatawis ingkang prêlu kangge sami kawontênakên, punapa dene ringgit ricikan, kajawi kayon utawi dêdamêl, sami botên katunggilakên sakothak, kamanggènakên wontên ing kothak sanès, kadosta bôngsa ibêr-ibêran, bôngsa gêgrêmêtan, sato wana, bêbujêngan toya, pêksi sapanunggilanipun, dênawa dhagêlan, limrahipun winastan dhagêlan (setanan) punapa dene ringgit ricikan, kadosta: gapura, kapal, prampogan, gajah, rata sapanunggilanipun, ingkang sami kangge lampahan tuwin prabotipun ringgit, punika kaklêmpakakên dados sawadhah, kawastanan kothak dhagêlan, sarêng sampun dados yasan dalêm ringgit salampahan wau kaparingan [kaparinga…]

— 60 —

[…n] nama Kyai Jimat, nuju ing taun Je 1716, taun Walandi 1761

Kasêbut ing nginggil karsa yasa malih, babonipun Kyai Kanyut, kajujut satunggal satêngah palêmahan, prabotipun ringgit kawangun kados Kyai Jimat, katongan sami ngangge makutha, namung ringgitipun èstri kajujud angungkuli èstrinipun ringgit Kyai Jimat, punika karsa dalêm animbali dhalang ringgit purwa ing dhusun Palar nama Sadôngsa, sagêd nglampahakên topèng, saha kacariyos tatahanipun kalêbêt prayogi, enggal panggarapipun, sadhatêngipun ing nagari, kapriksa tatahanipun inggih prayogi yêktos, nanging taksih dèrèng sami katimbang kalihan abdi dalêm panatah: 1. Cêrma pangrawit, 2. Gôndatruna, 3. Cêrmajaya, ewadene sarèhning kala samantên bôngsa Jawi taksih pitados sangêt dhatêng gugon tuhon, tukang panatah utawi dhalang awis purun natah ringgit Bathara Guru, sabab ajrih bokmanawi kenging halat, manawi wontên ingkang purun damêl ringgit Bathara Guru wau, ewahanipun atilar muwat ngantos 10 utawi 12 reyal, môngka dhalang ing Palar Sadôngsa punika kadugi damêl, milanipun [milani…]

— 61 —

[…pun] lajêng kakarsakakên natah ringgit Bathara Guru jujudan, wônda krêna, saha kakarsakakên anggarap yasan dalêm ringgit purwa wau, sarêng sampun dados salampahan cacahing ringgit kajawi ricikan sarta dhagêlan: 202 iji, lajêng kaparingan nama Kyai Kadung, anuju ing taun Alip 1721, ing taun Walandi 1766.

Ing sadadosipun ringgit kagungan dalêm Kyai Kadung, prayogining wêwangunan saha sagêdipun katingal sèbêtan, punika aggawokakên, dene ringgit jujudan katingal turut kados ringgit dèrèng kajujud, milanipun putra santana dalêm utawi prayagung wadana sêsaminipun ing pundi-pundi ingkang yasa ringgit purwa jujudan sami mirit Kyai Kadung, nanging botên wontên ingkang sagêd mirit prayogi utawi sèbêtanipun, sadaya ringgit jujudan kêjawi Kyai Kadung ringgitipun èstri lajêng katingal kinggilên dêdêg, namung Kangjêng Pangeran Arya Singasari sapisan yasa ringgit purwa taksih miturut babonipun ringgit ing Kartasura, dênawa wanan mripat kalih sarta para abdi dalêm dhalang ing kasêpuhan inggih taksih mirib wandanipun Kyai Pramukanya, ingkang kasimpên ing gêdhong sitinggil, dene abdi dalêm dhalang ing kadipatèn damêlanipun ringgit purwa mirib wandanipun Kyai [Kya…]

— 62 —

[…i] Kadung utawi Kyai Kanyut, dênawa wanara sami mripat satunggal, katêlah dumugi ing sapunika tiyang damêl ringgit ingkang dêdêg pangadêgipun dèrèng kajujud, kawastanan sami kalihan ringgit padhalangan, mênggah para putra sêntana utawi abdi dalêm ingkang sami damêl ringgit purwa, gurunipun inggih kathah ingkang tatahanipun dhalang Sadôngsa ing dhusun Palar wau.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4 yasa ringgit gêdhog, babonipun Kyai Banjêt, nanging kadamêl ribig, ringgitipun èstri gêlungipun kawangun beda akalihan nêlungipun ringgit purwa, wujuding ringgit panggung kiwa têngên kadamêl rangkêp-rangkêp, sarta katonganipun tanpa makutha, namung ngangge jamang kagêlung warni-warni, sarêng dados kaparingan nama Kyai Dewa Katong, nuju taun 1724.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom ingkang kaping 3 yasa ringgit lampahan Rama, babonipun mêndhêt saking ringgit jujudan kapisan, kajujud malih kalih palêmahan, dados langkung saking ukuranipun Kyai Mathu, kawujudaning ringgit mirit awit saking cariyosing Sêrat Arjuna Sasrabau, sarta Lokapala, dumugi cariyosipun Prabu [Pra…]

— 63 —

[…bu] Rama Wijaya sapanunggilanipun para ratu ing Ngayodya, dados botên kawoworan ringgit cariyosipun jaman purwa, dene Dasamuka Kumbakarna sawadya punggawanipun sami mripat satunggal tanganipun kalih, Prabu Rama Wijaya saha Lêksmana mawi salendhang, wandanipun mirit Krêsna utawi Arjuna, èstrèn garwanipun ratu sami mawi makutha, wanara Subali Sugriwa, mawi gêlung sapit urang, sarêng sampun jumênêng ratu ing Guwa Kiskêndha lajêng mawi makutha, sadaya wanara punggawa sabalanipun sami mripat satunggal, punika wiwitipun wontên prampogan kêthèk, utawi pundi baris ingkang bidhal prampoganipun ugi sontan-santun, gancaring lampahanipun amêthik saking cariyosipun Sêrat Lokapala sapiturutipun, namung wêwah Sêmar, Nala Garèng, Petruk, utawi Sêmar Bagong pundi ingkang kangge sami tumut Prabu Rama Wijaya utawi tumut sanèsipun punapa ingkang dados jêjêring lampahan, ing nalika punika nuju ing taun 1728.

Baca juga  Peliharaan Raja Solo (5) : Di Taman Sriwedari, Kebun Binatang untuk Hewan Kesayangan Pakubuwono X

Kacariyos Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4 ing Surakarta wiwit kala taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm sampun kathah yasan dalêm awarni-warni, saha dumugi sapunika yasan [ya…]

— 64 —

[…san] dalêm wau kalêbêt pêpilihanipun para ingkang sampun angyêktosi, kados ta: mênawi bôngsa dêdamêl waos, dhuwung, sabên damêlanipun êmpu Brajaguna, ringgit wau wacucal purwa utawi ringgit gêdhog, damêlanipun abdi dalêm panatah Gôndatruna utawi Cêrma pangrawit, saha kacariyos Kangjêng Susuhunan wau pralêbda dhatêng langêning praja, kadosta: anganggit lampahaning ringgit purwa saha ringgit gêdhog, sarta sagêd andhalang, sampun anêtêpi prêlunipun, kados ingkang sampun kasêbut ugêring padhalangan, wiwit kala samantên salêbêting nagari Surakarta dhalang manawi ngringgit beda-beda patrapipun, manawi ngringgit wontên ing lêbêt karaton wiwit gôngsa mungêl lajêng jêjêr kemawon, manawi dhalang ngringgit wontên dalêmipun para putra santana dalêm sapangandhap dumugi para abdi dalêm agêng alit kêdah mawi talu rumiyin, lajêng mungêl gêndhing jêjêring ringgit, manawi dhalang katanggap para abdi dalêm, sudagar utawi pangindhung kêdah mawi talu utawi dipun susuli rumiyin, ingkang katêmbungakên mucuki punika ing sadèrèngipun dhalang wiwit jêjêr lampahaning ringgit, anak utawi rencangipun dhalang salah satunggal anglampahakên ringgit, adêganipun [adêgani…]

— 65 —

[…pun] bambang kalihan pandhita kemawon, dumugi prangipun bambang mêngsah dênawa lajêng bibar, sabibaring pucukan wau dhalang lajêng wiwit angringgit, jêjêr punapa badhe lampahan panêdhanipun ingkang nanggap, wondene ing sakawitipun karsa dalêm yasa ringgit Kyai Mangu, dumugi yasan dalêm ringgit Kyai Kadung pêpak sadaya wandaning ringgit, ingkang pancèn gadhah wônda rangkêp utawi lômba, kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

Ringgit ingkang kasumping ing panggungan kiwa têngên sarta ingkang botên kasumping ingkang sami gadhah wônda kados ta: Arjuna wandanipun gangsal kalêbêt kinanthi, nanging ingkang kagêm karaton namung sakawan, Jimat, Mangu, Kanyut, sarta Malatsih, manggèn panggungan têngên (pamade).

Abimanyu, Ôngkawijaya wandanipun kalih: pangantèn sarta bontit, panggungan kiwa.

Narayana wandanipun kalih: gêblag sarta sêmbada, panggungan kiwa.

Karna, wandanipun satunggal, blèdru, panggungan kiwa.

Krêsna, wandanipun tiga: gêndrèh, rondhon, mangu, panggungan têngên.

— 66 —

Kurupati, Suyudana, wandanipun kalih: jangkung sarta jaka, panggungan kiwa.

Kakrasana, Baladewa nèm, wandanipun kalih: kilat sarta sêmbada, panggungan kiwa.

Kumbakarna, dênawa raton, wandanipun tiga: barong, macan, mripat kalih, sarta mêndhung, mripat satunggal, panggungan kiwa.

Dasamuka, wandanipun kalih: bugis, mripat kalih, sarta bêlis, mripat satunggal, panggungan kiwa.

Sikandhi = Srikandhi, wandanipun kalih: golèng sarta patrêm, panggungan têngên.

Sêtyaki, wandanipun tiga: mimis, wisuna, sarta kakik, panggungan kiwa.

Sômba, wandanipun tiga: sêmbada, banjêt, bontit, panggungan kiwa.

Sumbadra, wônda gangsal: rangkung, lêntrêng, lancêng, jinêm, patrêm, panggungan têngên.

Pamade, wônda sakawan: pangasih, pangawe, kadung, kinanthi, panggungan têngên.

Yudhisthira, wônda kalih: puthut, panuksma, panggungan têngên.

— 67 —

Bathara Guru, wônda kalih: arca, karna, botên kasumping.

Gathutkaca, wandanipun sakawan: guntur, kilat, thathit, gêlap, panggungan têngên.

Baladewa, wandanipun sakawan: gègèr, kagèt, sêmbada, paripêksa, panggungan kiwa.

Bima, wandanipun sakawan, mimis, lindhu, panon lintang, sarta gurnat, panggungan têngên.

Boma warni: 2: gusèn sarta alus, panggungan kiwa.

Bambang wônda: 2: miling, padhasih, panggungan kiwa.

Sêmar kanthi Bagong, wandanipun, brêbês, mêndhung. Manawi kanthi Nala Garèng Petruk, wandanipun ginuk sarta dhukun, botên kasumping.

Petruk, wandanipun tiga: jlêgong, jamblang sarta mèsêm, botên kasumping.

Bagong, wandanipun tiga: gilut, gêmbor, sarta ngrèngkèl utawi roti, botên kasumping.

Kajawi kasêbut ing nginggil punika ugi taksih wontên wandaning ringgit warni-warni, ingkang namung saking pikajêngipun dhalang utawi damêl piyambak, dados nama morgan, ananging sarèhning mrojol saking paugêran ingkang sampun kagêm ing

— 68 —

karaton, milanipun botên kacariyosakên ing pratelan punika.

Ing saantawis taun laminipun, jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV kagungan dalêm ringgit purwa kalih lampahan:

  1. Kyai Mangu, kaparingakên ingkang putra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda, 2. Kyai Kanyut, dhatêng ingkang putra, Kangjêng Pangeran Arya Natapura, kagungan dalêm ringgit Kyai Pramukanya ênèm kagêm padintênan.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping V.

  1. Ngadêgipun kagungan dalêm bangsal agêng sakidulipun pandhapa, rampungipun panggarap kaparingan nama pandhapa ijêm, amargi cètipun ijêm, ing dintên Salasa Kliwon kaping 27 Rêjêb, taun Je 1750 (kaping 8 April 1823).
  2. Dhuwung agêng dhapur warungsari luk tiga wêlas, tangguh damêlanipun êmpu Brajaguna, anggènipun abdi dalêm mantri pambêlah baita, kangge nanggulangi [nanggu…]

— 69 —

[…langi] bêbaya.

  1. Canthik baita nama Kyai Rajamala cacah 2 iji (anggènipun yasa nalika taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, sapunika wontên musiyum Sriwadari).

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VI iyasa:

  1. 1. Gêbyog kawanaring dalêm prabasuyasa, kaparênging karsa dalêm kabikak, lajêng kapindhah kapasang wontên pananggap ingkang kilèn, mujur mangidul, dados patanèn majêng mangetan (wangun dalêm prabasuyasa majêng mangetan) ing dintên Rêbo Kliwon kaping 19 Sawal taun Dal 1751 (16 Juni 1824).
  2. Palênggahan bangku inggil, sangandhapipun suku kagêm lênggah miyos siniwaka sabên dintên Sênèn saha Kêmis wontên pandhapa, ing dintên Kêmis kaping 6 Sapar Be 1752 (kaping 30 Sèptèmbêr 1824) dene palênggahan dalêm ingkang lami kadhawuhan nyanggarakên.

— 70 —

  1. Ngêtrapakên panunggul mustaka masjid agêng, ingkang risak jalaran kasambêr gêlap, ing dintên Jumuwah Wage kaping 16 Dulkangidah Alip 1755 (kaping 30 Mei 1828).
  2. Sampeyan Dalêm dipun aturi kangjêng tuwan residhèn têdhak dhumatêng salèr kilèning margi prapatan ing Gladhag, mariksani pamasangipun talês banon grija ing dintên Sênèn kaping 4 Sawal Jimawal 1757 (kaping 29 Marêt 1830).
  3. 5. Abdi dalêm prajurit, nama jagapraja kathahipun 125 kalêbêt mayor upsir tambur sulingipun.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VII iyasa:

  1. Nampèni dhawuhipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral ing Batawi, kadhawuhan dandosi masjid ing Dêmak ingkang risak kalih kangjêng sultan ing Ngayugyakarta inggih dipun dhawuhi sami rukun andandosi, kangjêng guprêmèn maringi arta panjurung, ing dintên Akat kaping 25

— 71 —

Jumadilawal, Jimakir 1770 (kaping 3 Juni 1842).

  1. Anyantuni tratag pagêlaran, Kêmis Lêgi kaping 4 Sura Jimawal 1713 (kaping 23 Januwari 1845).
  2. Andandosi masjid agêng ingkang anjênêngi pêpatih dalêm saha abdi dalêm wadana kliwon sapangandhap, ing dintên Sênèn Kaliwon kaping 27 Sura Alip 1779 (kaping 2 Dhesèmbêr 1850).
  3. Anyantuni griya ing sitinggil kidul, ingkang jênêngi pêpatih dalêm, saha abdi dalêm wadana kliwon sapangandhap, ing dintên Salasa Lêgi kaping 27 Ruwah Ehe 1780 (kaping 15 Juni 1852).
  4. Adêgipun surambi masjid agêng, ingkang anjênêngi para kangjêng pangeran putra santana dalêm, Mangkunagaran, pêpatih dalêm, wadana kliwon sapangandhap, ing dintên Kêmis Wage kaping 19 Bêsar Be 1784 (kaping 21 Agustus 1856).
  5. Pasang mustaka masjid agêng brumbunganipun mas, wawrat 192 ringgit, ing nginggilipun panunggul gêlas, [gêla…]

— 72 —

[…s,] ingkang jênêngi kangjêng pangeran putra santana dalêm, tuwin Mangkunagaran, pêpatih dalêm, wadana kliwon, panèwu mantri jawi lêbêt, ing dintên Sêtu Pon, kaping 10 Mulud Wawu 1785 (kaping 8 Nopèmbêr 1856).

  1. Pasanggrahan ing Têgalgônda.

Ing sajumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 7 sarèhning kagungan dalêm ringgit Kyai Mangu, Kyai Kanyut, sampun kaparingakên dhatêng Kangjêng Gusti Pangeran Arya Kusumayuda, kalihan Kangjêng Pangeran Arya Natapura, ingkang kagêm padintênan ing lêbêt karaton, kagungan dalêm ringgit wau risak, karsa dalêm lajêng yasa ringgit purwa, babonipun Kyai Pramukanya sêpuh, kajujud sasigar palêmahan, wandanipun ringgit namung kagêm kalih, dados namung rangkêp kemawon, botên jangkêpi cacahing ringgit ingkang sami wontên wandanipun, sarêng sampun dados salampahan, lajêng kagêm padintênan, wondene manawi wontên pasamuwan, ingkang kakarsakakên andhalang putra santana dalêm ingkang kagêm, manawi ringgit purwa Kyai Kadung, manawi ringgit gêdhog Kyai Dewakatong.

— 73 —

Tumuntên ingkang sinuhun kangjêng susuhunan yasa ringgit gêdhog, wandanipun mirit padhalangan saha dêdêg pangadêgipun ugi bajujag, sarêng sampun jangkêp salampahan, lajêng katamtokakên kagêmipun, ingkang mêsthi sabên malêm Anggara Kasih (Salasa Kliwon), mênggah yasan dalêm ringgit purwa, ringgit gêdhog wau, sarèhning abdi dalêm panatah Cêrma pangrawit, sarta Gôndatruna sampun sami ajal, sanajan ing palêmahan sami katêngêran sastra mungêl, jênêngan dalêm, krêsna: mangu, utawi sanèsipun ringgit bêbukaning ciri inggih jênêngan dalêm, dados sami kalihan ringgit yasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4, ewadene ukêling tatahanipun beda kalihan ringgit damêlanipun Cêrma Pangrawit tuwin Gôndatruna.

Pratelan wandaning ringgit utawi patrapipun punika, mêthik saking Sêrat Ugêr Padhalangan ingkang kagêm ing karaton Surakarta, saha ingkang sampun kagêlarakên dening pahêman Radyapustaka.

Wondene pamêthik kula nalika tanggal kaping 20 Rabingulakir warsa Je 1854 utawi kaping 30 Nopèmbêr, [Nopè…]

— 74 —

[…mbêr,] 1923.

Murit Dhalang Radyapustaka:

Hagnyaduta

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VIII iyasa:

  1. Dhatêngipun wêlingan dalêm kareta Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VII (dados Sampeyan Dalêm P.B. VII botên amêningi) kareta wau damêlan saking nagari Walandi, saprabotipun pakeyan kapal wolu mawi puredhêr rêgi f. 30.000, kagungan dalêm kareta wau lajêng kaparingan nama Kyai Garudha Kancana, ing dintên Sêtu Kliwon kaping 2 Siyam Ehe 1788 (kaping 24 Marêt 1860).
  2. Sampeyan dalêm utusan nyantuni sela maejan pasareanipun ingkang garwa sumare wontên astana Lawiyan, ing suwau sêratanipun mungêl, Bandara Radèn Ayu Adipati Angabèi, dipun [dipu…]

— 75 —

[…n] santuni mungêl, pasarean dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana, pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm kaping VIII ing dintên Akat kaping 21 Mulud Jimawal 1789 (kaping 7 Oktobêr 1860).

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IX iyasa:

  1. Mulyakakên kagungan dalêm panggung sônggabuwana ingkang sami bênthèt, jalaran saking lindhu agêng ing dintên Rêbo Pon kaping 7 Sapar Je 1798 (kaping 19 Mèi 1869).
  2. Kagungan dalêm gamêlan sakatèn alit, wiwit kaungêlakên wontên pagongan plataran masjid agêng ingkang lèr, dene kagungan dalêm gamêlan sakatèn agêng botên ewah wontên pagongan ingkang kidul, kaungêlakên gêntosan ing dintên Salasa kaping 6 wulan Mulud taun Dal 1807 (kaping 17 Marêt 1878).
  3. Ngadêgipun saka tosan paningrat saubêngipun pandhapa ing dintên Jumuwah Pon kaping 17 Rêjêb [Rê…]

— 76 —

[…jêb] taun Wawu 1809, kaping 25 Juni 1880.

  1. Ngadêgipun kagungan dalêm malige, sawetan pandhapa sasanasewaka, ing dintên Jumuwah kaping 19 Rabingulakir taun Alip 1811 (kaping 10 Marêt 1882).
  2. Yasa malige kagêm supit dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, kaparingan nama maderêngga, salêbêtipun taun Alip 1811, taun Walandi 1881.
  3. Pasanggrahan ing Langênarja.
  4. Pasanggrahan ing Parangjara.
  5. Dandang nama Kyai Tambur kagêm bêthak sabên taun Dal.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X iyasa, saha mulyakakên, tuwin sanès-sanèsipun kados ing ngandhap punika:

  1. Dhatêngipun titihan dalêm kareta Kyai Garudha Kancana ingkang radi risak praosipun sarta kaêcèt, kadandosakên dhumatêng nagari Walandi, [Wala…]

— 77 —

[…ndi,] ing dintên Jumuwah tanggal kaping 2 wulan Jumadilawal, taun Jimakir 1826.

  1. Wiwit anyobi urubipun kagungan dalêm dilah èlèktris, ingkang wontên ing madusuka, ing dintên malêm Sêtu tanggal kaping 10 wulan Sura taun Be 1832.
  2. Ing pandhapa paningrat saha ing ôndrawina jobinipun sami dipun santuni marmêr pêthak, ing dintên Sêtu tanggal kaping 14 wulan Bêsar taun Be 1832.
  3. Abdi dalêm prajurit lêbêt sadaya, wiwit kolonèl komandhan dumugi manskap sami kadhawuhan sowan, prêlu kaparingan gadhuhan nyamat wêlingan dalêm saking Tuwan Pan Arkên, dhapur krun, ingkang kolonèl komandhan, mawi intên dhasar mas, litnan kolonèl dumugi mayor dhasar mas tanpa intên, rit mistêr, kaptin, silih asih (mas kalihan salaka), opsir dhasar salaka, ondêr opsir sapangandhap amung saking mamas, ing dintên Rêbo tanggal kaping 7 wulan Mulud, taun Wawu 1833.

— 78 —

  1. Wiwitipun nalêsi banon baluwarti kadhaton, wiwit sawetan pagêlaran (sasanasumewa) mangetan, menggok mangidul sawetan taman carangan, sarta ingkang kilèn salèr ngabean mangilèn, menggok mangidul sawetan Adiwijayan, ing dintên Sênèn tanggal kaping 23 wulan Jumadilawal taun Wawu 1833.
  2. Ngadêgipun kori butulan baluwarti ingkang kidul kilèn sawetan dalêm Adiwijayan, ing dintên Kêmis tanggal kaping 24 wulan Sapar taun Ehe 1836.
  3. Ngadêgipun kagungan dalêm kori butulan sakidul wetan kampung Sarangan, timbanganipun kori butulan ingkang kilèn, ing dintên Sênèn tanggal kaping 30 wulan Rêjêb, taun Jimawal 1837.
  4. Ambangun kori paran karsa ing dintên Sênèn tanggal kaping 23 wulan Jumadilakir taun Dal 1839.
  5. Rampungipun anggèning andandosi brak pajagènipun prajurit drahgundêr sakilènipun kori

— 79 —

brak brajanala lèr, ing dintên Kêmis tanggal kaping 28 wulan Jumadilakir taun Be 1840.

  1. Rampungipun yasan dalêm griya sakolahan sawetaning kori brajanala lèr (pamulangan Kasatriyan) pambikakipun dipun jênêngi ing Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan, Kangjêng Tuwan Residhèn G.F. Van Wijk, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Aria Mangkunagara, para bandara kangjêng pangeran putra santana pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, para bupati jawi lêbêt tuwin para tuwan-tuwan ing dintên Salasa tanggal kaping 27 wulan Sawal taun Be 1840.
  2. Kaparênging karsa dalêm, ing kantor kapilihan kaparingan nama kantor Marduyaknya, ing kantor Kanitèn, kaparingan nama kantor Kridhaardana, gêdhong sakidul sasana parasêdya kaparingan nama Panti Winangun, gêdhong minuman kaparingan nama Drawisana, gêdhong kan kaparingan nama Kridhawaya, gêdhong kêmasan kaparingan nama Wuryareka,

— 80 —

gêdhong gêrji, kaparingan nama Mardiwastra, gêdhong koki kaparingan nama Rêksa Sunggata, masjid Suranatan panêpèn, kaparingan nama Pudyasana, Masjid Suranatan jawi kaparingan nama Paramasana, kori talangpatèn kaparingan nama Rêksadwara, ing dintên Kêmis tanggal kaping 18 wulan Mulud taun Jimakir 1842.

  1. Kagungan dalêm Masjid Pudyasana kapindhah mangilèn dhumatêng tênunan saêlèr kilèn bandêngan, nama lastari Masjid Pudyasana, ing dintên Kêmis tanggal kaping 9 wulan Rabingulakir taun Jimakir 1842.
  2. Rampungipun yasan dalêm, dalêm ing Pakubuwanan, sakidul prabasuyasa, lajêng kaparingan nama dalêm sasana dayinta, ing dintên Rêbo tanggal kaping 15 wulan Siyam, taun Jimawal 1845.
  3. Pambangunipun pandhapa ôndrawina, sakanipun kainggilakên, nginggil kaêpyan kaêcèt, ing dintên Salasa tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah taun Alip 1851.
  4. Pambikakipun yasan dalêm sakolahan Pamardi Putri sakidul Ngabeyan (ingkang suwau nama Endra [E…]

— 81 —

[…ndra] Gupita) ing dintên Kêmis tanggal kaping 2 wulan Sapar taun Wawu 1857.

  1. Kaparênging karsa dalêm:
  2. Kantor kabinèt, kaparingan nama Sitaradya.
  3. Kantor Komtabilitit, kaparingan nama Panti Wardaya.
  4. Kantor Parimatan, kaparingan nama Môndrasana.
  5. Kantor têtumbas, kaparingan nama Balekarta.
  6. Kantor pangasilan, kaparingan nama Kridha Budaya.
  7. Kantor kas lêstari, kaparingan nama Rêksa Ardana.
  8. Kantor paprentahan, kaparingan nama Bale Krêtarta.
  9. Kantor ingkang ngêdalakên balônja, kaparingan nama Pantiwilasa.

Ing dintên Saptu tanggal kaping 23 wulan Ruwah taun Wawu 1857.

— 82 —

  1. Ngadêgipun ing dalêm prabasuyasa pasarean dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX, ing ardi Mêrak Imagiri, ing dintên Salasa tanggal kaping 16 wulan Ruwah taun Be 1824.
  2. Angêtrapakên mustaka pasarean dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX ing Imagiri (ardi Mêrak) ing dintên Saptu tanggal kaping 26 wulan Ruwah taun Jimakir 1826.
  3. Rampungipun anggèning nyantuni wangunipun kagungan dalêm masjid agêng, ingkang suwau payonipun wangun griya limasan, sapunika kasantunan botên mawi payon, namung tembok ing nginggil kaêbuh, mawi rêrênggan kados gapura tanah Ngarab, ing dintên Salasa tanggal kaping 6 wulan Mulud, taun Dal 1831.
  4. Ngadêgipun ing dalêm prabasuyasa pasarean dalêm ing Kutha Gêdhe ingkang mêntas kabêsmèn, ing dintên Jumungah tanggal kaping 14 wulan Rabingulakir, taun Wawu 1833.

— 83 —

  1. Kagungan dalêm tratag ing sitinggil lèr dipun santuni wangun kampung mujur mangidul balungan sarta sakanipun sami tosan sadaya, payonipun sirap nama asbès, sakanipun tosan wolu, sakawan sisih, plaponipun sèng sêkaran, ing dintên Saptu tanggal kaping 11 wulan Sawal, taun Alip 1835 (sapunika nama bangsal sewayana).
  2. Kagungan dalêm bangsal manguntur tangkil ing sitinggil lèr kainggahakên kalihan kagungan dalêm bangsal witana ugi kainggahakên baturipun, ing dintên Sênèn tanggal kaping 24 wulan Bêsar, taun Alip 1835.
  3. Pamasangipun sêkaran pasarean dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX ing Imagiri, ing dintên Akat tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir, taun Ehe 1836.
  4. Pamasangipun sêkaran pasarean dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana, pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana [Pakubuwa…]

— 84 —

[…na] ingkang kaping IX, sumare wontên ing Imagiri, ing dintên Sêtu tanggal kaping 23 wulan Sawal, taun Jimawal 1837.

  1. Ngadêgipun yasan dalêm masjid ing Ngèksipurna (Pêngging) ing dintên Salasa tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir, taun Je 1838.
  2. Ngadêgipun pambanguning dalêm pasarean ing Sela, ing dintên Saptu tanggal kaping 16 wulan Siyam, taun Dal 1839.
  3. Kagungan dalêm bangsal pangrawit kainggilakên baturipun, katègêl, ing dintên Salasa tanggal kaping 30 wulan Bêsar, taun Jimakir 1842.
  4. Ngêtrapakên mustaka masjid agêng, wêwangunipun santun botên mawi êmas, wêlingan saking Eropah, ingkang dipun angge tosan pêthak, ing dintên Saptu tanggal kaping 21 wulan Ruwah, taun Alip 1843.

[Grafik]

Bangsal sasana sumewa (pagêlaran) karaton Surakarta.

  1. Rampungipun anggèning andandosi tratag pagêlaran (sasana sumewa) baturipun kainggilakên satunggal satêngah mètêr, kaplêstèr têngah katègêl, balungan tosan kaêpyan plapon [pla…]

— 85 —

[…pon] cagakipun banon (pilar) cacah 48 iji minôngka pêpèngêt yuswa dalêm nalika sawêg yuswa 48 taun, ing dintên Kêmis tanggal kaping 9 wulan Mulud, taun Ehe 1844.

  1. Ngadêgipun pringgitan kalihan èmpèr jagasatru dalêm prabasuyasa pasarean dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX saha bangsal sawetan balumbang Sultan Agungan, ing dintên Kêmis tanggal kaping 14 wulan Rabingulakir, taun Ehe 1844.
  2. Pambikakipun yasan dalêm karêtêg tosan ing Bacêm mawi dipun jênêngi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan, kangjêng tuwan residhèn, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, para bandara kangjêng pangeran putra santana, pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, riya nginggil, para bupati jawi lêbêt, tuwin para tuwan-tuwan, ing dintên Jumuwah tanggal kaping 24 wulan Sapar, taun Jimawal 1845.
  3. Rampungipun yasan dalêm griya sakolahan Mambangul [Mambangu…]

— 86 —

[…l] Ngulum sakidul masjid agêng, lajêng wiwit dipun angge sakolahan, mawi dipun jênêngi para bandara kangjêng pangeran putra sêntana, pêpatih dalêm, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, abdi dalêm pangulu, para bupati jawi lêbêt, ing dintên Saptu tanggal kaping 4 wulan Rabingulakir, taun Jimawal 1845.

  1. Ngadêgipun pakêmpalan para santana dalêm kaparingan nama Narpawandawa, ing dintên Sênèn tanggal kaping 23 wulan Rêjêb, taun Jimawal 1845.
  2. Amulyakakên nyantuni sirap cungkup pasarean ing Sultan Agungan Imagiri, ing dintên Kêmis tanggal kaping 19 wulan Rabingulakir, taun Je 1854.
  3. Karêtêg ing gladhag dipun santuni buh plêmpêng, marginipun ingkang mangidul dhumatêng alun-alun kawiyarakên, ing dintên Sênèn tanggal kaping 18 wulan Dulkangidah, taun Be 1856.

[Grafik]

Gambar mênara Masjid Agêng Surakarta.

  1. Adêgipun kagungan dalêm ing dalêm prabasana (karaton kilèn) ing taun Wawu 1857.

— 87 —

utawi taun Walandi 1927.

  1. Griya rad nagari (sindhikara) ing taun Wawu 1841, utawi taun Walandi 1911.
  2. Kagungan dalêm bangsal pasowananipun abdi dalêm prajurit (marcukundha) kamulyakakên ing taun Wawu 1849, utawi taun Walandi 1919.
  3. Adêgipun gapura ing gladhag ing taun Ehe 1760, utawi taun Walandi 1930 minôngka pisungsung tôndha kaurmatanipun para bôngsa Eropah ingkang manggèn gêgriya ing bawah Surakarta, konjuk Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X, amarêngi tingalan dalêm têtêp yuswa 64 taun, ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 wulan Rêjêb, ing taun Alip 1859 utawi kaping 3 Januwari 1929.
  4. Nunggil taun kasêbut nginggil, sakiwatêngênipun gapura wau kawêwahan rêca sakêmbaran, wangun pandhita yaksa kalang kinantang, ing ngajêng asli saking dhusun Pandhansimping (Klathèn) saha sakiwatêngênipun [saki…]

— 88 —

[…watêngênipun] margi ing gladhag, ingkang suwau pêkên lajêng kawangun dados patamanan.

  1. Adêgipun kantor bôndha lumaksa ing taun Dal 1847, utawi taun Walandi 1917.
  2. Adêgipun kantor Radyapustaka nalika kaping 27 wulan Sura taun Jimawal 1829 (kaping 7 Juni 1899).
  3. Adêgipun musium ing dintên Rêbo Paing tanggal kaping 22 wulan Sura, taun Alip 1843 (kaping 1 Januwari 1913).
  4. Adêgipun griya miskis (wangkung) ing taun Dal 1839 (taun Walandi 1910).
  5. Bangsal kagêm lênggah wontên ing Kampungsèwu, nalika têdhak mariksani patilasan padalêmanipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Amangkubumi kaping I (Kangjêng Sinuhun Sultan ing Ngayugyakarta kaping I) patilasan padalêman wau dados patirakatan, kathah ingkang mastani kajêng pamrih, nalika taun Wawu 1865 (taun Walandi 1935).

[Grafik]

Gapurendra ing Gadhing Surakarta iyasan dalêm sawarga Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping X.

  1. Pambikakipun gapura ing Pêkên Gadhing nama Gapurendra, ing dintên Rêbo kaping 23 wulan Rabingulakir,

— 89 —

taun Jimawal 1869 (kaping 22 Juni 1938).

  1. Pambikakipun gapura ing Pêkên Slompretan saha ing Bathangan, nalika dintên Rêbo Paing tanggal kaping 17 wulan Sura taun Je 1870. (kaping 8 Marêt 1939).

Anyarêngi hajat dalêm wilujêngan 200 taun jumênêngipun nagari dalêm ing Surakarta Adiningrat, pangêpangipun hajat wontên ing surambi dalêm.

Nuwun, yasan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X punika salong taksih wontên ingkang dèrèng kalêbêt ing buku pangèngêt-èngêt punika.

Cariyos Wiwit Wontênipun Abdi Dalêm Bupati Nayaka, saha Abdi Dalêm Kaparak Sêsaminipun.

Kula nuwun, sanadyan kathah namaning gêgolonganipun abdi dalêm, langkung malih ing wêkdal jaman sapunika katambahan golong-golongan enggal, namung komisi [ko…]

— 90 —

[…misi] sagêdipun angsal cêcriyosan ingkang cêtha inggih punika amung tumrap mula bukanipun wontên abdi dalêm bupati nayaka, tuwin abdi dalêm golongan kaparak, kados ing ngandhap punika.

Kala jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Anyakrakusuma Senapati ing Ngalaga Sayidin Panatadinan ing nagari Mataram, amarêngi taun Jawi 1555, kaparêngipun karsa dalêm iyasa abdi dalêm nayaka wau sarta ambage-bage siti dhusun sajawining rangkah nagari Mataram ingkang botên kalêbêt siti môncanagari.

  1. Tanah ing Pagêlèn kabagi: 2, ingkang wetan siti sèwu, kilèn siti numbakanyar, sami kawajiban nyanggi bahu suku, mawi kasampiran abdi dalêm gowong.
  2. Siti Kêdhu, ingkang kilèn siti bumi, ingkang wetan siti Bumija, kabêbahan sêsanggèn angladosakên lumpang, lêsung, godhong, kajêng, sapit, sujèn, saha ancak sapanunggilanipun, mawi kasampiran abdi dalêm galadhag nagara.

[Grafik]

Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, bupati Nayaka kaparak têngên sapunika. 1 Dec ’28 (têngên)

[Grafik]

Kangjêng Radèn Mas Arya Purwadiningrat, bupati nayaka kaparak kiwa bêkêl lêbêt. Rumiyin dados bupati nayaka kaparak têngên, 15 Sept ’10 – 1 Dec ’28 (kiwa).

  1. Siti Pajang, ingkang kilèn siti Panumping, wetan [weta…]

— 91 —

[…n] siti panêkar, sami kabêbahan nyanggi uwos, pantun saubarampenipun, mawi kasampiran abdi dalêm narawita saha narakuswa.

  1. Siti saantawisipun Dêmak kalihan Pajang kawastanan siti agêng, kawajiban angladosakên inya, mawi kasampiran abdi dalêm tiyang pinggir, kalihan abdi dalêm kalang.

Siti ingkang kasêbut nginggil wau, sami dados lênggah gadhuhanipun abdi dalêm bupati nayaka Jawi 8 kabupatèn dalah panêkaripun.

Wondene abdi dalêm bupati nayaka lêbêt 8 kabupatèn, kaparak saha gêdhong sami kiwa têngên sapanêkaripun lênggah gadhuhanipun siti dhusun tampinganing nagari, ngiras ngampil kagungan dalêm siti pamaosan pangrêmbe sadaya.

Antawisipun sataun, kaparênging karsa dalêm amranata abdi dalêm kaparak kiwa têngên, kabage-bage sagolonganipun piyambak-piyambak, kakarsakakên dados pangajêngipun abdi dalêm nayaka lêbêt, winastan prajurit kasalira, cacahipun nyèwu sisih, pinilihan tiyang ingkang prawira têguh timbul sadaya, sarta

— 92 —

wicaksana sagêd olah basa, sapanèwu mantrinipun saha jajar, sami kakarsakakên ngampil-ampil upacara kapraboning panjênêngan dalêm nata, kiwa têngên kaperang dados 16 golongan, namaning golong-golonganipun kados ing ngandhap punika:

  1. Abdi dalêm saragêni, atêgês: prajurit dêdamêlipun latu, inggih punika sanjata saprabotipun.
  2. Nirbaya, atêgês tanpa maras, tanpa pakèwêt, pandamêlanipun nyêpêng tiyang dosa, dêdamêlipun tampar kasabukakên.
  3. Abdi dalêm brajanala, atêgês: manahipun landhêp, damêlanipun rumêksa kori gapit lèr kidul.
  4. Wisamarta, atêgês nyirêp upas, damêlipun rumêksa kori gapit lèr, ing lêbêt utawi kidul.
  5. Abdi dalêm sangkragnyana, atêgês: sangêt prayitna, damêlipun rumêksa kori sri manganti kidul, dêdamêlipun tamèng, kalihan lamêng, sakamantrèn.

— 93 —

  1. Abdi dalêm kanoman, atêgês: pinilihan ingkang nèm, dêdamêlipun rumêksa kori kamandhungan, damêlipun tamèng towok, kalêbêt tindhih sagolongan sakamantrèn.
  2. Abdi dalêm martalulut, atêgês: sarèh rumakêt, awor, asih ing adil, damêlipun angêthok jangganipun tiyang dosa pêjah, ingkang sampun kinisas ing kukum, sakamantrèn, (golongan kaparak têngên).
  3. Abdi dalêm singanagara, atêgês: sima (macaning nagari) damêlipun ugi anigas jangganipun tiyang kalayan wêdhung, anjonjang suku utawi tangan, ambungis, utawi angranjam, sakamantrèn, golongan kaparak kiwa.
  4. Abdi dalêm priyantaka, atêgês: tiyang jalêr ingkang kêndêl ing pêjah, damêlipun angampil upacara songsong bawat, sapanunggilanipun waos warni-warni.
  5. Abdi dalêm sarasêja, atêgês: angajêngakên lêlandhêp, damêlipun angrêksa kori, Sarasêja kidul, sakamantrèn, sagolongan.

— 94 —

  1. Abdi dalêm panyutra, atêgês: warastra, prajurit sikêp jêmparing, damêlipun anjajari.
  2. Abdi dalêm waudara, atêgês: prajurit karakêt, sakamantrèn.
  3. Abdi dalêm mandhung, atêgês: mina, sagolongan (sakamantrèn).
  4. Abdi dalêm miji pinilih, atêgês: tanpa sisihan, pamilihipun amung nyatunggal, damêlipun anabuh jam agêng ing sakanipun kori brajanala, sagolongan sakamantrèn.
  5. Abdi dalêm tanastra, atêgês: botên kenging jinêmparing, pacaosanipun ing sri manganti kidul, sagolongan (sakamantrèn).
  6. Abdi dalêm nrangbaya, nrangpringga, atêgês: sami nrajang pakèwêt, kiwa têngên kalih kamantrèn, kamijèkakên ngampil waos, sami nyagolongan, ngampil songsong (nongsong) nyagolongan (sakamantrèn) ingkang ngampil talêmpak (waos golongan têngên, ingkang ngampil waos balandaran golongan kiwa, ingkang ngampil pakêcohan têngên. Ingkang [Ing…]

— 95 —

[…kang] ngampil capuri pagantenan kiwa, ingkang ngampil dhampar palênggahan dalêm kiwa têngên sami amajibi, ingkang ngampil sabêt têngên, ingkang ngampil tamèng kiwa, ingkang ngampil jêmparing têngên, gandhewanipun kiwa, ingkang ngampil kêbut lar badhak kiwa têngên sami majibi, satunggal sewang, ingkang ngampil lantaran (têkên) têngên, kiwa ngampil kunca kampuh dalêm. Ingkang ngampil sujudan, tasbèh (pasalatan) abdi dalêm prajurit suranata. Ingkang ngampil upacara dalêm banyak dhalang sawunggaling gandhaga sapanunggilanipun, abdi dalêm gandhèk kiwa têngên, saha jagi utusan ing sakarsa dalêm. Ingkang ngampil sanjata, obat mimis sapirantosipun, abdi dalêm saragêni. Ingkang ngampil waos jajaran kalawija, abdi dalêm priyantaka, punapa dene sanjata têngara kêkalih Kyai Kuthung saha Kyai Bagus ugi abdi dalêm priyantaka. Ingkang ngampil songsong agung, songsong bawat, songsong kudhup, abdi dalêm panongsong kiwa têngên.

Awit saking kaparênging karsa dalêm, Ingkang Sinuhun [Sinuhu…]

— 96 —

[…n] Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping II ingkang jumênêng nata nagari ing Kartasura Adiningrat, amranata kawajibanipun sakathahing abdi dalêm jawi lêbêt, ing salêbêtipun ing nagari tuwin môncanagari pasisir, ingkang kapitados amranata Radèn Dêmang Urawan, bupati nayaka kaparak têngên, akalihan Radèn Adipati Danurêja pêpatih dalêm, kala samantên amarêngi taun Jawi ôngka 1655, kados ing ngandhap punika pratelanipun.

BAB: 1.

Ingkang kaparingan pangawasa bangbang pangalum-alum, ing salêbêting capuri kadhaton, punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, ingkang jumênêng nagari Kartasura Adiningrat.

BAB: 2.

Ingkang pinaringan pangawasa bangbang pangalum-alum ingkang kaping kalih, ing satalatahipun tanah Jawi sadaya, amung pêpatih dalêm, wênang angaturakên awon saenipun abdi dalêm satanah Jawi, kala samantên pêpatih dalêm Radèn Adipati Danurêja, pangkat kalênggahanipun kasami para putra santana dalêm, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan [Susuhu…]

— 97 —

[…nan] botên kenging amangsulakên aturing pêpatih dalêm, awit sampun kagalih lêrês punapa ingkang kaaturakên. Mila kasêbut kagungan bangbang pangalum-alum, dhêdhak mêrang amis bacin ing salêbêt Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, ing sajawi radèn adipati, mawi kasêbut nawala sêrat cêcêpênganipun pêpatih dalêm.

BAB: 3.

Abdi dalêm nayaka kaparak têngên: 2, Radèn Dêmang Urawan, Radèn Tumênggung Mangkupraja, kawajibanipun, alimpat salwiring kasagêdan, lêmbat kasar kaprawiran, sagêd amêmantês busananing wadya, ahli kasusastran, Jawi Arab, sagêd salwiring bêbasan, ulah têmbung, kêncêng anêtêpi agami.

BAB: 4.

Abdi dalêm nayaka kaparak kiwa: 2, Radèn Tumênggung Natawijaya, Kyai Tumênggung Karsanadi, kawajibanipun anganggit sawarnining gêgaman, amurih ampuh, ing prayogining êmpan utawi patrapipun amulang pratingkahing aprang, anggêgala wadya, amêmatah têlik kajinêman, amrayitnani ingkang lampah samar dhumatêng nagari, anêtêpi [a…]

— 98 —

[…nêtêpi] sarak, ing rintên dalu tansah ajêjagi pakèwêding praja tuwin para wadya.

BAB: 5.

Abdi dalêm nayaka gêdhong têngên: 2, Kyai Tumênggung Tirtawiguna, Kyai Tumênggung Wirarêja, kawajibanipun anyêpêng busananing wadya lan yatra ambayari sawarninipun prabeyaning wadya ingkang nambut karyaning praja, putus ing tapsir, amatawis ganjaraning wadya ingkang katrimah ing karya, ingkang angrèh tiyang dagang, sumêrêp awon saening sotya kancana, èngêtan, ahli petang, anêtêpi sarengat.

BAB: 6.

Abdi dalêm nayaka gêdhong kiwa: 2, Kyai Tumênggung Puspanagara, Kyai Tumênggung Mangunnagara, kawajibanipun, manawi wontên karsa dalêm anganggit gêndhinging gôngsa, lagu têmbung, baksa parigêl, tatakrami, lêmês luwêsing solah, manising têmbung, pangaribawa, wêwangsalan paprênesan, amrih sukanipun sang nata, sagêd olah-olah saliring dhêdhaharan, ingkang eca-eca, maedahi ing salira, botên pêgat nêtêpi agami.

— 99 —

BAB: 7. Bupati Nayaka Jawi Têngên.

Abdi dalêm nayaka sèwu, Kyai Tumênggung Ônggawôngsa, nayaka numbakanyar Kyai Tumênggung Cakrajaya, kawajibanipun angladosi bahu suku sadintên nyambut karya ing praja, utawi manawi wontên karsa dalêm amadosi tiyang ingkang sae warninipun, èstri palara-lara, mundhut tiyang anèh, kalawija, tiyang têguh timbul, anglêbêti panggenan ingkang angèl, wana ingkang pêtêng, minggah ardi ingkang inggil, anawarakên barang ingkang angkêr, malêbêt kêdhung ingkang lêbêt, sawêrnining pêpundhutan salêbêting wana, ing ardi, ing lèpèn, ing sagantên, manawi wontên pakèwêding praja lumampah rumiyin, anglampahi agami.

BAB: 8.

Abdi dalêm nayaka siti agêng, Radèn Tumênggung Pringgalaya, Radèn Aria Mlayakusuma, kawajibanipun, ahli lampahing padhukunan, bôngsa sarat tumbal sapanunggilanipun, ahli tirakat, angirang-ngirangi, alimpad pangulahing para sandi-sandi, putus ngèlmi patênungan, pangapêsaning mêngsah, anjarwani lambang ilapating praja, awon saening ilapat, ulah japa-môntra sarat masrut,

— 100 —

ahli ngupados wangsit, sasmitaning Widdhi ingkang andadosakên raharjaning praja, andarbèni tiyang anèh, anêtêpi agami.

BAB: 9. Bupati Nayaka Jawi Kiwa.

Abdi dalêm nayaka panumping, Kyai Tumênggung Wiraguna, lajêng kaêlih nama Wiradigda, nayaka Panêkar Kyai Tumênggung Kartanagara, kawajibanipun sagêd sakathahing rêrekan, pandamêlan sakarsa dalêm, sawarnining akal, griya utawi pasanggrahan, pangrekaning balowarti, ingkang amrih damêl pakèwêding mêngsah, anitik papaning prang, adamêl saening praja, rêrêngganing kadhaton, sawarnining padamêlan, sela wrêksa busananing praja, amêmatut amrih kontaping praja liyan, adamêl pondhokan papaning wadya ingkang aprang, amatrapakên margi-margi, ingkang murih sakecanipun ing lampah, anata-nata griyaning para wadya, rêsik ilining toya sapraja, nêtêpi agami.

BAB: 10.

Abdi dalêm nayaka bumija 2, Kyai Tumênggung Mangkuyuda nayaka bumi, Kyai Tumênggung Natayuda bumija, kawajibanipun [ka…]

— 101 —

[…wajibanipun] sagêd olah têtanèn, ahli môngsa ambudi saening tanêman, amanah mirahing rijêki saliring pangasilan, ingkang tinêdha para wadya narendra sadaya, manawi wontên karsa dalêm ananêm ing sapanunggilanipun, amangun sêkaraning taman, manawi wontên pundhutan sawarnining wowohan, sêkar, godhong, babakan klika wit, oyod, dhangkèl, sulur, sobrah, kleyang, garapan angrenah ing tanêman, supados saenipun, tulusing sabin, têgil, bêran, pagagan, amanah toya tumumpanging pasabinan, tulaking ama, ananêm tanêman ingkang kangge ing praja, anggêring karaton, ing margi-margi, ing pêkên-pêkên, amurih eyubing tiyang langkung, anyumêrêpi sawarnining thêthukulan ingkang kenging kadamêl usada, saha sabarang tanêman tuwin uwit, ingkang botên pantês tinanêm ing praja, wajib kabucalana, amariksani pananêming wadya, sabarang têtanêman ingkang dadosakên kasangsaran panyakiting wadya, ingkang mawi wisa, wajib kabucalana, têtanêman ingkang agêng-agêng ingkang mutawatosi kasirnakna, anêtêpi agami.

Sadaya golonganipun kawajibaning kabupatèn, punika [pu…]

— 102 —

[…nika] dalah sapanêkaripun, wadana kaliwon panèwu mantri kêdah sami anglampahi sarta sumêrêp ing kawajibanipun piyambak-piyambak, punika sami angèstokna sadaya, sami ibadah anêtêpi agami Islam.

BAB: 11.

Para wadya tamping rumêksa wadya alit ing dhusun, lan mariksani watês-watês, sampun ngantos corok-cinorok, ing bawah wêwêngkonipun piyambak-piyambak, sampun ngantos tukar pabên saking watês, sumêrêp ing tanêman, sampun damêl watês ingkang uwit sagêd tangkar-tumangkar, kadosta: dêling, waringin, awit tiyang alit aweya, ingkang kaangge watês ingkang langgêng sela, banon sêsaminipun, dipun manah sampun ngantos dados jalaran pabên.

BAB: 12.

Para adipati, bupati môncanagari, ingkang rumêksa ing praja, kawajibanipun: angrampas ingkang maha purun damêl rêrêsah, angraman, angumbar sato galak, ambalela ing ratu, punika ingkang tumandang rumiyin anyirnakakên satru jaya dalêm utawi lêladosan punapa ingkang dados karsa dalêm, anjawi ingkang dados [dado…]

— 103 —

[…s] mêsthi takêr têdhak nagari, punapa ingkang dados adating karaton kina.

BAB: 13.

Para adipati bupati pasisir, ingkang sami gadhah muara, anjagèni anadhahi pakèwêding tanah Jawi, utawi sabarang pundhutan dalêm kalangênan, sabarang ingkang sanès wêdalipun ing tanah Jawi, wastra busana, tosan, têmbagi, timah, salaka, sêsotya, dêdamêl, kajêng, sabarang ing karsa dalêm.

BAB: 14.

Para putra santana dalêm sadaya, kawajibanipun dados busana sêsêkaripun nagari ing Kartasura, ngagêm ingkang endah-endah, ingkang botên kuciwa wontên luhuring turôngga atêtêgar, dados têtingalanipun para kawula, andadosakên cahyaning praja, amêwahi raharja sênêning nagari, sadaya putra santana kaêrèh ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

Ing sajumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VI antawisipun taun 1752, kaparênging karsa dalêm:

— 104 —

Amranata panganggènipun abdi dalêm kaparak kados ing ngandhap punika:

  1. Abdi dalêm mantri kaparak saragêni, sikêp sanjata, sarta krêga

kampuh bathikan padhasgêmpal mawi modang clana sangkêlat abrit mawi têpi renda, jajaripun botên mawi modang tuwin calana tanpa têpi renda, sabêtipun lêrês, garanipun gana tiyang.

  1. Abdi dalêm mantri kaparak sangkragnyana, kampuh bathikan modang ompak sidamukti (latarcêmêng) mawi kêmadha, ngangge tamèng, sabêt suduk balongsong mas, kaponthong slaka (paring dalêm gadhuhan) jajar sikêp tamèng lamêng, kampuh sami mantri namung tanpa kêmadha, clana cêmêng mori.
  2. Abdi dalêm mantri kaparak kanoman, kampuhipun bathikan kumitir, ompakipun sidaluhur (latarpêthak) nyangkêlit sabêt suduk balong

— 105 —

mas, ponthang slaka, sikêp tamèng towok, jajaripun kampuh sami kumitir, kaot tanpa kêmadha, clana cêmêng nyangkêlit sabêt bengkok kudhup turi, blongsong kuningan ponthang wacucal.

  1. Abdi dalêm mantri kaparak ngampil, kampuhipun bathik kêmbang jambu latarpêthak, jajaripun sami, kaot calananipun mori pêthak.
  2. Abdi dalêm priyantaka, kampuhipun lurik bêrkutut manggung (nglurah golongan ampil).
  3. Abdi dalêm panèwu mantri kaparak singanagara saha martalulut, sajajaripun kampuhipun bathik latarpêthak mawi gambar macan mangap.
  4. Abdi dalêm panèwu mantri kaparak brajanala, kampuhipun bathikan kêmbang lombok latar cêmêng, clana sangkêlat abrit, jajar clana pêthak.
  5. Abdi dalêm panèwu mantri kaparak wisamarta sajajaripun, kampuhipun bathik jangglêng latar cêmêng.
  6. Abdi dalêm panèwu mantri miji tanuastra sarta pinilih sajajaripun, kampuhipun bathik bendha sagada latar cêmêng.
  7. Abdi dalêm panèwu mantri kaparak nirbita tuwin [tuwi…]

— 106 —

[…n] nirbaya sajajaripun, kampuhipun bathik sotho galêng latar cêmêng.

  1. Abdi dalêm mantri kaparak, ônggadara, mangundara, sajajaripun, kampuhipun bathikan wora-wari rumpuk, latar cêmêng.
  2. Abdi dalêm mantri nyutra tuwin mandhung sajajaripun, kampuhipun limaran latar cêmêng.
  3. Abdi dalêm mantri kaparak panongsong sajajaripun, kampuh bathik purbanagara latar pêthak.
  4. Abdi dalêm mantri kaparak sarasêja, kampuhipun bathik sêkar pijêtan sajajaripun, sapunika jajaripun kapêthal, lajêng dados prajurit jagasura (sêtabêl).
  5. Abdi dalêm panèwu kaparak kabayan, kampuhipun bathik randhu kentir, ukiran mas dhapur tunggaksêmi, jajaripun ukiran dhapur sambegan salaka.
  6. Abdi dalêm kaparak kêmit bumi, bêbêt lurik pêrkutut manggung, wêdhungan tanpa dhuwung, rasukan sikêpan agêng kuthungan.

— 107 —

  1. Abdi dalêm kaliwon kaparak, anggandhèk, kampuhipun bathik rèjèng latarpêthak mawi blênggi, calana cindhe sorot, sapunika sampun santun cindhe macan, panèwu mantri dodot tanpa blênggèn, clana pêthak mawi têpi renda, bêkêl sapunika pangkat lurah, kalilan ngangge sabuk ukup, jajar inggih mawi sabuk ukup, calana pêthak lugas.

Sadaya abdi dalêm jajar, kajawi saragêni, sangkragnyana saha kanoman wau, clananipun sami pêthak sadaya utawi botên kalilan ngangge sabuk ukup.

Sarêng ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping X, kaparênging karsa dalêm, abdi dalêm kaparak andikakakên sami ngangge rasukan sikêpan agêng bordir, bacingahipun rasukan saha sabuk ukupipun panèwu warni biru, mantri wungu, amung abdi dalêm lurah rasukanipun sikêpan agêng lugas, bacingah saha ukupipun abrit, jajar botên mawi sabuk ukup, bacingahing rasukanipun mori pêthak, samangke kantun abdi dalêm [dalê…]

— 108 —

[…m] saragêni, sangkragnyana, kanoman, gandhèk, saha jajar priyantaka tuwin jajar kêmit bumi, ingkang lastari sami mangangge dodot utawi sinjang anêtêpi tatanan kina kados kasêbut nginggil wau.

Wondene kawontênanipun ingkang kakarsakakên ing panjênêngan dalêm nata, dados abdi dalêm bupati nayaka kaparak kiwa wiwit jumênêngipun karaton dalêm ing Surakarta taun 1670 (1745) dumugi sapriki 200 taun kados ing ngandhap punika:

  1. Radèn Tumênggung Panji Puspakusuma, putranipun Radèn Tumênggung Puspanagara (rumiyin nama Kyai Tumênggung Panji Tohjaya, karan Juragan Bali).
  2. Radèn Tumênggung Wirarêja, lajêng kaingsêr dados bupati nayaka gêdhong kiwa.

III. Radèn Mas Arya Jayadiningrat sapisan, putranipun Radèn Mas Tumênggung Arya Kusumadiningrat, abdi dalêm bupati nayaka bumi gêdhe.

  1. Radèn Mas Arya Jayadiningrat, kaping 2, putranipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Panular sapisan (putra dalêm P.B. III) dados mantunipun Radèn Mas Arya Jayadiningrat sapisan wau.

— 109 —

  1. Radèn Mas Arya Jayadiningrat kaping 3, putranipun Radèn Mas Arya Jayadiningrat kaping 2.
  2. Kangjêng Radèn Mas Arya Jayaningrat kaping 1, putranipun suwargi Bandara Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2.

VII. Kangjêng Radèn Mas Arya Purwadiningrat (putranipun suwargi Radèn Mas Arya Purwadiningrat kaping 5, abdi dalêm bupati nayaka kaparak têngên) dumugi sapunika taksih jumênêng.

Mênggah kawontênan cacah tuwin pangkatipun abdi dalêm kaparak kiwa samangke kados ing ngandhap punika:

Abdi dalêm bupati nayaka 1, anglêrêsi dados bêkêl lêbêt (jêro).

Abdi dalêm bupati anom gawe gandhèk 1.

Golongan singanagara, abdi dalêm panèwu 1, jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan saragêni, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 20, jajar kêmit bumi 2.

Golongan sarasêja, abdi dalêm mantri 1, jajar kêmit bumi 1.

Golongan brajanala, abdi dalêm panèwu 1,

— 110 —

jajar 3.

Golongan wisamarta, abdi dalêm mantri 1, jajar 3, jajar kêmit bumi 2.

Golongan miji abdi dalêm mantri 1, jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan tanuastra, abdi dalêm mantri 1, jajar 2, jajar kêmit bumi 1.

Golongan nirbita, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 5, jajar kêmit bumi 2.

Golongan kanoman mantri dalêm 1, lurah 1, jajar 8, jajar kêmit bumi 2.

Golongan sangkragnyana, abdi dalêm mantri 1, jajar 8, jajar kêmit bumi 2.

Golongan ônggadara, abdi dalêm jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan nyutra, abdi dalêm jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan panongsong, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 5.

Golongan ngampil, abdi dalêm panèwu 1, mantri 1, jajar 1.

Golongan priyantaka, abdi dalêm lurah 1, jajar [ja…]

— 111 —

[…jar] 12.

Golongan gandhèk, abdi dalêm panèwu 1, mantri 4, lurah 5, jajar 5, kêmit bumi 2.

Golongan garap, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 1, pambantu 2.

Golongan kabayan, abdi dalêm jajar 5, jajar kêmit bumi 1, jajar kêmit bumi pawatangan 1.

Ingkang kakarsakakên dados abdi dalêm bupati nayaka kaparak têngên, wiwit karaton dalêm ing Surakarta taun 1670 (1745) ngantos dumugi samangke kados ing ngandhap punika:

  1. Radèn Tumênggung Sasradiningrat, sarêng jumênêng pêpatih dalêm, asma Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, seda sumare ing Batawi.
  2. Radèn Tumênggung Pringgalaya (putranipun Kangjêng Pangeran Arya Balitar) sedanipun sumare ing dhusun Trajukuning Sêkarbala.
  3. Radèn Tumênggung Pringgadiningrat (putra Radèn Tumênggung Pringgalaya wau) seda sumare ugi Trajukuning Sêkarbala wau.
  4. Radèn Tumênggung Mangkupraja (putranipun Kangjêng Radèn [Radè…]

— 112 —

[…n] Adipati Sasradiningrat, sumare Batawi) sedanipun Radèn Tumênggung Mangkupraja wau sumare dhusun Kuncèn Ngayah (Banyumas).

  1. Radèn Tumênggung Sasrawijaya, ingkang suwau abdi dalêm bupati kalang, putranipun Kangjêng Radèn Adipati Mangkupraja wau.
  2. Radèn Mas Arya Purwadiningrat I, suwau Radèn Mas Arya Sasrakusuma, ugi putranipun Kangjêng Radèn Adipati Mangkupraja (kalêrês rayinipun Radèn Tumênggung Sasrawijaya) saha sakawitipun dados bupati wontên Wirasaba, sarêng seda sumare ing Lawiyan.
  3. Radèn Tumênggung Purwadiningrat II (putranipun Radèn Mas Arya Purwadiningrat I) suwau dados abdi dalêm kaliwon, ugi kaparak têngên, nama Radèn Ngabèi Purwadipura, sarêng seda sumare ing dhusun Tinawas sakilèn Kaliyasa.
  4. Radèn Tumênggung Purwadiningrat III (putra Radèn Tumênggung Purwadiningrat II), suwau ugi dados kaliwon kaparak têngên, nama Radèn Ngabèi Purwadipura, seda ugi sumare ing dhusun Tinawas.

— 113 —

  1. Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat kaping IV putranipun Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, ridêring ordhê nèdêrlansê leyo (ingkang suwau asma Radèn Mas Tumênggung Purwanagara, abdi dalêm bupati nayaka bumi, sarêng jumênêng pêpatih dalêm, asma Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat kaping IV, sedanipun sumare ing astana Imagiri.
  2. Radèn Mas Arya Purwadiningrat kaping V (putranipun Kangjêng Pangeran Arya Atmaja) suwau dados abdi dalêm bupati nayaka gêdhong kiwa, nama Radèn Mas Arya Kartadipura, seda sumare ing dhusun Cêmani.
  3. Kangjêng Radèn Mas Arya Purwadiningrat kaping VI putranipun Radèn Mas Arya Purwadiningrat kaping V ingkang sumare Cêmani, lajêng mingsêr dados abdi dalêm bupati nayaka bumi, ing samangke lajêng dados abdi dalêm bupati nayaka kaparak kiwa bêkêl lêbêt, anggêntosi kalênggahanipun Kangjêng Radèn Mas Arya Jayaningrat dumugi sapariki, dene ingkang suwau nama Radèn Mas Arya Prawiradiningrat, abdi dalêm bupati nayaka gêdhong kiwa.

— 114 —

  1. Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat (putranipun suwargi Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat kaping IV sumare Imagiri) ingkang suwau dados abdi dalêm bupati nayaka bumi, nama ugi sampun Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Kawontênan cacah saha pangkatipun abdi dalêm kaparak têngên, samangke kados ing ngandhap punika:

Abdi dalêm bupati nayaka 1.

Abdi dalêm bupati anom gawe gandhèk 1.

Golongan martalulut, abdi dalêm panèwu 1, jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan saragêni, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 20, jajar kêmit bumi 2.

Golongan sarasêja, abdi dalêm mantri 1, abdi dalêm jajar kêmit bumi 1.

Golongan nirbaya, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 5, jajar kêmit bumi 2.

Golongan kanoman, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 8, jajar kêmit bumi 2.

Golongan sangkragnyana, abdi dalêm mantri 1, jajar 8, jajar kêmit bumi 2.

— 115 —

Golongan brajanala, abdi dalêm panèwu 1, jajar 3.

Golongan miji, mantri 1, jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan pinilih, abdi dalêm mantri 1, jajar 2, jajar kêmit bumi 1.

Golongan ngampil, abdi dalêm panèwu 1, mantri 1, jajar 2.

Golongan priyantaka, abdi dalêm lurah 1, jajar 12.

Golongan wisamarta, abdi dalêm mantri 1, jajar 3, jajar kêmit bumi 2.

Golongan panongsong, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar ngajêng 2, jajar wingking 3.

Golongan mangundara, abdi dalêm jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan mandhung, abdi dalêm jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan gandhèk, abdi dalêm panèwu 1,

— 116 —

mantri 4, lurah 5, jajar 5, jajar kêmit buji 2.

Golongan garap, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 1, pambantu 2.

Golongan kabayan, jajar 5, jajar kêmit bumi 1, jajar kêmit bumi pawatangan 1.

Abdi dalêm kaparak kiwa, têngên, punika tumrapipun ingkang bupati, mawi angsal patêdhan dalêm gadhuhan pasikon (wêdhung) wasiyat, kiwa, Kangjêng Kyai Pangarab-arab, têngên, Kangjêng Nyai Limêngan, sabên ing wulan Ruwah Jumungahipun ingkang pungkasan, pasikon wasiyat wau kasowanakên dipun jamasi wontên ing kagungan dalêm Masjid Paramasana, sarampungipun kawangsulakên kondur sumimpên wontên ing dalêm kabupatèn. Saha dêdongènganipun para sêpuh, abdi dalêm kaparak wiwit jaman kina kasêbut abdi dalêm prajurit kasarira nata tuwin prajurit sinêlir, wontênipun kêsêbut makatên bokmanawi kabêkta anggèning nama kaparak saking têmbung: pêrak (cêdhak) kados dene kasarira, lajêng dados têmbung sinêlir, saha kabêkta ing kina: kuwajibanipun kaprajuritan, [kaprajurita…]

— 117 —

[…n,] billih panjênêngan nata miyos tumêdhak botên kenging pisah têbih, saking padamêlanipun ugi majibi ngampil ampilan kaprabon upacara dalêm nata.

Pratelan Urut-urutanipun para Nata ingkang Jumênêng

  1. B. II.

Putra dalêm kakung ôngka 10 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalipatolahu ing nagari Kartasura Adiningrat (misuwuring asma Amangkurat Jawa) miyos saking garwa dalêm padmi Kangjêng Ratu Kancana, lajêng nama Kangjêng Ratu Agêng (punika putranipun Radèn Adipati Tirtakusuma Bupati Kudus) timuripun asma Radèn Mas Gusti Prabasuyasa, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, miyos dalêm taksih wontên salêbêting kadhaton Kartasura, miturut pèngêtan ing karaton, wiyosan dalêm [da…]

— 118 —

[…lêm] amarêngi ing dintên Slasa Paing tanggal kaping 26 wulan Sawal taun Alip ôngka 1635, wuku Sungsang masa kanêm, windu Sancaya utawi surya kaping 8 Dhesèmbêr 1711 wanci jam 10 siyang.

Yuswa dalêm 16 warsa, jumênêng dalêm anggêntosi kapraboning rama nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping kalih ing nagari Kartasura (misuwuring asma Ingkang Sinuhun Kombul) jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 16 wulan Bêsar taun Jimakir 1650, wuku Wugu, windu Adi, utawi surya kaping 15 Agustus 1726.

— 119 —

Pindhah dalêm dhumatêng nagari Surakarta Adiningrat (rumiyin nama dhusun Sala) dintên Rêbo Paing wanci jam 10 enjing tanggal kaping 14 wulan Sura taun Je ôngka 1670 wuku Landêp, dewa guru, uwas, wurung, taliwangke, wasesasêgara, sanggarwaringin, lakuning banyu, lambang kulawu utawi surya kaping 17 Pèbruwari 1745, masa kawolu, windu Sancaya.

Surut dalêm, malêm Akat Kaliwon wanci jam 10 dalu, angrintênakên tanggal kaping 11 wulan Sura taun Alip 1675, wuku Julungpujut, windu Adi, utawi surya kaping 20/21 Dhesèmbêr 1749. Layon kasarèkakên ing astana pajimatan Lawiyan, lajêng kapindhah kasarèkakên ing astana Imagiri.

Yuswa dalêm dumugi 40 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 24 warsa, putra dalêm kakung putri 29.

  1. B. III.

Putra dalêm kakung ôngka 5 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga [Ngala…]

— 120 —

[…ga] Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping kalih, miyos saking garwa dalêm padmi Kangjêng Ratu Mas timuripun asma Radèn Mas Gusti Suryakusuma, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, wiyosan dalêm ing dintên Sêtu Wage tanggal kaping 25 wulan Ruwah taun Be 1656, wuku Môndhasiya, windu Kunthara, utawi surya kaping 25 Pèbruwari 1732, miyos dalêm wontên ing lêbêt kadhaton Kartasura.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, yuswa 18 warsa, jumênêng anampèni pisèlèhing kaprabon rama nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping tiga, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Swarga.

Jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping 5 wulan Sura taun Alip 1675, wuku Môndhasiya, windu Adi, utawi surya kaping 15 wulan Dhesèmbêr [Dhe…]

— 121 —

[…sèmbêr] 1749.

Surut dalêm amarêngi ing dintên Jumuwah Wage siyang jam 11, tanggal kaping 25 wulan Bêsar taun Jimakir 1714, wuku Wayang, windu Adi, utawi surya kaping 26 wulan Sèptèmbêr 1788, layon kasarèkakên ing astana Imagiri.

Yuswa dalêm dumugi 58 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 39 mèh 40 warsa, putra dalêm kakung putri 46.

  1. B. IV.

Putra dalêm kakung ôngka 17 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping tiga, miyos saking garwa dalêm padmi Kangjêng Ratu Kancana, timuripun asma Radèn Mas Gusti Subadya, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, wiyosan dalêm ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 18 wulan Rabingulakir [Rabingu…]

— 122 —

[…lakir] taun Je 1694, wuku Watugunung, windu Sêngara, utawi surya kaping 2 Sèptèmbêr 1768, wontên ing lêbêt kadhaton Surakarta.

Sasurut Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping tiga, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, lajêng jumênêng anggêntosi kapraboning rama nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sakawan, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Bagus, jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Paing tanggal kaping 28 wulan Bêsar taun Jimakir ôngka 1714 wuku Kulawu, windu Adi, utawi surya kaping 29 Sèptèmbêr 1788, yuswa dalêm 20 warsa.

Surut dalêm amarêngi ing dintên malêm Sênèn Paing angrintênakên tanggal kaping 23 wulan Bêsar taun Alip ôngka 1747, wuku Mrakèh, windu Kunthara, utawi surya kaping 1 Oktobêr 1820, layon kasarèkakên ing astana Imagiri.

Yuswa dalêm dumugi 53 warsa, dados etang jumênêng [jumê…]

— 123 —

[…nêng] dalêm nata 33 warsa, putra dalêm kakung putri 56, putra dalêm kakung tiga, jumênêng nata, inggih punika Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping gangsal, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping pitu, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping wolu.

  1. B. V.

Putra dalêm kakung ôngka 1 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping sakawan, miyos saking garwa dalêm padmi, nalika taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, asma Kangjêng Ratu Adipati Anom, timuripun asma Radèn Mas Gusti Sugandi, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, wiyosan dalêm ing dintên Salasa Kliwon tanggal kaping 6

— 124 —

wulan Rabingulakir taun Dal 1711 wuku Tambir, windu Adi utawi surya kaping 13 Dhesèmbêr 1784, miyos dalêm wontên salêbêting kadhaton Surakarta.

Sasurut dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan, lajêng jumênêng anggantosi kapraboning rama nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping gangsal, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Sugih, jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Salasa Kaliwon tanggal kaping 3, wulan Sura taun Ehe ôngka 1748, wuku Tambir, windu Kunthara, utawi surya kaping 10 Oktobêr 1820. Yuswa dalêm 36 warsa.

Surut dalêm amarêngi ing dintên Jumungah Kliwon tanggal kaping 29 wulan Bêsar taun Je ôngka 1750, wuku Madhangkungan, windu Kunthara, utawi surya kaping 5 Sèptèmbêr 1823, layon kasarèkakên ing astana Imagiri.

Yuswa dalêm dumugi 40 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 3 warsa, putra dalêm kakung putri 45.

— 125 —

  1. B. VI.

Putra dalêm kakung ôngka 11 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping gangsal, miyos saking garwa ampeyan nama Radèn Ayu Sasrakusuma timuripun asma Bandara Radèn Mas Sapardan, wiyosan dalêm ing dintên Akat Wage tanggal kaping 18 wulan Sapar taun Je 1735, wuku Warigalit, windu Sancaya, utawi surya kaping 26 April 1807, miyos dalêm wontên ing dalêm kadipatèn, ingkang rama taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

Ing sasurut dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping gangsal, putra dalêm Bandara Radèn Mas Sapardan wau kajumênêngakên asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, amarêngi ing dintên Akad Wage tanggal kaping 8 wulan Sura taun Dal 1751, wuku Wuye, windu Kunthara, êlêt sadalu lajêng kajumênêngakên [kajumê…]

— 126 —

[…nêngakên] anggêntosi kapraboning rama nata ingkang sampun sawarga, amarêngi ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 10 wulan Sura taun Dal 1751, wuku Wuye, windu Kunthara, utawi surya kaping 15 Sèptèmbêr 1823, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Banguntapa.

Yuswa 24 warsa jêngkar dhumatêng Ambon, amarêngi ing dintên Slasa Pon tanggal kaping 16 wulan Bêsar taun Jimawal 1757, wuku Langkir, windu Sêngara, utawi surya kaping 8 Juni 1830.

Surut dalêm ing dintên Akat Pon tanggal kaping 12 wulan Rêjêb taun Wawu 1777, wuku Môndhasiya, windu Adi, utawi surya kaping 2 Juni 1849, layon kasarèkakên ing astana Batugajah Ngambon, yuswa dalêm dumugi 43 warsa, putra dalêm kakung putri 8.

  1. B. VII.

Putra dalêm kakung ôngka 23 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan,

— 127 —

miyos saking garwa dalêm padmi ingkang anèm, asma Kangjêng Ratu Kancanawungu (punika putranipun Radèn Adipati Arya Cakradiningrat, bupati ing Pamêkasan (Madura) timuripun asma Radèn Mas Gusti Malikis Salikin, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Purobaya, miyos dalêm wontên ing kadhaton, amarêngi ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 15 wulan Sura taun Alip 1723, wuku Watugunung, windu Sêngara, utawi surya kaping 10 Mèi 1796.

Yuswa 34 warsa, jumênêng nata anggêntosi kaprabonipun pulunan dalêm, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping pitu. Misuwuring asma Ingkang Sinuhun Purbaya, jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping 22 wulan Bêsar taun Jimawal 1757, wuku Môndhasiya, windu Sêngara utawi surya kaping 14 Juni 1830.

Surut dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Ramlan taun Jimakir 1786, wuku Watugunung, windu Kunthara, utawi surya kaping 28 Juli 1858, layon kasarekakên ing astana Imagiri, [Imagi…]

— 128 —

[…ri,] yuswa dalêm dumugi 63 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 29 warsa. Putra dalêm putri kalih.

  1. B. VIII.

Putra dalêm kakung ôngka 4 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan, miyos saking garwa ampeyan nama Radèn Ayu Rantamsari (putranipun Ki Ngabèi Jayakartika nèm, wayahipun Ki Ngabèi Jayakartika dhelo, ing dhusun Janti, ingkang pêjah prang kalihan kraman Mangkubumèn H. B. I), timuripun asma Bandara Radèn Mas Kusèni, diwasanipun asma Kangjêng Pangeran Angabèi, jumênêng dalêm nata Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping nêm, kaangkat asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, jumênêng dalêm nata Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping pitu, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi amakili ngasta wêwênanging Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, dados jumênêng dalêm nata P. B. V. saha P. B. VI. saha P. B. VII. ing karaton nagari Surakarta, botên wontên ingkang kajumênêngakên Pangeran Adipati Anom. [A…]

— 129 —

[…nom.] Wiyosan dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 24 wulan Rêjêb taun Alip 1715, wuku Wuye, windu Kunthara, utawi surya kaping 20 April 1789.

Sasurut dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping pitu, jumênêng anggêntosi kapraboning rayi nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping wolu, jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 4 wulan Sawal taun Jimakir 1786 wuku Sinta, windu Kunthara, utawi surya kaping 17 Mèi 1858, yuswa dalêm 71 warsa.

Surut dalêm amarêngi malêm dintên Sêtu Wage tanggal kaping 25 wulan Jumadilakir taun Je 1790, wuku Julungwangi, windu Sêngara, utawi surya kaping 28 Dhesèmbêr 1861, layon kasarèkakên ing astana Imagiri, yuswa dalêm dumugi 75 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 4 warsa, putra dalêm putri sakawan.

— 130 —

  1. B. IX.

Putra dalêm kakung ôngka 5 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping nêm, miyos saking garwa dalêm padmi Kangjêng Ratu Êmas, akiripun lajêng asma Kangjêng Ratu Agêng (punika putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi, putra dalêm P.B. III ) timuripun asma Radèn Mas Gusti Duksina, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya, sarêng jumênêng dalêm nata, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping wolu. Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya wau kajumênêngakên asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, miyos dalêm wontên ing kadhaton, ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 7 wulan Rêjêb warsa Je 1758, wuku Galungan, windu Sêngara, utawi surya kaping 22 Dhesèmbêr 1830.

Sasurut dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping wolu, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom jumênêng nata anggêntosi ingkang eyang, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun [Si…]

— 131 —

[…nuhun] Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sanga, jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je 1790, wuku Sungsang windu Sêngara, utawi surya kaping 30 Dhesêmbêr 1861.

Surut dalêm amarêngi ing dintên Jumuwah Lêgi tanggal kaping 28 wulan Ruwah taun Je 1822, wuku Marakèh, windu Sêngara, utawi surya kaping 17 Marêt 1893, layon kasarèkakên ing astana Imagiri. Yuswa dalêm dumugi 64 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 32 warsa, putra dalêm kakung putri 58.

  1. B. X.

Putra dalêm kakung ôngka 31 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sanga, miyos saking garwa dalêm padmi Kangjêng Ratu Pakubuwana (punika putranipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping kalih Surakarta saking ingkang garwa asma Gusti Kangjêng Ratu Banara, putra dalêm putri Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping wolu) timuripun asma [a…]

— 132 —

[…sma] Radèn Mas Gusti Sayidin Malikul Kusna, dumugi yuswa dalêm 3 warsa, kajumênêngakên asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, wiyosan dalêm amarêngi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 wulan Rêjêb taun Alip 1795, wuku Wugu, windu Sancaya, utawi surya kaping 29 Nopembêr 1866. Jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je 1798, utawi surya kaping 4 Oktobêr 1869.

Krama dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, dhaub kalihan putranipun putri Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping sakawan, asma Bandara Radèn Ajêng Sumarti, amarêngi ing dintên Kêmis Pon tanggal kaping 20 wulan Bêsar taun Alip 1819, wuku Landêp, windu Sêngara, utawi surya kaping 23 Juli 1890, lajêng asma Kangjêng Ratu Adipati Anom.

Baca juga  Babad Panambangan Gubahan Pakempalan Mangkunagaran Terbit 1918

[Grafik]

Ampilan têdhak loji.

Sasurut dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sanga, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wau lajêng jumênêng anggêntosi kapraboning [kapra…]

— 133 —

[…boning] rama nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sadasa, jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 12 wulan Ramlan taun Je 1822, wuku Madhangkungan, windu Sêngara, utawi surya kaping 30 Marêt 1893. Garwa dalêm Kangjêng Ratu Adipati Anom lajêng kapatêdhan asma Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Sarêng yuswa dalêm dumugi 50 warsa, awit saking atur pirêmbagipun para nayaka dalêm saha para warganing rad nagari amrayogèkakên, sampeyan dalêm kaparênga mangun palakrama malih, kalampahan karsa dalêm mangun palakrama dhaub kalihan putra putri dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuwun Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping pitu ing Ngayogyakarta miyos saking garwa dalêm padmi Kangjêng Ratu Kancana, asma Gusti Bandara Radèn Ajêng Mursudarinah, krama dalêm amarêngi ing dintên Rêbo Wage tanggal kaping 17 Bêsar Jimawal 1845, utawi surya kaping 27 Oktobêr 1915, kapatêdhan asma Gusti Kangjêng Ratu Êmas.

Ing dintên Salasa Wage tanggal kaping 22 Jumadilakir Wawu

— 134 —

1849, utawi surya kaping 25 Marêt 1919, pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas kagungan putra miyos putri, asma Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, dewasanipun amarêngi yuswa 16 warsa, kapatêdhan asma Gusti Kangjêng Ratu Pambayun.

Ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 12 Siyam Je 1854, utawi surya kaping 17 April 1924, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kajumênêngakên litnan jendral, ing ngajêng jendral mayor, wiwit punika ngagêm sêsêbutan ingkang wicaksana.

Ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 25 Jumadilawal Je 1854, utawi surya kaping 3 Januwari 1924, pramèswari dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana seda.

Ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 12 Siyam Je 1854, utawi surya kaping 21 Januwari 1932, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan nampèni pisungsung bintang saking Kangjêng Sri Maharaja Putri Wilhèlminah nata ing Nèdêrlan, grut krèising ordhê Nèdêrlansên leyo, botên dangu sasêbutan dalêm ing têmbung Walandi kajumênêngakên zijne vorstelijke hoogheid wiwit punika ngagêm sasêbutan Ingkang Minulya, dados wêtahing sasêbutan [sa…]

— 135 —

[…sêbutan] dalêm, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan.

Surut dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi enjing wanci jam 7,25 tanggal sapisan wulan Sura taun Je, ôngka 1870, wuku Julungpujut, masa kawolu ngumur 18 dintên, windu Adi, utawi surya kaping 20 Pèbruwari 1939, layon kasarèkakên ing astana Imagiri.

Yuswa dalêm dumugi 75 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 48 warsa, putra dalêm kakung putri 44.

Sri Naluri

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping X:

Grutkrèising ordhe Nèdêrlansên Leyo, Ridêr Grutkrèis in dhê Ordhê pan Oranyê Nasao mèt dhês Wardhên, Krèis

Grootkruis der Orde van den Nederlanschen Leeuw. Ridder Grootkruis in de Orde van Oranje Nassau met de Zwaarden, Kruis van ver

— 136 —

pan pêrdhin stê pan hèt Rodhe Krèis, Grutkrèising Konênglêkê Ordhê ing nagari Kamboja. Grutkrèising Krun ordhê ing nagari Siyêm, Ridêr pan dhên twèdhên grad dhèr twèdhê klasê pan dhèn Dhêbêlên Drak, ing nagari Cina. Grutkrèis dhèr Mèkêllênburêh Sêis ordhê pan dhê Wèndhisê Krun, Grutkrèising ordhê Nisan, Iptikar ing nagari Tunis, Ridêr dhèr irstê klasê dèr Ordhê pan dhèn, Kim Kan ing nagari Anam, Grutkrèis dhèr Militèrê Ordhê pan, Onsê Irê Yesus Kristus, ing nagari Portugal, Grutkrèis

dienste van het Roode Kruis, Grootkruis der Koninklijke Orde van Cambodja, Grootkruis der Koonorde van Siam, Ridder van den tweeden graad der tweede klasse van des Dubbelen Draak van China, Grootkruis der Mecklenburgsche Huisorde van de Wendische Kroon, Grootkruis der Orde van Nichan Iftikhar van Tunis, Ridder der eerste klasse der Orde van den Khim Khanh van Annam, Grootkruis der Militaire Orde van Onzen Heere Jezus Christus van Portugal, Grootkruis van den Draak van Annam, Grootkruis der Orde van den

— 137 —

pan dhèn kèsêrlêkê ordhê pan dhèn Drak, ing nagari Anam, Grutkrèising Ordhê pan dhèn Witên, Olipan ing nagari Siyêm, grutkrèising ordhê pan leyopol II ing nagari Bèlgi. Grutê Erêtèkên mèt hèt lin dhèr uhstêklasê purpêrdhinstên saking Republik nagari Ostênrik, Grutkrèising Konênglêkê Ordhê pan dhên Sêtèr ing nagari Ansuwan, Grutkrèising Ordhê pan dhê Pulsêtèr ing nagari Swèdhên, Grutkrèising Ordhê ing nagari Itali. Gran kordhon blang obordhirês, rusdhe lordhrê dhuyadhê. Gran

Witten Olifant van Siam, Grootkruis der Orde van Leopold II van Belgie, Groote Eereteeken met het lint der hoogste klasse voor verdiensten van de Republiek Oostenrijk, Grootkruis der Koninklijke Orde van de Ster van Anjouan, Grootkruis van de Orde van de Poolster van Zweden, Grootkruis de Kroonorde van Italie, Grand Cordon blanc aux bordures rouges de l’ Orde du Jade, Grand Croix de l’ Ordre du Ouissam Alaouite, Groottofficier der Leopold Orde van Belgie, Groottofficier der Orde van Venezuela, Grossegoldene Ehrenzeichen mit dem Stern

— 138 —

krowa, dhê lordhrê, dhu owisam alaowitê. Grut opisiring ordhê leyopol ing nagari Bèlgi. grutopisiring ordhê saking nagari Phènêsuwelah. Grosêgoldhênê èrênsèigên mit dhêm sêtèrês ing nagari Ostênrik, ridêr twèdhê klas mèt dhê sêtèr dhèr ordhê pan Pêrdhinstên pan sin Migael ing nagari Bèiyêrên, ridêr twèdhê klas mèt dhê sêtèr dhe ordhê pan dhên rodhên adhêlar ing nagari Prèisên, komandhur mèt dhê sêtèr dhèr ordhê pranês Yosèp ing nagari Ostênrik, komandhur

van Oostenrijk, Ridder der tweede klasse met de Ster der Orde van verdiensten van Sint-Michael van Beieren, Ridder van de tweede klasse met de Ster der Orde van den Rooden Adelaar van Prauisen, Commandeur met de Ster der Oostenrijksche Orde van Fran-Joseph, Commandeur de eerste klasse met de Ster der Orde van Hendrik den Leeuw van Brunswijk, Commmandeur der 1ste Graad van de Dannebrogs-orde van Denemarken, Commandeur met de plaque der Orde van de Zwarte Ster van Benin, Luitenant Generaal bij de Legers van Hare Majesteit [Majest…]

— 139 —

[…eit]

irstê klasê mèt dhê sêtèr dhèr ordhê pan Èndrik dhê leyo ing nagari Brinêsswèik, komandhur dhèr irstê grat pan dhê dhanêbrohsê ordhê ing nagari Dhènêmarkên, komandhur mèt dhê plak dhèr ordhê pan dhê swartê sêtèr ing nagari Bènin, sarta litênan jendraling wadyabalanipun Kangjêng Sri Maharaja Putri ing nagari Nèdêrlan, ingkang akadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat.

de Koningin der Nederlanden, hofhoudende te Soerakarta Adiningrat.

[Grafik]

Ampilan layon.

[Grafik]

Gambar layon dalem.

Mênggah Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana wau putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 9.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 9 wau putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang [Ing…]

— 140 —

[…kang] Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 6.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 6 wau putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 5.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 5 wau putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4 wau putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 3.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 3 wau putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2.

Pratelan pramèswari dalêm nata, saha para garwa ampeyan nata bijvrouw ingkang pêputra jumênêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing karaton Surakarta.

  1. Kangjêng Ratu Kancana (pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu

— 141 —

Amangkurat Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, Kalipatollahu ingkang akadhaton nagari Kartasura Adiningrat) punika putranipun putri Radèn Adipati Tirtakusuma Kudus, lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping kalih ing Kartasura Adiningrat, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Kombul, lajêng pindhah karaton ing nagari Surakarta Adiningrat, sadèrèngipun nama dhusun Sala.

  1. Kangjêng Ratu Kancana akiripun asma Kangjêng Ratu Agêng (pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping kalih) punika putranipun putri Kangjêng Pangeran Arya Purbaya ing Kartasura, lajêng jumênêng wontên ing Lamongan, nama Kangjêng Pangeran Panêmbahan Purbaya Lamongan, dados Kangjêng Ratu Kancana wau kalihan Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun, [Sinuhu…]

— 142 —

[…n,] kaprênah ingkang rayi nak-sanak saking ingkang rama, lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping tiga, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Suwarga.

  1. Kangjêng Ratu Kancana (pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping tiga) punika putranipun Kiyai Tumênggung Wirarêja, bupati nayaka gêdhong kiwa, sumare Makamaji, sadèrèngipun nama Kiyai Ngabèi Jagaswara, mantri kaparak kiwa.

Lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sakawan, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Bagus.

  1. Kangjêng Ratu Adipati Anom (garwa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan, nalika taksih

— 143 —

jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom) punika putranipun Radèn Tumênggung Cakradiningrat, Bupati Pamêkasan Madura, (sêpuhipun angsal ganjaran sêsêbutan adipati) lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping gangsal, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Sugih.

  1. Radèn Ayu Sasrakusuma (garwa dalêm ampeyan Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping gangsal) punika putranipun Radèn Tumênggung Cakradipura, bupati karaton, lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Banguntapa.
  2. Kangjêng Ratu Kancanawungu (pramèswari dalêm ampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman [Ngabdurrahma…]

— 144 —

[…n] Sayidin Panatagama kaping sakawan) punika putranipun ingkang nèm Radèn Adipati Cakradiningrat, bupati Pamêkasan Madura, dados Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan wau ngarangulu putranipun Radèn Adipati Cakradiningrat Pamêkasan, lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping pitu, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Purbaya.

  1. Radèn Ayu Rantamsari (garwa dalêm ampeyan Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping sakawan) punika putranipun Kiyai Jayakartika nèm, dados wayahipun Kiyai Ngabèi Jayakartika dhelo ingkang sumare Janti, ingkang pêjah prang labuh nagari nalika kraman Mangkubumèn, De. 3e. Java Successie oorlog 1746-1755 pêjahipun wau katigas jangganipun. Radèn Ayu Rantamsari [Ranta…]

— 145 —

[…msari] lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping wolu, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Bèi.

  1. Kangjêng Ratu Êmas, akiripun asma Kangjêng Ratu Agêng (pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping nêm) punika putranipun putri Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi, putra dalêm P. B. III lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sanga, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Bangun Kadhaton.
  2. Kangjêng Ratu Pakubuwana (pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping sanga) punika putranipun putri Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping kalih [ka…]

— 146 —

[…lih] Surakarta saking ingkang garwa asma Gusti Kangjêng Ratu Bandara, putri dalêm P. B. VIII, lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sadasa.

  1. Radèn Ayu Mandayarêtna (garwa dalêm ampeyan Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sadasa ingkang sampun sawarga) punika putranipun Radèn Mas Panji Sumataruna, wayah Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi, putra dalêm P. B. III), lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sawêlas, ingkang jumênêng sapunika.

Para lêluhur dalêm P. B. X. saking putri ingkang urut asma Kangjêng Ratu.

Mênggah ibu dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun [Sinuhu…]

— 147 —

[…n] Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana wau asma Kangjêng Ratu Pakubuwana, pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 9.

Kangjêng Ratu Pakubuwana kaping 9 wau putranipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2 ing Surakarta, miyos saking garwa Gusti Kangjêng Ratu Bandara.

Gusti Kangjêng Ratu Bandara wau putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 8 miyos saking garwa Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Kangjêng Ratu Pakubuwana kaping 8 wau putranipun Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara Kadhiri, miyos saking garwa Gusti Kangjêng Ratu Purbanagara.

Gusti Kangjêng Ratu Purbanagara wau putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 3 miyos saking pramèswari dalêm Kangjêng Ratu Kêncana.

Kawontênan ing nagari Surakarta Adiningrat, ing salêbêtipun 200 taun, dumugi Panjênêngan Dalêm Nata Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama

— 148 —

kaping sadasa, surut. Lajêng ingkang sumilih kaprabon dalêm anggêntosi jumênêng nata putra dalêm pambajêng kakung, miyos saking garwa dalêm ampeyan Radèn Ayu Mandayarêtna, timuripun asma Bandara Radèn Mas Anantasena, diwasanipun asma Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, wiyosan dalêm ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 25 wulan Rabingulakir taun Dal ôngka 1815, wuku Warigalit, lambang kulawu, masa kapitu, windu Kunthara, utawi tanggal sapisan Pebruwari 1886.

Ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 7 wulan Mulud taun Je ôngka 1870, wuku Prangbakat masa Dhêstha (sawêlas), windu Adi, utawi surya kaping 26 April 1939, Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi kajumênêngakên asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram. Sasampunipun (ugi taksih nunggil sadintên) Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wau lajêng kajumênêngakên nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sawêlas.

— 149 —

Garwa dalêm padmi lajêng kapatêdhan asma Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Ing ngadhap punika kawontênan warni-warni.

Bab panganggèn utawi pangagêman kuluk.

Kuluk punika kagolong panganggèn utawi pangagêman kaprabon Jawi. Miturut dêdongèngan, wontênipun wiwit kala jaman ing Mataram ngantos sapriki dumugi ing nagari Surakarta.

Kuluk utawi makutha, utawi panunggul (têmbung: lalangyan) dados agêm ing panjênêngan dalêm nata. Pangeran putra dalêm nata, saha pêpatih dalêm sapangandhap dumugi jajar, tuwin ingkang sami kawênangakên, kadosta pangantèn sarta sanès-sanèsipun.

Kuluk, makutha, utawi panunggul punika wontên gangsal warni, kados ta:

Ha. Mathak, wontên gangsal warni.

  1. Mathak biru sêkar gundha (biru ênèm sangêt) agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata (winastan: panunggul. [pa…]

— 150 —

[…nunggul.]

  1. Mathak biru sêkar weweyan (biru anèm) agêmipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, Kangjêng Pangeran putra santana, saha pêpatih dalêm.
  2. Mathak sêkartêlêng (biru sêpuh) agêmipun santana dalêm riya nginggil.
  3. Mathak pêthak, tumrap priyagung bupati, sapangandhap dumugi lurah.
  4. Balibar manggis, punika mathak (pêthak utawi biru) ing lêbêt karangkêpan calumpring, kawastanan bêlibar manggil, kangge manawi jawah.

Na. Kastur, ingkang dèrèng mangrêtos mastani rondhêrhut (Rondchoed) kalanturipun makatên wau, awit mêdal sapisan kangge topi, bundêr saha kêsting sami cêmêng, wontên tigang warni.

  1. Kastur cêmêng, kagêm kanigara, agêm dalêm nata, agêmipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, kangjêng pangeran putra santana, pêpatih dalêm bupati, bupati anom, kolonel komandhan, mayor, riya ngandhap nginggil.

— 151 —

  1. Kêsting cêmêng, tumrap pangangge panèwu, mantri, lurah bêkêl, tuwin sanès-sanèsipun.
  2. Kêsting pêthak, panganggèn abdi dalêm jajar.

Ca. 1. Brêci, agêm prayagung bupati, bupati anom, abdi dalêm prajurit pangkat litnan kolonèl, mayor kaptin saha upsir, sarta panganggènipun abdi dalêm prajurit ondêr litnan sapangandhap.

Ra. 1. Kuluk dhapur tugêl sêmôngka, ingkang kadamêl baludru cêmêng, anggèn panganggènipun abdi dalêm katib.

Ka. 1. Kuluk mur, agêm priyagung bupati, bupati anom, saha panganggèn panèwu mantri, manawi sowan caos padintênan malêbêt ing karaton (minôngka mathak), manawi kangge wontên sajawining karaton kados dene kuluk cêmêng, ing sapunika sampun botên kêlampah.

Kajawi makutha kasêbut ing nginggil, taksih wontên malih panunggilanipun, inggih punika: songkok, mênggah dhapuripun songkok punika kêthon nugêl sêmôngka, kados anggèn panganggènipun abdi dalêm katib, [ka…]

— 152 —

[…tib,] namung kaot ing wingking mawi tèdhèng inggilipun ngungkuli inggiling kêthon wau, mawi bengkok, ing têngah mawi brênjulan alit radi lincip, kêthonipun mawi mangle saha tarak, kados makutha (kuluk), ingkang kadamêl baludru cêmêng utawi rondhêrhut. Wontên ingkang mawi kurenda gilig turut dondoman mangle saha tarak, tuwin têpinipun ngandhap mubêng dumugi buwênging tèdhèng, utawi dipun kanigara, tèdhèngipun ing wingking wontên ingkang dipun cêplok brudir, songkok punika dados agêm pangagêman ing panjênêngan dalêm nata, sapangandhap dumugi abdi dalêm bupati saha abdi dalêm mayor.

Nyamat, prabot rêrênggan kuluk utawi makutha.

Nyamat punika tumrap agêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom sapangandhap, pêpatih dalêm ugi sapangandhap, bakunipun ingkang kangge bêbadhenan êmas, suwasa, salaka, mamas sapanunggilanipun, wontên ingkang kaêtrapan mripat (sêsotya) barliyan, utawi intên sasaminipun, miturut sapamrayoginipun ingkang ngangge piyambak-piyambak, amung wêwangunanipun [wêwanguna…]

— 153 —

[…nipun] wontên 6 warni.

  1. Cêngkehan, awangun kados tumpêng sêmu bundêr.
  2. Tumpêngan, awangun kados tumpêng.
  3. Tajuk, adhapur kados tumpêng pêsagèn utawi bata sarimbag, radi mêthit, ing pucuk mawi sêsotya.
  4. Bandhilan mawi sêsotya, gosokan limrah, panyakoting êmbanan dhatêng sêsotya punika, ingkang nyantosani pating prênthilipun, nama mlathèn sigaran (rangkêp), nyamat utawi sêsupe ingkang mlathèn sigaran (rangkêp) lajêng wontên ingkang mastani wangun dhobêlan (dubbel).
  5. Sêkar katu, nyamating kanigara, wangunipun bundêr gèpèng, ing pinggir mawi buwêng-buwêng, kados dhapuring sêkar katu.
  6. Nyamat dhapur krun, awangun makutha karajan ing Eropah, anggèn panganggènipun abdi dalêm golongan prajurit.

Nyamat punika pangagêman ingkang kapasang sanginggiling kuluk, têngah makutha, utawi panunggul, ing têngah lêrês, saha nyamat punika dêdongenganipun katumrapakên [katu…]

— 154 —

[…mrapakên] ing kuluk utawi makuthanipun sadaya putra wayah dalêm, saha abdi dalêm ingkang sami kawênangakên ngangge, amargi nyamat atêgês: ngayom, dados putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, pêpatih dalêm, anggènipun ngagêm makutha kêdah mawi nyamat, punika kabêkta saking taksih wontên inggil-inggilanipun (têtunggulipun) ingkang angayomi (anyamadi) inggih punika ing panjênêngan dalêm nata, inggih ingkang têtêp jumênêng têtunggul, amila agêm dalêm panunggul, botên kaêtrapan mundri (nyamat).

Bab Tudhung ing Surakarta.

Tudhung, wontênipun nama tudhung, punika bokmanawi asli saking namaning kudhung (bôngsa sêmbêt) utawi sudhung, saking anaman balarak utawi godhong gêbang (dhapuripun buwêng ing ngingil lincip) miturut kamajênganing kabudayan, kabêsut santun wangun, lajêng awujud saha nama tudhung wau, miturut dêdongenganipun para sêpuh, ing kina tudhung punika wangunipun buwêng têngah bolong plong, ngajêngan mawi tèdhèng (kêlèp) ugi buwêng dumugi ngiringan kiwa têngên, saya ciyut, tuwin sanginggiling tèdhèng (mèpèt [(mèpè…]

— 155 —

[…t] ing buwêng) ngajêngan mawi adêg-adêg kados jamangan, lancip 1, 3, utawi 5, badhenipun saking anaman dêling utawi congkèng, katutup ing mori cêmêng utawi sangkêlat cêmêng (lakên) dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap (sapunika sampun botên kêlampah), tudhung wau lajêng santun wêwangunanipun dhapur kêthon jangkangan, dados panganggènipun abdi dalêm dalah para satriya luhur kathah ingkang kaparêng ngagêm, kaotipun mawi ngagêm bulu-bulu, kala suwargi Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat kaping IV (Kangjêng Agêng ing Ngendraprastha) anggènipun kaparêng ngagêm ngantos lami, saha miturut dêdongengan, Kangjêng Agêng suwargi karsa dhawuh ambangun wanguning tudhung kêthon jangkangan wau kasantunan dhapur, awangun tudhung pacul gowang, saking bludru utawi saking kastur sami dhasar cêmêng, katumrapakên dados panganggènipun abdi dalêm sadaya, amung kangjêng agêng suwargi lastari ngagêm tudhung kêthon jangkangan wau, saking dêdongenganipun kagêm pèngêtan dalêm wêkdal kagungan dalêm siti sela, pêthal saking bawah karaton dalêm Surakarta. Danguning dangu, tudhung pacul gowang kawêwahan rêrênggan, awarni cêplok dhapur topong karajan saha [sa…]

— 156 —

[…ha] pari sawuli, ing nginggil saha kiwa têngên kaapit-apit ing lintangan 1, 2, 3, 4, utawi 5, têngah mawi aksara P. B. tuwin sanginggiling kêlèp (ngandhap cêplok) mawi sênur renda (sêtorêmban), kiwa têngên mawi bênik P. B. kapasangan gobyok sêkar sêdhah, nginggil mawi bulu-bulu cêmêng. Dongènganipun ugi kagêm pèngêtan sumênenipun pamundhut (komplit) siti gadhuhanipun abdi dalêm, lajêng katungka jumênêngipun kadhaton astana ing Kutha Gêdhe, dipun iyasani (kamulyakakên) amargi anggèning mêntas kêbêsmi. Suwargi Kangjêng Agêng (pêpatih dalêm) mangagêngi (nyenapatèni) lampahing abdi dalêm sapangandhap dumugi mantri, ing Surakarta sadaya (kajawi ingkang nglêrêsi nyanggi damêl sowan caosing karaton saha nagari) sami kadhawuhan sowan dhumatêng astana Kutha Gêdhe, saha sami kadhawuhan wiwit ngangge angenggali tudhung bulu-bulu wau, mangangge prajuritan jangkêp, numpak kapal.

Danguning dangu tudhung pacul gowang bulu-bulu wau kasuwak, kantun katumrapakên dados panganggènipun abdi dalêm golongan mêthakan (mutihan) sadaya, amung bulu-bulunipun ingkang kasuwak.

— 157 —

Ing taun 1846 saha taun 1847 kaparênging karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan, sadaya kangjêng pangeran putra santana dalêm, saha abdi dalêm ing Surakarta, kêjawi abdi dalêm mêthakan (mutihan wau) sami kadhawuhan mangagêm utawi mangangge topi pètcis cêmêng saha pêthak, miturut rasukanipun, pratelan wujudipun kados ing ngandhap punika.

Topi Pètcis Cêmêng Agêm Kangjêng Pangeran Wadana Sapangandhap.

  1. Pètcis mawi blodir wiyar 5 sènti meter, nginggil mawi kur ugi blodir, kêlèp mawi plisir renda, sêtorên ban ugi renda, ngajêng mawi cêplok warni wapên karaton Surakarta, tumrap agêm kangjêng pangeran wadana.
  2. Pètcis mawi blodir wiyar 4½ sèntimètêr, nginggil mawi kur ugi blodir, kêlep mawi plisir renda, sêtorên ban ugi renda, ngajêng mawi cêplok wapên karaton Surakarta, tumrap agêm kangjêng pangeran putra dalêm.

— 158 —

  1. Pètcis mawi blodir wiyar 4 sèntimètêr. Nginggil mawi kur ugi blodir, kêlèp mawi plisir renda, sêtorên ban renda, ngajêng mawi cêplok wapên karaton Surakarta, tumrap agêm kangjêng pangeran santana.
  2. Pètcis mawi blodir wiyar 3½ sèntimètêr, nginggil mawi têpikur blodir, sêtorên banipun wacucal, ngajêng mawi cêplok wapên karaton Surakarta. Tumrap agêm dara ariya nginggil.
  3. Pètcis mawi blodir wiyar 3 sèntimètêr, nginggil mawi têpikur blodir, sêtor banipun wacucal, lajêng mawi cêplok wapên karaton Surakarta, tumrap agêm ariya ngandhap.

Mênggah ban balodir saha têpikur nginggil, wujudipun miturut balodir agêmipun rasukan piyambak-piyambak, ingkang bludiripun jêne (êmas byur) ban sapanunggilanipun wau, jêne (êmas byur). Ingkang bludiripun salaka byur, ban sapanunggilanipun salaka byur. Ingkang bludiripun silih asih, amung plisiring kêlèp saha sêtor banipun jêne (êmas byur) amung tumrap prayagung ariya ngandhap saha nginggil, kados ingkang kasêbut ôngka 4 saha 5 wau.

— 159 —

Topi Pètcis Pêthak, Agêm Kangjêng Pangeran Wadana.

Kangjêng pangeran putra dalêm, kangjêng pangeran santana dalêm, punapa dene dara arya nginggil saha ngandhap, pangagêmipun ban balodir tuwin sêtor ban sapanunggilanipun, sami kalihan ingkang tumrap pèt cêmêng, kasêbut nginggil wau.

Topi Pèt Cêmêng, Agêm Priyagung Bupati saha Bupati Anom, saha Panèwu Sapangandhap.

  1. Pètcis cêmêng mawi pasêmèn renda, wiyar 5 sènti mètêr, kêlèp mawi plisir renda, sêtor ban ugi renda, ngajêng mawi cêplok awarni topong karajan saha pari sawuli, têngah kapasangan aksara P. B. dipun dhasari cêngmêng, inggil 4 sènti mètêr, wiyar 3 ½ sènti mètêr, cêplok wau jêne êmas byur, agêm priyagung bupati.
  2. Pètcis cêmêng mawi pasêmèn renda, wiyar 4 sènti mètêr, nginggil mawi têpikur renda, sêtorên ban ugi renda, cêplok warni topong karajan saha [sa…]

— 160 —

[…ha] pari sawuli, mawi aksara P. B. dipun dhasari cêmêng, inggil 4 sènti mètêr, wiyar 3 ½ sènti mètêr, agêm priyagung bupati anom.

  1. Pètcis cêmêng pasêmèn renda, wiyar 3 ½ sènti mètêr, sêtorên ban wacucal cêmêng, cêplok topong karajan pari sawuli, têngah kapasangan aksara P.B. saking salaka dipun dhasari cêmêng, panganggènipun panèwu.
  2. Pètcis cêmêng, pasêmèn renda, wiyar 3 sènti mètêr, sêtorên ban wacucal cêmêng, cêplok topong karajan pari sawuli, sêtorên ban wacucal cêmêng, cêplok topong karajan pari sawuli, têngah cêplok aksara P. B. saking slaka, dipun dhasari cêmêng, panganggènipun mantri.
  3. Pètcis cêmêng pasêmèn renda wiyar 2 sènti mètêr, sêtorên ban wacucal cêmêng, cêplok topong karajan pari sawuli, têngah cêplok aksara P. B. slaka, dipun dhasari cêmêng, panganggènipun lurah.
  4. Pèt cêmêng pasêmèn renda, wiyar 1 sènti mètêr, sêtorên ban wacucal cêmêng, cêplok topong karajan saha pari sawuli, têngah mawi cêplok aksara [a…]

— 161 —

[…ksara] P. B. slaka, dipun dhasari cêmêng, panganggènipun bêkêl.

  1. Pètcis cêmêng, botên mawi pasêmèn, sêtorên ban wacucal cêmêng, mawi cêplok topong karajan saha pari sawuli, têngah cêplok aksara P. B. slaka, dipun dhasari cêmêng, panganggènipun jajar.

Mênggah pasêmèn, plisiripun kêlèp, kur renda ing nginggil saha sêtorên banipun sadaya wau, warninipun miturut bordiring rasukanipun piyambak-piyambak, ingkang blodiripun jêne byur, pasêmèn sapanunggilanipun wau, jêne byur, ingkang balodiripun pêthak byur, pasêmèn sapanunggilanipun wau, pêthak byur, ingkang balodiripun silihasih, pasêmènipun ugi silihasih, amung plisiring kêlèp kur renda nginggil saha sêtor banipun sami jêne.

Topi Pètcis Pêthak.

Pètcis pêthak, ban pita cêmêng, wiyar 3 sèntimètêr, kêlèp mawi plisir renda jêne, sêtorên ban ugi renda jêne, pangagêmanipun priyagung bupati, wondene tumrap pangagêmanipun priyagung bupati anom [ano…]

— 162 —

[…m] saha panganggènipun panèwu mantri sêtorên banipun renda pêthak, sami mawi cêplok dhapur topong karajan pari sawuli, têngah mawi aksara P.B. kados ingkang tumrap topi pètcis cêmêng, agêm bupati, bupati anom sami saking êmas byur, panèwu mantri sarta lurah bêkêl jajar pêthak byur, tumrap golongan pulisi cêplokipun kadamêl saking bordir gim (renda).

Bab Rasukan.

Rasukan sikêpan agêng, punika kagêm adat tatacara ing nagari dalêm ing Surakarta, cacah 4 warni, kados ing ngandhap punika:

  1. Rasukan sikêpan agêng bludru cêmêng, wungu saha biru, sapanunggilanipun, rangkêpan (bacingah) ipun kêsting sutra cêmêng, agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata, saha agêmipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

Rasukan sikêpan agêng lakên utawi bludru cêmêng sapanunggilanipun, rangkêpan (bacingah) cêmêng, ugi dados agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm.

— 163 —

Rasukan sikêpan agêng lakên cêmêng, rangkêpan (bacingah) kêsting sutra jêne, dados agêm pêpatih dalêm, abdi dalêm bupati, bupati anom.

Rasukan sikêpan agêng lakên cêmêng, rangkêpan (bacingah) kêsting sutra biru, dados panganggènipun panèwu, manawi mantri rangkêpanipun wungu, lurah: abrit, jajar pêthak (mori).

  1. Rasukan sikêpan agêng, cêmêng, mawi bordir, dados agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, abdi dalêm bupati, bupati anom, panèwu mantri. Tumrapipun abdi dalêm, ordhênas, rangkêpanipun rasukan, kêsting sutra jêne.
  2. Rasukan sikêpan agêng lakên abrit, mawi bordir, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri kaparak, saha nandhon, manawi lugas panganggèn lurah, saha jajar.
  3. Rasukan sikêpan agêng lakên ijêm, mawi bordir, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri, manawi lugas, panganggèn lurah bêkêl, [bêkê…]

— 164 —

[…l,] saha jajar sami ing kadipatèd anom. Dene rangkêpanipun (bacingah) sami kêsting jêne.

Rasukan sikêpan agêng panganggènipun abdi dalêm wau, sami mawi bênik cacah 9 iji, mawi ciri aksara: P.B. saking jêne (êmas), salaka, utawi silihasih, miturut wawênangipun ngangge piyambak-piyambak, awêwaton warnining bordiripun, angestokakên dhawuh nagari. Tuwin mawi ngagêm utawi ngangge rasukan rangkêpan (kêmejan).

Rasukan sikêpan cêkak, bludru tuwin sanès-sanèsipun dados agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata. Punapa dene taksih wontên agêm dalêm rasukan, sakèt, atelah, saha sanès-sanèsipun, kalêbêt agêm dalêm cara Walandi sapanunggilanipun, kaagêm miturut prêlunipun kaparênging karsa dalêm.

Rasukan sikêpan cêkak saking bludru utawi lakên cêmêng sasaminipun, lugas saha bordiran, dados agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, saha taksih wontên pangagêmanipun malih, rasukan sanès-sanèsipun [sa…]

— 165 —

[…nès-sanèsipun] kalêbêt rasukan cara Walandi, pangagêmipun bilih wontên dhawuh kaparênging karsa dalêm, utawi manawi sajawining wajib, namung saprayoginipun.

Rasukan, atelah, cêmêng pêthak, utawi ijêm, dados agêmipun abdi dalêm bupati, tuwin mawi kawajibakên kagungan rasukan, langênarjan, sakèt, saha sanès-sanèsipun, cêmêng utawi pêthak, kalêbêt pangagêman cara Walandi mligi pêthak, pangagêmipun bilih wontên dhawuh kaparênging karsa dalêm, utawi manawi sajawining dhawuh dalêm, amung saprayoginipun.

Rasukan, atelah cêmêng pêthak utawi ijêm, dados agêmipun abdi dalêm bupati anom, tuwin taksih kawajibakên kagungan rasukan, langênarjan, sakèt, saha sanès-sanèsipun, pangagêmipun bilih wontên dhawuh kaparênging karsa dalêm, utawi manawi sajawining dhawuh, amung saprayoginipun.

Rasukan, atelah cêmêng utawi pêthak, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu, mantri, saha lurah, manawi jajar rasukanipun cêmêng, amung bilih sajawining wajib, kenging sami ngangge rasukan atelah ijêm tuwin saprayoginipun.

— 166 —

Bab Kampuh (Dodot).

Kampuh (dodot) dêdongenganipun para sêpuh, pangagêman baku tatanan praja Jawi, wiwit kala jaman kina, tumrapipun ing nagari dalêm Surakarta, dados agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata, saha kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, abdi dalêm bupati bupati anom, tuwin dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri, sapangandhap dumugi jajar.

Mênggah kawontênanipun kampuh (dodot) pratelanipun kados ing ngandhap punika:

  1. Kampuh mawi blênggèn, sêratan, (bathik) ing têngah mawi blumbangan pêthak sapanunggilanipun, utawi blumbanganipun têbokan sutra, cindhe, plangi, utawi sanès-sanèsipun, dados agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata saha kangjêng pangeran putra dalêm, pêpatih dalêm, bilih dintên agêng.
  2. Kampuh mawi blênggèn, sêratan (bathik) latarpêthak lar agêng (gêsang) dados agêmipun priyagung bupati, bupati anom, sasaminipun.

— 167 —

  1. Kampuh mawi blênggèn, sêratan (bathik) rèjèng latarpêthak, dados agêmipun priyagung mayor sapanunggilanipun, saha priyagung bupati anèm gawe gandhèk.
  2. Dodot botên mawi blênggèn, sêratan (bathik) sêmèn latarcêmêng, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap dumugi jajar.
  3. Dodot sêratan (bathik) padhas gêmpal mawi modang, dados panganggènipun abdi dalêm mantri saragêni saha lurah, jajar dodotipun botên mawi modang.
  4. Dodot sêratan (bathik) modang ompak sidamukti, mawi kêmadha, dados panganggènipun abdi dalêm mantri sangkraknyana, jajar dodotipun botên mawi kêmadha.
  5. Dodot sêratan (bathik) kumitir, ompak sidaluhur latarpêthak, dados panganggènipun abdi dalêm mantri kanoman, saha lurah, jajar dodotipun botên mawi kêmadha.
  6. Dodot lurik pêrkutut manggung, dados panganggènipun abdi dalêm priyataka.

— 168 —

  1. Dodot sêratan (bathik) pêndêlêgan, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri, saha lurah ordhênas.
  2. Dodot sêratan (bathik) tambal, dados panganggènipun abdi dalêm carik, golongan ing sanawilapa.
  3. Dodot kurasi, dados panganggènipun abdi dalêm, gajahmati.
  4. Dodot sêratan (bathik) rèjèng, dados panganggènipun abdi dalêm, panèwu mantri gandhèk sapangandhap.
  5. Dodot sêratan (bathik) jambêlang latarpêthak, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri kadipatèn anom, sapangandhap dumugi jajar.
  6. Dodot sêratan (bathik) ayam pugêr latarpêthak, dados panganggènipun abdi dalêm golongan yogaswara, saha juru suranata.
  7. Dodot sêratan (bathik) slobog latarpêthak, dados panganggènipun abdi dalêm niyaga, manawi dintên agêng abdi dalêm kridhastama [kridhasta…]

— 169 —

[…ma] (badhut) dodotipun sindur.

  1. Dodot sêratan (bathik) wora-wari rumpuk latarpêthak, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri (wadana, saha asistèn wadana) pangrèh praja, sapangandhap.

Kampuh (dodot) punika sinjang 2 iji, panjang sami, 4 kacu, kadamêl saking montên (mori) kasêrat (kabathik) punapa ingkang dipun pikajêngakên, wiwit ngengrengan, têrusan, nembok, mêdêl, lajêng ngumbah (girah) bironi, nyoga, blorot, rampung nama babaran sinjang. Ingkang panjang 4 kacu, nama dodot, salirang (sampun kenging kangge dodotan èstri) bilih sampun kagandhèng kalih dados satunggal, nama kampuh (dodot) satangkêp, lajêng kenging kangge dodotan kakung, utawi èstri.

Mênggah panjang cêlaking kampuh wontên tigang warni: 1. salirang, 4 kacu, satangkêpipun 8 kacu. 2. salirang, 3 7/4 kacu, satangkêpipun 7 ½ kacu. 3. salirang, 3 ½ kacu, satangkêpipun 7 kacu, wontên ugi kampuh ing têngahipun kadekekan jêjêlan, panjang saha warni sami kalihan kampuhipun, wiyar ¼, 1/3,

— 170 —

utawi sapalihipun wiyaring kampuh salirang. Wontênipun makatên, amung kangge nyèplêsakên ukuran agêng aliting pasariranipun ingkang ngagêm.

Kampuh (dodot) wontên ingkang lugas, wontên ingkang blênggèn, manawi kaagêm priyagung luhur, kasêbut: basahan. Wujudipun basahan utawi kampuhan, wontên pêperanganipun nama piyambak-piyambak, kados ta:

  1. Pidakan, pojoking kampuh ingkang kering ngajêngan, perangan ngandhap, amung agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata botên mawi pidakan, kêpuh tundha tiga (cêkak) nama karêm kandhêm.
  2. Cincingan, sèrèting kampuh wingking kapara nêngên, perangan ngandhap.
  3. Samparan, sèrèt kampuh kering kapara ngajêng perangan ngandhap, wiron sangking cêthik.
  4. Pêngasih pojoking kampuh sisihanipun pidakan (perangan ngandhap) manggèn salêbêting kêpuh.
  5. Kêpuh, wiron ngajêng mangandhap dumugi ngandhaping jêngku (nglêbêt karangkêpan kampuh uruting pêngasih wau).
  6. Gandhik, punika pinggiraning kêpuh ingkang kanan mangandhap [ma…]

— 171 —

[…ngandhap] ngèncèng (têrusanipun pidakan).

  1. Sasaban, ing cêthikan mangandhap.
  2. Kunca, pojoking kampuh perangan nginggil, wingking lêrês, (iring kiwa mawi blênggèn), kunca punika warni sakawan I. Umbaran, II. Sampir malêbêt (katêkuk manêngên lajêng minggah sumampir wangkingan saking têngên mangiwa ngalèwèr mangandhap wontên ing wingking), III. Sampir mêdal, katêkuk manêngên minggah sumampir wangkingan saking kiwa manêngên, ngalèwèr mangandhap wontên wingking radi nêngên, IV. Bêkuk kunca (wontên ugi ingkang mastani kêpuh) tumrap priyagung bupati sapangandhap.
  3. Paningsêtan, dados tutuping èpèk saha sabuk ukup.
  4. Tangsul pêsikon (wêdhung) manggèn sanginggil cêthik kering, punika pojoking kampuh sisihanipun pucuking kunca.
  5. Dlimas, tutup padharan sangandhaping prêmbayun, ing ngandhap lambaran paningsêtan.
  6. Mudal, dudutaning cincingan ing pêngkêran, mingip sanginggil paningsêtan, dados atêr pangagêm [pangagê…]

— 172 —

[…m] wangkingan (dhuwung).

Basahan, utawi kampuhan (dodotan) punika wontên tata ngadatipun ingkang dados kasusilan, baku paugêranipun: cincingan wingking, lajêng kapratelakakên ing ngandhap punika:

Cincingan.

  1. Agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata, dumugi sanginggilipun têngahing wêntis, panjang watawis 20 sènti.
  2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, mangandhap sakêdhik kintên-kintên, panjang 22 sènti.
  3. Agêm kangjêng pangeran putra dalêm, dumugi têngahipun wêntis panjangipun watawis 24 sènti.
  4. Agêm kangjêng pangeran santana, mangandhap sakêdhik, kintên-kintên panjang 26 sènti.
  5. Agêm santana dalêm arya, mangandhap sakêdhik, panjangipun watawis 28 sènti.
  6. Agêm pêpatih dalêm, dumugi têngahing wêntis, panjang watawis 24 sènti.
  7. Agêm priyagung bupati, dumugi sanginggiling jêngku, panjangipun watawis 37 sènti.

— 173 —

  1. Agêm priyagung bupati anom, dumugi lêrêsing jêngku, panjangipun watawis 40 sènti.
  2. Anggèn panèwu mantri, dumugi ngandhap dhêngkul sakêdhik, panjang watawis 43 sènti.
  3. Anggèn rôngga, dêmang, dumugi ngandhap dhêngkul, panjang watawis 46 sènti.
  4. Anggèn lurah, dumugi têngahing kempol, panjang watawis 49 sènti.
  5. Anggèn abdi dalêm jajar, dumugi ngandhapipun têngahing kempol, panjang watawis 52 sènti.

Wondene kampuhan punika, kêdah mawi pirantos ingkang baku 3 warni. 1. Tangsul lawe tamparan utawi sêtut, prêlu kaangge nangsuli panatanipun pambêkuking kunca, 2. Ukup, wangunipun kados bara cacah kêkalih wiyar sami kalihan èpèk, panjang watawis 26 sènti. Pamasangipun wontên wingking tumumpang kunca, kapara kanan sakêdhik, ukup wau karan sabuk ukup, amargi gandhèng kalihan sabuk ingkang wiyaripun ugi namung saêpèk, kangge nyabukakên ing padharan. 3. Timang utawi cathokan, sami saèpèkipun, kangge nimangi sabuking ukup wau, sami tumumpang ing paningsêtan kampuh. [ka…]

— 174 —

[…mpuh.] Tuwin lajêng katutup pinggiraning paningsêtan kampuh, ananging kajawi pirantos tigang warni wau, wontên ugi ingkang kaparêng ngagêm utawi ngangge sêtagèn, katumrapakên ing nglêbêt, makatên wau gumantung kaparêngipun piyambak-pyambak.

Bab Calana.

Calana punika saruwal panjang dumugi polok (bangsaning lancingan (kathok) ingkang kadamêl cindhe sêkar, sutra, dringin mawi bênang mas, saha sanès-sanèsipun, sami gubêg, dados pirantos pangagêman dalêm nata bilih basahan, tuwin agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, abdi dalêm bupati, saha bupati anom ingkang sêsêbutan arya, sasaminipun, ugi kenging clana gubêg (botên mawi sorot) manawi bupati anom ingkang botên sêsêbutan arya, manawi kampuhan, pangagêmanipun calana cindhe mawi sorot, kajawi abdi dalêm bupati anom gandhèk, sampun kakengingakên ngagêm calana cindhe macan (gubêg), amung abdi dalêm bupati ordhênas saha abdi dalêm mayor tuwin bupati anom ing kadipatèn anom, golongan [go…]

— 175 —

[…longan] lêbêt manawi kampuhan, pangagêmanipun saruwal (lancingan) panji-panji. Wondene calana lakên abrit, cêmêng, ijêm, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri saha lurah, miturut wêwênanging pangkat panganggènipun piyambak-piyambak.

Calana mori, cêmêng, pêthak utawi abrit, dados panganggènipun abdi dalêm jajar, miturut wêwênanging pangkat panganggènipun piyambak-piyambak.

Bab Sabuk Ukup.

Sabuk ukup punika praboting pangagêman kampuhan, ingkang kadamêl moga sutra, utawi cindhe, saha sanès-sanèsipun, awujud kados èpèk, têngah mawi kaloncèr, panjang 120 sènti, wiyar 5 ½ dim, sami kalihan sabukipun cacah 2 iji, gubêg utawi mawi sorot.

Sabuk ukup gubêg, kaloncèr 3 iji, dados agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata, kaloncèr (ukup) ingkang 2 tumrap wontên ing têngah kunca pêngkêran (kalêrês bocong) koncèr ingkang 1 tumrap wontên ing ngajêng lêrês, tumumpang ing karêm kandhêm (kêpuh).

— 176 —

Sabuk ukup, ugi gubêg, kaloncèr 2, dados pangagêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, kapasang ing kunca kalêrês bocong.

Sabuk ukup, cêmêng gubêg, dados pangagêmanipun abdi dalêm bupati bupati anom ingkang sêsêbutan arya, sasaminipun, pamasangipun ugi wontên têngahing kunca radi ngèncèng nganan sakêdhik.

Sabuk ukup, warni wungu noja, sasaminipun, mawi sorot renda. Dados pangagêmanipun abdi dalêm bupati anom.

Sabuk ukup, biru mawi sorot, panganggènipun abdi dalêm panèwu.

Sabuk ukup, wungu gêndholak, mawi sorot, dados panganggènipun abdi dalêm mantri.

Sabuk ukup, warni abrit, mawi sorot, dados panganggènipun abdi dalêm lurah.

Bab Èpèk saha Timang.

Èpèk punika gandhèng kalihan timang, wiyaring èpèk watawis 5 ½ dim, panjang 1: 20 mètêr utawi amung miturut agêng aliting pasariranipun ingkang ngagêm, [nga…]

— 177 —

[…gêm,] utawi ingkang ngangge, dados pikêkah saha kêncênging paningsêtanipun kampuhan utawi nyampingan, wujudipun èpèk awarni-warni: cêmêng, abrit, ijêm, saha sanès-sanèsipun. Ingkang kadamêl wontên anaman rambut, utawi pita, bênang saye, bludru utawi wacucal tuwin sanès-sanèsipun, wontên ingkang dipun burdir ing bênang mas, wontên ingkang dipun sulam ing songa sutra utawi bênang saye, wondene timang wontên ingkang saking jêne (êmas) salaka, simping, tosan saha sanès-sanèsipun, wontên ingkang kapasangan sêsotya, mênggah wanguning timang, ulan-ulan, gandhosan, biku-biku, saha sinom tuwin sanès-sanèsipun, dados pangagêman utawi panganggèn tumrap bôngsa Jawi. Wontên ugi sasaminipun timang, inggih punika nama saha wujud cathokan, dhapur pasagèn ing têngah radi balêndhuk, pojok sakawan mawi kapingul utawi namung buwêng, bêbadhèn saking simping, dipun wêngkoni jêne suwasa utawi slaka, wontên ingkang blêg jêne sadaya, utawi salaka tuwin sanès-sanèsipun, ing têngah wontên ingkang kacêplok mawi sêsotya, cathokan punika ugi asring dados [da…]

— 178 —

[…dos] pangagêmanipun priyagung luhur Jawi, agêmipun tatacara praja ing Surakarta timang saha cathokan tuwin èpèk wau, kados ing ngandhap punika:

  1. Èpèk ingkang kaburdir, dados agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata, timang utawi cathokan saha èpèk sadaya wau, ingkang kaagêm, amung sakaparênging karsa dalêm.
  2. Èpèk ugi kabordir dados, agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm. Bilih nglêrêsi pasamuwan utawi mangagêm prajuritan, anglêrêsi pajang pasisiran,

— 179 —

(jendralan) sasaminipun, wondene timang saprayoginipun.

  1. Èpèk mawi balodir, dados agêmipun abdi dalêm bupati, bupati anom, bilih wontên pasamuwan.
  2. Èpèk baludru cêmêng utawi sanès-sanèsipun, dados agêmipun abdi dalêm bupati bupati anom, panèwu mantri, saha lurah, dumugi jajar, manawi kapacak lampah, ing nagari gadhingan, pajangan saha pasisiran, ingkang mangagêm utawi mangangge prajuritan utawi klanthungan [klanthung…]

— 180 —

[…an] sadaya wau timang kenging saprayoginipun.

  1. Èpèk wacucal cêmêng (prakêntin) saha cathokan, agêmipun abdi dalêm mayor sapangandhap, golongan prajurit.

Bab Wangkingan (Dhuwung).

Pratelan ringkês bab dhuwung kados ing ngandhap punika:

Dhuwung, punika dêdamêl tosan (wêsi), waos (waja) saha pamor, golongan pêlikan. Ingkang andamêl pandhe (êmpu), badaning dhuwung kawastanan wilahan, wontên ingkang êluk, wontên ingkang lêrês. Ing pucuk lincip, ing bongkot mawi têbokan nama: gônja utawi gônja iras, têngahing gônja kapara ngajêngan utawi têngah lêrês mawi adêg-adêg alit [ali…]

— 181 —

[…t] têrusan saking dhuwung, nama pêsi, prêlu kangge pirantos anggarani (pasang ukiran). Pamasanging ukiran mawi kadekekan lambaran anama: mêndhak, ingkang kadamêl jêne (mas), salaka utawi sanès-sanèsipun, manggèn mèpèt ing gônja. Sanginggiling mêndhak wontên ingkang dipun pasangi sêlut ugi jêne utawi salaka, saha wontên ingkang sami kapasangan sêsotya. Wilahing dhuwung mawi wadhah kajêng candhana, trêmbalo utawi timaha, tuwin kajêng sanès-sanèsipun. Wangun saha nama gayaman, tuwin nama ladrang, mawi garan nama: gandar, kapasangan pêndhok, jêne (mas), suwasa, salaka saha sanès-sanèsipun.

Dhuwung warôngka ladrang saha gayaman, punika panganggèn ingkang sampun kêlimrah kangge bôngsa Jawi, tumrapipun ing karaton dalêm Surakarta, kagêmipun tatacara praja, dados agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata saha agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, tuwin pêpatih dalêm, punapa dene abdi dalêm bupati, bupati anom, utawi dados panganggènipun abdi dalêm panèwu, mantri, lurah sapangandhap.

Ingkang warôngka ladrang, kaagêm utawi kangge sangkêlitan, manggèn ing pêngkêran, makatên ugi ingkang warôngka [wa…]

— 182 —

[…rôngka] gayaman. Amung manawi mangagêm utawi mangangge prajuritan, dipun rangkêp, ladrangipun kasangkêlit, gayamanipun dipun anggar, manggèn ing cêthak kering mawi cangklong kolongan (èblèk anggar), kapasang gumandhul gandhèng kalihan epeking timangan.

Manawi prajuritan alit (klanthungan), tumrap priyagung bupati bupati anom, wangkingan ingkang dipun wangking (sangkêlit) kenging gayaman, anggaripun kalintonan pasikon (wêdhung), tumrapipun abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap, klanthunganipun, kêdah mangangge sangkêlitan dhuwung ladrang, anggaripun ugi linintu wêdhung.

Manawi dintên agêng sasaminipun, sadaya abdi dalêm ingkang sami sowan, mangagêm kampuhan utawi bêbêdan, sami katamtokakên mangagêm utawi mangangge dhuwung warôngka ladrang, kajawi abdi dalêm prajurit ingkang namung kawênangakên ngangge dhuwung warôngka gayaman. Wondene abdi dalêm ingkang botên anglêrêsi nglampahi wajib, kenging saprayoginipun.

Mênggah dhuwung punika wau, kalimrahipun anggènipun mastani warni 3: kêris, dhuwung saha wangkingan.

Wangkingan agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata, saha

— 183 —

kangjêng pangeran putra santana dalêm, wontên ingkang mawi widhêng, widhêng punika manggènipun wiwit ing bongkot gandar ngajêng saha wingking warni cêrêkan lung uwi malunthêr wontên janggut tuwin badaning warôngka. Kangjêng pangeran putra santana dalêm, punika kenging ngagêm wangkingan pêndhok slorok mawi topengan, kapasang sêsotya, utawi pêndhok kêmalon abrit, wondene manawi abdi dalêm sapangandhap, ingkang dede santana dalêm, botên kenging ngangge pêndhok slorok mawi sêsotya, utawi pêndhok kêmalon abrit wau.

Bab Pasikon (Wêdhung).

Wêdhung, punika bangsaning dêdamêl (gêgaman), dongèngipun para sêpuh, ingkang kadamêl tosan (wêsi) pêthak, kalihan waja, tuwin wontên ingkang mawi pamor, ingkang andamêl pandhe, utawi êmpu, warninipun sairip kados dene klewang, pucukipun lincip ing ngandhap nginggil ramping landhêp, badanipun sasisih têmpak sasisih landhêp, ingkang landhêp têngah ambalêndhuk ngampat lajêng saya ramping, dumugi bongkot mindhak wiyar sakêdhik, panjangipun kirang langkung 27 dim, wiyar 4 dim, kandêl ½ dim,

— 184 —

ing bongkot wontên ingkang mawi gônja, utawi gônja wau radi kapara nginggil mawi karah iras, ugi wontên ingkang karah jêne (êmas), salaka, kangge ngarahi garanipun, kajêng, tayuman, candhana, utawi kumuning, wujud nêstha gangsal radi gilig, panjang watawis 6 dim, nama jêjêran, badaning wêdhung mawi warôngka kajêng candhana, trêmbalo, utawi sanès-sanèsipun, wangun anglading, ing tepongan jawi mawi cêplok keyongan kudhup turèn mas, utawi suwasa, wontên ingkang lugas. Ing sisih nglêbêt kadekekan singat (sungu) banthèng, lêmbu utawi maesa ing bongkot kapêtha sirah sawêr utawi bulus, ing jôngga kawangun sigar pênjalin, agêngipun watawis sajêmpol, saya tipis tuwin mindhak wiyar ngantos dumugi pucuk, wangun kados kèpèting ulam kutuk, wiyaripun watawis 5 dim, panjangipun anglangkungi rangkanipun, watawis 4 ½ dim, ing bongkot sacêlaking sirah mawi cawang, dhatêng ngajêng saha wingking, panjang watawis 13 dim, prêlu kangge nèmplèkakên dhatêng warôngka wêdhung manggèn sisih kanan, nama: sangkêlitan, mawi dipun tangsuli jangêt (iratan sungu) utawi êmas, salaka, suwasa, utawi pênjalin.

— 185 —

Wêdhung punika dêdamêl, andhungan, piguna saha êmpanipun kados dene bêndho (arit) dipun praboti ingkang wujud saha wangunipun dados sae, botên saru kaagêm priyagung luhur, tuwin abdi dalêm ingkang mangagêm kampuhan utawi nyampingan, wontênipun ing nagari, manawi agêm priyagung wêdhung punika kêsêbut: pasikon (kêlimrah kangge têmbung krama), bokmanawi kabêkta saking pangagêmipun manggèn sipat sikut kering wontên paningsêtaning kampuhan utawi èpèk kalêrês cêthik ugi ing kering punika. Lêrês lêpatipun kasumanggakakên para nawung kridha.

Pasikon (wêdhung) tundha-tundhanipun wontên warni 3:

  1. Pasikon ingkang suhipun 3 mawi keyongan (kudhup turèn) dados agêmipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, manawi mangagêm basahan, tuwin kenging ngagêm pasikon mawi pamor.
  2. Pasikon ingkang suhipun 4 mawi keyongan (kudhup turèn) dados agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, abdi dalêm bupati saha bupati anom.

III. Wêdhung lugas tanpa cêplok, suh 4 dados panganggènipun [pangang…]

— 186 —

[…gènipun] abdi dalêm panèwu, mantri sapangandhap, tosaning wêdhung kêdah tanpa pamor.

Pangagêm utawi panganggènipun pasikon (wêdhung) manawi mangagêm basahan, tumrapipun abdi dalêm ugi manawi kampuhan, sanajan namung bêbêdan (prajuritan kêlanthungan) utawi minggah ing kagungan dalêm sitinggil, malêbêt ing sri manganti, makatên malih ing karaton, kêdah wêdhungan, kajawi abdi dalêm priyantaka bilih sowan Kêmis sasaminipun, anglêrêsi miyosakên upacara kaprabon dalêm (botên mawi wêdhung) tuwin abdi dalêm ingkang kawajibakên nganggar dhuwung (prajuritan) saha ingkang kawajibakên nyangkêlit sabêt, inggih namung mangangge punapa têmtunipun. Makatên ugi panganggèn wêdhung punika, sanajan wontên ing jawi kados ta: ing sasana sumewa (anglêrêsi miyos dalêm tinangkil) utawi wontên ing pasanggrahan dalêm, layat dhumatêng dalêmipun priyagung luhur utawi sowan jagong, ingkang karawuhan ing panjênêngan dalêm nata, para abdi dalêm ingkang sowan layat utawi jagong wau, kêdah mangangge wêdhung.

Punapadene wêdhungipun abdi dalêm punika manawi minggah [ming…]

— 187 —

[…gah] ing sitinggil, utawi langkung ing kagungan dalêm kori brajanala, ing kamandhungan, makatên malih ing sri manganti saha karaton, botên kenging kabêkta ing rencang, utawi kaangge ingkang dede wajibipun ngangge.

Lante (lampit) kangge lênggah manawi sowan.

Lante punika bêbadhenipun saking panjalin cacing, kaongot utawi sigaran, dipun ronce waradin saha alus, wiyaripun kirang langkung 120 dim, panjang 175 dim, kawangun corak limaran utawi mênyan kobar, wontên ingkang silihasih (cêmêng sêling pêthak) dados palênggahanipun abdi dalêm, bilih sowan ing sasana sumewa. Amung manawi panjênêngan dalêm nata miyos tinangkil, wontên ing bangsal pangrawit, sadaya abdi dalêm botên kenging lênggah lante (lampit), makatên ugi manawi wontên ing sitinggil, ing sri manganti saha ing lêbêt karaton, bobên kenging lênggah lante (lampit) sanajan lampit wau namung kabêkta ing rencang, ugi botên kenging, amung lante upacara agêm ing kadipatèn anom, ingkang kenging malêbêt, ananging mawi [ma…]

— 188 —

[…wi] dipun urungi, wondene lante, kawontênanipun kados ing ngandhap punika.

  1. Lante corak limar, upacara agêmipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.
  2. Lante ugi corak limar, upacara agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm.
  3. Lante corak limar, dados upacara palênggahanipun pêpatih dalêm.
  4. Lante (lampit) corak mênyan kobar, dados upacara palênggahanipun abdi dalêm bupati, bupati anom.
  5. Lampit panjalin, silihasih, cêmêng 2 êlêr (panjalin), cêmêng pêthak gangsal êlêr panjalin, dados anggèn palênggahanipun abdi dalêm panèwu.
  6. Lampit panjalin ugi silihasih, cêmêng 2 êlêr, pêthak 3 êlêr (panjalin) dados anggèn palênggahanipun abdi dalêm mantri.

Wondene abdi dalêm lurah sapangandhap dumugi jajar, sami dèrèng kawênangakên lênggah lampit.

— 189 —

Payung = Songsong.

Mênggah babadipun payung (songsong K.I.) punika sakalangkung kina. Gambaripun sampun kacêtha wontên ing gambar ukir ing badaning (awak-awakaning) candhi, nitik wujudipun adhapur godhong wiyar, awarni godhong talês. Payung-payung ing gambar ukir wau payung tandhaning kaluhuran.

Kawontênaning payung ing sapunika, wontên warni kalih, payung ingkang kaangge sadhengah, kalihan payung tandhaning kaluhuran.

Payung tandhaning kaluhuran punika tumrap ing Surakarta warni tiga:

Ha. Payung limrah ingkang kaangge, kenging kaingkupakên sarta kaêgarakên, punika dados agêmipun panjênêngan dalêm nata, para luhur, priyagung, saha abdi dalêm dumugi ingkang pangkat lurah sarta anakipun abdi dalêm panèwu mantri. Payonipun kaprada sarta kaêcèt awarni-warni, ingkang dados tandhaning kaluhuran.

Na. Payung sungsun, kados Ha, sungsun tiga. Punika gotèkipun wontênipun payung sungsun punika [puni…]

— 190 —

[…ka] dados pangandika minôngka punaginipun salah satunggalipun panjênêngan dalêm nata, manawi mêningi supitipun putra dalêm ingkang ginadhang sumilih kêprabon, sang raja putra badhe kasongsongan songsong sungsun. Mênggah yêktining gotèk wau kasumanggakakên para maos, amargi kawarti ing Bali ugi wontên payung sungsun wau.

Ca. Payung Bawat, payonipun ing nginggil ingkang kadamêl godhong tal, sapunika namung dados kaprabon tuwin upacara kemawon. Ingkang kinanipun gotèk kangge payungan samôngsa wontên kaparêng dalêm ngrampog sima. Payung bawat wau dados upacara kaprabon dalêm, kadipatèn, kapatihan, sarta para bupati gawe.

Ra. Payung Agung, kenging kaêgar saha kaingkupakên, tritisipun anglèmbrèh, ingkang kadamêl bôngsa sêmbêt, kapulas sarta mawi tundha-tundha,

— 191 —

kasukanan gambaran guntingan grènjèng awujud buron wana. Payung agung punika dados upacara kaprabon dalêm, kadipatèn, pangeran, pêpatih dalêm sarta bupati jawi lêbêt saanon-anonipun tuwin kolonèl komandhaning prajurit dalêm. Wontên ing cêcriyosan, botên wontên ingkang nyriyosakên kanggènipun malih songsong agung punika, kajawi namung dados upacara.

Payung Limrah.

Payung limrah punika sarandunipun:

1: Dhandhan, wontên ingkang mawi sopal, tunjung, sawênèh karah.

2: Usuk.

3: Bungkul.

4: Ruji, usuk, sanggan, wontên sulamanipun bênang.

5: Bungkul sanggan.

6: Payon.

7: Tritis.

8: Sindik.

— 192 —

9: Guna.

10: Kênur.

11: Sêkarwaru.

12: Mênur.

  1. Dhandhan.

Dhandhan punika minôngka garaning payung, ingkang kadamêl kajêng utawi dêling sarta kaêcèt, dhandhan punika warni gangsal.

  1. Dhasaripun cèt cêmêng, lung kêncana praosan, mawi sopal sarta tunjung, punika agêm dalêm, para putra, tuwin pêpatih dalêm.
  2. Dhasaripun cèt cêmêng, kagambar lung pakis mawi cèt jêne, srunènipun abrit, mawi sopal sarta tunjung, dhandhan songsongipun, pangeran kolonèl, pangeran santana, Radèn Ayu Sêdhahmirah sarta para priyantun dalêm.
  3. Kados ôngka 2, kaot tanpa tunjung, dhandhan songsongipun santana dalêm.
  4. Kados ôngka 2, kaot dhasaripun ijêm, tanpa sopal sarta tunjung, namung kalintonan [kalintona…]

— 193 —

[…n] karah, dhandhan songsongipun, bupati, bupati anom, mayor, kaptin upsi.

  1. Ijêm byur, tanpa karah dhandhan payungipun abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap.
  2. Usuk.

Usukipun punika ingkang kadamêl kalimrahanipun dêling apus kairat miring, pucukipun kiwa têngên sarta têngah kabolong prêlu dipun surupi bênang, pucukipun ingkang sasisih kalêbêtakên ing bungkul, kaganthèt mawi pluntur rambut mamrih awètipun, dening rambut punika wulêd, makatên malih gandhèngipun usuk kalihan usuk sanggan, sarta manjingipun ruji sangggan dhatêng bungkul sanggan, ugi mawi pluntur rambut, amargi kalih ênggèn punika dunungipun tangsul ingkang nyanggi bot, bênang ingkang anggandhèng usuk kalihan usuk sanèsipun, saengga êrèngipun punika lawe kemawon, pluntur ing pungkasaning tritis nama trêntên.

  1. Usuk Sanggan.

Usuk sanggan punika upami balungan griya bahu dhanyangipun (trêbil) ingkang kadamêl dêling kados dene usuk, [u…]

— 194 —

[…suk,] pucukipun ingkang sasisih manjing ing bungkul sanggan, ingkang sasisih manjing ing usuk, nyôngga usuk watawis kalih pragangsalipun bagean ing nginggil, sampun kapratelakakên ing nginggil, tangsulipun ingkang ngatut mawi pluntur rambut.

Payon ingkang lêbêt kalihan pragangsal lan bagean ing sisih nginggil punika botên kenging kaêcèt utawi kapraos, amargi anggèning mayoni punika sasampuning rampung pangruktining usuk utawi ruji, awit saking punika lajêng dipun aling-alingi sulaman bênang sônga utawi lawe môncawarni, wontên ing saubêngipun ruji sanggan, ngrapêti sêla-sêlaning ruji sanggan wau, songkokipun wontên sakawan, lajêng kadamêl tundha gangsal.

  1. Ing ngandhap piyambak nama: srempangan.
  2. Ing nginggilipun nama: bogêman.
  3. Nginggilipun malih nama: kêmanggan, punika rujinipun dipun katingalakên, kapraos utawi kaêcèt.
  4. Nginggilipun malih nama: bogêman malih.
  5. Ingkang nginggil piyambak nama: langitan.

— 195 —

  1. Bungkul, sarta 5. Bungkul Sanggan.

Bungkul sarta bungkul sanggan punika ingkang kadamêl kajêng kabubud, ing têngah kabolong, tumrap bungkul kaanjingan dhandhan, dene bungkul sanggan bolonganipun kapara wiyar, logro kaanjingan dhandhan, lingiripun ingkang sasisih sami kagraji, lêtipun grajèn sakandêling usuk, lingir ingkang wêtah kabolong sarana bur utawi uncêg alit. Grajèn wau panggenan manjingipun pucuk utawi ruji.

  1. Payon.

Ing bab 5 sampun uluk-uluk bilih pangruktining ruji sampun rampung, punika sawêg kapayu, ingkang kangge amayu punika mori. Sarampungipun anèmplèkakên wiwit kaêcèt dhasar ing jawi sarta nglêbêtipun, lajêng kaêcèt sarta kapraos. Ing nglêbêt (ngandhap) manawi mawi gambar, inggih lajêng kagambar punapa lêrêsipun.

Mênggah undha-usuking payung punika ingkang baku wontên ing pulas utawi warni, tundha-tundhanipun wau makatên:

Ha. Praos.

Na. Jêne atal.

— 196 —

Ca. Pêthak.

Ra. Ijêm.

Ka. Biru.

Da. Abrit (abrit jingga).

Ta. Cêmêng.

Sa. Abrit kêthèl.

Praos ingkang dumunung ing nginggil, punika nama sèrèt. Dene ingkang dumunung ing têngah nama kêndhit. Kêndhit punika langkung ciyut tinimbang sèrèt. Wiyaripun kêndhit sarta sèrèt punika wontên tundha-tundhanipun.

Dene praos êlêr lancip mujur urut usuk punika nama sèrèt. Tumrap ing karaton dalêm sèrèt punika dados tandhaning tinarimah, nama sri nugraha.

Mênggah cètipun punika dados dhasaring pulas, ewadene manawi ciyut dumunung ing têngah inggih punika nama kêndhit.

Dhasaring pulas ing nglêbêt punika warni-warni, prada byur jêne, pêthak sarta ijêm.

[Grafik]

Para pangrèh pakêmpalan pralenan Artawandawa kaparak têngên ing Surakarta, saking kiwa manêngên botên urut ôngkanipun: 5. R.M.Ng. Purwasastra: pangarsa, 4. R.M.Ng. Dirjaduta: panitra I, 6. M. Ardasastra: Panitra II, 3. Rd. Yanaudara: Artaka I, 7. R.Ng. Jayakartika: Artaka II, 1. M.L. Bayapramuka, 2. R.M.Ng. Jayamartana, 8. Rd. Sarasugita, 9. Kms. Wiryaprajaka: sami panitya.

Gêgambaran utawi pulasan ing lêbêt:

Ha. 1 Pinggiran argulo sapêthik. 2 Pinggiran argulo sadhompol.

— 197 —

3 Pinggiran lung argulo.

Na. Paksi dewata.

Ca. Modhangan.

Ra. Srunèn, ngandhap agêng nginggil alit.

Bab kawontênanipun payung punika namung kajugag samantên kemawon, amargi manawi kapratelakakên sadaya, kathahing kaca tumrap ing buku pangèngêt-èngêt punika badhe langkung saking 200 kaca, môngka jêjêripun pancèn namung 200 kaca kemawon = 200 warsa, mugi andadosakên pariksanipun para maos.

Pudyastawa.

Dhandhanggula

  1. rêrêng raras rêsminingrat Jawi | kèksi kasok manise sumunar | gumêbyar byor lir binèbèr | babare katrusthan gung | rêmpêg rampag ngrumpaka sami | sumahab ekapraya | jroning jagat sagung | manggung mênggêp sukur suka | saking sangkêp winastan nuju ri adi | Buda Paing sapta wlas ||
  2. wulan Sura warsa Je marêngi | sinangkalan kombulirèng puja | kasalira jêng pamase,

— 198 —

(1870) | wus jangkêp petangipun | kadwi atus warsa tan luwih | jumênênging nagara | Surakarta luhung | praptèng mangkya widadarja | wiwit pindhah saking Kartasura nagri | karsa dalêm sang nata ||

  1. Jêng Sinuhun Pakubuwana ping | kalih dèn ta jêngkar saking praja | kasbut pèngêtan warsa Je | ri Buda Paing nuju | ping catur wlas Sura kang sasi | muksane dwijawara | angraras sang prabu (1670) | duk samana kang pahargyan | paribasan ubêkan orêg sanagri | angkên jugrug kang arga ||
  2. saking dahat biniwadha asri | pasrèn-pasrèn sajroning nagara | angalela lir wimbane | hyang arga ngujwalanung | andipani sèsining bumi | samyayêm kaayoman | mêmayu rèh ayu | pan mangkana yèn cinôndra | nalikane pindhah dalêm sri bupati | ping kalih jêng iswara ||
  3. apuwara paraning artati | tatarane tarlèn atur puja | pajampua jumênênge | nagri Surakarta gung | raharjaa salami-lami | tyas ayêm têntrêm samya | pra kawula sagung | myang wadu wandawa nata | sanityasa mangsah mêsu budya wêning | wit dening

— 199 —

kaprabawan ||

  1. wibawane kang jumênêng aji | Ingkang Sinuhun Jêng Susuhunan | Pakubuwana petange | ping sawêlas sang prabu | sumilihing rama narpati | mugyantuk parmaning Hyang | wau jêng sinuhun | kang jumênêng ping sawêlas | satata wlas asih ing pra brêtyapati | kontap kotamanira ||
  2. wemba rama dalêm jêng sri mulki | kang wus swarga satuhu minulya | kaping sadasa pamase | Pakubwana linuhung | têtêp wicaksana ing galih | kasumbagèng lyan praja | ambêg santa sadu | danane andina-dina | marma akèh pra raja kayungyun sami | kasêngsêm pawong mitra ||
  3. atur tôndha môngka cihnaning sih | warni bintang bintanging karajan | karajane dhewe-dhewe | ywan ingagêm sang prabu | mênggêp munggwing pranaja kèksi | lwir panjrahing kartika | wimbuh wimbanipun | wibawane nata tama | kang anggita ginatra atur sêsanti | mugi jêng sri narendra ||
  4. kang jumênêng ping sawêlas tuwin | pramèswari dalêm myang pra putra | dinirgakna ing yuswane | kayumanan [kayuma…]

— 200 —

[…nan] sakayun | sugêng sênggang ing sapanginggil | lulus tanpa sangsaya | prabawèng sang prabu | prabane andumipèngrat | kyèh durmala maling mêmalaning bumi | mirut miris tyasira ||

  1. karsa dalêm kang wus swarga sang sri | mangargyagêng minôngka sriyatna | nagari dalêm têtêpe | dwi atus warsa wau | karya pasar palêm linuwih | nèng lun-alun untara | tarap pipit urut | sanggyaning kang têtingalan | neka warna tuhu ebat amêpêki | sawastu ywan sarwendah ||
  2. saking dahat wasise kang kardi | pangarsane wau kang pahargyan | pasar malêm môngka paès | srining prajadi luhung | têmah tumus sotaning kapti | pra janma sanagara | tanapi lyanipun | pasisir myang mônca praja | iyêg sayuk kayungyun ayun umèksi | kahanan sri kawuryan ||

Katandhan: kumisi.

Kawêdalakên ing dintên Rêbo Paing tanggal kaping 17 wulan Sura taun Je ôngka 1870, utawi surya kaping 8 Marêt 1939.

[Grafik]

Para bêbadaning panitya kaparak têngên, ingkang angadani pangèngêt-èngêt, Jubileum Surakarta 200 taun, saking kiwa manêngên botên urut angkanipun 4. R. Ng. Prajaduta: pangarsa, 3. R.M.Ng. Jayasurwana: panitra I, 5. R.L. Hagnyaduta: panitra II, 6. Rd. Sarasugyarta: Artaka, 1. R.M.Ng. Dirjaduta, 2. R.M.Ng. Wiryabaskara, 7. K.M.S. Sarawiryana, sami panitya.

Pustaka Sri Radyalaksana yang dicetak dan diterbitkan N.V. Boedi Oetomo, Surakarta, pada tahun 1939 tak lepas dari kesalahan cetak. Analisis dan upaya koreksi atas kesalahan-kesalahan cetak itu, lengkap dengan analisis atas tafsiran yang dperlukan pernah dipublikasikan Yayasan Sastra Lestari.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here