Babad Gianti Versi Anonim Diterbitkan Tahun 1820

Babad Gianti yang kini lebih kerap ditulis Babad Giyanti adalah naskah dalam bentuk syair atau tembang macapat karya Raden Tumenggung Yasadipura, pujangga kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Hingga kini setidaknya ditemukan dalam tiga versi Babad Giyanti yang dikenal pula sebagai Serat Babad Surakarta. Satu naskah Babad Giyanti anonim yang ditulis pada tahun 1820 dan dua versi sama dengan terbitan berbeda dari N.V. Boedi Oetama tahun 1916 sampai dengan 1918 serta oleh Bale Pustaka tahun 1937 sampai dengan 1939.

Tempat usaha Anda belum tercatat di web ini? Hubungi kami di sini.

Naskah Babad Giyanti terbitan Boedi Oetama dan Bale Pustaka diawali dengan cerita tentang Susuhunan Pakubuwono II di Kartasura yang diserang pemberontak Cina. Pakubuwono II dengan dibantu Cakraningrat IV dan VOC akhirnya berhasil lolos dan memadamkan peperangan. Sebagai kompensasinya, Pakubuwono II harus menandatangani perjanjian dengan kompeni di Kraton Kartasura pada November 1723 atau tahun Ehe 1668 yang menyebutkan bahwa pemerintahannya akan selalu memihak dan bekerja sama dengan kompeni.

Sedangkan, naskah Babad Giyanti yang tidak menyebutkan penulis dan penerbit dengan jelas (anonim) diawali dengan kisah tentang keberangkatan Sunan Kabanaran ke arah timur untuk membantu perang di Surabaya dilanjutkan perang Mangkubumi, dan diakhiri dengan kisah Tumenggung Arung Binang. Diceritakan dalam babad dengan sub judul Mangkubumèn, Awit Bêdhah Madiun, Tuwin Pranaraga ini tentang Adipati Panaraga dan bupati mancanegara yang mempersiapkan pasukan di Barakal. Dilanjutkan cerita tentang Pangeran Mangkunagara, Kudanawarsa, dan Pangeran Natakusuma dalam peperangan melawan Kumpeni, sampai takluknya Madiun dan Panaraga.

Berikut ini transkrip dari naskah Babad Gianti  berbahasa dan beraksara Jawa terbitan tahun 1820:

Sêrat Babad Giyanti

Ôngka 271

— [0] —

Sêrat Babat

— [0] —

Mangkubumèn, Awit Bêdhah Madiun, Tuwin Pranaraga

— 1 —

1. Dhandanggula

  1. ya ta kunêng kang winuwus malih | wulan sapisan ing Dulkangidah | natèng Banaran budhale | angetan sêdyanipun | jangkung prange wong Surawèsthi | ngiras angrata samya | môncanagarèku | maksih nunggil taunira | prang Pajênar prang Pakalongan pan sami | salêbêting Jimawal ||
  2. balanipun pan kadya jaladri | pasanggrahan kinèn bêsmènana | sadintên wau lampahe | masanggrahan ing Jimbung | enjing budhal sawadyanèki | lir panjrahing puspita | busanèng wadyagung | kèndêl dalu masanggrahan | kalêngisan sadalu budhale enjing | ing Sokawati prapta ||
  3. wontên duta prapta tur udani | sangking Pangeran Mangkunagara | atur wuninga lampahe | inggih dèrèng acampuh | dènnya gêcak ing Pranaragi | ingkang darbe nagara | bêbitinge mêthuk | wontên margi ing Bêrangkal | jurang kali langkung angèl mriyêmnèki | kathah wontên Barangkal ||
  4. badhe menggok wontên Juranggadhing | nênggih anjog Magêtan kewala | putra paduka lampahe | nênggih ping kalihipun | wontên duta ing Surawèsthi | praptane tur wuninga | kawon yudanipun | pun Adipati Cêbolang | sampun kontal nèng Pasêdhahan angungsi | dhatêng Wiranagara ||
  5. nênggih sutanira Mas Bêrahim | Ki Barahim Surapati suta | mangkya umadêg barise | Pasuruan ginêpuk | loji Gêmbong kinêpung mangkin | lawan sakadangira | sutèng Brahim agung | dadya sang nata putusan | matêdhani uninga dhatêng kang rayi | tuwin dhatêng kang raka ||
  6. marang Kêdhu mring Pagêlèn sami | mêdal Jèbrès lampahing caraka | Tumênggung Pusparanane | lan Brajadêntanipun | kuda tigang atus lumaris | sakala kagegeran | nir kawowor sambu | gêlare natèng Banaran | nulak wangsul gêgamaning kang ajurit | Kodhanpang ngilènira ||
  7. dadya wau Rahadyan Dipati | Pringgalaya kang baris Kaleca | dhadhal budhal sabalane | marang nagari mantuk | sarwi ngungak-ungak kang baris | kang langkung sampun têlas | amung tigang atus | ngungun Radèn Pringgalaya | panarkane kang langkung barêping baris | kinira wuri kathah ||
  8. tiwas sampun ngaturi upaksi | marang Yan Indrik Johan Abraham | uprup siyaga bantune | lampahira kapêthuk | angrêrêpa radèn dipati | tuwan apura dika | kula pan anggugu | ature têlik manira | yèn lampahe Susunan Amangkubumi | badhe anikêl sêmat ||
  9. inggih badhe anggêcak mariki | wau enjing dêdamêl kalintang | pan kêkalih punggawane | turôngga tigang atus | malah langkung yèn winitawis | kantun-kantuning wuntat | têlas tan kadulu | uprup alon saurira | kula angsal sêrat kang sangking Samawis | dêlèr têlike nyata ||
  10. yèn lampahe Sunan Mangkubumi | èstu jênêngi maring bang

— 2 —

wetan | wong Surabaya yudane | wangsul mangilèn wurung | mung pangeran katri lumaris | kapatipun Pangeran | Natakusumèku | kalima Tubagus Buwang | Sultan Bantên sapuluh kang pra dipati | kang mangilèn sadaya ||

  1. sun watara dustak kang awarti | pasthi ngetan Sunan Kabanaran | uprup alon parentahe | baris Kalecanipun | pênêd bubar radèn dipati | dawêg apêpikiran | sarêng antukipun | Adipati Pringgalaya | apan tumut lajêng sapraptaning loji | manggil Puspanagara ||
  2. praptanira wau anèng loji | sira Tumênggung Puspanagara | Uprup Abraham dêlinge | bapak andika matur | inggih dhatêng sri narapati | yèn suwawi ing karsa | kadhaton puniku | pênêdipun bètèngana | alêlarèn tinêpungakên lan loji | amrih sami karêgsa ||
  3. Ki Tumênggung Puspanagara ngling | gih prayogi tuwan pan sêmbada | kula umatur ing mangke | sigra kyai tumênggung | manjing pura ngarsa nrêpati | ngaturi aturira | uprup canthèl atur | kadhaton dalêm punika | yèn marêngi badhene dipun bètèngi | jagang larèn ngubêngan ||
  4. tinêpungkên inggih lawan loji | sri narendra anurut kewala | Uprup Abraham rêmbuge | Ki Puspanagarèku | wus amêdal sangking jro puri | wangsul ing loji prapta | panggih lawan uprup | katur sang nata wus lêga | langkung suka wau kalane miyarsi | Yan Drik Johan Abraham ||
  5. badhe prabeya kang dèrèng pikir | nganti badhe asowan priyôngga | kunêng kang winuwus malèh | lampahe Sang Aprabu | Kabanaran pan lagya prapti | Sokawati têtêpnya | Murong ênggènipun | duta sangking Surabaya | apan dèrèng linilan mantuk pribadi | benjang sarêng sang nata ||
  6. duk dinangu kawonira nguni | kayaparan pratingkahing aprang | dene ta gêlis kalahe | iya kaya wong Kêdhu | Surabaya trusing prajurit | caraka Surabaya | sigra nêmbah matur | dèrèng matêng kang pirêmbag | prajangjean lawan pra santana sami | anuntên tiyang Koja ||
  7. praptanipun pakuwon Japani | kêkêsipun wong sapabarisan | prasami ical surane | wondening rêmbagipun | pun Dipati Cêbolang nênggih | lawan ingkang santana | pan têtilaripun | nguni Dipati Jangrana | gih pun Jaka Tangkêban punika taksih | ran Ngabèi Jangrana ||
  8. rêmbagipun Jangrana Ngabèi | mêngsah kêkalih sami bubuhan | Kumpni lan Madurane |Jangrana rêmbagipun | paran iki anak dipati | yèn reyang bubuhana | lan Kumpni mungsuh | yèn wontên ungguling aprang | bêdhah loji apa saisining loji | reyang dhewe duwea ||
  9. pakênira aja melak-melik | lamun reyang sira bubuhana | mungsuh lan wong Madurane | lamun [la…]

— 3 —

[…mun] pinarêng unggul | reyang jaluk nagri sapalih | ing loji sarêng mara | reyang soroh amuk | lan sanak para sadaya | aja cicing têlês wong mungsuh Kumpni | dipun anêdya pêjah ||

  1. Adipati Cêbolang tan angling | durung jawab wuwuse kang uwa | ing ayuda prajangjine | sagung prajuritipun | samya gêmpal raosing galih | dene ta ingkang uwa | Jangrana puniku | duk lare Jaka Tangkêban | sadurunge rabi wus dadi prajurit | prawira widigdaya ||
  2. mila gêmpal tyase kang prajurit | dene Jangrana Jaka Tangkêban | durung pakenak atine | sapa pangiridipun | ing ayuda manggalèng jurit | kang têtela prawira | ambêgsura nêmpuh | Jangrana Jaka Tangkêban | dadya bênthèt prajurit ing Surawèsthi | nir cakut ing ayuda ||
  3. nuntên Koja prapta anjapani | lajêng bubar baris Surabaya | sarêng Madura angsahe | lawan Kumpni mukul | wismanipun Sang Adipati | Cêbolang wus kancikan | kang pinacak sampun | tumênggung kêkalih samya | narubakên suyut wadya Surawèsthi | Cêbolang tulus ilang ||
  4. langkung ngungun wau duk miyarsi | nênggih susunan ing Kabanaran | alon wau timbalane | kalêbu tiwasipun | Si Dipati Cêbolang iki | durung tate mangun prang | atine acubluk | dunya kang durung karuhan | dèn kukuhi gawe têkaburing ati | tan wande kasor ing prang ||
  5. apa warnane nora abêcik | dene putune Jayapuspita | têka mangkono têkone | kaya bèbèt wong buruh | maring dunya têka nyêkithing | lamun trahing prawira | dunyane tan ketung | arêbut dadining karya | liwat beda petunging dagang lan jurit | sarat wani kelangan ||
  6. duta Surabaya dèn kasihi | pan samarga-marga tan kêna sah | ingandikan sabên rèrèn | gantya malih winuwus | adipati ing Pranaragi | kang baris ing Barakal | lan sakancanipun | bupati môncanagara | ingkang pisah pan amung Madiun kalih | katiga ing Caruban ||
  7. baris wontên nagrine pribadi | dene susunan ing Kabanaran | kang têdhak ngalèr barise | badhe mukul Madiun | anèng Murong barisirèki | Tumênggung Jagaraga | seba wus anungkul | lajêng kinarya pangarsa | mantonipun ing Pangran Madiun nênggih | Madiun kasêpuhan ||
  8. budhal sangking tanah Sokawati | lir ardi pawaka |masanggrahan ing Carême | wau nagri Madiun | duk miyarsa yèn pinarpêki | mring natèng Kabanaran | langkung susahipun | wong cilik gègèr busêkan | dene mêngsah balane kadi jêladri | sang natèng Kabanaran ||
  9. sami baris lun-alunirèki | kalih têngah

— 4 —

èwu kang turôngga | pinêpak sagung wadyane | nanging tyasira kuwur | angantosi ing Pranaragi | yèn mogok andhepoka | ing Madiun anut | duk lagyeca pirêmbagan | baris kosik wontên raja duta prapti | sangking natèng Banaran ||

  1. mantri anom kaparak tinuding | Puspawijaya Purwawijaya | mandhi surat panantange | wontên kuda sapuluh | datan mawi dharat satunggil | nêrak baris angidak | sarwi nguwuh-uwuh | êndi mantri kang prayoga | wong Madiun tutura gustinirèki | yèn ana duta prapta ||
  2. mantri tanaya gupuh tur paksi | patih ing Madiun kalih pisan | kang ngirit duta kalihe | wus praptèng alun-alun | wau Pangran Madiun kalih | mêthuk ing duta prapta | kalih wus atundhuk | têdhak sing kuda kang duta | ingaturan anèng pasowaning jawi | tata sami alênggah ||
  3. Pangran Madiun Sêpuh nampèni | sêratira natèng Kabanaran | duk winaos bêbukane | hèh pèngêt layang ingsun | jêng sri nata natèng Mantawis | kang kadhaton Banaran | kang surèng prang pupuh | kang sêkti kang wus pratôndha | lamun darah Panêmbahan Senapati | prawira ing ayuda ||
  4. lan dhawuha iya salam mami | mring kakang Arya Mangkunagara | lan maring siwaka kowe | kapindho lakuningsun | iya ngantêp marang sirèki | tuwin marang si kakang | Mangkunagarèku | dèn padha ujar sapisan | ujudira ingkang yêkti maring ngêndi | ajana kamôndaka ||
  5. apa kudu mopoa sirèki | nora ngimankên karaton ingwang | yèn iya pêsaja bae | dèn pasthi aja tanggung | bêcikana kuthanirèki | lêlarèn jêrokêna | nagara Madiun | tan anganggo larèn jagang | sun têkani dèn padha angungsi pati | payo sêmayan dina ||
  6. lawan padha amilang prajurit | aja ana ingkang luwih kurang | payo aprang papak bae | dêstun têmên wak ingsun | iya arêp karamas gêtih | mati ngasmarèng laga | mungsuh wong Madiun | lan sira sun wèhi murah | ya apitên tandhing wong Pajang Mantawis | lan wong môncanagara ||
  7. ya sewaka pikirên kang bêcik | kowe lan kakang Mangkunagara | karana sapisan kiye | tan kaya dhingin ingsun | iya kêna kok sêmayani | basa landhung kewala | ya sira sun turut | ing samêngko uwis nora | babar pisan wus tamat titi kang tulis | kalihe duk miyarsa ||
  8. andhêkukul sami brêbês mili | kadipundi gih puniki anak | dene asangêt dukane | kula salamènipun | inggih sami nungkul ing batin | ing punika punapa | wontên kang wêwadul | duk sang nata nglurug marang | mring Pagêlèn mring Kêdhu lajêng masisir | pintên ta lamènira ||
  9. wontên punapa ing Sokawati | kula jagongi sangking kadohan |

— 5 —

yèn kula priha rusake | abdine kang tut pungkur | yèn pinriha gêmpaling ati | ing nguni Sokawatya | ginawea rusuh | lah dawêg dipun tutuha | dene mangke kula ajrih angangsuli | langkung sumôngga karsa ||

  1. kinarsakna tinumpês kang abdi | môngsa inggih dadak ta wurunga | yèn kêni-kênia mangke | pan ajrih darbe atur | yèn sagêda inggih cumuwit | bok inggih dèn antosa | ing kantênanipun | Dipati Suradiningrat | lan kang putra Dipati Mangkunagari | pan sawêg yun-ayunan ||
  2. inggih dèrèng kantênaning jurit | asor unggul yèn sampun kantênan | sayêkti kawula age | angaturi sang prabu | botên susah pinukul jurit | lajêng angadhatona | nagari Madiun | mangkotên tan angarsakna | ingkang abdi sumôngga ing pati urip | datan kenging suminggah ||
  3. môngsa inggih gawêr awak mami | lamun inggih natèng Kabanaran | ngarsakna gêmpur tumpure | nagari ing Madiun | sampun botên umatur malih | amung kang pêjah gêsang | kang abdi Madiun | duta nata mantri mudha | sigra pamit kalih wus nitih turanggi | lan turôngga sadasa ||
  4. sêsandêran tan kawarnèng margi | praptèng Carême katur kang duta | salampah-lampahe kabèh | purwa wasananipun | botên purun ngangsuli tulis | amung atur kewala | ing caraka katur | sri bupati duk miyarsa | langkung kagyat animbali pra dipati | kanêm praptèng ayunan ||
  5. angandika alon sri bupati | marang Adipati Jayaningrat | lawan mas rôngga dhawuhe | besan kayapa iku | wong Madiun nora ngangsuli | kapriye iku rôngga | miwah pra tumênggung | mas rôngga matur tur sêmbah | kintênipun paduka nganyar-anyari | mawi ngantêpi sêrat ||
  6. pan wus lami dènnya canthèl batin | Islam ngindalah kapir ngindanas | makatên ing upamane | mila punika purun | ngolok-olok ing padukaji | gumujêng sri narendra | saha ngandikarum | iya iku bênêr sira | yèn mangkono payo budhal marêpêki | sanadyan ngantènana ||
  7. aja adoh Madiun nagari | sun makuwon ing Kincangkinandhang | sigra ngundhangi balane | enjing budhal gumuruh | Jagaraga prapta salatri | enjing anulya budhal | antara sadalu | praptane Kincangkinandhang | masanggrahan wau sira sri bupati | wadyagung pamondhokan ||
  8. ara-ara tarataban radin | lèpèn agêng wuri lan ngiringan | jêmbar rata lan sitine | angreka alun-alun | pinggir kali kalingan masjid | tampar duk salandhean | ingubêngkên sampun | amawi sêsaka papat | pan samargi-margi kang pinôngka masjid | kêkênthêng [kê…]

— 6 —

[…kênthêng] duk kewala ||

  1. iya lamun makuwon wanadri | lamun makuwon amanggih wisma | yêkti wisma masigide | suka ingkang wadyagung | murah banyu lan murah pari | tan ana kang karangla | pacangkramanipun | ing ari Sêptu watangan | pan angiras gêladhi gêlaring jurit | prang dharat prang turôngga ||
  2. kunêng sakala sri narapati | masanggrahan ing Kincangkinandhang | ingkang winurcita malèh | ingkang amêdal kidul | Adipati Mangkunagari | wus anjog Kamagêtan | bupatine suwung | kinèndêlan tigang dina | sami nungkul para mantri kathah prapti | wuwusên sang dipatya ||
  3. Suradiningrat ing Pranaragi | sakancane wong môncanagara | angalih pabarisane | ngalèr mring Kalidêmung | dene mêngsahira ngidêri | Pangran Mangkunagara | Pamagêtan rawuh | prajurit môncanagara | ginunggunga wontên salêksa turanggi | lan kathah pra dipatya ||
  4. pakuwone sawetaning kali | Kalidêmung anggabag angarang | pakumpulan bupatine | rêmbugira amêthuk | angukuh ing angantêp jurit | ature têlikira | kêdhik mêngsahipun | Pangeran Mangkunagara | nora luwih sèwu nêmatus turanggi | arang prajurit dharat ||
  5. wus rineka gêlaring ajurit | kang pinatah nèng pangawat kiwa | Ngrawa Surakusumane | Surajaya puniku | ing Kalangbrèt kanthinirèki | Ngabèi Wiramêja | lan sarêngatipun | Ngabèi Surawijaya | Ki Ngabèi Sêtrapati ing Kadhiri | dadya pangawat kanan ||
  6. Wirasaba ing Japan kinanthi | Sumayuda Japan Têpasana | miwah Patrasuta Pace | Ngêblêg Wiratmêjèku | kang dhadhani sang adipati | akanthi ing Kaduwang | lawan para sunu | ing Pranaraga akathah | pitung dasa kang sami amawat kardi | kathah mantri santana ||
  7. langkung kathah wong môncanagari | sami amêmpêng kuwanènira | lan amuwah panganggone | akathah adol sanggup | wau ingkang winuwus malih | Pangeran Adipatya | Mangkunagarèku | kang abaris Pamagêtan | duk miyarsa baris ing môncanagari | ngalèr pamêthukira ||
  8. Lèpèndêmung badhene nadhahi | ngantêp yudane môncanagara | Pangran Mangkunagarane | miyarsa sigra wau | angundhangi bala prajurit | budhal sangking Magêtan | pan arsa umagut | prange wong môncanagara | baris prapta mapag sakilèning kali | kèndêl ngantosi wuntat ||

2. Pangkur

  1. pangeran anata gêlar | kang kinarya nênggih pangawat kering | kang rayi sawadyanipun | Pangran Mangkudiningrat | pangawat kang têngên wau kang tinuduh | Tumênggung Kudanawarsa |

— 7 —

lawan sagung mantri jawi ||

  1. Pangeran Mangkunagara | andhadhani lan sawadya jro sami | saragni abang ing ngayun | panumbake prang tandang | saragnirêng maranggo panumbakipun | lan saragni polèng miwah | panumbakipun wong Bugis ||
  2. mantri jro lan kawan dasa | munggèng ngarsa pinangku tan atêbih | wus samya dulu-dinulu | baris wetan anggabag | yèn sinawang sayêkti tikêl sapuluh | akèh wong môncanagara | balane pangeran kêdhik ||
  3. wontên mantri jro satunggal | nging Walônda Ônggaima namèki | têka anandêr sumêmprung | nora nganggo parentah | wong saragni polèng kêkalih anusul | lan panumbak pêrang tandang | inggih anusul kêkalih ||
  4. dadya turôngga lêlima | kadêngangan Ônggaima rumiyin | kapriye Ônggaimèku | maring di si kaparat | apa magut padha nêngna dhingin iku | Ki Ngabèi Ônggaima | panyandêre nêrak baris ||
  5. samya dinulu kewala | ting gudandap wadya môncanagari | ting karoyag barisipun | pangeran angandika | tulungana Si Ônggaima angamuk | sigra tambur bèri giyak | prajurit anabrang kali ||
  6. barênge Ki Ônggaima | wong saragni polèng sarêng ambêdhil | Ki Ônggaima angamuk | dhadhal kang baris dhadha | kanan kering pangawate kawur-kawur | Tumênggung Kudanawarsa | sawadya nunjang ing kering ||
  7. Pangeran Mangkudiningrat | sami nunjang mantrine nunjang wani | kalulun kang baris agung | norana kang apêrang | kadi guntur syaraning bala lumayu | malêdug kadya prahara | tan ana kang tahan jurit ||
  8. pangeran gumujêng suka | ana paran mungsuh mangkene iki | ya Si Ônggaima iku | apa katon salêksa | wong lêlima anunjang wong ewon mawut | kang anusul nora uman | ing mungsuh wus padha gusis ||
  9. samya bêbujung kewala | kawuwusa wau Sang Adipati | Suradiningrat lumayu | tinunjang ing akathah | turanggane garonjal kang nunggang runtuh | tibèng siti napas kumat | kasalêpak kêmpis-kêmpis ||
  10. sangsaya kèlês ing kathah | anakira lanang tuwa pribadi | Martanagara ranipun | kèndêl ngadhêp ing rama | datan wontên kawruhan lamun puniku | Dipati Suradiningrat | dipun nyana yèn wong cilik ||
  11. sêtun mantrine kewala | dene nora nana kang ngadhêp malih | liniwatan wong lumayu | miwah wong ngungsir samya | ingkang ngalèr angetan miwah angidul | wong satus môncanagara | wong sapuluh kang ngênginthil ||
  12. kuda sèwu wong bang wetan | mung wong sèkêt [sèkê…]

— 8 —

[…t] kang bêbujung anginthil | parandene mawur-mawur | kuda pating balêsar | wong aewon alêksan kuwur katawur | malêdug saparan-paran | wau ta Sang Adipati ||

  1. Suradiningrat palastra | awit pêdhot napas tibèng turanggi | Kudanawarsa Tumênggung | panandêre kaliwat | ana tiba kalumah datanpa tatu | ingandhêgan tinakonan | sapa iki kang ngêmasi ||
  2. sumaur ingkang atêngga | gih pun bapa punika sang dipati | ing Pranaraga pukulun | kula anake tuwa | sigra wuri balanira ki tumênggung | arsa angrampog kewala | Kudanawarsa ngukuhi ||
  3. lah aja mêngkono padha | iki jago tan kêna dèn patèni | iki bapakane lampus | anake misih gêsang | ing patine kalawan karsaning ratu | sira patèni tan kêna | sayêkti katura urip ||
  4. Tumênggung Kudanawarsa | gya putusan nolèh sira dèn aglis | Jayasimpangan dèn gupuh | sira tura wuninga | marang kangjêng pangeran yèn iki lampus | Dipati Suradiningrat | mati tiba tanpa kanin ||
  5. awit napas kang salêpak | kang nunggoni anake lanang siji | Martamanggala kang sêpuh | mangke maksih tinêngga | inggih dhatêng ing pun kaki sawongipun | Tumênggung Kudanawarsa | Jayasimpangan dènnyaglis ||
  6. anyamêthi kudanira | nandêr mamprung tan adangu praptaglis | ing gène pangeran tundhuk | matur Jayasimpangan | lamun Adipati Pranaraga lampus | botên kaprawasa ing prang | pêjahipun tanpa kanin ||
  7. sigra wau duk miyarsa | Pangran Mangkunagara anyamêthi | turôngga sawadyanipun | mantri ing jro kalawan | mantri patang puluh panandêre rawuh | gène pêjah ki dipatya | pangeran angandikaris ||
  8. hèh kaki Kudanawarsa | nora tatu Suradiningrat iki | êndi anake kang tunggu | ing bapa duk palastra | Ki Tumênggung Kudanawarsa umatur | inggih kang sêpuh punika | Martamênggala namèki ||
  9. kuda sinaoskên ngarsa | pan pun kaki punika dèn titihi | wau kalane umagut | kore ran pun pêsaja | wus pinundhut pangeran angandikarum | lah iya Kudanawarsa | Si Martamênggala iki ||
  10. gawanên dhingin mring kutha | dimèk aja rungak wong Pranaragi | yèn anak tuwa wus nungkul | lan uwis tinarima | dimèn têtêp wong cilik ajana kuwur | lawan Si Martamanggala | konên angumpulkên aglis ||
  11. iya saduwèke padha | bapakane ajana ingkang kari | lawan sawong dalêmipun | sêlir miwah [mi…]

— 9 —

[…wah] padhaya | gya Tumênggung Kudanawarsa wotsantun | anggawa Martamênggala | lajêng mring kitha rumiyin ||

  1. ing wuri sigra pangeran | kinèn mocok utamôngga dipati | wus kapocok murdanipun | lawan kang kalanangan | kinèn nigas dene iki pêli ngamuk | nora anganggo ukara | tinigas jalêran aglis ||
  2. wus dangu ing pêjahira | kang jalêran wus kèris mêdal gêtih | kang angiris sami ngungun | kang kaprah wong wus pêjah | dèn kapakna nora mêtu gêtihipun | katur pangeran ngandika | mati nguntal upas iki ||
  3. lah cangkême cêngakêna | lêbokna kang kalanangan sapalih | nuli ingkêmêna iku | angêmut kalanangan | wadhahana kukusan gawanên gupuh | barisan Kincangkinandhang | aturêna ing ramaji ||
  4. mantri Magêtan milua | têkakêna iya ing dina enjing | pan iki wus pukul têlu | bêngi alêlakua | lah cangkingên luhur kuda sirah iku | wong akèh padha gêntia | amrih kêbat ing lumaris ||
  5. caraka tur sêmbah mêsat | dalu-dalu datan kèndêl lumaris | datan wuwusên ing ênu | prapta sakidul Kincang | sarêng ngêbyar kèndêl jawi baris agung | angantos wiyosing nata | pangluware brôngta kingkin ||

3. Asmaradana

  1. enjinge sri narapati | miyos tarub pasanggrahan | siniwi wadyanirandhèr | punggawa mantri prameya | aglaring ngarsanira | wontên kang atêngga pintu | anjawil dhatêng mas rôngga ||
  2. lamun caraka kang prapti | sangking nagri Pranaraga | Pangran Mangkunagarane | mas rôngga mêdal sakala | lêbête ngirit duta | kalawan mustakanipun | Adipati Pranaraga ||
  3. mas rôngga matur wotsari | putra paduka putusan | pan sampun unggul jurite | bêdhah nagri Pranaraga | bupatine katigas | punika mustakanipun | katura jêng padukendra ||
  4. sigra mèsêm ngandikaris | sang nata têdhak nêm tindak | mara ungkabana age | pan ingsun arsa wuninga | mring Si Suradiningrat | apa warnane ing lampus | sigra majêng pra dipatya ||
  5. Tumênggung Janapurèki | mas rôngga lan Sindusastra | Jayèngrana sakawane | ingkang ngungkabi mustaka | jumênêng sri narendra | duk binuka sirahipun | lathi ngêmut kalanangan ||
  6. anjumbul kawan bupati | gumujêng latah sang nata | prasamya guguk gujênge | nyata yèn bocah ngalunyat | iya Si Adipatya | Mangkunagara satuhu | sadaya kang sami seba ||
  7. samya sinungan udani | gumujêng ambata rêbah | ambal-ambalan gujênge | sirah Dipati Pônraga | angêmut kalanganan | carakanira dinangu | tingkah solahing ayuda ||
  8. katur miwiti mêkasi |

— 10 —

sang nata suka miyarsa | hèh duta milua age | matura ing gustènira | besuk tan wurung ingwang | maring Pranaraga iku | caraka tur sêmbah mêsat ||

  1. sang nata sigra ngundhangi | ing bala badhe budhalan | ing dalu tan kawiraos | enjing atêngara budhal | sangking Kincangkinandhang | manjing nagari Madiun | wus suwung bupatinira ||
  2. nanging sampun balang tulis | wong Madiun mring mas rôngga | mila tinilar prajane | wau lampahe sang nata | tan adangu praptanya | manjing nagari Madiun | sri narendra saha bala ||
  3. masanggrahan wetan kali | tan arsa angênggènana | ing wismane bupatine | wismaning mantri kewala | prapta pukul sawêlas | pukul lima praptanipun | sebane bupatènira ||
  4. sang nata siniwèng dasih | punggawa mantrinira glar | prajurit sumiwi kabèh | Mas Rôngga Wirasêntika | Dipati Jayaningrat | ngirit bupati kang nungkul | ing Madiun kalih pisan ||
  5. prapta ing ngarsa nrêpati | sang nata gupuh ngandika | si kakang salamêt bae | iya kang Mangkunagara | si adhi Martalaya | ngabêktia marang ingsun | mangsah gantya kalih pisan ||
  6. sang nata ngandika aris | marang wau ingkang putra | Pangeran Dipati Anom | kulup mara ngabêktia | karo marang wakira | pangran adipati gupuh | bêkti nguwa kalih pisan ||
  7. sang nata ngandika malih | ipeningsun ingkang pêjah | siji ika bagus dhewe | jênat si adhi sudarma | ladak kaya lanyapan | si adhi sewaka iku | asombro angulasawa ||
  8. kakang Mangkunagarèki | duk anome kaya Boma | wis tuwa têka mangkene | dadak kaya Ôngganaya | gumêr kang pra dipatya | kang pinoyok milu guguk | Madiun Mangkunagara ||
  9. sang nata ngandika malih | kakang dika ngalih nama | sampun jumbuh lan namane | lan si kulup putra dika | ingkang tuwa ngalaha | hèh dika kakang jêjuluk | Pangeran Mangkudipura ||
  10. hèh sakèhe pra dipati | kabèh padha ngèstrènana | sami sandika ature | sang nata malih ngandika | kakang andika dandan | lan adhi Martalayèku | sun gawa mring Pranaraga ||
  11. ingsun budhal benjing enjing | kakang maring Pranaraga | sun arsa wêruh untabe | wadya Madiun sadaya | prajurit kang turôngga | jêngkar makuwon sang prabu | wadya sami pamondhokan ||
  12. ing dalu datan kawarni | enjang sang nata têngara | gong bèri tambur lan bêndhe | gumuruh syaraning bala | miranti sowang-sowang | ngrasuk busana sang prabu | têdhak mijil ngara-ara ||
  13. apan akarsa udani | wau ta jêng sri narendra |

— 11 —

wadya ing Madiun kabèh | sampun sami akêkirap | aglar ing ngara-ara | ngundhangi wadya sang prabu | sagunge kawulaningwang ||

  1. mirea anganan ngering | miwah ing wuri kewala | wong Madiun ngarsa kabèh | cinacah ingkang turôngga | pan kalih èwu dhomas | dharat wontên kawan èwu | angêbêki ara-ara ||
  2. dharat kinèn misah sami | kinèn ing wuri sadaya | turôngga anglela neje | kuda kalih èwu dhomas | kinèn mubêng ping tiga | ing ngarsanira sang prabu | abayak agêgolongan ||
  3. angandika sri bupati | rôngga dene ku wus tata | ing prang tan ana bobode | mas rôngga matur tur sêmbah | pan dèrèng kalêrêsan | kang angabên ing prangipun | ing rakit sampun prayoga ||
  4. tiyang ing Pajang Mantawis | nênggih kumpule gêgaman | ngantos samantên kathahe | lawan rakitipun tata | wagêde nitih kuda | kadia tiyang Madiun | têtiyang Pajang Mantaram ||
  5. gih môngsa angsala tandhing | angandika sri narendra | wong Pajang Mantaram kiye | duk sinau nitih kuda | banjur ginawa aprang | pêparentah sang aprabu | wong Madiun rumiyina ||
  6. wadyaningsun kang nambungi | wadya ing jêro kewala | pra dipati wuri kabèh | kalawan bala Caruban | iku rongèwu dhomas | Madiun lumakyèng ngayun | kang sumambung wurinira ||
  7. wadya jro kaparak sami | kang turôngga sèwu dhomas | marwatagni busanane | punggawanira sang nata | lumampah kering kanan | kinarya rêmbêning laku | cangkrama saurut marga ||
  8. amasanggrahan sawêngi | enjinge têngara budhal | pukul sawêlas praptane | ing nagari Pranaraga | Pangran Mangkunagara | amêthuk baris sêsiyung | ngalun-alun Pranaraga ||
  9. urmat drèl sagung prajurit | kang rama wus ingaturan | nênggih lajêng angadhaton | wismane Suradiningrat | kang dadya pamondhokan | Pangran Mangkunagarèku | sawadya mingsêr angetan ||
  10. anèng kitha Kartasari | duk samana Pranaraga | kèbêkan ing wadya katong | mangkana enjing sineba | sang natèng Kabanaran | kang wadya aglar supênuh | punggawa sêntana putra ||
  11. Pangran Mangkunagarèki | angirit kang pra dipatya | wadya kang anungkul kabèh | pranakan ing Pranaraga | sinaoskên kang rama | kang wus prapta sadayèku | anake Suradiningrat ||
  12. tiga likur kang wus prapti | akathah kang dèrèng prapta | pinuhung sampun bêgjane | mung sawontêne binakta | katur ing rama nata | wus katur kang têlu likur | dinangu namane samya ||

— 12 —

  1. kang sêpuh namanirèki | Rahadèn Martamênggala | Suradipraja arine | Rahadèn Cakranagara | Radèn Ranadimêja | Radèn Purwakusumèku | Rahadèn Bratakusuma ||
  2. Rahadèn Suralayèki | lan Radèn Natadiwirya | Radèn Suradiwiryane | miwah Radèn Suradirja | Radèn Suradipura | Radèn Surawijayèku | miwah Radèn Bratadirja ||
  3. nging wau sri narapati | kang pinilih mung sakawan | anak lanang tuwa dhewe | Rahadèn Martamênggala | lan ari kang wus nama | sinungan Surabratèku | wus dadya anèng Kaduwang ||
  4. namane Surabratèki | pinaringkên kakangira | Martamênggala ing mangke | pinacak bupati tuwa | punika sinung lênggah | Pranaraga tigang èwu | kalawan jêjulukira ||
  5. radèn tumênggung namèki | Surabrata arinira | Suradipraja namane | sinung kalih èwu lênggah | lan pinacak punggawa | anama radèn tumênggung | anênggih Suradipraja ||
  6. wontên arinipun malih | kamantu maring kang paman | Radèn Natakusumane | ran Radèn Cakranagara | wus pinacak punggawa | sinungan nama tumênggung | Dyan Tumênggung Natabrata ||
  7. kalih èwu lênggah sami | kang kalih èwu lênggahnya | nênggih kang ginanjarake | mring Pangeran Pakuningrat | dene Radèn Kaduwang | têtêp kabupatènipun | amung ingalih kang nama ||
  8. Kaduwang namanirèki | Tumênggung Bratawijaya | wontên dene sakantune | kang sangang èwu kewala | pinacêkan punggawa | kang têtiga kalih èwu | kang tigang èwu satunggal ||
  9. anak kang tuwa bribadi | sinung nama Surabrata | kang tigang èwu lênggahe | ingkang kantun tigang nambang | nênggih kinèn marucah | pan antuk putra rong puluh | wong siji angarobêlah ||
  10. prasamya kinarya mantri | dene ta pakaryanira | tinunggil lawan kadange | wong rong puluh pinartiga | kang kalih ngênêm samya | ingkang satunggil wong wolu | ginadhuhan mantri kadang ||
  11. Tumênggung Surabratèki | ingkang wolu mantri kadang | prasamya agêng manahe | paranakan Pranaraga | yèn prabu miyos watang | wong Pranaraga rong puluh | kang kilèn wiwit nyandêra ||
  12. tan kêna dipun sêlani | sang nata suka umiyat | pranakan Pranaragane | abagus-bagus warata | sami wagêt turôngga | langkung sukanira dulu | ing tanaya Pranaraga ||
  13. badhene sami kinathik | ing karsanira sang nata | manawa mêtu gawene | dene wangune naracak | bagus-bagus agagah | sang nata langkung piyungyun | mulat Pranaraga suta ||

— 13 —

  1. gantya kawuwusa malih | dêlèr nagari Sêmarang | miyarsa lamun lakune | Jêng Sinuhun Kabanaran | èstu budhal mangetan | apan arsa atêtulung | yudane wong Surabaya ||
  2. gugub abantu ajurit | ing Kêdhu kinèn angrupak | mumpung sêpi nrêpatine | Sakèbêr pan Dêr Pol Kulman | kathah bêbantonira | pasisir para tumênggung | kilèn Samarang kewala ||
  3. Mayor Pèbêr senapati | pan anglarug barisira | jujug Tarayêm barise | mêngsah sami liniwatan | Sakèbêr ciptanira | tan tolih mungsuh nèng pungkur | mung nyandhaka wong Mantaram ||
  4. Ki Tumênggung Rajaniti | Tumênggung Surajênggala | enggala parêg bawahe | Pangeran Adiwijaya | gubêl sakilèn Praga | punggawa kang wontên Kêdhu | sadaya sami kawuntat ||

4. Pangkur

  1. Dipati Suryanagara | Wiradigda Môndraka kang anunggil | Pangran Natakusumèku | baris nèng Têpasaran | Ki Tumênggung Jayadirja barisipun | nèng Magora kanthinira | putra Mangkuprajan kalih ||
  2. Rahadèn Mangkuwijaya | miwah Mangkudiwirya kang anunggil | Jagalatan Singaranu | kang sami nèng Mêgora | Radèn Suryanagara sakancanipun | sami anglarag mangetan | mukul Kumpni prang Pingit ||
  3. pan Dêr Pol kalawan Kulman | Jayadirja pinukul barisnèki | arame dènira campuh | Radèn Mangkuwijaya | kêni mimis pilingane lajêng lampus | mawur kang munggèng pangawat | Tumênggung Jayadirja glis ||
  4. wontên kang atur wuninga | Radèn Mangkuwijaya angêmasi | ki tumênggung mangsah ngamuk | ngrêbat kunarpanira | nênggih Radèn Mangkuwijaya puniku | manawa sêlak tinigas | murdane marang Kumpni ||
  5. Ki Tumênggung Jayadirja | pangamuke kotbuta ngowak-awik | wus pinarêng takdiripun | duk ingêdrèl sapisan | ki tumênggung wêntisira ingkang tatu | cape tiba sangking kuda | kang pra santana ngalingi ||
  6. binayang nginggahkên kuda | ki tumênggung tan arsa nèng turanggi | sugal rêkasa amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | ingsun iki ya aja ginawa mundur | balik ingsun uworêna | lan pulunane sang aji ||
  7. Rahadèn Mangkuwijaya | dudu uwong ingsun tinggala urip | ing mêngko yèn ingsun lampus | iya sakarêpira | kunarpane Radèn Mangkuwijayèku | yèn tan karêbut ing sira | pan iya kunarpa mami ||
  8. aja kudu sira gawa | duk puniku Kumpni anututi | angêdrèli angarutug | Tumênggung Jayadirja | bisa ngadêg sakêdhap sangking

— 14 —

gêng nêpsu | pan sarwi anyandhak watang | lajêng karungkêb ngêmasi ||

  1. sêntanane kalih dasa | sami ngamuk lawan kancane mantri | Panumping wontên sapuluh | wuru pangamukira | mungsuh giwar Kumpni mati sapuluh | lan Bugis Bali pitulas | uwal sakala kang jurit ||
  2. Rahadèn Mangkuwijaya | kunarpane winowot ing turanggi | Tumênggung Jayadirjèku | kunarpa dinandanan | nulya prapta Ki Tumênggung Singaranu | kalawan Jagaulatan | magut mungsuh kang balèni ||
  3. dadya kang dandan kunarpa | angsal bangban nora angiras jurit | landheyan tumbak sapuluh | karya mikul kunarpa | tinalenan cindhe kewala têtêlu | wus têbih ing lampahira | lawan sapih kang ajurit ||
  4. pan Dar Pol kalawan Kulman | dalu-dalu sinêrot lampahnèki | praptanira têngah dalu | baris Tarayêm nulya | panggih lawan Mayor Sakèbêr turipun | yèn untung dènira aprang | antuk punggawa kêkalih ||
  5. siji punggawa satriya | Radèn Mangkuwijaya kang ngêmasi | apan pêpulunanipun | mring natèng Kabanaran | kang satunggil andêl bupati gagêdhug | Ki Tumênggung Jayadirja | prajurit ing Sokawati ||
  6. Sakèbêr sigra nênurat | dalu-dalu utusan mring Samawis | kalamun ngantia esuk | sayêkti mungsuh kathah | Adipati Suryanagara puniku | angamuk kancane pêjah | pêsthi tan olèh lumaris ||
  7. enjang Singaranu lawan | Jagalatan sami atur upaksi | marang senapatinipun | kang baris Têpasaran | Adipati Suryanagara angrungu | tiwas Tumênggung Jadirja | Radèn Mangkuwijayèki ||
  8. langkung ngungun saha kurda | sigra nitir têngara sang dipati | Suryanagara umagut | gitik baris mênggora | sigra budhal wontên dasih kang umatur | Kumpni samênangira | sami lorot tinggal baris ||
  9. angumpul Tarayêm samya | kadi taha ing sampeyan puniki | manawi enjinge ngamuk | wau sang adipatya | duk miyarsa menggok ngetan barisipun | baris Kumpni kang ana | ing Pingit arsa ginitik ||
  10. lan Tumênggung Mangkuyuda | duk miyarsa ingkang baris ing Pingit | Kumpni mungsuhnya rawuh | Radèn Suryanagara | sigra nambur wus rakit lajêng acampuh | Dipati Suryanagara | ngamuk lan sawadyanèki ||
  11. kuwur Kumpni anggiwar | kapalajar wangsul Bahrawa malih | Radèn Suryanagarèku | ngêbroki barisira | anèng Pingit pan arsa mangkat angidul | Tarayêm arsa ginêcak | kancane [kanca…]

— 15 —

[…ne] kang pra dipati ||

  1. sami gendholi sadaya | luwung inggih kèndêla ki dipati | awrat Sakèbêr puniku | lan malihe sampeyan | dèrèng atur uninga dhatêng sang prabu | kang wontên ing Pranaraga | kalih pêjah ing ajurit ||
  2. pêjahe raka paduka | sami-sami bupati gêng pribadi | inggih sintên timbangipun | Rôngga Wirasêntika | Jayadirja katri paduka pukulun | sami andêling ayuda | gêgêdhuging pra dipati ||
  3. Dipati Suryanagara | pirêmbagan lan sagung pra dipati | yèn mangkatên dawêg mundur | wangsul mring Têpasaran | pan ing ngriki adhakan margining mungsuh | bêbanton sangking Samarang | wus rêmbag budhal kang baris ||
  4. wangsul sakilèn Paraga | Têpasaran pabarisane lami | amikir ingkang ingutus | dhatêng ing Pranaraga | sarat ingkang milu prang bilih dinangu | kancane mantri têtiga | Panumping ingkang tinuding ||
  5. srat dadya sigra lumampah | kunêng wau gantya ingkang winarni | Sakèbêr carakanipun | wus praptèng ing Sêmarang | surat katur mring Yan Baron pan Undurup | prange pan Dar Pol lan Kulman | antuk punggawa kêkalih ||
  6. satunggil Mangkuwijaya | lan Tumênggung Jayadirja kang kêni | dêlèr suka marasipun | sukane ingkang manah | Jayadirja bupati andêl gêgêdhug | marase bok winangsulan | dene andêle ngêmasi ||
  7. dadya dêlèr karya gêlar | angundhangi bala kang pra dipati | pasisir sami akumpul | budhal arsa magut prang | ingkang marang Pranaraga kang jinujul | karyalok ing kalairan | batin aja dèn balèni ||
  8. ing patine Jayadirja | dene andêl bupati tur kêkasih | mila rewa-rewa jujul | kèndêl anèng Barangkal | karya surat lawan angrukti kêkintun | lawan arsa ngaturêna | bupati kabandhang nguni ||
  9. Tumênggung Jayawinata | duk prang Lengkong iku kacandhak urip | mring Sakèbêr ingkang antuk | wus lami nèng Samarang | kang dinuta nênggih Pangran Adilangu | akathah kêkintunira | sangkêlat baludru karbin ||
  10. lan kursi kang sakêmbaran | wus winêngkas wau Pangeran Wijil | kinanthèn pêpatihipun | Adipati Samarang | Dêmang Surayuda kang ajaga jagul | idêlèr wêwêlingira | kathah mring Pangeran Wijil ||
  11. wus mangkat sangking Barangkal | ngidul ngetan ing Warung kang dèn jogi | wontên kuda têlung puluh | dharate pitung dasa | tan kawarna ing marga praptèng Madiun | suwêng lajêng lampahira | mring nagari Pranaragi ||
  12. anjujug Pangeran Rôngga |

— 16 —

Ngadilangu pondhok salèring masjid | kang rayi lajêng rinangkul | angling pangeran rôngga | dika adhi marang idêlèr ingutus | mangke lamun mari sayah | kula apituduh margi ||

  1. kula gawani kongkonan | dika jujug Jayaprameya adhi | lurah mantri jro puniku | lajêng katur ing lampah | pasthi enjing pun adhi ing lêbêtipun | Pangeran Mangkunagara | kang angirit ngusap wèni ||

5. Sinom

  1. sawusira mari sayah | sinunggata wusnya bukti | dhatêng Kamangkunagaran | caraka dêlèr Samawis | sapraptanira panggih | Pangran Wijil Ngadilangu | pangeran angandika | inggih paman benjing enjing | kula bêkta sowan ing raka paduka ||
  2. sampun tanggêl ing punika | paman anjujuga enjing | inggih pasowan kewala | wus pamit makuwon malih | pangeran tur upaksi | duta idlèr praptanipun | kang rayi kang dinuta | Ngadilangu Pangran Wijil | ingundhangan wadyagung enjing pêpêkan ||
  3. manggihi caraka prapta | kang sangking upnur Sêmawis | ing dalu tan winurcita | enjinge aglar kang nangkil | sagung mantri bupati | sami ngandikan lumêbu | sang nata têdhak marang | pandhapa manggihi tami | kerit marang Pangeran Mangkunagara ||
  4. sapraptanira ngajêngan | asru ngandika sang aji | adhi ing ngriki kewala | dawêg sêsalaman adhi | dika minggah ing nginggil | Pangran Wijil nêmbah maju | sawusnya sêsalaman | cinandhak astanirèki | sampun mundur adhi ing ngriki kewala ||
  5. binakta lênggah satata | ya ta wau Pangran Wijil | sigra ngaturakên surat | kang sangking dêlèr Sêmawis | tinampan tinupèksi | bêbuka tur tabenipun | ingkang akathah-kathah | katura ing padukaji | wiyosipun pun dêlèr nyuwun apura ||
  6. sakathahing kalêpatan | pratingkah kang wus kawingking | mantuka inggih duk dadya | tuwan paduka rumiyin | kula ambêbakali | ing tuwan amrih pakantuk | dhatêng raka paduka | syargi jêng sri narapati | tuwin dhatêng komasaris sami uga ||
  7. sampun sami kalampahan | sudara dipun paringi | tigang èwu Sokawatya | nuntên wontên kang nyêlani | praptane jendral nguni | pun Wilêm Baron pan emut | kêni ing wêwadulan | kula tinambuh prakawis | tuwan drêmi têgêse tibèng kawula ||
  8. nging wontên atur kawula | sudara kirang yèktèni | tan angantos tur kawula | mangke jendral sampun mati | Jakup Musêl kang dadi | têlase sataunipun | tampine kang pangwasa | ing mangke kula aturi | ngantukêna kapênêdan kina-kina ||

— 17 —

  1. suwawi apêpikiran | mrih mulyaning bumi-bumi | yèn tuwan maksih ngarsakna | ing karsa kadi puniki | risaking tanah Jawi | sayêkti kabanjur-banjur | sintên ingkang kelangan | liya paduka lan malih | putra tuwan sang prabu ing Surakarta ||
  2. Kumpni darmi kewala | panêdha kawula mangkin | sudara mugi èngêta | yèn katêmpah tanah Jawi | mangkya sêpuh pribadi | lawan kaping kalihipun | nguni punggawa tuwan | Tumênggung Jawinatèki | duk prang Lengkong ingkang akacandhak gêsang ||
  3. pun Sakèbêr ingkang angsal | ingaturkên ing Samawis | Tumênggung Jayawinata | pan inggih kula pênêdi | botên manggih pisakit | manggih kabaikan agung | ing mangke pan katura | dhatêng ing paduka malih | abdi dalêm Tumênggung Jayawinata ||
  4. lawan sagunging pratôndha | sih-sinihan sami-sami | tan supe salaminira | wus cinacah kang pakirim | kathah awarni-warni | tinampan sadayanipun | Jawinata ngandikan | sapraptanira ngabêkti | ngaraspada ginagujêng warnènira ||
  5. dene sampun malih warna | kadi paranakan Bugis | mundur ngujung ing Pangeran | Dipati Mangkunagari | nulya mring bapanèki | bapakira sênggruk-sênggruk | Dipati Jayaningrat | ngandika sri narapati | Jawinata karasan anèng Sêmarang ||
  6. sang nata alon ngandika | marang ing Pangeran Wijil | adhi kang muni ing layang | idêlèr arsa apanggih | liwat kangên ing mami | sun undhanga mring Madiun | iya nurut kewala | sanadyan mring Pranaragi | sakarsèngsun adhi anurut kewala ||
  7. nanging adhi kayaparan | iya awak ingsun iki | lagyewuh ana amônca | nora kolur ing tyas mami | ya pirabara benjing | yèn misih padha rahayu | sayêkti wèh wangsulan | nanging dika wruha adhi | salawase si dêlèr iku rumôngsa ||
  8. yèn ingsun nêdya alawas | nèng tanah môncanagari | sayêktine ingsun undang | rèhning sun tan nêdya lami | yèn wus sampurnèng jurit | mulih mring Mataram ingsun | Tumênggung Sindusastra | wus kinèn akarya tulis | angsul-angsul kang sangking dêlèr Samarang ||
  9. Pangran Wijil tigang dina | kalawan ing tigang latri | kalangkung sinungga-sungga | nèng nagari Pranaragi | sêrate ingangsuli | paring sapi têlung puluh | pêdhète kang sadasa | lan susuh salawe kati | patang pikul kang warni dhèndhèng manjangan ||
  10. lawan turôngga satunggal | wêton Magêtan gêng inggil | ulês dhawuk megantara | wus pamit Pangeran Wijil | kang srat wus dèn tampani | angsul-angsulan pakintun | enjing mangkat Pangeran | Ngadilangu

— 18 —

wus apamit | tanggal pisan Bêsar sangking Pranaraga ||

  1. saungkurira caraka | prapta ingkang pra dipati | bang wetan sumiwèng nata | Kalangbrèt Kartasanèki | Nganjuk Pace Ngrawèki | Sarêngat Balitaripun | ing Japan Wirasaba | miwah Bupati Kadhiri | samya jujug Pangeran Mangkunagara ||
  2. sinebakakên sadaya | sagunging kang pra dipati | sadaya wus tinarima | dinangu kapalanèki | ginunggung sadayèki | pan salêksa kalih èwu | lan satus pitung dasa | ingkang dhinapur prajurit | pan kajawi kuda kang dadi wowotan ||
  3. nata nimbali bunira | kang anèng ing Sokawati | praptane antuk rong dina | nuntên garêbêgan nênggih | Bêsar langkung gêngnèki | barising garêbêgipun | sang nata adhadharan | miyos ing paseban jawi | animbali santana bupati putra ||
  4. bakdaning garêbêg Bêsar | sang nata anarimani | sakawan kang pra dipatya | Pangeran Madiun nênggih | pinaringan kang bibi | ratu mamênang puniku | malih kang pinaringan | Sêtrapati ing Kadhiri | Rêtnawati kang kinarya têtariman ||
  5. kalawan ingalih nama | Sêtrapati ing Kadhiri | Ki Tumênggung Katawêngan | ing Rawa Kartayudèki | pinaring Selawati | ing Sarêngat bok kapundhung | sampun sami aningkah | Ratu Mamênang wus panggih | lan Pangeran Madiun Mangkudipura ||
  6. duk sêmana langkung arja | nagari ing Pranaragi | kanggenan natèng Banaran | siniwi ing pra dipati | sagung môncanagari | mangkana ingkang winuwus | Pangran Mangkunagara | ngaturkên jarahanèki | satilare Dipati Suradiningrat ||
  7. sawêg prapta ingutusan | sangking pangilèning wukir | barana miwah boyongan | badhaya sarancak sami | kalih ambêbakali | ingkang wus dadi salajur | katur marang kang rama | pangeran ngêndhak kêkalih | èndhèl lawan pambatak ingkang dèn êndhak ||
  8. pambatah ingkang dèn êndhak | anama Ismayawati | mari onêng èndhèlira | kang rama pan ragi runtik | iya tataning ngêndi | wong kinongkon têka rusuh | dèn ajak ngrata jagad | têtêkone nora bêcik | karangsangan kaya ambêg wong urakan ||
  9. wong kinon bêdhah nagara | apa saisine nênggih | sayêkti katur sadaya | lamun ana dèn sênêngi | ekral barang kinapti | môngsa ta dadaka luput | mêngkono ingkang jamak | nora murang tata titi | sanênasak amurang nagara krama ||

— 19 —

  1. wus pinundhut kalih pisan | èstu duka kang ramaji | pangeran langkung matêbah | kang rayi ingkang tinuding | aturna ing ramaji | tan kudu kanggonan ingsun | ngong tohi karingêt rah | ambêdhah ing Pranaragi | nora katon samene sariraningwang ||
  2. nuli plêg tan purun sowan | ing Sêptu lan Sênèn Kêmis | sang nata tan angandika | maksih miyos Sênèn Kêmis | dèrèng nyana sang aji | yèn kang putra rêntêngipun | tan ana tur wuninga | yèn kang putra agêng brangti | duk miyarsa sangking pawèstrèn sang nata ||
  3. ingkang putra tinimbalan | ratu bandara wus prapti | ing ngarsanira kang rama | ngandika sri narapati | iya kangmasmu iki | têka nora seba mutung | lah iya sumakeyan | prajurit prawirèng bumi | têtêkone kaya wis angrata Jawa ||
  4. kang putra matur tur sêmbah | putra tuwan sangêt kingkin | yèn dalu tan antuk nendra | siyang datan antuk bukti | kang rama ngandikaris | wong ugungan kumalungkung | kaya wong nora kalah | karosan padhaning janmi | dene anggung kapalayu bukakrakan ||
  5. yèn ajanoa kang tuwa | môngsa gagapa basuki | mati pinênthung wong desa | wong mono yèn duwe pikir | kang kaprah lawan janmi | kaya putra Nabi Dawut | iya gawanên rara | èndhèl iku kang sawiji | ingkang putra antuke kalangkung suka ||
  6. praptaning pakuwonira | èndhèle katur satunggil | wontên lêgane kang manah | Pangran Mangkunagarèki | pêndhak enjinge malih | anujoni dina Saptu | mêtu ing pawatangan | sarwi ambêkta Walandi | Ônggadrêma milu watang gêgundhulan ||
  7. ngangge badhong agêgêlang | wong anyandêr dèn tumbaki | gumuyu kang sami mulat | kang rama runtik ing batin | dudu panggonanèki | pawatangan lalalucu | nanging sinamun netya | winawas datan katawis | runtikipun awor wuruning asmara ||

6. Asmaradana

  1. bubare watangan sami | bupati kabèh ngandikan | santana putra sakèhe | sang nata lajêng busana | angiras pagunêman | ingkang putra ngandikan rum | hèh kulup Mangkunagara ||
  2. aprakara laku iki | sira sun tuduh muliha | maring Pajang Mantarame | nging mêtua Garobogan | si dêlèr nèng Barangkal | manawa banjur angidul | kulup sira adhangana ||
  3. bupati môncanagari | saparo sira gawoa | têtêlu Pranaragane | Surabrata Natabrata | katri Suradipraja |

— 20 —

Pranaraga milu ringsun | mung si adhi Pakuningrat ||

  1. Madiun kang milu mami | si kakang Mangkudipura | si adhi Martalayane | iku kang milu mring sira | Kaduwang Kamagêtan | Jagaraga lan ing Warung | ing Sêsela ing Balora ||
  2. jabakna nagara siji | Grobogan dadi wong Pajang | pamanmu Pugêr lungguhe | si Warung lan ing Sêsela | nagari loro iya | pamanmu Pugêr yèn jaluk | têka sira lilakêna ||
  3. dadi mung pitung bupati | têtêpe kang sira gawa | Pranaraga têlu dhewe | kapat Madiun kanoman | Magêtan Jagaraga | Balora kapitonipun | ing Kaduwang sèjèkêna ||
  4. sijiku nunggal abaris | kalawan pangarêpira | aja pisah sadinane | kang putra matur sandika | tan sagêd ngangsulana | kang rama parentahipun | kalangkung sangking prayoga ||
  5. dinangu prajuritnèki | ingkang sami kêkapalan | liya prajurit dharate | bupati pitu punika | cinacah kang turôngga | tigang èwu gangsal atus | lan pitung dasa sakawan ||
  6. kawan èwu dharatnèki | sang nata malih ngandika | dene kang milu maringong | si Caruban Kartasana | Pace Kalangbrèt Ngrawa | Sarêngat Balitaripun | Porong Ngantang lan ing Japan ||
  7. Wirasaba lan Kadhiri | dene ta kulup si Jipang | iku ora milu ringong | milu maring sira nora | wus sun karya ganjaran | kang dadi pawitanipun | pamanira Singasêkar ||
  8. sêlang gumuningsun iki | pamanira Prabu Jaka | duwe pawitan sêmono | wong wolung èwu si Jipang | nora bisa anglembak | muthag-muthêg ngalor ngidul | abêr têmêning ayuda ||
  9. mas rôngga nambung wotsari | pukulun rayi paduka | wingi prapta utusane | yèn sampun bêdhah ing Tuban | kalawan ing Nglamongan | badhe aggêcak Sidayu | dêdamêle wus lumampah ||
  10. Pangran Mangkunagarèki | nambungi maring mas rôngga | paman rôngga satêmêne | iku katut dening sira | dudu ingkang kaskaya | dhewe paman Singasantun | katut opyak ing akathah ||
  11. padha ngrungu yèn kiyai | pinarak môncanagara | wong pasisir padha gègèr | lamun aja mêngkonoa | môngsa bisoa mêlar | pira lawase ta iku | duk kyai nèng Kabanaran ||
  12. norantuk sawah sakikil | muthag-muthêg nora obah | nèng nagari Jipang bae | wus katon antêpe kurang | paman Suryanagara | tobat akanthia iku | lamun prakara ing aprang ||
  13. minyak-minyik mung anglirik |

— 21 —

lamun dulu wêwadonan | gumêr punggawa gujênge | wus dadi ingkang pirêmbag | parentahe kang rama | anjoga ing Cêngkalsèwu | Ngrawa Pathi Kudus Dêmak ||

  1. wetaning Lasêm sirèki | aja milu-milu ngolah | ya karêpe bubohane | pamanira Singasêkar | kang abot Surabaya | iku kang ngawaki ingsun | jajal wong môncanagara ||
  2. wus matêng ingkang prajangji | bubaran ingkang bujana | pêndhak enjing kawiraos | Pangeran Mangkunagara | lan sagung pra dipatya | siyaga wus pamitipun | ngujung kang para dipatya ||
  3. budhal sangking Pranaragi | sarêng pitu likur Bêsar | kadya hèrnawa balane | wontên gangsal èwu kuda | dharat tanpa wilangan | anèng marga tigang dalu | rêrêp tanah Jagaraga ||
  4. ing wuri budhal sang aji | tanggal pisan sasi Sura | sampun salin ing taun Je | liman sapta ngrasa tunggal |pinetang sangkalannya | sampun prapta ing Madiun | masanggrahan kawan dina ||
  5. Pangran Mangkunagarèki | budhal sangking Jagaraga | sadalu margi lampahe | praptanira Garobogan | panggih Sang Adipatya | Pugêr sami amêmangun | ing pikir ecaning lampah ||
  6. dènira arsa masisir | Pangeran Mangkunagara | ingambêngan katanggêle | mangsaning jawah punika | luwung benjang kewala | yèn mêndha kang jawah wangsul | samangke luwung ngidula ||
  7. anjampangi ing Matawis | kônca bupati punika | kang wontên Kêdhu Pagêlèn | sami sinupit ing mêngsah | dêlèr anèng Barangkal | saantuke matah bantu | mring Kêdhu Pagêlèn samya ||
  8. tan adangu dungkap prapti | dutane Suryanagara | maring pangeran jujuge | lampahe atur wuninga | tiwas kasambut ing prang | Tumênggung Jayadirjèku | lan Radèn Mangkuwijaya ||
  9. Dipati Pugêr miyarsi | anjêtung astapirolah | Pangran Mangkunagarane | wurung dènnya arsa dhahar | kapingungun sadaya | pangeran andikanipun | dèn age sira banjura ||
  10. dutane paman Dipati | Suryanagara nusula | mumpung kyai durung adoh | manawa kasêlak ngetan | gêcak ing Surabaya | Adipati Pugêr matur | ing Pangran Mangkunagara ||
  11. lidok tur kawula inggih | yèn paduka tan nuntêna | yêkti katiwasan gêdhe | pêjahe pun Jayadirja | sêmpal baune kiwa | rama paduka sang prabu | punapa dene sampeyan ||
  12. caraka lajêng lumaris | Pangeran Mangkunagara | bêktani mantrine roro | angirit carakanira | Radèn Suryanagara | lajênga [la…]

— 22 —

[…jênga] dhatêng Madiun | ing wuri dadoskên rêmbag ||

  1. Pangran Mangkunagarèki | kondura dhatêng Mataram | Dipati Pugêr badhene | marentahakên wong desa | kinèn karya rêratan | karya lok maring wong dhusun | lamun natèng Kabanaran ||
  2. wurung marang Surawèsthi | lampahe anikêl sêmat | anjog ing Dêmak badhene | akarsa gêcak Samarang | ngadu prajurit anyar | Pangran Mangkunagara wus | budhal sangking Garobogan ||
  3. angidul ngilèn lumaris | anjog dhusun ing Gagatan | kalangkung rêsah balane | samarga-marga ngrêrayah | wong Sima wong Tênawas | nulya kang para tumênggung | kang têngga ing tanah Pajang ||
  4. wus sami miyarsa warti | lamun gègère wong desa | wong bang lèr angili kabèh | prasami kumpul gêgaman | arsa mêthuk pangeran | anuwun parentahipun | ing Pangran Mangkunagara ||
  5. Brajadênta Brajamusthi | Tumênggung Surawijaya | miwah Suradigdayane | lawan Suramangunjaya | Tumênggung Dipadirja | sakidul Sima kapêthuk | kang pra dipati sadaya ||
  6. kumrubut sami ngabêkti | wusnya tata sami lênggah | pangeran sru timbalane | kabèh sanak pra dipatya | padha apêpuliha | patine kancanirèku | paman Tumênggung Jadirja ||
  7. iya loji Bayalali | iku apa nora kêna | iya kinarubut ngakèh | ature kang pra dipatya | anggèr kalangkung gawat | akathah mariyêmipun | botên kenging ginagampang ||
  8. Pangran Mangkunagara ngling | payo padha pêpikiran | sun mondhok ing ngarêp kono | sigra sarêng bêbudhalan | kèndêl ing pasanggrahan | parentah ing pra tumênggung | sami kinèn angrampida ||
  9. nacak loji Bayalali | binanton môncanagara | bupati kapitu kabèh | tigang èwu kêkapalan | bupati tanah Pajang | kumpul wontên kuda sèwu | wadyagung grêgut sarkara ||

7. Dhandanggula

  1. kang kinarya panganjuring jurit | nênggih Tumênggung Surawijaya | Tumênggung Dipadirjane | prapta surak gumuruh | wetan loji sakidul loji | miwah lèr baris gabag | mung kang kilèn suwung | prajurit môncanagara | pêksa nêmpuh mariyêm sadaya muni | akèh turôngga kêna ||
  2. samya giwar wong môncanagari | pan angetan sami ingadhangan | mantri jêro jêjênênge | sakawan ngajak wangsul | wangsul ngilèn kang pra dipati | amor Bupati Pajang | anggênggêng ngêndhanu | bantu sangking Surakarta | prapta dalu Kapitan Tolong tinuding | lan Alpèrès Salija ||
  3. kalih atus ingkang Bugis Bali |

— 23 —

Jawa tindhih mas Surakartika | sami mêdali kêkèdhèr | nglêlèdhèk tangkêpipun | upêsir kang sami turanggi | lan para mantri Jawa | wontên kuda satus | arame dènira aprang | yèn binujung panggiware nganan ngering | mariyêm loji munya ||

  1. kadi guntur wantu-wantu muni | panggiware tan ana kang tahan | kang lèr sangêt pangangsêge | pinetar kawu kawur | ingkang wetan angangsêg malih | dèn mariyêmi bubar | gumrubyug angêlun | dènira aprang sadina | tanpa wêkas pukul lima mundur sami | pra dipati sadaya ||
  2. lajêng sowan ing ngarsanirèki | Pangran Dipati Mangkunagara | gumujêng myarsa ature | ingkang para tumênggung | lan ature mantri jro sami | kang jênêngi ngayuda | sangsaya angguguk | wis datan kêna pinaksa | bêbèdhungên wong desane kanan kering | ya padha rusakana ||
  3. pan sadalu gunêm pra dipati | enjing pangeran sigra têngara | angidul ngetan budhale | sagung kang pra tumênggung | kinèn wangsul barise sami | Pangran Mangkunagara | wus anjog ing Sanggung | sadalu enjinge budhal | sapraptane Barija mung tigang latri | lajêng dhatêng Mataram ||
  4. kunêng wau carakanirèki | nênggih Dipati Suryanagara | ing Madiun duk praptane | katur marang sang prabu | wus binuka suratirèki | lagya antuk satêngah | sang nata anjêtung | animbali pra dipatya | para mantri tuwin sagunging prajurit | prapta glar ngarsa nata ||
  5. surat kinèn amaosa malih | marang Ki Tumênggung Sindusastra | wus prapta watês tibane | patine Ki Tumênggung | Jayadirja sagung miyarsi | gumêr pangungunira | kadyamin puniku | amine sidhêkah Ruwah | pangungune wong kathah wijiling lathi | nata dhawuh kang waspa ||
  6. langkung rêntêng tyasira nrêpati | kadya wangsula ngilèn cinipta | sampun kaliwat rêmbuge | dènnyarsa atatêmu | lawan têdhak ing Surapati | sêmados sri narendra | benjang praptanipun | ing nagari Kartasana | sawêg sami ngumpulkên sakadangnèki | ingkang wontên Lumajang ||
  7. kalangkung ruwêt sri narapati | datan antuk anadhah anendra | barusah bubrah galihe | katon sasolahipun | Ki Tumênggung Jayadirjèki | rewang duk abêbakal | wimbuh ing tyas kambuh | lami tan kêna sinaba | sidhêkahe para kaji kinèn ngaji | ing sapandhuwurira ||
  8. sampun lami mèh kapiran budi | wontên caraka sangking bang wetan | Adipati Cêbolange | kang

— 24 —

ngirit praptanipun | anak putu ing Surapati | ing Kadhiri wus prapta | cacahe nak putu | kang mungêl sajroning layang | pitung dasa putunira Surapati | kang mêdal anak gangsal ||

  1. ing samangke ingkang ambaboni | anak Barahim Wiranagara | anak Lêmbulêmgorane | miwah ta anakipun | Tirtanata sami anunggil | anak Suradilaga | Surapatènipun | ngumpul ing Barahim suta | sutanira sakawan kang jalu nênggih | kang sêpuh namanira ||
  2. Radèn Malayakusuma nênggih | kang umadêg anèng nagri Malang | kang dadi pangaubane | ing sagung sanakipun | arinira namanirèki | Radèn Suranagara | kalih arinipun | Rahadèn Jayanagara | ari malih agênge anglêlangkungi | wontên tigang manusa ||
  3. Ki Mas Sênthong kalareanèki | anama Radèn Tirtanagara | amung banthèng titihane | turôngga sagêngipun | tan kawawa dipun titihi | kadhang anitih cikar | mangkana sang prabu | kapencut sajroning surat | ing tyas aris lêjar pangungunirèki | mring Tumênggung Jadirja ||
  4. budhal sangking Madiun sang aji | balanira pan kadi samodra | Suryanagara dutane | wus pinaring sul-angsul | sarta kintun salawatnèki | lan ulês kinintunan | mori tigang kayuh | wangsule sarêng bubaran | sri narendra mring Ngêblêg Kartasanèki | masanggrahan Caruban ||
  5. enjing budhal sawadyanirèki | sadintên rawuh ing Kartasana | masanggrahan ing wismane | nênggih bupatènipun | kang wadyagung makuwon sami | kadya suwak kang praja | kanggenan wadyagung | arja ing sami sakala | pra dipati bang wetan sadaya kêrig | tugur nèng Kartasana ||
  6. nuntên mundhut utusan sang aji | anganthèni Ngabèi Dul Jalal | Tumênggung Dêmak waune | ingkang badhe ingutus | animbali sutèng Barahim | kanthi punggawèng Srêngat | lan Japan puniku | Ngabèi Pêndhawajaya | wus lumampah sapraptanirèng Kadhiri | dhawuh ingkang timbalan ||
  7. Adipati Cêbolang pangirid | lawan Radèn Malayakusuma | Ibrahim suta malihe | lawan sakadangipun | dêdamêle yèn winitawis | gangsal atus sadaya | paworing wongipun | lan prajurit Surabaya | wontên sèwu praptaning Kartasanèki | apan pinaring kurmat ||
  8. iya dene taliti prajurit | urmat baris ngalun-alun aglar | lamun prajurit jro bae | sêsêg lun-alunipun |

— 25 —

lan angirab pangeranèki | busananing kang wadya | kaparak dinulu | baranang giri pawaka | warna-warna lir panjrahing puspitadi | ngebati kang amulat ||

  1. praptanira baris angurmati | munya kêndhang gong bèri sauran | sêrunèn lan carabalèn | kodhokngorèk angungkung | sarta êdrèl nginggil turanggi | eram dènira mulat | wong Surabayèku | miwah prajurit ing Malang | sami dongong miyat tingkahing prajurit | kaya dudu manungsa ||
  2. kêbat rikat acukat tarampil | sêbat-sêbut amor kudanira | atusan tinggal tingkahe | wau kalih tumênggung | ingkang mêthuk jawining kori | sadaya ingandikan | wau sang aprabu | ngrasuk busana sabrangan | arasukan toromur wungu rêspati | angagêm kuluk jangkang ||
  3. baludru cêmêng mubyar binodir | kêkintunira dêlèr Samarang | pan sarung Bugis nyampinge | rema têtêl apatut | kadya prabu ing Maispati | wau kalih punggawa | kang ngirit lumêbu | Mas Rôngga Wirasantika | lan Pangeran Pakuningrat ngacarani | marnahkên ênggènira ||
  4. dupi cêlak sang nata nambungi | padha dèn parêg ing ngarsaningwang | sami sandika ature | sami asèlèh dhuwung | kumarubut sami ngabêkti | mangaras ing suku sang | mangusapi lêbu | sawusnya têlas sadaya | Ki Ngabèi Dul Jalal mrêpak bêbisik | punika kang rasukan ||
  5. kotang têratean cêmêng nênggih | kang abêbêt sambojèjo ingkang | talaga muncar udhênge | pun Cêbolang pukulun | sigra mundur wusnya bêbisik | Ki Ngabèi Dul Jalal | ngandika sang prabu | angenconga lungguhira | ingsun tuduhêna kang sawiji-wiji | Cêbolang nêmbah mangsah ||
  6. dupi parêg rinanggèh astèki | dimarene aja sira taha | marêpa mangulon bae | ngisore dhampar ingsun | Ki Cêbolang marêbês mili | kawratan sih sang nata | kabèh sami ngungun | dene lagya wruh sapisan | pêpatute lir wus wêruh tigang warsi | rakête pawong sanak ||
  7. ngandikaris Cêbolang kang êndi | Ibrahim suta ingkang atuwa | kang dadi pamugêrane | Cêbolang nêmbah matur | kang rasukan baludru wilis | ingkang udhênge jingga | limar nyampingipun | nulya winastan sadaya | sadhèrèke sakawan dipun wastani | myang kadang naking sanak ||
  8. panggulune Suranagarèki | nuntên arine Jayanagara | nuntên ingkang wuragile | kang luwih agêngipun | Ki Mas Sênthong Tirtanagari | ingawe [inga…]

— 26 —

[…we] kinèn nyêlak | kang langkung gêngipun | kinèn acucul rasukan | rasukane nênggih kotang kêstob putih | wus sami cinuculan ||

  1. iki baya kang atiru kaki | wong samene iki nora nana | ingkang mêngkono gêdhene | ing sabarisan agung | suka gujêngira nrêpati | dangu-dangu umiyat | yèn ana wong sêpuh | lah kang tuwa iku sapa | kang jêjenggot Cêbolang matur wotsari | abdi dalêm pun bapa ||
  2. sri narendra angandika aris | sira ingkang nama Wirasraya | duk kakang prabu syargine | kang kinarya tumênggung | iya Sêcanagara nguni | kalane Pranaraga | duk sira jinunjung | pukulun inggih kawula | kinarsakkên lan pun anak Sawunggaling | gih pun Sasranagara ||
  3. sri narendra kèngêtan ing galih | iya ta lah wus nora kayaa | Si Sawunggaling budine | prakosa nora tangguh | tundhabema têmah kacêlik | apa tan rêmbugana | kalawan sirèku | Wirasraya matur nêmbah | sêdyanipun Surapringga miyambaki | arsa nama dipatya ||
  4. kula myarsa kula pituturi | babar pisan aluhung sowana | sampun tanggêl pênggawene | ing paduka rumuhun | kula ingkang têngga Kumpni | manahe dèrèng eca | bilih pinakewuh | sang nata alon ngandika | iya iku wong tanggung pikire ugi | ing wêkasane tiwas ||
  5. Wirasraya umatur wotsari | kala tuwan kithèng Kabanaran | sabarang atur-ature | ing paduka pukulun | pan kawula inggih sapalih | ngungun duk amiyarsa | wau sang aprabu | lah iku anake sapa | bapakipun pukulun pun Sawunggaling | pinêndhêt anak angkat ||
  6. dhatêng abdi paduka ing nguni | gih pun uwa Dipati Jangrana | Wiradêdaha mantrine | ngandika sang aprabu | yèn mangkono boboting cilik | dudu karabatira | iya sira iku | apane Jayapuspita | nêmbah matur mantu kang sêpuh pribadi | nging mantu pêpulunan ||
  7. iya Wirasraya wus pinasthi | sira mênangi ing jênêng ingwang | karsaning Hyang Rahmat gêdhe | aja taha sirèku | ngemutêna mêmulang nênggih | pratikêling ayuda | umatur anuhun | pan sarwi marêbêl waspa | tega têmên mring kang abdi Surawèsthi | sang natèng Kabanaran ||
  8. dangu-dangu sang nata ningali | ragi nganan ana kang alênggah | agawat ing pasêmone | aragang dhapuripun | tuwan ora tuwa sayêkti | anetra lêngguk liman | nanging gutuk untu | rambutipun dèrèng uwan | maksih cêmêng rasukan baludru wilis | kotang

— 27 —

renda satêbah ||

  1. udhêng Arab sruwal kêrstin abrit | bêbêd ragi Bali kêkencongan | gêdhog Makasar bêntinge | nyuriga pêdhang suduk | pantês lamun dhokoh ing jurit | ngandika iya sapa | Wirasraya iku | kang ana ing keringira | Wirasraya pukulun abdi nrêpati | anakipun pun uwa ||
  2. têtilare abdi padukaji | gih pun uwa Dipati Jangrana | mangkya ngabèi namane | gih Jangrana pukulun | apikagèt sri narapati | apa iku kang aran | kalareanipun | iya Ki Jaka Tangkêban | matur inggih gumujêng sri narapati | hèh pawong sanak ingwang ||
  3. aja ngarani angkoh ing mami | ngrungu syara durung wruh ing rupa | tibaning wruh lagi kiye | sukur rahmat maringsun | ing têgêse dene mênangi | ingsun amurwèng yuda | sira durung lampus | kawilang prajurit kuna | mêngko ingsun bisa têmu lan sirèki | sayêkti bêgjaningwang ||
  4. adhi Mlayakusuma sirèki | ngulihana iya jênêng bapa | nama ing kaki angsale | anamaa sirèku | Adipati Wiranagari | lamun sira kaduga | loji Gêmbong iku | uwisêna babar pisan | nagri wetan sun srahakên ing sirèki | babone Pasuruan ||
  5. Pajarakan Prabalingga Bangil | Porong Malang miwah ing Lumajang | sun paringkên sira kabèh | sakèhe anak putu | pra dipati lan para mantri | padha angèstrènana | ing jêjulukipun | Dipati Wiranagara | atur sêmbah para mantri pra dipati | kabèh saur kukila ||
  6. Adipati Cêbolang nambungi | loji Gêmbong wus lami kinêpang | muwêr sami Walandine | mila kèndêl pukulun | dèrèng wontên ingkang ngidèni | mangkya maksih kinêpang | inggih kang tinuduh | Kartanagara Lumajang | kadangipun nak-sanak pun adipati | nênggih Wiranagara ||
  7. angandika wau sri bupati | adhi Dipati Wiranagara | bantonana prajurite | kang ngêpang Gêmbong iku | arinira iya kêkalih | ya Si Suranagara | namaa tumênggung | Tumênggung Suranagara | ingkang anom iya wuwuha namèki | Arya Jayanagara ||
  8. sun gawani nagara kêkalih | ambantoni marang Pasuruan | ing Japan Wirasabane | mangkata besuk esuk | dhuwung waos wus dèn paringi | kandêlan wrat nyakawan | êmas sêpuh-sêpuh | prasami sopal kancana | miwah malih rasukan baludru sami | lan sakancinge pisan ||
  9. niga bêlah reyal dèn paringi | Radèn Tumênggung Suranagara | Arya Jayanagarane | kalih agêng tyasipun | èpèk renda dipun paringi |

— 28 —

katimange kancana | wawrate nyapuluh | kang kèri kinèn mondhoka | tinut wuri jodhang puluhan waradin | sawong prajuritira ||

  1. pêndhak enjing ing budhalirèki | Suranagara Jayanagara | Ngabèi Japan kanthine | wau ta ingkang kantun | Adipati Wiranagari | lan Dipati Cêbolang | pan ing sabên esuk | sowan dènira ngandikan | lan sang nata gunêm masalahing jurit | lan sagung pra dipatya ||
  2. akasukan wau sri bupati | papêdhayan prajurit tayungan | wong Balianyar praptakèh | sami darahing ratu | namanira Dyan Maniklungit | lawan Radèn Jayastra | ing babêktanipun | sangking ing Nusakambangan | nigang dasa praptane nêdya angabdi | mring natèng Kabanaran ||
  3. wus pinacak kinarya prajurit | nama atusan wong Brajayuda | ing kaparak golongane | sami rasukanipun | pêthak tinarètès ing abrit | sami sinungan jangkang | kabèh kulukipun | nênggih sami binacingah | abang putih samyagêng ing tyasirèki | wadya Nusakambangan ||
  4. sabên enjing mijil sri bupati | ngirabakên prajurit sadaya | angajari prang pagute | kang pinrih gêlaripun | angsahira kinèn maoni | mring Ngabèi Jangrana | dhinawuhan sampun | Mas Rôngga Wirasêntika | wadana jro ingkang kinèn andhawuhi | sagung wadya kaparak ||
  5. kirab anèng jawining nagari | pinggir wana ara-ara jêmbar | prajurit sru têngarane | kang prang kuda rumuhun | nuntên wadya kaparak sami | umagut aprang dharat | winêtokkên sampun | sadaya wus kawuningan | mring Ngabèi Jangrana wus dèn takèni | marang sira mas rôngga ||
  6. pundi paman kang dèrèng prayogi | anauri Ngabèi Jangrana | inggih anak sadayane | sampun sami panuju | anglangkungi gêlar puniki | lawan kang kina-kina | laluri winangun | pun bapa amung satunggal | dèrèng sênêng prajurit jro angsahnèki | sami anyèrèd tumbak ||
  7. dene kêdah unggul ing ajurit | inggih sawêg winaris kewala | anak amrih sayêktine | dede prange wong agung | butatuli tumbak cinangking | punapa sok pêranga | banjur soroh amuk | lajêng mijêt baunira | kiyu têmên bau kula aningali | anak angsah andika ||
  8. yèn apranga lan wong Surawèsthi | kula tadhahi gêlar balêsar | dadia senapatine | kula rewangi ngantuk | gumêr sagung kang pra dipati | suka gumujêng samya | Jangrana acucut | anak mas [ma…]

— 29 —

[…s] ukaraning prang | sapambalang rubuhe kang watang sami | yèn prang ngangge ukara ||

  1. Rôngga Wirasêntika dhêkoni | mila paman wingi sri narendra | sampeyan pinrih têgêse | maonana kang luput | botoh sêpuh pasthi prayogi | yêkti lêrês sampeyan | bucal ukarèku | angling Ngabèi Jangrana | apan kangjêng sang nata amrih utami | sampun bucal ukara ||
  2. botên ngangge wawratan ngajurit | sok apranga angamuk kewala | tan etung kalamangsane | sidaguri winadung | yèn nêgara witing kasambi | kang dèn angge punapa | inggih wadungipun | punapa inggih wontêna | gênging wadung sakala sabôngka nênggih | sangkale satirisan ||
  3. manusane wontêna rong èsthi | malah langkunga ing patang gajah | anak puniku inthane | sami suka gumuyu | kang miyarsa para dipati | sumyak ambata rêbah | sarêng unduripun | sapraptanirèng paseban | Ki Jangrana kêdah akantun nèng jawi | tan purun lumêbêta ||
  4. gih sampuna pun anak pribadi | atur kula têlas ing pun anak | mas rôngga sarêng lêbête | praptèng byantara prabu | sri narendra angandikaris | anèng di Si Jangrana | rôngga nêmbah matur | kêdah nèng jawi kewala | priye rôngga apa ana dèn waoni | mau mring Si Jangrana ||
  5. Rôngga Wirasantika wotsari | datan wontên ingkang winancenan | ginunggung gêlar sakèhe | mung satunggal pukulun | dipun cacad dipun poyoki | mangsah nglêlandhak tumbak | dede kramanipun | winastan tilar ukara | ngicalakên parikramaning ajurit | ambutatuli nasak ||
  6. cucudipun inggih marêk ati | sri narendra alon angandika | rôngga bênêr lamun kuwe | ya lagi buru butuh | lagi durung ana pinikir | saakal-akal ingwang | durung ana tinut | mêngko ana botoh tuwa | yêkti wajib sagêlare dèn ugêmi | anganggo môngsakala ||
  7. timbalana malêbu tumuli | lawan si adhi Wiranagara | lan Dipati Cêbolange | Wirasraya yya kantun | kang Jangrana padha wong buki | mas rôngga sigra mêdal | praptèng jawi dhawuh | kerit lumêbêt sadaya | sapraptane ing ngabyantara nrêpati | sang nata angandika ||
  8. dhi Dipati Wiranagarèki | paran wartane kang bantu ngetan | kadangmu karo lakune | Si Suranagarèku | lan Si Jayanagara nênggih | ana guyuning rowang | sigra awotsantun | Dipati [Dipa…]

— 30 —

[…ti] Wiranagara | inggih abdi dalêm dutanipun prapti | Gêmbong taksih kinêpang ||

  1. abdi dalêm Pasêdhahan gusti | sampun rantam barise pinancak | tigang èwu dêdamêle | ping kalih yudanipun | bantu sangking ing Surawèsthi | prang wontên Prabalingga | ing mangke pukulun | bantu Sampang Surapringga | kang abantu mantuk dhatêng Surawèsthi | badhe wangsul wartanya ||
  2. kathah bantu kang sangking Samawis | sami tata wontên Surapringga | miwah Madura bantune | inggih kang tigang èwu | wangsul lawan bala Kumpni | kawan èwu Madura | inggih badhenipun | anggitik môncanagara | Wirasaba ing Japan miwah Kadhiri | bêkta Kumpni mudha ||

8. Sinom

  1. kawan atus Kumpninya | dhomas ingkang Bugis Bali | kawan èwune Madura | mila tahanipun mangkin | yakine kang pawarti | lamun paduka pukulun | rawuh môncanagara | mau gumyahing pawarti | mung Pangeran Mangkunagara kewala ||
  2. mila inggih Surapringga | ingkang sami dèn jagani | kêrig prajurit Madura | kang tugur ing Surawèsthi | sang nata ngandikaris | adhi Wiranagarèku | lah iya ngarah apa | sêlot-sêlote ta adhi | sêdhêng bamban anata prajuritira ||
  3. mangkana wau sang nata | angayêm-ayêm kang abdi | nèng tanah môncanagara | akasukan sabên latri | lan sagung pra dipati | sami eca manahipun | tuwin wong agung wetan | anak putu Surapati | langkung carêm anggung atampi ganjaran ||
  4. sampun kinulawisudha | sinungan nama dipati | Dipati Wiranagara | kadange nom tiga sami | apan sinami-sami | sinungan nama tumênggung | mintir kang dana boja | wus inganggêb kulit daging | kunêng ingkang sawadya angeca-eca ||
  5. gantya malih kawuwusa | kang sabên dina ajurit | Kêdhu Pajang lan Mataram | Pagêlèn rame ajurit | kang baris Kêdhu sami | kasoran samangke unggul | Pangran Mangkunagara | pinarêg wontên Matawis | milanipun kang mêngsah sadaya taha ||
  6. Sultan Bantên angkatira | lan bupati para mantri | badhe anggitik Toyamas | Tumênggung Mangkudirjèki | prajurit kang turanggi | sadaya pan wolung atus | kalawan pitung dasa | kalih èwu dharatnèki | praptèng Lêdhok pamardèn dhadhal sadaya ||
  7. Tumênggung Yudanagara | bitinge wetan nagari | galugu kinapurancang | santosa dipun tênggani | sagung para ngabèi | bang kilèn tugur ing ngriku |

— 31 —

kathah kêriganira | wau ta sampun miyarsi | lamun Sultan Bantên badhe mukul ing prang ||

  1. sigra dènira utusan | marang Pagêlèn lumaris | duta prapta atur surat | marang Ki Tumênggung siji | siji marang Kumpni | Kapitan Bagrak puniku | sami ungêling surat | nêdha bantu ing ajurit | alon mojar Ki Tumênggung Arungbinang ||
  2. tuwan lamun datan rikat | bilih kawratan pun adhi | Tumênggung Yudanagara | Kapitan Bagrak sigrangling | dika amatah mantri | kewala ingkang abantu | lawan Kumpni kula | kapat sasur ingkang putih | Luknan Bungsèt puniku kang ngirit lampah ||
  3. lawan bature si bapak | Kapitan Gôndariyèki | wong Bali sèkêt kêwala | bêktaa mriyêm kêkalih | ki tumênggung anuding | kêkalih panèwunipun | lawan sakancanira | sadaya cacahing mantri | prajurite gangsal atus kang turôngga ||
  4. Ngabèi Martadipura | Panèwu Marta rannèki | budhal lampahe asigra | datan kawuwus ing margi | ing Banyumas praptènjing | wus panggih lan ki tumênggung | pinarnah ing panggenan | lawan mariyêmirèki | bètèng pasang rakite langkung santosa ||
  5. langkung sugun-sugunira | mangkana ingkang winarni | Ki Tumênggung Mangkudirja | lan prabu ing Pakungwati | panganjurira prapti | nocok pabitinganipun | rame surak wurahan | ing jro anadhahi bêdhil | sami giwar ngantosi ing gustinira ||
  6. tan adangu praptanira | Sang Prabu Mangkarawati | lan Tumênggung Mangkudirja | angangsahakên prajurit | Ki Tapa angawaki | angirit prajuritipun | wong Bantên andêling prang | tigang dasa sondhèr kuning | têtindhihe Radèn Arya Kêndhayatan ||
  7. ingangsahkên ngamuk dharat | angrangsang angrêbat biting | amung kêkalih turôngga | kêstapa kang maksih nitih | lawan radèn aryèki | Kêndhayatan maksih manggung | nèng kuda songsong pêthak | santana ing Pakungwati | naking-sanak lan Sultan Tubagus Buwang ||
  8. prajurit Bantên angrangsang | datan kandhêg dèn bêdhili | Ki Tumênggung Mangkudirja | angawêt anganan ngering | Sultan Bantên jênêngi | songsongipun kuning sungsun | caruk prajuritira | anarik kolowang sami | pangungkihe nêdya ngobrak-abrik jagang ||
  9. angrangsang-ngrangsang katulak | ingêdrèl ngudani mimis | kumêrap maksih angrangsang | prajurit ing Pakungwati | sogok-sinogok sami | arame rok silih caruk | akathah kang kabranan | dèrèng suda tyase sami | angawaki dharat Radèn Gêndhayatan ||
  10. kinarutug ing

— 32 —

sanjata | wong Bantên amêksa ngungkih | wus akathah kang kabranan | binayang mundur kang kanin | kang kari nusul ngungkih | berangi biting galugu | prajurit kang turôngga | kang sami dèn mariyêmi | sami giwar sagung prajurit turôngga ||

  1. kang angrangsang ingêdrelan | asru dèn êsoki mimis | sangkin kathah kang kabranan | Ki Tapa kudane kêni | mundur prasamya miris | Kumpni pangêdrèlipun | rontaka lan darebas | langkung ramening ajurit | sami mundur marang wana tarataban ||
  2. kalih jam ing yudanira | prajurit ing Pakungwati | ingkang pêjah tiga wêlas | pêpitu kang sami kanin | Sang Prabu Pakungwati | asru dènira amuwus | hèh kakang Mangkudirja | paran pênêde puniki | anauri inggih ta sadasa-dasa ||
  3. wong mungsuh botên katingal | wong aprang kalawan mimis | lamun sami katingala | sayêkti gitik-ginitik | saksat mungsuh dhêdhêmit | yèn wontêna ingkang mêtu | kula kang anarajang | kula ilês ing turanggi | yèn punika inggih anggèr taksih gawat ||
  4. lamun suwawi punika | paduka kula aturi | panggih lan raka paduka | Pangeran Purubayèki | sami amangun pikir | bilih dhakan sangking kidul | anggitik ing Toyamas | Sultan Bantên anuruti | budhal ngidul mring Pagêlèn saha bala ||
  5. Ki Tumênggung Mangkudirja | tinuduh kinèn ngawaki | nèng lêledhok sangking wetan | sandika Mangkudirjèki | lawan nguruni mantri | têtiga kalawan jagul | tumênggung ing Banyumas | sampun amiyarsa warti | ing budhale mring Pagêlèn mungsuhira ||
  6. nora gawa baris Jawa | sang prabu ing Pakungwati | prajurit Bantên kewala | mung bêkta têtiga mantri | mantri kang anjagani | jagul pêpikulan sangu | prajurite priyôngga | wong Bantên ingkang marjurit | botên luwih mung tigang atus sawidak ||
  7. panggih wetan Bagawônta | Pangeran Purubayèki | anèng dhusun Bantardawa | kasoran dènira jurit | lamun kang rayi prapti | pinêthuk lajêng kapêthuk | sami arêrangkulan | wus tata sami alinggih | sami tutur-tinutur kasoran ing prang ||
  8. Pangran Arya Purubaya | tutur kasoran ing jurit | kalawan Kapitan Bagrak | rêbat Pagêlèn tan olih | mangke baris Kumpni | sampun wontên ing Sagaluh | kalawan Arungbinang | Pagêlèn wetan dèn goni | Sultan Bantên tutur kasoran ing yuda ||
  9. anggitik nagri Toyamas | pinêthuk wetan nagari | bitinge langkung santosa | tan kêni ingungkih jurit | lawan wontên [wontê…]

— 33 —

[…n] Kumpni | sangking Pagêlèn bêbantu | dadya mangke ngandika | Pangeran Purubayèki | adhi prabu punika rêmbag kawula ||

  1. kula bantoni punggawa | satunggil pun Sawunggaling | dadosa êlok kewala | mukul ing Toyamas malih | yèn sampun kapiyarsi | nuntên wangsula angidul | mêdal kilèn kiwala | mukul Pagêlèn sayêkti | kula adhi ingkang gitik sangking wetan ||
  2. yèn sampun Pagêlèn pêcah | Toyamas puniku gampil | sangking ing ngriki kewala | kang wetan Mangkudirjèki | dika kèn angawaki | payo-payo apingamuk | adhi puniki warta | kang nglurug mangetan sami | sampun radin têtiyang môncanagara ||
  3. antuk bumi pitung lêksa | raka dika sri bupati | sampun mèh angkat-angkatan | gêcak loji Surawèsthi | kula lan dika adhi | lan raka andika besuk | kangmas Adiwijaya | lamun kantuna ing kardi | gih punapa adhi sae pêpanggiha ||
  4. anggitik ing Surapringga | raka dika sri bupati | ngadu wong môncanagara | prajurite kang turanggi | salêksa malah luwih | dharate rong lêksa langkung | botên lami watara | pêcahe ing Surawèsthi | lajêng ngilèn raka andika sang nata ||
  5. puniki yèn kalêrêsan | yèn bêdhah Toyamas adhi | botên kudu ngêpung Têgal | sami pinaliwat adhi | Pamalang dèn anciki | sayêkti nuli atêpung | dhimas Natakusuma | kangmas Adiwijayèki | sayêktine kapanggih ing Pakalongan ||
  6. Dipati Suryanagara | ngancik Kêndhal Lèpèntangi | raka andika sang nata | pasthi Kêndhal dèn anciki | angêpung ing Sêmawis | kula andika puniku | kangmas Adiwijaya | sami ngêpung loji Têgil | pan mangkatên rekane yèn angsal lampah ||
  7. tinêlukkên wong Pasundhan | sangking ing Toyamas benjing | sayêkti gampil kewala | môngsa ngawalana jurit | yèn Pasundhan wus radin | Batawi aja cinatur | liniwatan kewala | mulih marang Pakungwati | kula lawan Dipati Suryanagara ||
  8. kang ngatêr ing laku dika | mulih marang Pakungwati | adate raka andika | yèn aprang wus antuk titih | botên marêm ing galih | pangamuke ngiwat-ngiwut | tan ana malang-malang | gêmpang ngangkang kapalipis | pan anglurug tan wontên gawêr ing marga ||
  9. apan wus tamtu ing wêca | adhi yèn têrah Matawis | yèn wus umbul-umbul Kuran | ing ayuda pilih tandhing | raka dika puniki | ngantêpi agamanipun | kathah kadang kawula | adhi mung siji puniki | têtêkone têtêp mantêp ing agama ||
  10. kalangkung suka miyarsa | Sang Aprabu Pakungwati | myarsa kojahe kang raka |

— 34 —

Pangeran Purubayèki | rêmbuge sampun dadi | kunêng gantya kang winuwus | tumênggung ing Toyamas | angantukakên Walandi | mring Pagêlèn yèn mêngsah angidul samya ||

  1. anjog Pagêlèn sinêdya | Sang Prabu Mangkarawati | Kapitan Bagrak ginêcak | kang tate prang amêtoni | tan purun prang jro biting | Kapitan Bagrak datipun | watêr ayuda dhadha | angantêp gitik-ginitik | wêwatêke Kapitan Bagrak anggagrak ||
  2. lampahira wangsul gêlar | marang Toyamas ing warti | binanton Pangran Purbaya | kang dinuta Sawunggaling | margi malipir wukir | Selamanik mênggok ngidul | dalu dènnya lêlampah | Karangdhuwur kang dèn jogi | têlikira Ki Tumênggung Arungbinang ||
  3. kang kinèn amomor lampah | mring sultan ing Pakungwati | gugup dènira anyimpang | sapraptane tur udani | yèn mêngsahira mangkin | nambuh lampah Karangdhuwur | badhe anjog angetan | kang angiring Sawunggaling | ki tumênggung miyarsa gupuh lumampah ||
  4. mring loji panggih kapitan | bilang mungsuh andhatêngi | sêdya anambung ing lampah | urut sèwu kang dèn jogi | gupuh dènnya miyarsi | angundhangi wadyanipun | sigra Kapitan Bagrak | ki tumênggung kadipundi | akal dika punapa ta kinêdhikan ||
  5. gih punapa kinathahan | magut rajèng Pakungwati | adat puniku prawira | botên kêni ginagampil | duk wontên Pakungwati | wikana mangke puniku | Tumênggung Arungbinang | inggih tuwan winitawis | sampun kongsi kuwatir kang kantun wuntat ||

9. Pangkur

  1. tuwan pinalih kewala | gih kêpara kathaha ingkang kari | kula mung bêkta rongatus | prajurit kang turôngga | ingkang dharat amung bêkta tigang atus | sapalih mantri kang milya | Kapitan Bagrak amijil ||
  2. dragundêre kawan dasa | kalih dasa amung kang jalan kaki | kalih bêlah Bugis Wangsul | Kapitan Gôndariya | upêsire kang turôngga têlung puluh | sangking pakuwon wus budhal | ing lampah ragi anyilip ||
  3. sarêng rêp Kalêgèn prapta | amakuwon anèng wismaning mantri | Kalêgèn wetan puniku | kiwa mot wong akathah | tan katawis margi agêng ingkang kidul | sadalu apirêmbagan | angreka gêlaring jurit ||
  4. Ki Tumênggung Arungbinang | maos surat antuke punang têlik | cacah prajuriting mungsuh | pêpênêde sadaya | busanane kudane aja kaliru | kalih atus salawe prah | andêl pamuking ajurit ||
  5. kang satus têtindhihira | pangiride Ki Demang Rêksapati | turanggane [turang…]

— 35 —

[…gane] jangjan biru | rasukan krêstin abang | talakupe baludru irêng puniku | grim kuning saruwalira | kêras Dêmang Rêsapati ||

  1. Ngabèi Jayakintara | satus malih prajurit dèn tindhihi | turanggane abang sêpuh | mêrtaswejo bajonya | talakupe rêrendan baludru biru | lancingan biru sangkêlat | satêbah pêsmènirèki ||
  2. dodot kuning salawe prah | kadi sondhèr puniku kang nindhihi | payung putih namanipun | Radèn Mas Gêndhayatan | kuda rajêg abajo irêng baludru | pinêsmèn urut dongdoman | udhênge cawêni putih ||
  3. baludru jro kang lancingan | ambêranyak kuda adheyan ngirig | Ki Tapa nunggil ing ngriku | cêmêng turangganira | rasukane lurik kuning ulêr lulut | talakup baludru abang | saruwal kombor grim kuning ||
  4. dene ta pangajêngira | wontên sèkêt dêmang bantu nindhihi | bajone sangkêlat biru | bopong turangganira | nora nganggo talakup kawêng talêkung | rangkêp sapta ngagêm baya | sultane kang payung kuning ||
  5. turanggane dhawuk pêthak | kêkambile rarab baludru wilis | cindhe bang palisiripun | bajo toro kewala | salancingan ngiras sami salmur wungu | baludru cêmêng kang jangkang | tirah lung-lungan binodir ||
  6. pangayape tigang dasa | mung sadasa kuda kang munggèng ngarsi | nanging arang kang asêpuh | sami rare sadaya | dipun eling tuwan barise martêlu | lawan tuwan dipun awas | mungsuh kang ala kang bêcik ||
  7. Sawunggaling gène têbah | amung kuda sèkêt pan botên luwih | ragi kering ngarsanipun | punika benjang-enjang | Sawunggaling kula kèn mêdhot rumuhun | pisaha kalawan sultan | sang prabu ing Pakungwati ||
  8. ingkang ngajangi kawula | lan pun bapa Gôndariya ing benjing | dene tuwan liyanipun | prajurite kang kathah | sampun tuwan obah sangking gène besuk | prang têtêg inggih kênia | yèn kula sor kula ungsi ||
  9. kang adodot kuning tuwan | wong salawe pamuk andêling jurit | yèn durung katon puniku | sampun tuwan agahan | nadyan katon yèn kula dèrèng kaburu | sampun dika obah-obah | tan wontên kang kula ungsi ||
  10. Kapitan Bagrak lingira | inggih tuwan tumênggung kadipundi | mungsuh sangking kilèn niku | lakunipun angetan | yêkti kula pêgat ing wetan umagut | nauri Kyai [Kya…]

— 36 —

[…i] Rungbinang | botên tuwan sangking kering ||

  1. yèn tuwan pêgati ngarsa | balanipun Sang Prabu Pakungwati | pêparon watawisipun | yèn botên pratêlonan | ingkang jêrih kalayan ingkang apurun | lamun pinêgat ing ngarsa | kang jêjêrih têmah wani ||
  2. yèn winêton ing ngiringan | ingkang jêrih tulus gènipun jêrih | sayêkti padha lumayu | kari kang wani padha | wong apêrang sanadyan mênanga iku | kalamun balane rusak | pan tiwasing senapati ||
  3. rêmbag sadalu tan uwas | rêbat pikir sadalu apradondi | Kapitan Bagrak puniku | kêdah panggitikira | sangking ngarsa yèn mungsuh kalah kacakup | dèrèng rêmpêg kang pirêmbag | sami kakune tyasnèki ||
  4. ki tumênggung nulya mêdal | api-api têtoya praptèng jawi | parentah ing balanipun | desa kang kulon ika | desa suwung padha obongana gupuh | ingkang tinuding lumampah | tumênggung lumêbêt malih ||
  5. ing pakuwon palênggahan | lan Kapitan Bagrak nulya miyarsi | obong-obongan gumrudug | tanya Kapitan Bagrak | gni paran puniku tuwan tumênggung | saure Ki Arungbinang | tuwan kula tan udani ||
  6. saksana prasamya mêdal | lajêng mulat dahana gêgilani | Kumpni ngundhangan kumpul | miwah sagung wong Jawa | sami kumpul manawi solahing mungsuh | pangantine pan kongsi byar | lajêng budhal ngilèn sami ||
  7. nanging kêkalih marginya | êlèr kidul kang êlèr dèn margani | datan têbih longkangipun | amung êlêd sadesa | kêkapalan kang sami wontên ing ngayun | kang dharat wontên ing wuntat | puk ro kathah dharatnèki ||
  8. Kumpni miwah wong Jawa | kathah dharat lampah dadya sawiji | mêngsah lampahe mratêlu | Sultan Bantên nèng dhadha | Sawunggaling kang pangawat kiwanipun | têngên Panêmbahan Tapa | lawan dêmange kêkalih ||
  9. Ki Tumênggung Arungbinang | kakang Kartilêksana dika ugi | lawan Martadika gupuh | dèn inggal anèng ênu | Sawunggaling pukulên kiwa gènipun | poma ta dèn kongsi pisah | lan Sultane Pakungwati ||
  10. Ngabèi Kartilêksana | lajêng mangsah wau duta kang dêlik | prapta panggih ki tumênggung | matur mêngsah wus cêlak | tan adangu kang rantab-rantab kadulu | pangarsa dharat sawidak | Kapitan Bagrak udani ||
  11. lajêng dènnya irnarajang | binêdhilan lajêng palajêngnèki | ngetan sami dèn bêbujung | nyandêr Kapitan Bagrak | ki tumênggung kèndêl lan sawadyanipun | kalawan Kumpni Islam | lan Walandi jalan kaki ||

— 37 —

  1. Kapitan Bagrak wus têbah | Luknan Bungsèt Kaptan Gôndariyèki | muwus marang ki tumênggung | tuwan tumênggung paran | dika susul sudara tuwan puniku | mungsuh kang agêng nèng wuntat | sarunène kapiyarsi ||
  2. êndêlna kaparèng tiwas | ki tumênggung sigra nandêr pribadi | Kapitan Bagrak kasusul | ambêdhili wong dharat | mungsuh sami lari nalêsêp ing dhusun | sami wong ala kewala | tumênggung asru dènnyangling ||
  3. hèh tuwan kapitan paran- | karsa dika kula botên mangarti | aprang botên ngangge rêmbug | sakarêp-karêp dika | botên kapok si kalèrêk tumpêsipun | lan si uce prang pajênar | ngangge karêpe pribadi ||
  4. wong ala dika tarajang | mungsuh ingkang têmên mingsih nèng wuri | karungu kêndhang gongipun | sêrunèn kapiyarsa | batur dika puniki akèh kang kantun | kapitan mèsêm anulya | dawêg ki tumênggung bali ||
  5. tan adangu lampahira | mungsuh katon eca dènnya lumaris | dupi sarêng ing pandulu | sarêng panêmpuhira | wong ing Bantên Kumpni ingkang tinêmpuh | ingêdrèl maksih angrangsang | panunjange numbak wani ||
  6. amung tiyang kalih desa | yèn caraa yudane wong Mantawis | ngarsa nunjang wuri nusul | mila Kumpni rusak | punika ta kang ngarêp sampun anêmpuh | wuri ningali kewala | tinonton wontên nulungi ||
  7. wus lingkap Kapitan Bagrak | sangêt kuwur sakêdhap wong Kumpni | sakawan dragundêr lampus | ingamuk tinalêmpak | ingkang pêjah tiga sangking kudanipun | tumênggung arsa tulunga | Sultane Bantên anggitik ||
  8. ki tumênggung tinarajang | pinanggahan nanging wadyanirèki | sami miris manahipun | dadya sor yudanira | wus kabêrêg wau sira ki tumênggung | prajurit turôngga sirna | kantun ingkang dharat sami ||
  9. kumpul ing wadananira | anggarêbêg tan pisah ing ajurit | amung kari ki tumênggung | kang maksih nitih kuda | sakathahe prajurit mawur katawur | kawone Kapitan Bagrak | sakêdhap nulya kapanggih ||
  10. prajurit kang sami dharat | Kumpnislam Jawa lan jalan kaki | akathah sami têtulung | rame campuhing yuda | kari kathah wong Bantên abêr prangipun | dadya rèh ulêng-ulêngan | wong Bantên kathah ngêmasi ||
  11. kasêmbuh ing praptanira | para mantri kang prang lan Sawunggaling | Sawunggaling wus kaburu | pisah kalawan sultan | sampun têbih kang ambujung sami wangsul | lajêng prang udhêl-udhêlan | lan prajurit Pakungwati ||
  12. Sultane Tubagus Buwang | nandêr mangsah kumêrap wadyanèki | mangsit wau ki tumênggung | Kapitan Gôndariya |

— 38 —

inggih bapa lah puniku sultanipun | ngangsuhakên pamukira | wong salawe sondhèr kuning ||

  1. ya kapitan Gôndariya | undhang dharat marang sagung upêsir | piyak maro barisipun | Sultan Tubagus Buwang | lajêng nêmpuh Kapitan Bagrak acampuh | arame caruk kalewang | Kapitan Bagrak kalindhih ||
  2. amubêng palayunira | kaparêgok wau barisirèki | Kapitan Gôndariyèku | lan ki tumênggung nunggal | katêngkulak tinadhahan pamukipun | mring Kapitan Gôndariya | arame ungkih-ingungkih ||
  3. rukêt acaruk landheyan | ki tumênggung sigra dènnya nulungi | binalik sarêng tinêmpuh | ki tumênggung kasingsal | kinaroyok ing dharat ing kering pungkur | ki tumênggung karepotan | bêdhile tan kobêr muni ||
  4. nuju nitih kuda ajar | Ki Tumênggung Arungbinang mèh kêdhik | baya dèrèng ajalipun | kinaroyok ing mêngsah | mêngsah dharat milangèl pinrih ing lampus | kongsi ginêbug sunapan | ki tumênggung kudanèki ||
  5. anggiwar angulêr kilan | kancanira mantri samya nulungi | kuwur sami katêlanjur | Kapitan Gôndariya | nguwuh-uwuh ing ngriki anak tumênggung | mila dika awor mêngsah | ki tumênggung sampun nunggil ||
  6. wong Bantên kang sondhèr jênar | jêbul wontên têngah dènira jurit | pisah lawan gustènipun | sangking kuwur ing aprang | carub awor liru gon tan wruh ing batur | dragundêr Kapitan Bagrak | palayune wangsul malih ||
  7. wau Radèn Kêndhayatan | kang angabên prajurit sondhèr kuning | wontên ing têngah angamuk | ngiwa nêngên solahnya | mobat-mabit Kêndhayatan pamukipun | mêngkab ingkang tinarajang | kanan kering anangkêbi ||
  8. arame kinandhang-kandhang | binêdhilan sampun kelangan gusti | sultane apan bêbujung | ing para mantri Jawa | kang binujung anikêl palayunipun | samya jêbul malih têngah | angêpung kang dodot kuning ||
  9. binêdhilan kering kanan | Gêndhayatan pamuke mobat-mabit | wong dodot kuning sapuluh | pan sampun sami pêjah | sultanipun lan Ki Tapa ambêbujung | wong dharat puniku gêlar | jaga palayoning jurit ||
  10. Ki Tumênggung Arungbinang | gêndhingipun balithuk mungsuhnèki | prang bingung pating bilulung | Rahadèn Gêndhayatan | dangu-dangu sawab dening kinarubut | ing sinapan lan darebas | kêna cêngêle ngêmasi ||
  11. tiba sangking kudanira | gya rinêbut [rinêbu…]

— 39 —

[…t] marang wong dodot kuning | ing uwot turangganipun | binakta bêdhah ngetan | kang tinêrak samya piyak pijêr jêtung | anon tingkah kang mangkana | wong atusan kèndêl sami ||

  1. ngungun miyat solahira | wong limalas sami anggawa jisim | kang tinêrak dongong gêtun | baris atusan piyak | pêcah maro wong Bantên palayunipun | wong dodot kuning angetan | kasmaran kang ngulon sami ||

10. Asmaradana

  1. dadya prasamya dèn ungsir | kang angulon kang angetan | prajurit kuda kimawon | kalawan Kapitan Bagrak | malah praptèng Wawala | sultane nulya kapêthuk | katur Radèn Gêndhayatan ||
  2. punika ingkang ngêmasi | kapêngpêng mukanirabang | ngamuk abela sêdyane | kadangira naking-sanak | dadya para mantrinya | gendholi angajak mundur | mêngsah Kumpnine kathah ||
  3. sang prabu ing Pakungwati | dèrèng kêni ingaturan | kuda siningsêt ambêne | Kapitan Bagrak punika | Sultan Tubagus Buwang | sêmune arsa angamuk | barise sigra winêcah ||
  4. pinartêlu ingkang baris | wau ta kang lagi prapta | Pangran Mangkukusumane | dinuta marang kang raka | Pangeran Purabaya | ngundurna kang rayi gupuh | yèn kasoran ing ayuda ||
  5. angamuka lêbugni | adhi suwawi kondura | sarêng wau ing undure | angetan praptèng Galendhang | Ngawu-awu ngalèrnya | Kapitan Bagrak wus wangsul | datan purun angungsira ||
  6. kang bujung mangilèn sami | Ki Tumênggung Arungbinang | datan wontên prajurite | wong Bantên repot sadaya | pikulan lan wadonan | anêmên pambujungipun | Ki Tumênggung Arungbinang ||
  7. anandêr dènnya nglancangi | wus kaliwat majêng ngetan | wong Bantên menggok angalèr | nêrak êmbêl ing talaga | kèndêl tan sagêd polah | têluk asrah darbèkipun | Ki Tumênggung Arungbinang ||
  8. gupuh dènira nampani | kang atos-atos kewala | êmas miwah sêsotyane | lan busana kang prayoga | liyane kang punika | tinampèn ing mantrinipun | ing lètèr Surawikrama ||
  9. tan karuwan cacahnèki | wonge sami inguripan | sami binônda kimawon | praptèng surup kèndêlira | panggih Kapitan Bagrak | dalu-dalu ngajak laju | mantuka dhatèng Ungaran ||
  10. ing pukul sawêlas prapti | barisan loji Ngurawan | ki tumênggung mariksa ge | angiwa mring pasarean | kanthong motha ngungkaban | isi êmas sêpuh-sêpuh | graita Ki Arungbinang ||

— 40 —

  1. êmas iki têlung kati | sun aturêna sang nata | iya dadi kayaningong | lami tinuduh ngayuda | durunga duwe kaya | iki parêng bêjanipun | gustiningsun sri narendra ||
  2. mas walulon tigang kati | kang sami manjing dangdanan | pan inggih sakati malèh | sampun sami rinojodan | manjing mas patang katya | kunêng gantya kang winuwus | kang têtêp baris Ngungaran ||
  3. Pangran Purbaya winarni | barise nangkil nèng Praga | wontên dhusun ing Kadêmèn | sawetaning Bogawônta | angênthêl manahira | nging balane maksih agung | wontên sèwu kang turôngga ||
  4. kalih èwu dharatnèki | mantrinipun maksih kathah | nênêm para tumênggunge | kalamun gunggungên samya | sawarnining gêgaman | kadi langkung kawan èwu | dhasar abêr yudanira ||
  5. Sang Aprabu Pakungwati | makuwon anèng Ngulakan | lêt patang desa têbihe | gène mêtak kang santana | Rahadèn Gêndhayatan | sultan ing Bantên kalangkung | dènira sungkawèng driya ||
  6. kèh kalong ingkang prajurit | barana kathah kabandhang | tambuh raose manahe | Jêng Sultan Tubagus Buwang | anggung wayang-wuyungan | ciptanira kadya nusul | mring sang natèng Kabanaran ||
  7. kang maring môncanagari | nanging èwêde kang manah | lagya tinuduh ing gawe | bêdhah nagari Toyamas | anggung soring ayuda | nadyan ajur rêmak-rêmpu | tinunggila ing sang nata ||
  8. ingkang alagya prihatin | wuwusên Kapitan Bagrak | Tumênggung Arungbinange | sami majêng barisira | marang Pêgêlèn wetan | baris dhusun ing Sagaluh | rinakit loji anakan ||
  9. prapta bantu sangking Têgil | sakawan kang pra dipatya | kawan dasa dragundêre | jalan kakine sawidak | dadya mantêp sadaya | jalan kaki kalih atus | lawan dragundêr sawidak ||
  10. langkung agêng ingkang baris | Sêgaluh kadi nagara | pasar pabarisan gêdhe | nganggo kêbo sapi jaran | jinagan ing Walônda | pinindhoa yudanipun | pinukul natèng Banaran ||
  11. kadi kasaid nadhahi | Ki Tumênggung Arungbinang | wus mari kamôndakane | madêg walulon tyasira | dene Pagêlèn ômba | radin wong nêmlikur èwu | ngumpul wus dadi satunggal ||
  12. wus kathah kang nungkul prapti | para mantri numbakanyar | tilar Pangran Purbayane | ing Pagêlèn tan winarna | ingkang baris santosa | ya ta wuwusên ing Kêdhu | Mayor Sakèbêr barisnya ||
  13. nèng

— 41 —

Tigawanu anênggih | mratiga kang baris Sêcang | sira Kapitan pan Dêr Pol | ing Tarayêm barisira | Sungrat kalawan Kulman | têtiga bupatinipun | Ki Tumênggung Wiradigda ||

  1. lan Tumênggung Rajaniti | Tumênggung Surajênggala | dene Sêcang bupatine | Ki Tumênggung Mangkuyuda | Sakèbêr kanthinira | kang abaris Tigawanu | bupati pasisir samya ||
  2. Kêndhal miwah Lèpèntangi | têtindhih Tumênggung Batang | baris ing Kêdhu mêngsahe | Dipati Suryanagara | Pangran Natakusuma | wêwolu para tumênggung | sami wontên Kilènpraga ||
  3. Pangran Adiwijayèki | lan Tumênggung Mangkudirja | nabrang angidul barise | karsane angulatana | Sultan Tubagus Buwang | miyarsa sor yudanipun | pacak baris ingulatan ||
  4. Tarayêm anggung ajurit | lan bala Mangkunagaran | nèng Kaligondhang barise | Tumênggung Kudanawarsa | lan Suramangunjaya | kang baris Sêcang amungsuh | lawan Tumênggung Môndraka ||
  5. Singaranu miwah malih | Wiradigda Jaulatan | ing Tigawanu mungsuhe | Dipati Suryanagara | Pangran Natakusuma | ing sabên dina prangipun | bêburon gênti kasoran ||
  6. Pangran Mangkunagarèki | baris wontên Pajagalan | pra mantri Mataram kabèh | ngumpul anèng Pajagalan | liya ingkang pangarsa | Kaligondhang barisipun | Tumênggung Kudanawarsa ||
  7. nanging kêrêp tampi tulis | Pangeran Mangkunagara | sangking Idêlèr Ondorop | sami kintun-kinintunan | ingipuk tur linopa | akathah pisungsunipun | idêlèr marang pangeran ||
  8. idêlèr ngojok-ojoki | Pangeran Mangkunagara | pinrih umadêga katong | kacèk apa lan kang rama | dene prakosaning prang | Kumpni ingkang têtulung | akathah pangipukira ||
  9. pangeran batin kagimir | nanging ajrih kawêntara | mung lagi binatin bae | ing tyas maksih karêkuhan | tari Kudanawarsa | sakalangkung datan rêmbug | ing karsa kang sapunika ||
  10. manawi datan sayêkti | ngabên-abêni kewala | amrih karusakan kabèh | wong Jawa gagêmpurana | ajana kawarasan | ya ta wau karsanipun | Pangeran Mangkunagara ||
  11. tan arsa piningit malih | lumuh yèn kuwangurana | lingsêm yèn kawêntar akèh | dadya parentah anglarag | kang baris Kaligondhang | kinèn angalèra gupuh | Tarayêm pinarêkana ||
  12. dadya lami pacak baris | pangeran nèng Pajagalan | anyaut Pajang pakolèh | Kêdhung miwah ing Mataram | amung Pagêlèn têbah | kang botên kêni sinaut | tiwas Pangran Purubaya ||

— 42 —

  1. mangkana kawarna malih | Pangran Arya Purubaya | Pangran Mangkukusumane | lan Sultan Tubagus Buwang | badhe angantêp yuda | budhal mring Pagêlèn mangsuk | tan mirsa bantu kèh prapta ||
  2. mêdal lèr pangeran malih | lampahira pinarapat | pra dipati kari kabèh | pangran kalih munggèng kanan | Sultan Bantên nèng dhadha | ing gêlar nêdya bêbingung | pangeran kalih wus prapta ||
  3. ing Sumbiran kèndêl baris | pra dipati sangu toya | dènira pacak barise | Pagêlèn lèr kagegeran | mungsuh prapta bêbahak | Sultan Bantên barisipun | têngah dhusun Pamêlaran ||
  4. Pangran Adiwijayèki | lan Tumênggung Mangkudirja | nèng Ngulakan sabalane | kang rayi sampun umangkat | pangeran kalih pisan | kang rayi ing Bantên tumut | magut prang Pagêlèn ômba ||
  5. Tumênggung Mangkudirjèki | ingkang kinèn anusula | mring Pagêlèn sabalane | Jêng Sultan Tubagus Buwang | kang kinèn ngampingana | budhal kuda tigang atus | Ki Tumênggung Mangkudirja ||
  6. kawan atus dharatnèki | lampahira sigra-sigra | nèng Mêlaran pawartane | jinujul praptèng Mêlaran | Tumênggung Mangkudirja | lan Sultan ing Bantên tangguh | Mangkudirja nèng Mêlaran ||
  7. umatur saha wotsari | Ki Tumênggung Mangkudirja | anggèr kawula kinèngkèn | dhatêng raka jêngandika | Pangran Adiwijaya | milane paduka purun | aprang saênggèn-ênggènnya ||
  8. nadyan raka tuwan inggih | Pangran Arya Purubaya | pan inggih dene lêrêse | nguni ingkang pinarcayan | mring natèng Kabanaran | among paduka pukulun | mung Pangran Adiwijaya ||
  9. sang prabu ing Pakungwati | alon dènira ngandika | puluh-puluh wis kalakon | iki kakang Mangkudirja | prajurit sun kèh rusak | ya Si Gêndhayatan iku | mati prang anèng Wawala ||
  10. angling rajèng Pakungwati | kakang mas Adiwijaya | anèng ing ngêndi samêngko | Ki Tumênggung Mangkudirja | matur wontên Ngulakan | pakuwon tuwan puniku | ênggène raka paduka ||
  11. angling Prabu Pakungwati | sira nora têmu lawan | kakang mas Purubayane | nging kasusu lakunira | pan lagi rêp-arêpan | antèkêna mêngko yèn wus | salamêt sabubaring prang ||
  12. kunêng wuwusên Kumpni | kang baris Sêgaluh myarsa | wong desa bangêt gègère | Pagêlèn kang lor busêkan | mêngsah sami angrupak | Pangeran Purubayèku | sampun ngancik ing Sumbêran ||
  13. sampun prapta anèng loji | Ki Tumênggung Arungbinang | samapta sagêgamane | miwah sagung pra dipatya | pasisir

— 43 —

wus anggabag | aglar prajuritiragung | Pamalang Barêbês Têgal ||

  1. cinacah wadya pasisir | bupati ingkang sakawan | sèwu bêdhil sunapane | kalih èwu kang anumbak | wus sami pirêmbagan | Kapitan Bagrak sru muwus | hèh sudara Arungbinang ||
  2. ing pundi mêngsah puniki | Ki Tumênggung Arungbinang | anyaosakên têlike | puniki têlik kawula | wau dalu duk prapta | Pangeran Purubayèku | sampun ngancik ing Sumbêran ||
  3. wontên sèwu kang prajurit | punika prajurit kuda | kathah kang dharat balane | lawan kang rayi kewala | Pangran Mangkukusuma | pêngawat têngên puniku | dene pêngawate kanan ||
  4. sakawan kang pra dipati | dene kang munggèng ing dhadha | Sultan Bantên sabalane | lawan punggawa satunggal | bêbantu lagi prapta | wingi prapta sangking Kêdhu | pun Tumênggung Mangkudirja ||
  5. Kapitan Bagrak lingnyaris | kadipundi karsa dika | gih tinata mumpung mangke | sampun kapiran ing gêlar | kapok duk prang Wawala | wus kaledhon tinggal urus | kangelan tan antuk wirya ||
  6. amanggung dèn uring-uring | mring sudara Arungbinang | Tumênggung Têgal lingnyalon | hèh bênêr puniku tuwan | Tumênggung Arungbinang | kang wruh ing boboting mungsuh | ngling Tumênggung Arungbinang ||
  7. dika tuwan lawan mami | wontên ing pangawat kiwa | yèn sampun nyêlak mungsuhe | gih Pangeran Purubaya | Pangran Mangkukusuma | yya malang tumolih ngriku | dèn amêlêng ing ayuda ||
  8. para tumênggung ing Têgil | papat Barêbês Pamalang | wontên ing dhadha ênggène | sampun angrawati liyan | Sultan Tubagus Buwang | pêlêngên ing prang puniku | dene bapak Gôndariya ||
  9. wontêna pangawat kering | mungsuh kapat pra dipatya | ingkang kula kanthèkake | panèwu anumbakanyar | adhi Jayawikrama | kalawan mantri sapuluh | tigang atus kang turôngga ||
  10. dene pra Dipati Têgil | gêbêngan kula kewala | ingkang kula kanthèkake | mung turôngga kalih bêlah | dene pangiridira | pun Martadipa puniku | lawan pun Martadipura ||
  11. hèh poma Martadipèki | aja andhingini nabrang | ing kali Jangling campuhe | lan aja ngrawati ingwang | dèn mêlêng yudanira | Kapitan Bagrak amuwus | paran inggih saudara ||
  12. para tumênggung ing Têgil | pênêde angajangana | Pangeran Purubayane | dene kula ngajangana | Sultan Tubagus Buwang | kyai tumênggung marêngut | sarya sru dènira ngucap ||
  13. lah

— 44 —

tuwan dèrèng mangarti | kalamun sipat wong Jawa | tikêla sèwu balane | tandhing lan para pangeran | tuwan pan botên makan | wong mungsuh bêndaranipun | pasthi ulap sarta mêkak ||

  1. Tumênggung Têgal nambungi | kumroyok katiga pisan | tuwan puniku pasthine | beda Tuwan Arungbinang | kang sampun antuk lila | kang duwe darah puniku | ngurdèni sudara dika ||
  2. wong pasisir ngiring-iring | maring Kumpni kewala | bêbutuhan yèn kapêngkok | puniku wanine uwas | kèndêl Kapitan Bagrak | wus anut pratikêlipun | mring Tumênggung Arungbinang ||
  3. kang pirêmbag sampun dadi | sigra dènira têngara | tambur gumuruh wor bêndhe | kêndhang gong bèri sauran | samakta pra dipatya | anggawa dragundêr satus | lampahe Kapitan Bagrak ||
  4. dragundêr sawidak kari | jalan kaki wolung dasa | ingkang kantun Luknan Bungsèt | wus budhal sagung gêgaman | sangking Sagaluh enjang | abra lir pawaka murub | gêrgut tan nêdya mundura ||

11.Durma

  1. kawuwusa sira Pangeran Purbaya | kalawan ingkang rayi | pacalang tur piksa | yèn mêngsah badhe prapta | pangeran têngara aglis | kumrab kang wadya | nêdya ngantêp ing jurit ||
  2. pangawate myang dhadha sami miyarsa | yèn mêngsah andhatêngi | pan amaju tiga | wus sami ingajangan | Pangeran Purubayèki | sangking Sumbêran | amèt papan prayogi ||
  3. ing Garantung dènira atata bala | prajurit kang turanggi | munggèng ngarsa têbah | Carat kang tinindhihan | Kapitan Bagrak wus prapti | miwah ing wadya | para Tumênggung Têgil ||
  4. pênganane pun Kapitan Gôndariya | Kapitan Bagrak aglis | sigra nêmpuh nunjang | Pangeran Purubaya | gagah sakêdhap nadhahi | ngêdrèl sapisan | kuwur wadyani ngisis ||
  5. kawur-kawur pangerane kuthetheran | wau gêgaman Têgil | dupi anarajang | campuh ramening yuda | sang prabu ing Pakungwati | samyambêg pêjah | kotbuta ngowak-awik ||
  6. anglawani Ki Tumênggung Mangkudirja | gubêd sawadyanèki | anyabêt ing kanan | nunjang ngilês turôngga | wong Têgal akèh kang kanin | barise bubrah | kawur akowar-kawir ||
  7. pangawate sêmpal ingkang dhadha tadhah | dhokoh ing prang anindhih | wong Têgal kapranggal | punggêl gagal kèh gigal | wadya tumênggungan sami | gagahi tadhah | wong Bantên angêbyuki ||
  8. kalih bêlah wong Bantên mangamuk duta | aran wong Saralathi | wadya tumênggungan | sayah

— 45 —

wus karepotan | Kapitan Gôndariyèki | rame prangira | lan kapat pra dipati ||

  1. anduk dinuk ingungkih pan kinakahan | mawur ingamuk ngisis | ngamuk yudanira | Kapitan Gôndariya | Kapitan Bagrak angungsir | marang pangeran | sumyur tan môngga pulih ||
  2. dèn kêkinthil binêdhilan saparannya | Sang Prabu Pakungwati | asru aturira | Tumênggung Mangkudirja | anggèr suwawi gumingsir | ingkang pangawat | wus gêmpal kanan kering ||
  3. raka tuwan Pangran Arya Purubaya | palajênge wus têbih | sigra sultan mudha | suwarèng balanira | wong Bantên undure ririh | Ki Mangkudirja | rumêksèng anèng wuri ||
  4. Panêmbahan Tapa wus dangu prangira | nindhihi pra dipati | amor yudanira | mungsuh lan Gôndariya | tan wruh yèn sultan wus têbih | palajêngira | Ki Tapa kang anunggil ||
  5. Cakrajaya angliwêr pangrasanira | gusti durung kajudhi | mila taksih kêkah | Tumênggung Cakrajaya | lan Ki Tapa tarung malih | Kyai Rungbinang | maring kapitan angling ||
  6. tuwan wingking punika wontên sanjata | parandene wus têbih | inggih palajêngnya | Pangeran Purubaya | miwah Sultan Bantên têbih | dawêg anabrang | sintên puniki jurit ||
  7. nabrang ngalèr ki tumênggung lan kapitan | prapta salèring kali | majêng ngilèn samya | Ki Tapa dènira prang | maksih ngajêng ngidul sami | mungsuh Kapitan | Gôndariya jêngnèki ||
  8. majêng ngalèr rame dènnya prang Ki Tapa | sangking wetan ginitik | mring Kapitan Bagrak | lan Tumênggung Rungbinang | kagum samya gêbyur kali | anunjang mêngsah | Gôndariya nadhahi ||
  9. ting karambang sangking pinggir binêdhilan | pati-pati tumbaki | langkung karisakan | Ki Cakrajaya lawan | Ki Tapa rowangirèki | akèh kang pêjah | miwah kang sami kanin ||
  10. pan kasaput ing dalu luwar kang aprang | Ki Tapa bêngi-bêngi | maksih talusupan | lêlampah ing padesan | ana baris kèndêl sami | kagyat Ki Tapa | mungsuh panarkanèki ||
  11. dangu-dangu anon wong Bantên syaranya | Ki Tapa marêpêki | nyata rowangira | wus manjing pasanggrahan | mung lêlima rowangnèki | datanpa kuda | prapta lajêng anangis ||
  12. yudanira anindhihi Cakrajaya | pisah sarêng malêncing | wong Pagêlèn edan | gêtas têmên ing aprang | tobat tan pantês kinanthi | dawêg amisah | sultan alon nauri ||
  13. gih puniki kakang mas Adiwijaya | nèng Ngulakan anganti | nimbali ing kula | si kakang Mangkudirja | milane wau duk jurit | mungsuh wong Têgal | wong Pagêlèn sawiji ||
  14. nora nana iya kang milu maringwang | mung kang
Baca juga  Sejarah Solo (4): Keraton Porak Poranda

— 46 —

Mangkudirjèki | ugul yudaningwang | wong Têgal kèh kabranan | sadalu ngungun ing pikir | wuwusên enjang | budhal angetan sami ||

  1. mring Ngulakan prapta panggih lan kang raka | Pangran Diwijayèki | sami rêrangkulan | yayi mas karsaningwang | yèn adhi maksih anunggil | lan raka para | dhimas Purubayèki ||
  2. tanpa wêkas lan dede kang sinêcahan | mratikêlakên nguni | ênggèh yayi reyang | wêlingi raka dika | sang nata pan amung mami | ngundhagènana | satingkahing ajurit ||
  3. puniki ta wontên kang saguh tumuta | bêdhah Toyamas gampil | kalawan paekan | lawan Si Mangkudirja | ingkang dipun bêbotohi | lan yayi sira | ing prang amratikêli ||
  4. nora dene prakosa bêdhah nagara | yèn bênêr pikirnèki | mungsuh tikêl kalah | mêngkono bisa reka | anging kang tinêdha adhi | yèn kalakona | bêdhah Toyamas adhi ||
  5. mung wong sèwu ing Pamrêdèn lan ing Banjar | mêngko wus sun lilani | yayi lêstaria | besuk ing karsanira | mêngko Si Suradipèki | wus ingsun pacak | iya nama bupati ||
  6. sun arani Tumênggung Suradilaga | rongatus sun sangoni | bumi gowong iya | rêmbug lan Mangkudirja | iki sagung pra dipati | nèng Kêdhu samya | anggung kasoran jurit ||
  7. langkung eca tyasira myarsa wacana | Sang Prabu Pakungwati | mingsêr barisira | mring Langon Kilènpraga | Pangran Adiwijayèki | lagya pirêmbag | lan Prabu Pakungwati ||
  8. Pangran Purubaya wangsul barisira | marang kadêmèn malih | Pagêlèn wus eca | mungsuh sami anêbah | kunêng Kêdhu kang winarni | para dipatya | prajurit ing Mantawis ||
  9. Adipati Suryanagara minôngka | pangirit senapati | kalawan Pangeran | Arya Natakusuma | akathah kang pra dipati | ing sapunika | tinutup ing Kumpni ||
  10. Mayor Pèbêr lan pan Dêr Pol kang lumampah | Sungrat lan Kulman sami | rame katadhahan | prangira nèng tareka | Pangran Natakusumèki | sêntananira | têtiga kang ngêmasi ||
  11. kadangipun Tumênggung Môndraka pêjah | pun Môndradiranèki | miwah prajuritnya | Radèn Suryanagara | kalih pêjah pitu kanin | Kumpni pêthak | sawêlas kang ngêmasi ||
  12. Bugis Bali wontên tigang dasa pêjah | Kumpninipun Trai | êpur yudanira | pan sami rêmpunira | langkung ramening ajurit | pambujungira | sagung kang pra dipati ||
  13. pangêsuke kongsi mèh prapta ing Sêcang | pabarisan Kumpni | lajêng pirêmbagan | sagung kang pra dipatya | dene wadining Kumpni | bêbantunira | kang prapta wanti-wanti ||
  14. rêmbag sami tur uninga mring Mataram | nênggih mring senapati | Pangran Adipatya | Mangkunagara gènnya | ing Pajagalan [Paja…]

— 47 —

[…galan] Matawis | mangkya gènira | majêng barise malih ||

  1. Têgal Bayêm sakidulipun Tangkilan | dadya rêmbage sami | dhatêng ing Mataram | benjang nadyan mangsaha | sangking kidul rêmbag sami | tilar punggawa | nèng Kêdhu mung kêkalih ||
  2. Singaranu lan Tumênggung Sindugalba | mantri kang dèn kathahi | mantri kalih dasa | jaga ngriwuk kewala | jêbul kanan jêbul kering | jêbul ing ngarsa | miwah jêbul ing wuri ||
  3. sampun dadya kang rêmbag dalu angkatnya | kang nêdya mring Matawis | nênggih Pangran Arya | Natakusuma lawan | Dipati Suryanagari | Tumênggung Mônda- | raka Wiradigdèki ||
  4. Ki Tumênggung Jagalatan Pusparana | praptanirèng Matawis | pacak baris samya | nèng Jamus Pakangkungan | ngajêngkên baris Kumpni | Trayêm pangarsa | Kumpni duk miyarsi ||
  5. nênggih lamun Dipati Suryanagara | lan sakancanirèki | sami mring Mataram | Pangran Natakusuma | miwah sagung pra dipati | Kumpni sigra | majêng barisirèki ||
  6. dhusun Panggondhangan sampun jêng-ajêngan | lan Suryanagarèki | sigra tur wuninga | ing Pangran Adipatya | Mangkunagara bantoni | Kudanawarsa | wus campuh ing ajurit ||
  7. apan mêksa kasoran kang pra dipatya | gênge baris Kumpni | pun Kapitan Sungrat | pan Drê Pol lawan Luknan | Kulman Sakèbêr gêdhugi | atur wuninga | marang pangeran malih ||
  8. lamun Suryanagara Kudanawarsa | lan sagung pra dipati | tuwin ingkang paman | Pangran Natakusuma | lami kasoran ing jurit | langkung gêngira | inggih baris Kumpni ||
  9. sigra Pangran Dipati Mangkunagara | têngara budhal aglis | arsa anggêcêka | kang baris Pagondhangan | gumrêgut wadyanirèki | ing Jamus prapta | panggih lan pra dipati ||
  10. wau Pangran Dipati Mangkunagara | parentah pra dipati | akarya pangawat | Paman Suryanagara | Môndraka Wiradigdèki | sira dadia | iya pangawat kering ||
  11. paman Natakusuma Kudanawarsa | têngên kang sira goni | sigra parêng mangsah | baris Kumpni mêdal | sigra campuh ing ajurit | dhadha pangawat | rame bêdhil-binêdhil ||
  12. wadya môncanagara kinèn malawang | bêdhahing kanan kering | Tumênggung Kaduwang | Magêtan Jagaraga | Balora lan Pranaragi | ewon turôngga | kang dhadha ngangsêg sami ||
  13. ya ta Pangran Dipati Mangkunagara | anrêgakên prajurit | Kumpni tumingal | mungsuhe langkung kathah | bubar kang bala Kumpni | mundur atata | lajêng sinêrot wani ||
  14. kuthetheran Kumpni palajêngira | pondhoke dèn obongi | Pagondhangan sirna | ngumpul [ngumpu…]

— 48 —

[…l] Tarayêm nulya | Pangran Mangkunagarèki | lan pra dipatya | mundur mring Jamus malih ||

  1. pêparentah Pangeran Mangkunagara | mring sagung pra dipati | padha ngriwukana | sakiwa têngênira | kang pêdhak baris Kumpni | rusakên padha | dimèkne yya kuwawi ||
  2. angulari iya panganing Walônda | sandika pra dipati | Pangeran Dipatya | Mangkunagara budhal | wangsul Têgal Bayêm malih | prapta anulya | kang paman dèn aturi ||
  3. Pangran Adiwijaya Langon barisnya | lan Prabu Pakungwati | lagya pirêmbagan | Tumênggung Mangkudirja | kalawan tumênggung malih | Suradilaga | ingkang kinèn rumiyin ||
  4. angumpulna tata-tata prajuritnya | yèn wus samêkta sami | nuli utusana | iya bocah sausap | ingsun budhal lan si adhi | kalih punggawa | budhalira dhingini ||
  5. nulya prapta wau dutane kang putra | kang rama dèn aturi | sokur lamun lêga | malah kang ingaturan | sang prabu ing Pakungwati | nanging tan lêga | èwêt manawi salin ||
  6. kang pinikir sampun kêncêng pikirira | mukul Banyumas malih | dadya mung kang raka | Pangran Adiwijaya | ing Têgal Bayêm wus prapti | panggih kang putra | kang putra angujungi ||
  7. wusnya tata dènnya sami pilênggahan | kang ngadhêp dèn tundhungi | mung pangulunira | lawan Kudanawarsa | kang kinèn angadhêp sami | sigra pangeran | lair sarkaranèki ||

12.Dhandhanggula

  1. matarèkakên ing paman nênggih | Pangran Dipati Mangkunagara | malik ing tingal karsane | mungsuh ing rama prabu | rêbut bêja ing tanah Jawi | Pangran Adiwijaya | wau duk angrungu | sidhakêp astapirolah | pikir apa iya kang mangkene iki | dene liwat nglêngkara ||
  2. nora patut babo anak mami | pan dhèwèke kawilang prawira | kalok ing jagat wiryane | ing aprang sudibyanung | yèn jêbula pikir nyêkuthis | kalok rêbut cakotan | saru yèn rinungu | duraka wani wong tuwa | nadyan padha wong tuwa ramanirèki | kang sumare Lawiyan ||
  3. durung ambêciki ing sirèki | iki iya padha ramanira | mring sira akèh bêcike | wus kêrêp atêtulung | lamun sira kasoran jurit | kinukup dinandanan | lamun sira rêmpu | ingulih-ulih kalakyan | ingulihkên malih mring bawahirèki | pinikul ingawakan ||
  4. dèn andhêmi praptèng baya pati | babo nyawa apa walêsira | wong tuwamu apan akèh | dene mung siji iku | kang anyangkul ing baya pati | kang putra lon [lo…]

— 49 —

[…n] turira | paman kang puniku | sami ugi lan kawula | yèn kinarya manggala inggih ngandhêmi | rêmak dipun bandhêmna ||

  1. ujêr rayi sampeyan pribadi | kasangêtên anggêga pun rôngga | kang tinut sapanggawene | kang paman asru muwus | reyang iki durung mênangi | kalamun adhi rôngga | duwe atur dudu | wus lawas reyang kêkancan | aja sira nganggêp atur tan sayêkti | wong ala amrih bubrah ||
  2. kang kelangan mung sira pribadi | iya amung lawan pamanira | ing tanah Jawa rusake | karana roro iku | kang têtela bisa nglakoni | amikul tanah Jawa | karsaning Hyang Agung | dene kang akèh kang padha | andhêdhumpil amèk waris ing sirèki | lan maring rama para ||
  3. pituture anglir toya mili | Pangran Adiwijaya mring putra | Pangran Mangkunagarane | kang putra sêmunipun | datan keguh saengga wukir | kêna ngangin ukuran | tan môntra ing sêmu | yèn tabêtkên nèng maruta | dadya bantu Pangran Adiwijayèki | lir kanin kêni gotra ||
  4. kadang lawan kaponakan sami | tyasnya kadi kasêsêlan arga | nênggak kumêmbêng waspane | tan pamit unduripun | lajêng budhal sawadyanèki | Pangran Adiwijaya | karsane anusul | mring kang rayi asêmaya | angantosi sang rajèng Mangkarawati | Pangran Mangkunagara ||
  5. panyanane kang paman duk mijil | mundur marang pakuwon kewala | tan dipe lajêng budhale | dadya kinèn anusul | Jagalatan ingkang tinuding | lampahe sêsandêran | nèng marga kasusul | umatur Jagaulatan | kathah-kathah pangandikanira aris | Pangran Adiwijaya ||
  6. Jagalatan umatura aris | iya marang ing bêndaranira | lamun mangkono karsane | ingsun tan bisa ngrungu | angur adoh wak ingsun iki | nora kagawa-gawa | iya ngalèr ngidul | Pangeran Adiwijaya | datan kêna ingaturan wangsul malih | lajêng sabalanira ||
  7. Jagalatan datan antuk kardi | ingkang paman tan purun wangsula | wus lajêng lan sabalane | ingkang rayi kasusul | sang aprabu ing Pakungwati | nèng dhusun Pagadhingan | dènira kasusul | sami lajêng lampahira | marang Gowong nungkak kang punggawa kalih | kang kinèn kumpul bala ||
  8. Ki Tumênggung Mangkudirja nênggih | lawan Tumênggung Suradilaga | wau wong agung kalihe | kèndêl ing lampahipun | Kaliabo ing sawadyèki | pan lajêng masanggrahan | wadya sami cucul | tan atêbih ênggènira | Sultan Bantên lan kang raka mung lêt kêdhik | satêngah dhusun Wangan ||
  9. salèr Wangan kang dèn pasanggrahi | wau Pangeran Adiwijaya | Sultan [Sulta…]

— 50 —

[…n] Bantên ing kidule | Pangran Diwijayèku | lajêng siram dhatêng ing kali | lèpèn agêng lèr desa | ing jêjurang punthuk | margi sangking lèr punika | kawuwusa bala Kumpni sakenjing | lêlampahan anglarag ||

  1. Singaranu ingkang dèn parani | nanging amung manggihi sakêdhap | angical Singaranune | Kumpni nêdya wangsul | Luknan Kulman ingkang nindhihi | dragundêr tigang dasa | Bugis lawan Wangsul | sadaya mung kalih bêlah | wonge Jawa kalih atus winitawis | mantrine mung lêlima ||
  2. Kumpnislam mung Kapitan Trai | anèng marga Mênorèh kapapag | kaki-kaki sangking kilèn | ngênthir palayunipun | dèn adhangi mring para mantri | kaki sira mandhêga | pagene lumayu | kaki tuwa saurira | Kaliabo kula punika angili | wisma kula kabrokan ||
  3. ing Pangeran Adiwijayèki | inggih prapta sangking wetan lawan | sultan ing Bantên sarênge | upêsir sami ngrubung | apa akèh bature kaki | ature botên kathah | wontên tigang atus | balanipun kang akathah | wontên Gowong Kulman lan Kapitan Troi | arêmbag pinurugan ||
  4. nanging cêdhêp sampun ta katawis | nadyan mukul têtambur yèn nyêlak | yèn sampun katon mungsuhe | sigra ngilèn wadyagung | pan adhêdhêp lampahirèki | wontên kacèt satunggal | magang têgêsipun | gêng inggil Walandinira | kang anêmên wontên ing ngarsa pribadi | lampah Kumpni prapta ||
  5. dhun-udhunan gok-enggokan margi | katon anjirap wong angon jaran | Kumpni anambur age | umyang surak gumuruh | dragundêre garudug bêdhil | gègère abusêkan | kuwur kawur-kawur | pangeran kasusu mêntas | reyab-reyab lan bok ajêng Gôndasari | Kumpni tan wuninga ||
  6. pan angawur dènira bêdhili | sipat katon dèn bêdhil kewala | gamêle amapagake | pangeran kudanipun | ri saksana sampun anitih | mundhut waos tan ana | wurung arsa ngamuk | arsa nyandêrakên kuda | sêliripun anjêlih bok Gôndasari | sambat-sambat pangeran ||
  7. Luknan Kulman lan kadhèt miyarsi | Walônda magang anarik pêdhang | sinogok jôngga iringe | yèn angarsakna laju | kadi botên dipun tututi | pijêr akuthêkêran | nganti sêliripun | arsa binoncèngkên kuda | sigra kadhèt lan tambur sami mêdhangi | sayah pangeran rêbah ||
  8. prapta Tulung rajèng Pakungwati | nêmpuh angamuk kuda sadasa | wontên salawe dharate | anunjang ngamuk punggung |

— 51 —

tinadhahan Kapitan Troi | wantu sampun kapapan | ngamuk tan pakantuk | prajurite mati papat | Sultan Bantên undure dipun bêdhili | bênggang mring kidul desa ||

  1. sangkin kathah prajurit kang rakit | wontên sèkêt kang sampun samêkta | amor Sultan Bantên age | tambur banderanipun | Sultan Bantên ingkang nindhihi | nging maksa katadhahan | kari tatanipun | Walandi kadhèt kang magang | ingkang mocok utamangganing prajurit | Pangran Adiwijaya ||
  2. lajêng bubar kang bala Kumpni | nuju mayor sangking Sêcang prapta | mring Tarayêm sabalane | Luknan Kulman kasusu | dèn kêkinthil marang kang abdi | Pangran Adiwijaya | lan ki rayi wau | pan Sultan Tubagus Buwang | kêdah ngamuk angrêbat datan pakolih | kêdhik sampun kapapan ||
  3. sapraptane sabrangan Paragi | kang nututi wus wangsul sada | Sultan Tubagus Buwange | Kulman lan Troi sampun | lampahira Tarayêm prapti | katur satingkahira | duk wau prangipun | lan Pangran Adiwijaya | anèng Kaliabo kapupu ing jurit | lawan sêlir kabandhang ||
  4. Mayor Pèbêr undhang pra dipati | samya prapta tumênggung sadaya | Tumênggung Wiradigdane | myang Surajênggalèku | miwah wau Ki Rajaniti | mustaka munggèng talam | wontên ing bêbangku | sami kinèn mariksaa | punapinggih antuke Kulman puniki | Pangran Adiwijaya ||
  5. rurub sinjang pêthak dèn ungkabi | sarêng jêtung marêbêl kang waspa | Tumênggung Wiradigdane | sarwi asênggruk-sênggruk | duk tumingal Ki Rajaniti | miwah Malang nagara | Surajênggalèku | pra dipati pan sadaya | rawat waspa asêrêt saurirèki | inggih yêktos pangeran ||
  6. Mayor Pèbêr sigra mundhut mantri | kintun sêrat marang ing Samarang | dragundêr rolas lampahe | lawan mantri pêpitu | kuda sèkêt ingkang lumaris | angatêr lampahira | mustakanirèku | praptane nagri Samarang | wus tinampan tinulak dutanirèki | mantuk bêkta parentah ||
  7. Dyan Sakèbêr carakane manggil | Kapitan Bagrak lan Arungbinang | kang abaris ing Pagêlèn | sami prapta ing Kêdhu | duta sangking Samarang prapti | lamun ta Luknan Kulman | punika jinunjung | nênggih anama kapitan | lawan kadhèt Walandi magang kinardi | kurnèt sami sakala ||
  8. Kumpninira Kapitan Troi | koprale sami minggah sarean | sarean minggah alpèrès | pawarta wus misuwur | Adipati Suryanagari | angaturi wuninga | lamun sedanipun | Pangeran Adiwijaya | prang ing Kaliabo

— 52 —

kapupu ing jurit | carakanira prapta ||

  1. mring Pangeran Mangkunagarèki | duk miyarsa sigra gya têngara | samêkta budhal barise | majêng amor panganjur | ing Tarayêm arsa ginitik | nanging kathah kang malang | pangran langkung bêndu | kapupune ingkang paman | lir taksaka molah pinidak kang pêthit | dene kang pra dipatya ||
  2. milanipun sami dèn aturi | ing Tarayêm lagya pakumpulan | Kapitan Bagrak Pagêlèn | lan Arungbinangipun | lan akathah bêkta prajurit | wadyanira Pangeran | Mangkunagarèku | parentah anglèncèrana | mring Tarayêm Suryanagara Dipati | pangiriting gêgaman ||
  3. ing Tarayêm sami ngati-ati | mungsuh katingal ewon kudanya | sami maliwat lampahe | wau ta kang winuwus | Pangran Arya Purubayèki | miyarsa yèn kang raka | ing aprang kasambut | langkung sungkawèng wardaya | sêdhih kingkin barise wus mundur malih | marang wetan Paraga ||
  4. wus arêmbag dènnya karya tulis | Pangran Dipati Mangkunagara | atur wuninga badhene | mring kang rama sang prabu | ingkang wontên môncanagari | mantri Suryanagaran | sakawan tinuduh | kunêng malih kawuwusa | ingkang lagya angradin môncanagari | sang natèng Kabanaran ||
  5. sampun tumindak sri narapati | èstu nêdhaki mring Surabaya | mêdal ing Jipang badhene | inggih sakidulipun | Pandhantoya kang dèn margani | dènira masanggrahan | anèng Pandhanbanyu | margi èwêt môngsa jawah | mila rubêt ing lampah rêmbag sayêkti | anèng ing tanah Jipang ||
  6. dutanira Pangran Singasari | prapta ngaturkên pranakan Jipang | anak putu Mataune | têtiga ingkang sêpuh | Natapura lan Kartasari | katiga Jayèngrana | ing sakaturipun | apan sampun tinarima | pinarapat ing Jipang ingkang nyêpuhi | Tumênggung Natapura ||
  7. wolung èwu ing Jipang nagari | Natapura ingkang dadi tuwa | lungguh patang èwu dhewe | kêkalih arinipun | Jayèngrana lan Kartasari | sami angalih bêlah | kalih bêlah èwu | sèwu pinundhut sang nata | salamine dadya tumênggung amiji | pun Suradimanggala ||
  8. duk maksihe anèng Sokawati | pun Tumênggung Suradimanggala | sampun dadi punggawane | dene kang pitung èwu | tinanêman punggawa katri | sami sakadangira | anaking Mataun | bupati ingkang têtiga | pinaringkên dhatêng ingkang rayi malih | Pangeran Singasêkar ||
  9. anèng Tuban Pangran Singasari | mila datan asowan kang raka | dènnya andina prang rame | lan Tumênggung Sidayu |

— 53 —

mungsuh malih Petor Garêsik | ing Lasêm ing Lamongan | kang sampun anungkul | wus akathah balanira | miwah sagung pacotan mantri pasisir | suwita ing pangeran ||

  1. ing nalika wontên Pandhanwarih | nênggih wau kapatèn punggawa | Pangran Mangkudipurane | dipati ing Madiun | sri narendra gupuh nêdhaki | marang pakuwonira | Pangeran Madiun | kalangkung pangungunira | ingantukkên pinêtak Madiun nunggil | ing kaki buyut canggah ||
  2. ya ta wau parentah sang aji | marang Dipati Wiranagara | kinèn dhingini budhale | sangking ing Pandhanbanyu | ngidul ngetan lampahirèki | anjog ing Wirasaba | wong Jipang kang tuduh | mantri sakawan wangsula | yèn wus nabrang wus anjog Wirasabèki | budhal sawadyanira ||
  3. lan Dipati Cêbolang tinuding | dadya pangarsa sawadyanira | mungsuh wus cêlak ênggène | prajurit Surèngkewuh | ingkang sami atêngga tamping | wontên dhusun ing Tambar | dêdamêle sèwu | nging mantri desa kewala | pacak baris Kandhuruan Kabulêngkir | kang baris anèng Tambar ||
  4. nata budhal sangking Pandhanwarih | Dêmang Sokawati kang sadasa | nênggih satus kapalane | winor munggèng ing ngayun | akanthia wong Surawèsthi | Dêmang Gogangdhalungan | lan Sokajêngkilung | Tambaktanèwung kalawan | Dêmang Mungkung Rajêgwêsi Gondhangrawing | tate angrusak jagang ||
  5. sangking Pandhantoya mung sawêngi | masanggrahan natèng Kabanaran | nuntên budhale enjinge | panganjur wus acampuh | lan prajurit ing Surawèsthi | wanci pukul sawêlas | para dêmang muwus | marang Dipati Cêbolang | ki dipati prajurit ing Surawèsthi | sampun wontên ing ngarsa ||
  6. sami sampeyan kèn wontên wingking | campuhing prang suraka kewala | Dipati Cêbolang linge | kakang Sokajêngkilung | miwah bapa ing Gondhangrawing | kula kang botên tega | bilih wontên mungsuh | adate wong Surabaya | para dêmang sadaya sami nauri | sanadyan mangkatêna ||
  7. ki dipati sampun walanggalih | apan sampun pandamêlan kula | Cêbolang asru wuwuse | bêdhile têlung atus | Kandhuruan ing Kabulêngkir | angling kang para dêmang | nadyan bêdhil sèwu | sagsana barise mapag | Ki Cêbolang balane ngêtêbi wuri | mungsuh wawas-winawas ||
  8. para dêmang atêngara bèri | lajêng kukuk sarêng nabêt kuda | nandêr pati patêmpuhe | binêdhilan gumrudug | misih nêmpuh ngilês turanggi | kagum wong

— 54 —

Surabaya | bubar kawur-kawur | malêdug kathah kang pêjah | sami ngungun Cêbolang prajuritnya ngling | mangkene tangkêpnya prang ||

  1. tan angrasa mungsuh manusèki | kaya amungsuh sato kewala | bêrêg kidang manjangane | sami suka gumuyu | Kandhuruan ing Kabulêngkir | bature kang kacandhak | mati kang pêpitu | barise gêrus agiras | arsa ngêsuk para Dêmang Sokawati | nging Dipati Cêbolang ||
  2. kèndêla sampun angungsir malih | apan èwêt ing ngajêng punika | kawit arupak papane | mung ngriki kang apatut | kang dadosa kanggenan baris | pasanggrahan sang nata | amot ing wadyagung | kèndêl ngaturi wuninga | wadya Surabaya wus samya angrakit | kang badhe pasanggrahan ||
  3. wisma dêmang dhusun agêng asri | atusan kali ngubêngi wisma | sami joglo gêdhe-gêdhe | sadaya wismanipun | dêmang ngêbyok pagêre bumi | kang jaga sêsaosan | pasanggrahan prabu | sarawuhira sang nata | saha bala ing Tambar dèn pakuwoni | sagung dadya pangarsa ||
  4. atur sirah pêpitu kang kêni | Ki Dipati Cêbolang ngandikan | tinanggap ing saature | Cêbolang paran mau | bocah ngarêp dènnya ajurit | Cêbolang matur nêmbah | pan sarwi gumuyu | pukulun abdi paduka | ngeramakên Jangrana aturirèki | kadya ambêrêg sangsam ||
  5. datan môntra mêngsah manusèki | kadya amêngsah sato kewala | tan wontên mutawatire | sami suka gumuyu | ingkang wontên ngarsa nrêpati | sang nata angandika | wus watêke iku | yèn amungsuh padha Jawa | pêngrasane kaya andulu cêcindhil | kaya gitik kaluwak ||

13. Pocung

  1. sang aprabu alon pangandikanipun | iya kari pira | kutha ing Surabayèki | inggih kantun sadalu margi kewala ||
  2. wadyanipun pangarsa sadayanipun | kinèn ngêlar-êlar | jajahan ing Surawèsthi | kanthi lawan wonge Dipati Cêbolang ||
  3. langkung gugup caraka kadya sêsulung | kang maring Samarang | nêdha bantu kang prajurit | Mangkubumi dhêsak nagri Surabaya ||
  4. ya ta wau langkung sungkawa gupêrnur | cipta katiwasan | yèn bêdhaha Surawèsthi | nora wurung pasisir kerut sadaya ||
  5. sakèhipun loji-loji sadaya wus | kinèn urunana | bêbantu mring Surawèsthi | kantor-kantor kang sami tunggu dagangan ||

— 55 —

  1. kêna urun bantu mring Surabayèku | Mandar Bandhan Banjar | Sumênêp Sêmbawa prapti | sami tugur ing nagari Surabaya ||
  2. kumpulipun Kumpnine putih sèwu | Bali Bugisira | kalih èwu bêcik-bêcik | Madurane kang tugur langkung salêksa ||
  3. kriganipun wong Sumênêp tigang èwu | dêlèr wus putusan | mrasanak mring rajèng Bali | pan atumbas prajurit di tigang lêksa ||
  4. panêdhane amung antuk kalih èwu | ingkang pêpilihan | tugur ing Surabayèki | Panêmbahan Cakraningrat kang kinarya ||
  5. tindhihipun senapati ing prang pupuh | langkung pinasrahan | parentaha bali-bali | Cakraningrat ing tyas angguguk kewala ||
  6. badhenipun wus rêmbag lan pra tumênggung | nênggih Surabaya | ingkang jaga ambeyani | angangsahna ing layange kamôndaka ||
  7. wantu-wantu idêlèr dènnya kêkintun | marang panêmbahan | linopa pangrasanèki | nanging guguk lair batin panêmbahan ||
  8. wus arêmbug lan Tumênggung Surèngkewuh | ing sakarsanira | panêmbahan tan gumingsir | anaosi prabeyane kamôndaka ||
  9. reyalipun kewala kang patang èwu | cindhe satus kêmbar | ingkang warni sinjang kêling | lan sangkêlat sadaya pan tigang jodhang ||
  10. waosipun talêmpak landheyan wêrgu | sadaya nêmbêlas | balongsong mas sopalnèki | anyatail êmas sami tuwa-tuwa ||
  11. malihipun talêmpak landhoyanipun | pèlèt kang timaha | wêwolu êmas kang manjing | nigang reyal mas rêgi bèh ro sadaya ||
  12. pistulipun ingkang sêdhêng patang puluh | alus patang pasang | sinarasaha rêspati | pangidon mas lan kacu lopak-lopak mas ||
  13. kudanipun sakêmbaran kore dhawuk | kathah cinatura | atur-atur pakêkirim | kang sinarêng lawan surat kamôndaka ||
  14. dutanipun kêkalih wong Surèngkêwuh | Madura satunggal | andêl pun kuda prang langit | sigra mangkat mring Tambar katri caraka ||
  15. munggèng ngayun bêras kêbo lawan lêmbu | kabiri lan menda | pêpanganane tan kari | saisine Madura lan Surabaya ||
  16. praptanipun mas rôngga ingkang jinujug | caraka turira | kula dutane kang rayi | Cakraningrat lan caraka Surapringga ||
  17. ya ta gupuh duta ingirit lumêbu | gêgawane aglar | akathah awarni-warni | angêbêki jawi regol [rego…]

— 56 —

[…l] pasanggrahan ||

  1. canthèl atur mas rôngga ngandika mangsuk | prapta ngarsa nata | rôngga matur awotsari | dutanipun rayi dalêm ing Madura ||
  2. kanthènipun kalih duta Surèngkewuh | carakèng Madura | nama pun Kuda Pranglangit | Surapringga pun Ngabèi Suradirja ||
  3. malihipun pun Dêmang Sirnabayèku | sang nata ngandika | iya timbalana aglis | rôngga mêdal lêbête ngirit caraka ||
  4. praptanipun ing ngarsanira sang prabu | carakèng Madura | sigra pun Kuda Pranglangit | sèlèh dhuwung mangsah ngaras padèng nata ||
  5. sru gumuyu sang nata têtanya asru | sira salamêtan | wong iki kaping pat iki | Si Pranglangit bae sok ingkang dinuta ||
  6. unduripun tan sinung doh lungguhipun | ngaturakên surat | tinampan angandikaris | hèh Pranglangit iki apa nganggo gêmak ||
  7. nêmbah matur Pranglangit sarwi gumuyu | pukulun narendra | môngsa sandea gih pasthi | panuwune pêksi ing jêng padukendra ||
  8. suratipun binuka sinukmèng kalbu | tur sêmbah kawula | katura ing padukaji | rayi dalêm pun Adipati Madura ||
  9. kula nuhun ing karsa tuwan pukulun | têdhak wontên Tambar | arsa dhêsêg Surawèsthi | lah ta inggih pakantukipun punapa ||
  10. pan pukulun kawêca prajurit punjul | tilara ukara | ing krama anglêbur niti | sakalangkung inggih pangowêl kawula ||
  11. inggih lamun paduka prang tambung laku | apan jêng paduka | karsa ngradin tanah Jawi | atêtulung dhatêng ing manusa Jawa ||
  12. arsa gêpuk suku nagri Surèngkewuh | wadhuk ing Samarang | sirah nagari Batawi | langkung nistha prang kawit pêthit ginêcak ||
  13. sakalangkung kanisthan dalêm pukulun | lamun makatêna | paduka kalok ing bumi | yèn prajurit sudibya utamèng laga ||
  14. lêrêsipun anggitika sirah wadhuk | Batawi Samarang | apan wong Jawa puniki | pra dipati taksih samya ngingu sadat ||
  15. pasthinipun sadaya angayun-ayun | têrus kabatinan | mujèkakên padukaji | tinulusna dening Hyang Jalawangaja ||
  16. wuwuhipun ing kaprajuritanipun | mugi ta sagêda | têtulung sêdhih ing dasih | prihatine wadya pasisir sadaya ||
  17. lah pukulun punika pamujinipun | kang abdi sadaya | gêdhe cilik wong pasisir | wong mêngkono munduran arsa ginêcak ||
  18. sampun tungkul batin cipta kang satuhu |

— 57 —

pamujining wadya | wajib paduka lawani | yèn tulusa ambêg umbul-umbul Kuran ||

  1. tiwas rêmpu kalongan kelangan tuhu | lair batin tuna | buwang pamujining dasih | sapasisir padha lan wali wolulas ||
  2. yèn pukulun anêtêpi kang satuhu | ambêdhah Sêmarang | bêdhah bêcik ora bêcik | sok si sampun pêdhot ing niyat kewala ||
  3. sang aprabu duk miyarsa aturipun | kang rayi Madura | kang kawrat sajroning tulis | langkung lêrês kautaman kaluhuran ||
  4. sêratipun kang munggèng wêkasanipun | nuwun kintun gêmak | lan angaturakên bêkti | prasêtyane pun Tumênggung Surabaya ||
  5. kalihipun punika kang atur-atur | kados botên kirang | sangking salêksa pêngaji | kadyaparan yèn tuwan nutugna karsa ||
  6. abdi sampun mêdal katêmênanipun | lamun rinusaka | ing tingkah ngudubilahi | botên arus pinanggih ing kadis kiyas ||
  7. sampun lêsu niyat ilang sêrêngipun | lingsêm binanjurna | mèh dudu darahing aji | wong anêrak maring ujar kabêcikan ||
  8. mung sadalu duta sinungan sul-angsul | pinangadêg samya | miwah krisami pinaring | enjang pamit mantuk duta Surapringga ||
  9. pêndhakipun enjing nimbali wadyagung | Dipati Cêbolang | lan sagung kang pra dipati | ing bang wetan dinangu sudaning udan ||
  10. ing puniku rina wêngi jawah agung | nuju wulanira | Mulud Êje punang warsi | aturipun pun Adipati Cêbolang ||
  11. inggih nuhun tangèh kantun kawan tèngsu | kados wulan Arwah | punika ngarang-arangi | yèn punika èstu tan kenging pinêrak ||
  12. sang aprabu alon pangandikanipun | yèn mêngkono apa | iya enak dèn unduri | mêngkenea karya musakating bala ||
  13. pakalinthuh akèh têmên kuda lampus | Dipati Cêbolang | tuwan ngarsakna ngèndêli | kang priyogi ing Madiun Pranaraga ||
  14. liyanipun nagari botên kacakup | lah iya Cêbolang | mung roro iku kasaid | kanggonana sangking gunging wadyaningwang ||
  15. rêmbagipun sampun dadi unduripun | dhatêng Pranaraga | nèng Tambar wus kalih sasi | dèrèng wontên mêndhane andina jawah ||
  16. milanipun punggawa sami turipun | ngaturi mundura | dhatêng Pranaraga malih | nanging sami undhang sayaga kewala ||
  17. pan kasaru wontên sêmpalan sinêndhu | punggawa satunggal | amanggih sêrik ing galih | ngandêlakên wong lawas bangêt sipipnya ||

— 58 —

  1. Ki Tumênggung Jipang nênggih namanipun | Suradimanggala | salamine murang-muring | lêlungguhe têka kèh kang lagi têka ||
  2. namanipun Tumênggung Natapurèku | sakadange ika | ingkang dadi mungsuh mami | mêngko têluk têka antuk sawah kathah ||
  3. jamakipun kang akèha sawah ingsun | dadya aputusan | mring ratu bibu narpati | nuwun tulung umatur ing putra nata ||
  4. sabinipun Natapura kawan èwu | sèwu kang dèn longa | wuwuhna lungguhirèki | rongèwu Tumênggung Suradimanggala ||
  5. ya ta wau nênggih kanjêng ratu ibu | kacangkol tyasira | dene ingkang abdi lami | padha-padha punggawa milu bêbakal ||
  6. Ki Tumênggung Suradimênggala iku | abagus agagah | tur prawira ing ajurit | dadya dhangan ratu ibu karya surat ||
  7. suratipun kang katur ing putra prabu | nuwunakên lênggah | wuwuh alênglênggahnèki | rongèwu Tumênggung Suradimênggala ||
  8. suratipun lumaksanèng kangjêng ratu | sapraptane Tambar | surat katur ing nrêpati | sangking ibu wus tinampan tinupiksa ||
  9. têmbungipun kang ibu ngaturi pemut | abdine kang lawas | punggawa tanapi mantri | sampun kongsi inggih nandhang kasusahan ||
  10. pun Tumênggung Suradimênggalanipun | bênêr panyuwunnya | awuwuha sèwu malih | dèn longêna lêlungguhe Natapura ||
  11. prandenipun inggih kantun tigang èwu | gih pun Natapura | sang nata dèn èngêt ugi | inggih pun Tumênggung Suradimênggala ||
  12. pan tumênggung tumut cablèk-cablèk lêmut | yèn darbe panêdha | sapatute dèn turuti | sampun kongsi ing tyas manggih kasusahan ||
  13. sawusira maos srat sang nata jêtung | nimbali mas rôngga | lawan Kaji Têpsirodin | katigane Kyai Ngabèi Duljalal ||
  14. katiga wus prapta ngarsanira prabu | Mas Rôngga Duljalal | sêrat winaos tumuli | wusnya têlas mas rôngga anênggak waspa ||
  15. ciptanipun tiwase sariranipun | pisahe kalawan | Jadirja Suryanagari | sabarang prakara nora bisa ngangkat ||
  16. suratipun lajêng sinungakên wau | Ngabèi Duljalal | lawan Kaji Têpsirodin | wus winaos sang nata asru ngandika ||
  17. lah ta iku pikire wong apa iku | nora rêrêmbugan | rôngga kalawan sirèki | apadene têtarèna mring wong tuwa ||
  18. bênêripun sun mêdhakkên wong tuwèku | ya Si Ngabduljalal | iku lungsuran bupati | Ki Tumênggung Wirasastra nagri Dêmak ||
  19. yêkti patut dèn saba jaluk pitutur | bêrkate wong tuwa | kacèk wiwekane

— 59 —

pasthi | wêruh maring alang ujuring prakara ||

  1. kang kadyèku anjaluk wuwuhe lungguh | nagari ing Jipang | tanpa mata tanpa kuping | apa uwis iya rata tanah Jawa ||
  2. dene besuk yèn wis bêdhah Surèngkewuh | iya ana uga | duwe panjaluk ngarani | ing samêngko sayêktine kudu beka ||
  3. apan iku dudu wit ing karsaningsun | adhi Singasêkar | panuwune marang mami | aprakara iya nagara ing Jipang ||
  4. nyaosakên paranakane Mataun | ginawe dangdanan | iku karêpe si adhi | ujêr bênêr dadi sun turut kewala ||
  5. dene besuk yèn tiwasa karyanipun | abêring ayuda | yêkti sun pundhut pribadi | sun salini êndi kang bêcik karyanya ||
  6. pasthi kono tibaning panjunjung ingsun | ing mêngko kayapa | lagi arungan ing kardi | apan uwis wong sèwu miji maringwang ||
  7. iku ingsun iya uwis nama nguthuh | pan nagari Jipang | sun srahakên mring si adhi | lagi ingsun macak manggalaning aprang ||
  8. sun paringi pawitan ing Jipang iku | sun long sèwu iya | lêlungguh sangunirèki | sun paringkên lungguh Suradimênggala ||
  9. lamun iku kurang upacaranipun | kaprabon punggawa | kurange busananèki | nênuwuna mring ibu iya prayoga ||
  10. jaluk lungguh ing nagara Jipang iku | ibu tan duwea | ingkang duwe iya mami | lagi ewuh samêngko iya ing Jipang ||
  11. kang sun tuduh kasenapatèn prang pupuh | dhimas Singasekar | Si Jipang dadi wêwinih | pawitane mêmangun asmarèng laga ||

14. Asmaradana

  1. sang nata ngandika malih | marang Ngabèi Duljalal | hèh Duljalal paran kuwe | paukumane bêbeka | ngrêruwêt ing prakara | ingkang kaya si tumênggung | iya Suradimanggala ||
  2. Ki Ngabduljalal wotsari | pukulun sumanggèng karsa | yèn katrapa ing lêpate | sawêg sapisan punika | kenging ugi ngantosan | dapur pênêd pun tumênggung | inggih Suradimanggala ||
  3. yèn kapuntêna utami | iya padha tuturana | dènnya abangêt lupute | aja mindhoni prakara | kang nora kabênêran | sang nata nimbali jagul | ing pawon kalih wus prapta ||
  4. nanging babêkêl tinampik | sang nata andikanira | kabêcikên bêkêl kuwe | misih wutuh kêkêrisan | misih wutuh bêbêtnya | golèka sikêp kang punuk | kang bêbêt bagor momohan ||
  5. kang sabuk dêbog sasuwir | tan adangu nulya prapta | sikêp bêbêt bagor amoh | sami sungsun punukira | kinèn ikêt siladan |

— 60 —

sang nata ngandika asru | padha mêtua paseban ||

  1. lan sira undhangana glis | kang pra dipati kang seba | Si Suradimênggalane | timbalana mring paseban | katri sarêng wêdalnya | undhangan kang pra tumênggung | sadaya wus sami prapta ||
  2. ya ta wau sri bupati | amuruk sikêp punika | ingkang kinèn dhawuhake | marang Suradimênggala | dangu pamulangira | kinèn bêkta aritipun | gêgaman kang sinangkêlang ||
  3. sigra sikêp kalih mijil | kang pra dipati wus aglar | ngadêg sarwi atêtakèn | pundi Suradimanggala | tumênggung sèwu Jipang | sigra wontên mantri tuduh | gih puniku ngarêp dika ||
  4. sigra sarêng malangkêrik | anjêlèh dènira ngucap | dubilah bagus rupane | patut dadia santana | sêdhêng yèn kumlungkunga | baya baik pêrangipun | hèh Si Suradimênggala ||
  5. timbalane sri bupati | sira jaluk wuwuh sawah | iya bumi Jipang manèh | alah si sèwu kewala | iya bumi ing Jipang | alapên kang wôlung èwu | aja tanggung babar pisan ||
  6. nuli mangkata pribadi | angambil nagara Jipang | nanging iku kang aduwe | ingkang rayi sri narendra | Pangeran Prabu Jaka | pinaringkên ing sang prabu | kang rayi sarta pinacak ||
  7. kasenapatèning jurit | ngrêbat pasisir bang wetan | samêngko Tuban ênggone | Pangran Arya Prabu Jaka | tundhungên gêntènana | têkanta jêjulukipun | pètên anggonên wasiyat ||
  8. Suradimênggala nangis | bupati môncanagara | prasamya gumujêng kabèh | para Dipati Mataram | tumut jêtung sadaya | dadya ngungkrêt gujêngipun | bupati môncanagara ||
  9. nanging maksih ting cakikik | mulat wau solahira | sikêp ingkang dhawuhake | solahe ladak kumêthak | ikêtipun siladan | anggung nyikud aridipun | dhawuhe anyêntak-nyêntak ||
  10. paranta aturirèki | hèh Si Suradimanggala | pijêr mrêbês mili bae | ya maune kaya ngapa | dene ta kaluputan | jamak nalaring tumênggung | pasthiga ambèn pêngpêngan ||
  11. nganggo nalar mata kuping | ngrungokêna dêdêlênga | wêruh ing môngsakalane | apa sun gêntèni sira | nanging gawe dêlajad | sikêp dadia tumênggung | pasthi rêngkaning nagara ||
  12. hèh Suradimanggèlèki | yèn tumênggung kaya sira | abêcik sikêp atine | ilok wêruh ing ukara | hèh Suradimanggala | pan sira iku tumênggung | mamak nora [no…]

— 61 —

[…ra] wruh ngukara ||

  1. iya patut dèn jêjuwing | tumênggung kang kaya sira | dene wus sèwu lungguhe | pilihan nagara Jipang | tur kang ngêlèh kewala | kurange prabot tumênggung | pan misih sangking sang nata ||
  2. durung tinungge sirèki | tinuduh bêdhah nagara | byung-êbyung tumênggung akèh | iya durung papak sira | kaya katri punggawa | Radèn Suryanagarèku | mas rôngga lan Jayadirja ||
  3. katri bupati ngêntasi | kang tate bêdhah nagara | ya katêlu parandene | nora mamak kaya sira | wus têlas kang timbalan | sikêp mangkat sarwi ngêntut | ngêdên mak brut sarwi kesah ||
  4. gumêr kang para dipati | gujênge ambata rêbah | nging môncanagara bae | kang pra Dipati Mataram | sami jêtung kewala | sikêp praptèng ngarsa prabu | umatur sasolahira ||
  5. mangkana ing lami-lami | wau Suradimanggala | tulus kalantur pikire | dènnya sangêt kawirangan | wus parêng takdiring Hyang | owahe apuranipun | Sri Bupati Kabanaran ||
  6. sigra dènira anuding | utusan amawi surat | mring Surabaya badhene | nora wruh yèn Surabaya | wus nungkul kabatinan | dutane jujug Mataun | kang tugur ring Surabaya ||
  7. yèn tinampana anuli | minggat marang Surabaya | anggawa saprajurite | kalih bêlah kêkapalan | kalih atus kang dharat | nanging Tumênggung Mataun | tan purun angaturêna ||
  8. nênggih marang senapati | Panêmbahan Cakraningrat | inganggêp dêdora bae | jinaganan amragalba | kayapa yèn têmêna | Suradimanggala iku | ing nguni panèkêt desa ||
  9. Suradiwôngsa namèki | mangkya kinarya punggawa | lêlungguh sèwu sawah loh | pêpilihan nagri Jipang | wijil panèkêt desa | ing mangke nama Tumênggung | Suradimanggala Jipang ||
  10. mila tan kandêl sayêkti | wau ulihe kang duta | dalu nasak wana gêdhe | nuju wana jinaganan | mring wonge Ki Dipatya | Cêbolang kang baris ngayun | panganjur manggalaning prang ||
  11. kawênangan dèn cêkêli | wonge Suradimanggala | katiga lampah pandunge | wus kacêkêl dhinedhelan | layange wus kacandhak | ing enjingira wus katur | marang Dipati Cêbolang ||
  12. sigra dènira lumaris | marang pakuwon mas rôngga | ngaturkên mratelakake | yèn wadyanira pangarsa | antuk srat lan bêbandan | mas rôngga miyarsa ngungun | sami sinimpên kewala ||
  13. rêmbag lawan Ki Dipati | Cêbolang lawan mas rôngga | sami nasabi lupute | nanging Suradimanggala | kêju tan purun seba | korèngên pawadanipun | tan [ta…]

— 62 —

[…n] kêmit datan aseba ||

  1. dinangu sakitirèki | gandhèk Radèn Darmasuta | korèngên mung sakadhêle | nora patut yèn dadia | mudhokakên wong seba | sang nata kalangkung bêndu | bedane wong anèng praja ||
  2. pabarisan akèh pikir | ya Si Suradimanggala | têka mêngkono budine | kaya ta wong wus aguna | mudhokakên paseban | dukane kalantur-lantur | rêmbêse pratingkahira ||
  3. lamun carakanirèki | nênggih Suradimanggala | kang sangking Surabayane | lampah dalu kawênangan | marang bala pangarsa | cinêkêl mring wadyanipun | sira Dipati Cêbolang ||
  4. dadya samya mrih nasabi | mas rôngga lawan Cêbolang | sampun pinundhut surate | katupiksa ing narendra | langkung bramatyanira | supe lamun wau-wau | wus dhawuh kang pangandika ||
  5. tan kêna mêtokkên gêtih | bupatine kawan wêlas | kang milu bêbakal kabèh | mêningi kalapa gêbang | miwah pama jakawal | ing punika gênging bêndu | kalingan sampun dilalah ||
  6. cinêpêng wus dèn lunasi | wau Suradimanggala | sami angungun kancane | wiwit prihatin sadaya | tan ana kang wania | umatur pratelanipun | yèn bupati kawan wêlas ||
  7. dhawuh pait ingkang gêtih | Mas Rôngga Wirasantika | kadhèwèkkên jrih kimawon | mangkana kang tuwa-tuwa | iki lamun anaa | Radèn Suryanagarèku | nora mangkene karsanya ||
  8. lamun punggawa wus dadi | dangdanan barang rinêmbag | pikir kang padha rujuke | aja ta pinisah-pisah | lamun iku pisaha | buwang dangdanan satuhu | yêkti ngêngêmbangi tiwas ||
  9. natèng Kabanaran nguni | anglurugi mungsuh kathah | nanging katri punggawane | Dipati Suryanagara | Rôngga Wirasantika | Tumênggung Jayadirjèku | katri punggawa dangdanan ||
  10. sabarang ingkang pinikir | sang nata anut kewala | yèn sampun rêmpêg pikire | Dipati Suryanagara | Tumênggung Jayadirja | mas rôngga katiganipun | dadi barang tinindakan ||
  11. pisahe punggawa katri | kari sawiji mas rôngga | tuna barang sapikire | mung ajrih kalong kanthinya | dadya niring prawira | yèn darbea karsa dudu | tan wontên purun malanga ||
  12. anane punggawa katri | ingkang sami purun malang | milaris barang karsane | punika kêkês sadaya | mila sangkin andadra | anggung karsa tanpa urus | tan mawi catur pariksa ||
  13. lagi ature wong siji | sanadyan roro têlua | kaparêng padha sêngite | gêmbul ngangsahkên wadulan | têka banjur ginêga | akirang polatanipun | kalamun panggawe ala ||
  14. kudu gêmêt kudu titi |

— 63 —

yèn ana atur wadulan | nora sah wong nênêm bae | wong pitu wolu sadasa | sanadyan mangkonoa | binobot wêwatêkipun | aja age gugu ujar ||

  1. wajib mariksa pribadi | amrih sah tibèng kukumah | kalamun ora mêngkono | kaya Suradimanggala | nadyan sinasabana | mring kancane pra tumênggung | prandene nêmahi lunas ||
  2. mangkana sri narapati | mèh bêdhah lêlakon giwar | sangking tipis têtalingne | para nyai juru wedang | Bok Suthup namanira | bojon pinilih rumuhun | nanging lakinira minggat ||
  3. tiyang sangking Surawèsthi | Pulangrêsmi namanira | mulih mring Surabayane | mangkya suwitèng Cêbolang | pan bêndarane lama | kinarya lêlurahipun | prajurit ing Surabaya ||
  4. ing mangke Sang Adipati | Cêbolang sowan sang nata | Pulangrêsmi maksih dhèrèk | dadya Bok Suthup punika | asring manggihi marang | Pulangrêsmi lakènipun | mring pondhokan Surabaya ||
  5. kawênangan dèn lunasi | sangsaya kêkês sadaya | wau sang nata budhale | sangking dènnya baris Tambar | Rabingulakir wulan | aparêng kala sinambut | kadhaton ing Surakarta ||
  6. lêlarèn pinagêr siti | nênggih pagêr buminira | têpung lan loji kang bètèng | ing Rabingulakir wulan | taun Je duk sêmana | anunggil sêngkalanipun | saptèsthi angrasa tunggal ||
  7. ing Dhukut wuku marêngi | wau natèng Kabanaran | ing marga tan winiraos | mundur praptèng Pranaraga | enggar kang wadyabala | rawuh pêndhak enjingipun | miyos siniwèng ing bala ||
  8. mêmacak para dipati | Madiun ingkang kinarya | nênggih anake kang anom | Pangeran Mangkudipura | Radèn Purwanagara | linajêng jêjulukipun | Pangeran Purwanagara ||
  9. ing Jipang sèwu kinardi | kadang Suradimanggala | anggantyani lêlakone | nama Suradimanggala | wontên caraka prapta | srat sangking kang putra katur | Dipati Mangkunagara ||
  10. bêbukane tur udani | kalamun wau kang paman | Pangran Adiwijayane | seda kasambut ngayuda | mungsuh Kapitan Kulman | nèng Kaliabo prangipun | sawêg mondhok tinututan ||
  11. nunggil rajèng Pakungwati | duk sami cucul turôngga | mêngsah punika praptane | pun paman Adiwijaya | inggih sawêg asiram | mungsuh prapta lajêng nubruk | mila tan kongsi kiwula ||
  12. sang prabu ing Pakungwati | ngamuk têtulung ing yuda | dèrèng pêpak prajurite | mila pamuke

— 64 —

katulak | rencange kathah pêjah | lan malihipun pukulun | kawula atur wuninga ||

  1. inggih dhatêng padukaji | pun Tumênggung Wiranata | lan pun Ranadiningrate | kesah wus tilar ing Sala | bêkti malih paduka | ingkang dados kesahipun | sangking paman Buminata ||
  2. bojone dipun rusuhi | mila botên angsal manah | samangke sangêt tobate | dhumatêng paduka nata | miwah dhatêng kawula | kula sumôngga pukulun | ing karsa tuwan sri nata ||

15. Sinom

  1. wau kalane miyarsa | sang nata raosing tulis | surat kang sangking Pangeran | Dipati Mangkunagari | nimbali pra dipati | para mantri praptèng ngayun | munggèng ngarsa narendra | wong Suranata pinilih | sru ngandika pan sarya anênggak waspa ||
  2. anak putu wruhanira | marma padha sun timbali | kakang mas Adiwijaya | seda kasambut ing jurit | nèng Kalihabo goning | lan Si Kulman mungsuhipun | duk lagi pamondhokan | kuda lagya dèn uculi | kang ngênginthil mungsuhe kasêlak prapta ||
  3. nora kongsi antuk bela | si adhi ing Pakungwati | angamuk-amuk katulak | prajurite kèh ngêmasi | malah ta dèn kêkinthil | mungsuhe saunduripun | sarwi marêbêl waspa | kang wadya duk amiyarsi | gumarênggêng pangungune wadya kathah ||
  4. pating salênggruk kang wadya | akathah ingkang anangis | sang nata malih ngandika | sajatine ingsun iki | pan iya nora pati | gagêtun ing sedanipun | dene abêring aprang | sok pisaha tanpa kardi | lan patine Si Tumênggung Jayadirja ||
  5. gêgêtun Si Jayadirja | sedane kakang mas iki | yèn prakara ing ayuda | ilang bauningsun kering | patine Jadirjèki | nanging sun rasa ing kalbu | tan duwe kadang tuwa | kang kari ing tanah Jawi | pan ing kono tyas ingsun kadya winêjak ||
  6. tinunggu ing kadang tuwa | aja kudu milu jurit | kacèk antêpa tyas ingwang | upamane cundhamani | ya ta kang wadya malih | angot kang pating salênggruk | kondur wau sang nata | cinarita madya sasi | datan antuk dhahar nendra madyadipa ||
  7. yèn dalu akêkayalan | awiyar ing Pranaragi | kêbon wanan sang dipatya | sang nata angingkis latri | anggung dènnya lunganis | tanpa rowang lamun dalu | anjajah pakêbonan | uyang sariranirèki | datan kêna narendra siniwèng wadya ||
  8. akarya tarub balarak | munggèng soring nagasari | pèrèng ngarsa [ngar…]

— 65 —

[…sa] yèn kondura | ri wusnya samadya sasi | wit lêjar tyasiraji | kondurira sang aprabu | lajêng dènnya parentah | ngundhangkên santri angaji | sabên dalu utusan binoja-boja ||

  1. enjing sang nata sineba | mijil ing pasowan jawi | aglar satriya punggawa | pramônca prawira mantri | miwah sagung prajurit | mantri prameya piyanjur | sang nata angandika | marang sagung pra dipati | hèh sakèhe Dipati Pajang Mataram ||
  2. padha sun lilani sira | mulih mring Pajang Matawis | nanging aja bêbarêngan | êlêta sapuluh wêngi | wong Pajang kang dhingini | wong Mataram kari pungkur | yèn besuk arang udan | dèn padha enggala bali | angsah ingsun ambêdhah ing Surabaya ||
  3. dene kang tunggu maringwang | amunga kang pra dipati | môncanagara kewala | mung putra santana kari | sandika pra dipati | malih ngandika sang prabu | Tumênggung Sindusastra | sira akaryaa tulis | angsul-angsul marang Si Mangkunagara ||
  4. lan malih kang saprakara | sedane kakang mas iki | uwis padha amupusa | iya wus takdiring Widhi | ajana kang prihatin | mring ajal wêwatêsipun | anungkulakên iya | ing pakarya mangun jurit | kapindhone pan iya parentah ingwang ||
  5. Si Tumênggung Wiranata | iya dèn ulihna malih | lungguh bupati pangarsa | aja owah kaya dhingin | iya amung sawiji | Ranadiningrat sun pundhut | praptaa Pranaraga | surat dadya sinungkên glis | mring dutane Pangeran Mangkunagara ||
  6. caraka pamit umêsat | kunêng gantya kang winarni | dêlèr gêlak dutanira | mring Pangran Mangkunagari | kathah dènnya kêkirim | amrih sangêt pisahipun | pangeran lan kang rama | duta dêlèr wanti-wanti | ing sêmune kadi ta anganggo japa ||
  7. kadya sela saupama | Pangran Mangkunagarèki | anggung pinocok ing waja | lami-lami têmah gigrig | budhal sangking Matawis | Têgalbayêm ngetanipun | kèndêl ing Pajagalan | alami sawêg anganti | pra dipati kang taksih ajêng-ajêngan ||
  8. agunêm nèng Pajagalan | Pangran Mangkunagarèki | kasaru dutane prapta | ingkang sangking Pranaragi | sêrat katur ing gusti | ingkang sangking rama prabu | tinampan tinupiksa | wusnya tarimanirèki | dènnya atur wuninga sedaning raka ||
  9. kaping kalih pêparentah | Tumênggung Wiranatèki | muliha karyane lawas | dadi bupati pangarsi | amung punggawa siji | Ranadiningrat pinundhut | praptaa Pranaraga | pangeran aniti-niti |

— 66 —

pandangune solah tingkahe kang rama ||

  1. yèn wus prapta Pranaraga | badhene kang pra dipati | sami kalilan mantuka | Bupati Pajang Matawis | sawingking kula gusti | pra dipati budhalipun | inggih benjing katiga | ingandikan wangsul malih | nutugakên karsa gêcak Surabaya ||
  2. ing Madiun pêjahira | Pangran Mangkudipurèki | mangke Rahadèn Sumbarja | sampun pinacak bupati | nanging namane maksih | Pangran Purwanagarèku | pangeran angandika | têka mêngkono kiyai | sabênêre iya anak kang atuwa ||
  3. Si Tumênggung Sumadirja | iya ing Magêtan iki | dene kang anom dadia | iya Magêtan prayogi | anulya dèn timbali | Tumênggung Sumadirjèku | lawan Ranadipura | Kudanawarsa wus prapti | pangulune Ki Iman wus tinimbalan ||
  4. sadaya wus samya prapta | lawan wadya mantri miji | pangeran alon ngandika | hèh Sumadirja sirèki | tanpa gawe ing mangkin | gonira milu maringsun | ramanira kang pêjah | Madiun wus dèn tanduri | kang pinacak arinira Si Sumbarja ||
  5. dene ta ing lakunira | iya karsane kiyai | ginawakakên maringwang | tinuduh umangun jurit | mêngko bapakne mati | têka kang anom tinandur | anyilikakên manah | kiyai ngowah-owahi | iya kaya lunase Tumênggung Jipang ||
  6. sadosane tinimbanga | pan durung sumurup yêkti | ya Si Suradimanggala | têka tan ana katolih | bature mangan kunci | mangan lo anèng wanagung | liwat milu kangelan | lara pati dèn labuhi | Si Tumênggung Suradimanggala Jipang ||
  7. iya ing mêngko sok wonga | gêlêm milu ing kiyai | ujêr wus sugih jajahan | nguni bêbakale yêkti | dèn bêbujung Kumpni | têlusupan jurang gunung | ing pirang-pirang wulan | mung mangan dhangkèling kunci | nora ginggang ya Si Suradimanggala ||
  8. bêsona-bêsono iya | sangking tan ngrasa sayêkti | kalamun dadia cacat | têka nora dèn maklumi | wus jamake wong cilik | akêdhik dêduganipun | Ki Iman matur nêmbah | lamun mangkotên ramaji | botên esak kang kocap ing kadis kiyas ||
  9. lamun panjênêngan nata | inggih angowah-owahi | lamat suda kang darajat | pangeran mèsêm ing batin | pangran ngandika malih | Ranadiningrat sirèku | pinundhut ing jêng nata | ngandikan [ngandika…]

— 67 —

[…n] mring Pranaragi | nêmbah matur Tumênggung Ranadingrat ||

  1. pukulun ajrih kawula | manawi dipun pêjahi | pangeran gumujêng latah | lah Kudanawarsa iki | wong siji kang nêmahi | kang akèh gêmpal tyasipun | jêr Suradimanggala | tunggale padha prajangji | lara lapa sisip kêdhik pinêjahan ||
  2. wonge kabèh kêkês padha | pêpintone kang sawiji | iya Suradimanggala | pan iku kancane lami | sapa kang manastèni | ngugung wong pakbêlas iku | pugawa lara-lapa | mêngko kabèh pasthi elik | sapatine ya Si Suradimanggala ||
  3. têtela kaca bênggala | mangkana tinundhung sami | payo padha makuwona | bubar sagung pra bupati | miwah pra mantri miji | mangkana ing dalunipun | miji papat ngandikan | lawan pangulunirèki | kanêmira Tumênggung Kudanawarsa ||
  4. sami munggèng ngarsanira | pangeran miyoskên pikir | dènira arsa mangkêlang | Kudanawarsa turnèki | dhuh anggèr kadipundi | sawêg inggih bekanipun | gusti rama paduka | adarbe karsa pribadi | inggih dene dèrèng radin tanah Jawa ||
  5. nanging ta sadasa-dasa | inggih pinupus ing batin | awon kocapa ing liyan | binêtahakên utami | pangeran ngandikaris | yèn aja bêtaha ingsun | dhingin mula wus êcrah | jêr kabangêtên kiyai | tômpa matêng mêntah-mêntah dikalêthak ||
  6. Tumênggung Kudanawarsa | aturira ngasih-asih | gusti paran kinarsakna | pikir kang botên prayogi | saru ing tanah Jawi | pan paduka putra sêpuh | tur paman mara tuwa | inggih ing don kadipundi | angandika Pangeran Mangkunagara ||
  7. lah iya Kudanawarsa | yèn ingsun maksiha nunggil | mati ngênês baya ingwang | nora bisa anglakoni | pangulune nambungi | tur sêmbah alon umatur | dhuh gusti makatêna | pundi kang botên kadugi | sakarsane inggih rama jêngandika ||
  8. inggih ngaturana surat | ing rama tuwan sang aji | tuwan darbea panêdha | yèn botên dipun sagahi | punika sêdhêng purik | pangeran ngandikanipun | yèn ingsun mangkonoa | pasthi nuli dèn timbali | karsaningsun aja kongsi tinimbalan ||
  9. yèn ingsun tinimbalana | yèn ora lumaku wêdi | witning ingsun lumakua | kapriye polahku benjing | ingsun katêmu wêdi | lagi mêngkono tyas ingsun | buh apa kang amawa | wêdiku kapati-pati | lumuh têmên ingsun iki katêmua ||
  10. bênêr anaa kang ngucap | kudu karusakan [karusaka…]

— 68 —

[…n] mami | puluh-puluh ingsun têmah | dadi mati dadi urip | lan kapindhone mami | ngaurip tiwas kalangkung | layone kangjêng rama | tan kêna tunggal Magiri | kaya ingsun kajaba trahing Mataram ||

  1. iki dêlèr ing Samarang | ngajak bêcik sun langgati | dèn eca ing pamrih ingwang | mung layone rama mami | sok ngumpula Magiri | amung iku pamrih ingsun | tan ana sêdya liya | mung layone bapa mami | sok ngumpula iya ana gunung Mêrak ||
  2. yèn ora sun langgatana | lupute pangarah mami | layone wong tuwaningwang | pan dhingin sanggup kiyai | iya amratikêli | maring Kumpni amundhut | layone ingkang raka | nora jêbul malah mangkin | lamun ora ingsun dhewe ingkang molah ||
  3. dene kiyai ing benjang | bangêt dêduka ing mami | kongsia mukul maringwang | dêlèr sanggup anulungi | wus matês pikir mami | Kudanawarsa umatur | nanging ta dipun sabar | mawia rèrèh sakêdhik | rama tuwan wong agung surayèng jagad ||
  4. aguna tur aprawira | wêweka sudibyèng wèsthi | Ki Iman nambungi sabda | inggih sayêktos sang aji | wong agung amupugi | ing aguna kasab lêmbut | prakosa môndrawignya | têtêp prawirèng ajurit | nanging mangke ing wêwatak sagêd owah ||
  5. dene inggih kongsi lunas | punggawane kang wus jangji | barênga sapêjah gêsang | lara-lapa dèn labuhi | lagi sisip sakêdhik | têka nora nana ketung | pratôndha bakal tiwas | mangke kolu anglunasi | mring Tumênggung Suradimanggala Jipang ||
  6. linalèkkên ing Yyang Suksma | apêse bakal mêrpêki | dene tan nganggo kemutan | abdine sabaya pati | setan ingkang ngalingi | sampun dilalah puniku | pasthi abdine samya | kang kari maras awêdi | dadi kaca inggih Suradimanggala ||
  7. wus dadi ingkang pirêmbag | nèng Pajagalan Matawis | mangkêlang amumpangkara | ing saèstu badhe mungkir | ya ta wau winarni | praptane kang sangking nglurug | bupati ing Mataram | katiga sarênge prapti | Jayaningrat Janapura Jasêmbodra ||
  8. Mas Rôngga Wirasêntika | pra Dipati Sokawati | sarênge mantuk sadaya | Bupati Pajang Matawis | kang sangking Pranaragi | wau bupati katêlu | praptane Pajagalan | lan pangeran sami panggih | tigang dalu kèndêl anèng Pajagalan ||
  9. langkung sami sukanira | dinangu solahing nguni | ing nalika baris Tambar | katur miwiti mêkasi | ingkang dinangu

— 69 —

malih | kalane panglunasipun | wontên baris ing Tambar | ing nguni dènnya matèni | mring Tumênggung Suradimanggala Jipang ||

  1. kalangkung dados wêlasan | rama paduka sang aji | sangmangke ewah kang karsa | ingkang ngabdi kêkês sami | pun rôngga mangke jêgrik | de tan purun darbe atur | mêrbês mili kewala | ing nalika dèn lunasi | pun Tumênggung Jipang Suradimanggala ||
  2. rencangipun lara-lapa | karo cawêt dèn lakoni | bêlusukan saba alas | amung mangan dhangkèl kunci | mangke karta sathithik | sugih brana sugih batur | lali abdine lama | ingkang milu baya pati | pun Tumênggung Suradimanggala Jipang ||
  3. Pangeran Mangkunagara | angantêp sarwi bêbisik | mring Janingrat Janapura | nglairkên karsanirèki | sambat punggawa katri | mangkya dèrèng sagêt matur | kula aso sakêdhap | wontên nagari Matawis | yèn wus bangban kula inggih nuntên sowan ||
  4. punggawa katri kalilan | wus lajêng dhatêng Matawis | nuntên wontên dutanira | Pangeran Purubayèki | nêdha bantu ngajurit | anggung kasor yudanipun | pangeran angandika | wong Pagêlèn sira iki | umatura marang paman Purubaya ||
  5. iya lamun ora bisa | tinuduh umangun jurit | mêcah Pagêlèn tan pêcah | wus nora bisa nglakoni | paman Purbaya iki | angur mundura dèn gupuh | aja dêdawa wirang | ing aprang pijêr katoring | kalah maring Si Tumênggung Arungbinang ||
  6. apan ora sanggup ingwang | ing Pagêlèn ambantoni | angur nunggala maringwang | si paman Purbaya iki | uwis muliha aglis | mêngkono wêwêkas ingsun | duta tur sêmbah mêsat | pangeran undhang wadyèki | budhal sangking Pajagalan ing Mêtaram ||
  7. kondur marang tanah Pajang | ing lampahira wus prapti | pasanggrahan ing Barija | wuwusên bala Kumpni | Sakèbêr angundhangi | budhal nglêboni Matarum | kawan atus sadaya | prajurit Kumpni putih | Kumpnislam dhomas pan wolung kapitan ||
  8. pêpitu kang pra dipatya | Batang Kêndhal Lèpèntangi | Ki Tumênggung Mangkuyuda | Wiradigda Rajaniti | Surajênggala malih | Malangnagara kawolu | sangking Tarayêm budhal | samarga-marga ajurit | mêngsah lawan Dipati Suryanagara ||
  9. lan Pangran Natakusuma | lèrèn dènira nadhahi | sangking kêkathahên mêngsah | dènira prang mundur miring | nanging bala Kumpni | amêlak tan won purun | Sakèbêr barisira | wus angancik ardi Gamping | wus rinakit larèn jagang kapurancang ||

— 70 —

  1. pinarnah mariyêmira | luhur brate baluwarti | bêkta mariyêm sadasa | dene pondhokan wong Jawi | jinagang pagêr bumi | akawah kukuh abakuh | Tumênggung Mangkuyuda | ing Kêdhu wus kinèn mulih | apacaka baris anèng gunung Lawak ||
  2. Dipati Suryanagara | kèndêle dènira baris | anèng Jênu sakancanya | sakawan kang pra dipati | ya ta wuwusên malih | Pangeran Buminatèku | kang wontên Surakarta | anandhang musakat malih | sakesahe Ki Tumênggung Wiranata ||
  3. kalawan Ranadipura | Pangeran Buminatèki | bature tan bisa mêdal | ngupaya pangan tan olih | Pangran Buminatèki | kaoncatan dhaharipun | jajahan Surakarta | pan sampun rinupêg malih | kathah minggat wonge Pangran Buminata ||
  4. arsa angêlar jajahan | Pangeran Buminatèki | mêdal sangking ing nagara | panêlawe desa wani | anadhahi ing jurit | tinitiran sagènipun | dadya kaburak-burak | cêngkelak lumayu mulih | maring Sala kangelan tan antuk karya ||
  5. Kumpni wus sami ewa | sang nata amitambuhi | dadya rongèh manahira | nora etung wirang isin | nêmu lêlingsêm mangkin | tan kemutan waunipun | moyoki mring kang raka | anake wong gendhong sênik | mangkya dene kabutuh tan bisa dhahar ||
  6. lawan bature kèh minggat | Pangran Buminata mangkin | kesah sangking nagri Sala | kabutuh tan bisa ngising | arsa anungkul aris | asrah pati uripipun | marang natèng Banaran | kang wontên ing Pranaragi | nanging jujug Pangeran Mangkunagara ||
  7. sapraptane ing Barija | gumujêng dènira panggih | Pangeran Mangkunagara | paman karsa dhatêng pundi | kang paman anauri | sebakêna awak ingsun | marang ing rama para | kang wontên ing Pranaragi | atur tabèk sumungkêm ing lara pêjah ||
  8. gumujêng alatah-latah | paman bilih dèn patèni | inggih raka jêngandika | isin darbe kadang jêrih | sayêkti paman benjing | linêbêtakên ing sumur | sampun asring ngandika | iya kadang-kadang mami | yèn wêdi prang aja tatêmu lan ingwang ||
  9. pangeran ing Buminata | sêdhêng lamun dèn patèni | ênggèh patut kadang tuwa | gêntining bapa sayêkti | môngsa selaka nênggih | yèn wong tuwa kudu nglampus | têka para aturna | kang putra umatur aris | kantun pintên prajurit paduka paman ||
  10. sampun [sampu…]

— 71 —

[…n] boya duwe bala | kang kari rolas galintir | mung lima kang nunggang jaran | pêpitu kang dharat sami | ingsun iki musapir | jaran marang ing sirèku | tunggangane bok para | kewala turôngga katri | mung kêlara lumaku mring Pranaraga ||

  1. tanggêl paman umatura | ing raka dika kiyai | rayi sampeyan pun paman | Natakusuma puniki | sawêg kula aturi | tumut baris ing Matarum | sayêktine musakat | rencange tiyang pasisir | botên darbe têtiyang Pajang Mataram ||
  2. ingkang paman sinaosan | pakuwon dipun aturi | sadhahare sinaosan | makuwon kang paman aglis | wau kang dèn timbali | Pangran Natakusumèku | prapta sangking Mataram | ing Jênu kang kari baris | Adipati Suryanagara Môndraka ||
  3. lan Tumênggung Wiradigda | Tumênggung Mangkudirjèki | Pangeran Natakusuma | barisan Barija prapti | lawan pangeran panggih | Mangkunagara andangu | paman wilujêng samya | taksih kathah sun tingali | prajurite katingal nganggo bandera ||
  4. Pangeran Natakusuma | umatur gih kadipundi | bêndara lamun nyuruda | punika inggih satunggil | tan wontên kang ginajih | sangking pundi sabinipun | mung murugakên trêsna | malah kula dèn ingoni | amung kantun kêkapalan pitung dasa ||
  5. sanjata kang tigang dasa | kawan dasa waosnèki | sèkêt abdi dalêm dharat | pangeran ngandika malih | jamakipun prayayi | satriya para tumênggung | wontên tilase uga | dipun trêsnani wong cilik | nadyan inggih kesaha sangking nagara ||
  6. taksih wontên umat trêsna | lamun darbe labêt bêcik | botên kadi raka dika | paman Buminata mangkin | kesah sangking nagari | botên wontên kang angingus | sangking wong tabêt ala | mila tan wontên tut wingking | pundi wontên bature mung wong lêlima ||
  7. kula badhe tur wuninga | ing raka dika kiyai | yèn paman katunggilêna | Bupati Pajang Matawis | sènès paman pasisir | kula nuwun karsanipun | upami tinêtêpna | pun paman baris pangarsi | sayêktine kula suwunakên sawah ||
  8. paman botên kalepetan | kula ingkang amrayogi | Pangeran Natakusuma | bêndara sumanggèng kapti | yèn ugi anglèpèti | ing kula kawula nuwun | gih botên kula paman | pribadi ingkang mrayogi | lamun maksih tinunggil karya lan kula ||
  9. pangeran sampun akarya | surat katur ing ramaji | wus dadya caraka [cara…]

— 72 —

[…ka] mêsat | ing marga datan kawarni | praptaning Pranaragi | surat katur rama prabu | tinampan tinupiksa | bêbukane tur udani | lamun rayi dalêm paman Buminata ||

  1. mangke ngaturakên tobat | nungkul ing paduka malih | samangke tilar ing Sala | lan kawula sampun nunggil | rencange kapat kucing | kalangkung musakatipun | bojone samya dharat | langkung kula isin-isin | kêdah nêmah tobat sumungkêm ing tuwan ||
  2. lan rayi dalêm pun paman | Natakusuma ing mangkin | sampun anunggil kawula | sumôngga ing padukaji | sumêdhot tyasiraji | Tumênggung Sindusastra wus | kinèn akarya surat | mring kang putra angangsuli | lan parentah sang nata tigang prakara ||
  3. pangeran ing Buminata | Pangran Natakusumèki | pinundhut mring Pranaraga | lawan ingkang kaping katri | Ranadiningrat nênggih | kang rama sampun amundhut | praptaning Pranaraga | tan ana jêbule prapti | surat dadya sinungkên duta sarkara ||

16. Dhandhanggula

  1. duta mêsat sangking Pranaragi | kunêng malih ingkang winursita | Pangran Natakusumane | asring ngandikan dalu | ing Pangeran Mangkunagari | paman Natakusuma | paran jampènipun | wong wêdi apêpanggiha | lan wong tuwa kapindhone narapati | kula puniki paman ||
  2. dhatêng raka andika kiyai | punapa kang dadia têtômba | paman ilanga wêdine | inggih andika wuruk | kagyat wau dènnya miyarsi | Pangran Natakusuma | jêthèt manahipun | langkung èwêt asurira | dangu-dangu Pangran Natakusuma ris | anggèr punika beka ||
  3. inggih beka pandamêling eblis | karêmêne setan karya rêngat | têtukaran lan sanake | sabotên-botênipun | aja atut lan tôngganèki | mila anggèr ajriha | paran milanipun | dhasar gêgêntining bapa | kaping kalih tur maratuwa sayêkti | pangran gumujêng latah ||
  4. paman ingkang mêmarahi ajrih | raka dika kiyai samangkya | wontên sènèse karsane | wontên punggawanipun | langkung sangking tumut ing sakit | rencange abêbakal | nênggih pun Tumênggung | Suradimanggala Jipang | dosa kêdhik punika dipun lunasi | wontên barisan Tambar ||
  5. kancanipun kang dipun pêjahi | pun Tumênggung Suradimanggala | punika kêdhik dosane | pun Ranadipurèku | inggih paman mêntas ambalik | puniku dadi kaca | sayêkti linampus | sampun agêng ingkang dosa | pangraose botên sande dèn pêjahi | mopone sapunika ||
  6. Pangran Natakusuma [Na…]

— 73 —

[…takusuma] turnèki | sènès abdi kalawan paduka | pan macan sagalakane | tan badhog anakipun | sami kèndêl anggagat enjing | bubar tanpa wêkasan | amakuwon sampun | Pangeran Natakusuma | pandugine awon kalêthêk ing galih | katon ing solah tingkah ||

  1. Ki Tumênggung Kudanawarsèki | ingalihakên nama dipatya | angangge karsane dhewe | malah wus amisuwur | apan dèrèng atur udani | dhatêng rama sang nata | cêlingkrik jinunjung | Dipati Kudanawarsa | pra Dipati Mataram wus sami prapti | pabarisan Barija ||
  2. Ki Dipati Janingrat Matawis | anakipun pinundhut wus ningkah | Tumênggung Jasêmbodrane | lan putraning pambayun | Radèn Ajêng Sombro namèki | sampun ingalih nama | rahadèn tumênggung | anênggih Sumanagara | sawêg ningkah nanging dèrèng apêpanggih | nganti kèndêl ing karya ||
  3. Pangran Arya Purubaya prapti | lan Pangeran Amangkukusuma | sampun akêdhik balane | pan amung kuda satus | ingkang rayi wadyanirèki | mung kantun pitung dasa | kêkapalanipun | para tumênggunge samya | kang nglabuhi Pagêlèn para wadyalit | ambyuk ing Arungbinang ||
  4. duta prapta sangking Pranaragi | katur surat sangking rama nata | tinampan tinupiksage | jroning surat kang dhawuh | ingkang putra atur udani | Pangeran Buminata | ing panungkulipun | pinundhut mring Pranaraga | asarênga Pangran Natakusumèki | katri Ranadipura ||
  5. Pangran Natakusuma siraglis | tinimbalan praptèng ngarsanira | pangeran pangandikane | paman dika pinundhut | ingandikan mring Pranaragi | sukur punika paman | mila kula suwun | nunggila baris lan kula | kyai botên angarsakkên ing samangkin | kadi wêlas miyarsa ||
  6. yèn lamia paman wontên ngriki | sayêktine tan wande musakat | mila kula suwunake | mangkya têmah pinundhut | inggih paman langkung utami | luwung nuntên umangkat | inggih besuk esuk | nulya Pangran Buminata | ingaturan prapta ing ngarsanirèki | kang putra aturira ||
  7. inggih wontên sêrate kiyai | paman pinundhut mring Pranaraga | paman Natakusumane | punika sarêngipun | kula angkatakên ing benjing | sampeyan gih punapa | sarêng angkatipun | pun paman Natakusuma | misih ngadêg banderanipun sasupit | kapalan pitung dasa ||
  8. gih sampeyan paman kadipundi |

— 74 —

anglingsêmi ing raka paduka | dadi pangeran kêkere | sayêkti lajêng bêkus | dêstun lamun jêmbêri bumi | pangeran anak raja | bature mung pitu | kang têlu nora kêrisan | Pangran Buminata angandika aris | paran pitulungira ||

  1. iki ana duwèk ingsun kari | warisane iya eyangira | sêsupe kari sasêle | rêgane têlung atus | iya karya tuku turanggi | saparo kang dadia | sanguning lumaku | kuda salawe kewala | lagi sêdhêng ngupaya bocah ngong lami | kang anèng desa-desa ||
  2. Pangran Mangkunagara lingnyaris | kula paman nyambang jaran lima | lan uwang sèkêt sangune | dadose paman kantun | angupaya rencang rumiyin | paman Natakusuma | budhal besuk esuk | sampeyan sawêg adangdan | ular batur pangeran ngandika malih | paman Natakusuma ||
  3. lamun raka dika jêng kiyai | dangu dhatêng pun Ranadipura | kalangkung sangêt mopone | ajrih bilih linampus | kêkês dening wayanganèki | kiyai darbe karsa | abdine linampus | binobot dosane mapan | lan Tumênggung Suradimanggala yakti | gêdhe Ranadiningrat ||
  4. sampun nuduh ing mantri kêkalih | dhèrèk Pangeran Natakusuma | sangking Barija budhale | mring Pranaraga laju | tigang dalu wontên ing margi | praptaning Pranaraga | katur ing sang prabu | lajêng dènira ngandikan | sapraptane ing ngabyantara narpati | ngabêkti ngaras pada ||
  5. gya winêngkul dening sri bupati | Pangeran Arya Natakusuma | sawusnya dangu undure | ngandika sang aprabu | paran adhi sira pribadi | polahe sutanira | Mangkunagarèku | iya gumyahing pawarta | apan arêp umadêg sri narapati | wus nora ngimanêna ||
  6. iya marang ing karaton mami | arêbut tuwuhing tanah Jawa | kumaki bangêt wartane | kalangkung èwêdipun | Pangran Natakusumèng batin | arsa matur pêsaja | bok wêtuning bêndu | satêmahe antuk nama | wêwadulan ilang namaning bupati | siniku ing sujana ||
  7. arsa nora matura sayêkti | kêna dora sanadyan doraa | wong Rêngat rinapêtake | dora ganjaran iku | ngatutakên sêsatron sami | dadya tur winatara | mrih tibaning alus | pukulun mênggah kawula | dèrèng sagêt mêstani badhea mungkir | dhatêng putra

— 75 —

paduka ||

  1. nanging inggih ugungan sayêkti | putra dalêm ing watak titindra | puyêngan mayêng wiyange | gawat kuwayanipun | pilih ingkang kenging andugi | asumbêr-sumbêrana | bawur wowor sambu | sumuk sumêngka sumamar | kang môngka toh tanpa titih parikêni | kênaka mrih pikêna ||
  2. jro sêmbrana pamèting pakolih | nanging dulu kula tinimbalan | putra dalêm sêsambate | paman paran puniku | têtambane wong ati wêdi | kula puniki paman | pan ajrih kalangkung | lan kiyai pêpanggiha | têka wêdi akêkês apati-pati | inggih ing tyas kawula ||
  3. Pangran Natakusuma turnèki | gih bêndara pandamêling setan | dede manah sayêktine | dipun agêng pukulun | ing mujadah gih kadipundi | lamun kalampahana | tanah Jawa rêtu | sintên kang dèn arsa-arsa | abdi dalêm bêndara satanah Jawi | amung kalih paduka ||
  4. inggih lawan ramanta sang aji | angandika wau sri bupatya | hèh yayi mas iya kuwe | marang sira pan mungup | wêdi iku osiking ati | adhi mas Buminata | tan barêng sirèku | tur sêmbah alon turira | inggih sawêg adangdan ngupaya dasih | kados sawingking kula ||
  5. wau Pangran Natakusumèki | dhinawuhan kinèn makuwona | ngalun-alun lèr kilène | pinaring sabin sangu | ginêmpalkên Madiun sabin | sèwu barêbêg lawan | Pace Caruban wus | akathah prajuritira | duk puniku Pangran Natakusumèki | ngiras môngka warana ||
  6. kawan dalu antawisirèki | praptanira Pangran Buminata | Natakusuman pondhoke | sontên ing praptanipun | enjingira dipun timbali | mijil paseban jaba | wau sang aprabu | aglar pra mônca punggawa | para mantri pra muka adining jurit | supênuh ngarsa nata ||
  7. praptanira wau ingkang rayi | sèlèh dhuwung lajêng ngaras pada | sarwi karuna abure | kang raka sang aprabu | nênggak waspa tyasira rujit | kathah karasèng driya | têlas kadangipun | ala-ala sok ngisisa | angandika marang kang para dipati | padha patutên iya ||
  8. adhi êmas Buminata iki | apa bupati apa satriya | ingkang amrih sêmbadane | wadya tan purun matur | samya dhêku nuwun turnèki | dadya malih ngandika | wau sang aprabu | lamun dadia satriya | kurang bagus lan kurang prawirèng jurit | basa aran satriya ||
  9. kang abagus kang prawirèng jurit | iku kang antuk nama satriya | dhimas iki ora kabèh | kurang wêwanènipun | ing sayêkti kurang abêcik | mung patute

— 76 —

adhi mas | dadia panambur | iku kang luwih prayoga | kuciwane têka dadi kadang mami | yèku marahi nistha ||

  1. ingkang munggèng ngarsa pra dipati | para mantri sami nyakot ilat | sami angampêt guyune | kang rayi langkung dhêku | aturira angasih-asih | pêjah gêsang sumôngga | ing jêng kakang prabu | kawula nekat anêmah | anglabuhi ing tuwan sapati urip | botên nêdya suminggah ||
  2. iya yayi jamak wong abêcik | barang panggawe tan tundha bema | ambuwang cingcing têlêse | ya uwis ariningsun | akèh-akèh ingkang kawijil | lah iya ngarah apa | babo wong sadulur | balik ingsun atêtanya | sira têmu lan sutanta Ki Dipati | Kaki Mangkunagara ||
  3. kayaparan pratikêle mangkin | dene kathah wong matur maringwang | lamun owah tênagane | kang rayi nêmbah matur | inggih lêrês kang matur sami | Tumênggung Danawarsa | mangke wus jinunjung | Dipati Kudanawarsa | anakipun pun Jayaningrat Matawis | Tumênggung Jasêmbodra ||
  4. pan ingalih namanipun mangkin | Radèn Tumênggung Sumanagara | pinêndhêt mantu samangkin | paningkahipun sampun | nging pangantèn dèrèng apanggih | dene adêging nata | ngantos dhatêngipun | inggih pun dêlèr Samarang | sampun jangji sang nata duk amiyarsi | sêmutên ingkang jaja ||
  5. mukanira kadya wora-wari | sugal wau pangandikanira | wus dilalah baya kiye | jagat kudu arêtu | wong mangkana arêp dadyaji | hèh sagung pra dipatya | kapriye budimu | mêngkene lakuning jagad | sarwi rawat waspa wau sri bupati | sangking kaku tyasira ||
  6. iya ujêr ta kudu kumaki | tate aprang ngalahakên paman | adhi Buminata kiye | anggung dèn uwus-uwus | mêngko arêp wani ing mami | dhingin ingsun pithêsa | yèn kala kaburu | anggung angungsi maringwang | tanpa rewang ingsun kukup sun tulungi | sun ulihakên bawah ||
  7. nuli waras dadi uwong maning | sun tambuhana ilang ngalêndhang | pinênthung wong desa bae | mêngko kudu kumingsun | pikir jajalanat dèn goni | bocah kudu kumêthak | kumewat kumingsun | wau kang para dipatya | para mantri akathah waspa drês mijil | mulat ing gustinira ||
  8. Pangran Pakuningrat awotsari | dhuh pukulun sampun age duka | dipun tambêm dipun sarèh | dèn asabar dèn samun | sampun môntra-môntra yèn runtik | sang nata angandika | lah ta bênêr iku | adhi êmas [êma…]

— 77 —

[…s] Pakuningrat | ngarah apa wong tuwa wus duwèk mami | momot apura sabar ||

  1. Sindusêstra lah sira pribadi | akanthia rêrowang kaparak | ing jro iya kaliwone | Ki Muhyadin tinuduh | karya surat badhe lumaris | dhawuh marang kang putra | pangeran puniku | Dipati Mangkunagara | wusnya dadi sinung kang badhe lumaris | Tumênggung Sindusêstra ||
  2. kunêng wau lampahing dutaji | kawuwusa kang baris Barija | Pangran Mangkunagarane | wus dadya ingkang rêmbug | ingkang paman wau jurungi | Pangeran Purubaya | sagah kang ananggung | wilalate ingkang rama | jroning aprang kang nangguhi tulak sarik | Pangeran Purubaya ||
  3. sami eram sagung pra dipati | garundêle Pangran Purubaya | wong ngarêp inganjatine | yèn ora karya kuwur | tan kalingan tiwasirèki | sampun jêlèh kang raka | têtulung abantu | tan ana undhakanea | bok pinêcat pakaryane senapati | karuwan ora daya ||
  4. adol sêngung sanggup anadhahi | gêrdakane kang raka sang nata | adol syara tanpa gawe | nadhahi rama prabu | yèn enjuha sayêkti uwis | mungsuh lan Arungbinang | anggung dèn bêburu | salawase durung mênang | ing sapisan-pisana pan durung ondhil | anggung kaponthal-ponthal ||
  5. nadyan datan amawi Kumpni | dipun ijèn kewala tan mênang | pinapag ing prajurite | nyatus padha anyatus | anyèwua dèn sêsamèni | sapisan durung mênang | puniku agêndhung | mring Pangran Mangkunagara | saguh wani anadhahana ing jurit | raka natèng Banaran ||
  6. apan uwis anggon-anggonèki | lamun uwong kuwanène suda | mung jail kuwarisane | wau ta kang rinêmbug | badhe ngutus dhatêng Sêmawis | Tumênggung Janapura | andhandhang lumaku | kinanthèn kalih punggawa | Ki Tumênggung Suramangunjaya nênggih | lan Patih Purubayan ||
  7. Ki Tumênggung Tirtanagarèki | binêktan kapal alus rong pasang | katri punggawa lampahe | sagung para tumênggung | punggawane kang rama sami | tinimbalan sadaya | mring Barija sampun | ingandhêg sami ngecanan | ing tyasipun binoja ing sabên wêngi | kasukan ôndrawina ||
  8. Pangran Mangkukusuma akaid | lawan Dipati Suryanagara | Tumênggung Môndarakane | samya minggat ing dalu | nusul dhatêng ing Pranaragi | kang kantun pra dipatya | jinagan ing dalu | Tumênggung Surawijaya | Pusparana [Puspa…]

— 78 —

[…rana] Tumênggung Wiradigdèki | Tumênggung Dipadirja ||

  1. lan Tumênggung Jayarata nênggih | Tumênggung Wiratmaja kalawan | Tumênggung Mangkuranane | lan Têgalangunangun | pan pêpitu kancane sami | Pangran Mangkunagara | wiwit angrêrayut | kabèh bawahe kang rama | tinêlukkên ing Kêdhu Pajang Matawis | padha jrih nungkul samya ||
  2. amung bawahipun Sokawati | dèrèng nungkul andina paprangan | nênggih mas rôngga mungsuhe | nèng Sokawati tugur | Brajadênta lan Brajamusthi | andina rêbat bawah | malih pra tumênggung | Tumênggung Surawijaya | inggatira angumpul nèng Sokawati | lajêng tumut anggung prang ||
  3. Pangran Mangkudiningrat jênêngi | lan kang paman Pangran Purubaya | ngirup wetan Marapine | wong cili bingang-bingung | wau para pangeran kalih | gagêdhugi lampahnya | kang sami angrayut | wetan Bayalali samya | langkung rame andina-dina ajurit | si mijawa pucungan ||

17. Pocung

  1. lor lan kidul agênti buru-binuru | wadyane kang rama | para mantri pra dipati | yudanipun krêp unggul arang kasoran ||
  2. ya ta wau lampahe katri tumênggung | kang maring Samarang | Tumênggung Janapurèki | lan tumênggung nênggih Suramangunjaya ||
  3. lan Tumênggung Tirtanagara puniku | Patih Kapurbayan | lampahe amundhut nênggih | ing layone syargi Jêng Pangeran Arya ||
  4. praptanipun ing Paterongan pinêthuk | kareta têtiga | langkung dènnya angurmati | praptanipun Samarang dêlèr wus panggya ||
  5. sêratipun Pangran Mangkunagarèku | tinampan winaca | kadhadha raosing tulis | mundhut layoning rama Pangeran Arya ||
  6. dhasaripun ing Samarang sampun rawuh | sangking Batawiyah | kinurung sampun rêspati | tabêlane prayoga tumpang santosa ||
  7. dutanipun sinungga-sungga kalangkung | tumênggung têtiga | pinistakkên nèng Samawis | tinalèdhèk sakalangkung sami suka ||
  8. dhasar agung idêlèr pisungsungipun | mring duta punggawa | Tumênggung Janapurèki | lawan Ki Tumênggung Suramangunjaya ||
  9. katrinipun Tirtanagara Tumênggung | lami nèng Samarang | gangsal dina gangsal wêngi | nulya budhal sangking nagari Samarang ||
  10. ngajêngipun layon kuda kawan atus | kang jajari dharat | kalih atus kanan kering | para kaum ing ngarsa maca tilawat ||
  11. budhalipun angin gora sindhungriwut | mêsês bayubajra | prahara maruta tarik | tan kawuwus gangsal dalu anèng marga ||

— 79 —

  1. Pangran Mangkunagara sigra amêthuk | bêkta kaum kathah | sidhêkah samargi-margi | têtawure gumêdêr samarga-marga ||
  2. mangsanipun katiga mawi galudhug | sinalin punggawa | ingkang lajêng mring Magiri | têtindhihe lampah Dipati Janingrat ||
  3. sapuniku Pangran Mangkunagarèku | langkung suka duka | sukane layon duk prapti | ing pangrasa kadi rawuhira gêsang ||
  4. dukanipun têtêp layon ingkang rawuh | mandah mêningana | kang putra prawirèng jurit | sugih bala akathah punggawanira ||
  5. wangsulipun Pangran Mangkunagarèku | ing kalih onjotan | pangatêrira nèng margi | wangsul marang pasanggrahan ing Barija ||
  6. praptanipun anyurtanah nigang dalu | lajêng mitung dina | gumuruh santri angaji | kêrig kaum kiwa têngên ing Barija ||
  7. ya ta wau agantya ingkang winuwus | kang ngarêbat bawah | bang wetan ing Sokawati | mas rôngga lan Tumênggung Ranadipura ||
  8. ing prangipun andina buru-binuru | akathah pêpêjah | mantri ngajêng Sokawati | Pranaraga têpiswiring kalêbêtan ||
  9. Ki Tumênggung Mangkuyuda praptanipun | wong Matesih ika | andêl punggawanirèki | ing Pangeran Dipati Mangkunagara ||
  10. lajêng katur mring sang nata lamun mungsuh | manjing Pranaraga | Parangwadung dèn anciki | kang anama Ki Tumênggung Mangkuyuda ||
  11. sigra nuduh Sumabrata kinèn magut | budhal saha bala | tumênggung ing Pranaragi | gurawalan ing Parangwadung wus prapta ||
  12. lajêng campuh wong Pranaraga anubrug | mungsuh sami Jawa | sarta wontên kang ngidèni | mila wantêr prajurit ing Pranaraga ||
  13. mungsuhipun amung kuda kalih atus | tigang atusira | wong Magêtan kang wus balik | tumut baris Ki Tumênggung Mangkuyuda ||
  14. kang tinubruk mring Radèn Surabratèku | bêkta kêkapalan | kalih atus kang pinilih | lajêng campuh arame pan sami kathah ||
  15. Ki Tumênggung Mangkuyuda wus kasambut | kathah kang kacandhak | wong Matesih akèh mati | Mangkuyuda pinocok kang utamôngga ||
  16. wus malêdug ngisis sakarine lampus | Radèn Surabrata | wus wangsul mring Pranaragi | lan ambêkta utamangganing punggawa ||
  17. prapta katur langkung sukanirèng kalbu | pinundhut kang sirah | mring ngayunan binuka glis | wêwadhahe kukusan kuping nêmbêlas ||
  18. pra tumênggung sadaya kinèn andulu | sirah Mangkuyuda | irênge kaya kêlasi | jêjenggote binundhêl apalawangan ||
  19. alon dangu wong têka ngêndi ta iku | sigra matur nêmbah | Kyai Kaji Têpsirodin | inggih tiyang sangking Matesih punika ||

— 80 —

  1. malih dangu marang ing Radèn Tumênggung | Surabrata paran | pratikêlira ing jurit | matur nêmbah Ki Tumênggung Surabrata ||
  2. barisipun inggih wontên Parangwadung | kirab badhe ngetan | ing lampah kawula sisip | kula tubruk sangking lèr barise bubrah ||
  3. rencangipun sakantunipun kang lampus | larut asar-saran | ngidul angilèn prasami | langkung suka Surabrata wus ginanjar ||
  4. dhuwungipun kalih lawan cara Wangsul | kandêlan kancana | ingkang Jawa wrat satail | cara Balèn wrat pitung tail mas tuwa ||
  5. waosipun satunggal lan sanjata lus | bênting lan rasukan | ginadhang nama dipati | lamun wontên jayane sapisan êngkas ||
  6. sirah sampun kinèn manjêr ngalun-alun | sigra pêparentah | Surabrata dèn bubuhi | rumaksaa jajahan nagri Kaduwang ||
  7. ing Madiun Pangran Purwanagarèku | bubuhan rumêksa | jajahan kalih nagari | Kamagêtan kalawan ing Jagaraga ||
  8. ya ta wau Pangran Mangkunagarèku | kalane miyarsa | bupatinira ngêmasi | Mangkuyuda pinocok prang Pranaraga ||
  9. langkung bêndu dhasar miyarsa wêwadul | pun Ranadiningrat | lamun Rôngga Sokawati | anyumbari ing Pangran Mangkunagara ||
  10. langkung bêndu arsa ngawaki prang pupuh | anggitik Mas Rôngga | Kudanawarsa Dipati | aturira lan sagung para dipatya ||
  11. dhuh pukulun sampun angawaki nubruk | dhumatêng pun rôngga | kinêrig kang pra dipati | kalih wêlas ginitik dalu kewala ||
  12. wêrtènipun papêjahe tigang atus | lan pun Wirarana | prajurite kang binijig | kalih bêlah kang sayêkti tumut pêjah ||
  13. sampun rêmbug budhal dalu sêdya nukup | marga tan kocapa | praptanirèng Sokawati | têtindhihe Dipati Kudanawarsa ||
  14. lajêng nubruk praptanira wanci bangun | mas rôngga alena | mung ngandêlakên prajurit | binêdhilan sami kagèt bubar-bubar ||
  15. ênggènipun gêng têbih datan kasusu | kobêr sami dangdan | lajêng têtulung ing jurit | langku rame mas rôngga kagyat anendra ||
  16. tanginipun sayaga sagarwa sunu | arsa têtulunga | wontên prajurit tur paksi | kang nênukup Pangeran Mangkunagara ||
  17. langkung agung punika gêgamanipun | rêrepot sadaya | tan sami kinèn rumiyin | kinèn anjog nagri dhatêng Jagaraga ||
  18. sigra wangsul lawan kuda têlung puluh | têtulunging bala | panêmpuhe sangking wingking | lajêng ngamuk akathah mêngsah kabranan ||
  19. kathah lampus tambuh rewang tambuh mungsuh | dènnya prang kongsi

— 81 —

byar | mundur sawadyanirèki | sarwi nangis Mas Rôngga Wirasêntika ||

  1. mantrinipun amung kêkalih kang lampus | pun Wiradigdaya | dêmang ing tikdak ngêmasi | satunggile ki dêmang tukang pamancas ||
  2. liyanipun wong cili mati sapuluh | miwah mungsuh kathah | kang kabranan kang ngêmasi | binabujung wus adoh malêbèng wana ||
  3. mundur wangsul sagung kang sami bêbujung | kèndêl Kuwadungan | anarubakên wong cilik | pêparentah Dipati Kudanawarsa ||
  4. Ki Tumênggung Ranadipura tinuduh | ingkang ngayumana | kabèh tanah Sokawati | sigra budhal Dipati Kudanawarsa ||
  5. ingkang kantun Sokawati dèrèng tarub | sakilèn bêngawan | wontên sakawan bupati | dadya kontit sor prange Ranadipura ||
  6. kang lumaku mas rôngga sabalanipun | praptèng Pranaraga | katur marang sri bupati | prapta risak Mas Rôngga Wirasantika ||
  7. langkung ngungun adangu panjêtungipun | wau praptanira | kang sangking ing Sokawati | kang wus pasthi lamun saèstu baliknya ||
  8. sang aprabu enjing siniwèng wadyagung | pramônca punggawa | aglar manggalaning jurit | rôngga dêmang ngabèi sêntana putra ||
  9. sang aprabu pêparentah ing wadyagung | padha ngestokêna | dhimas Buminata mangkin | sun lihakên aran Dipati Bintara ||
  10. ing samangkin kang dadi warananingsun | sakalane siyal | Si Mangkunagara iki | iya dhimas Ariya Natakusuma ||
  11. aduwea iya sosorane têlu | ing jêro satunggal | si rôngga ing jaba kalih | ingkang têngên ya si adhi Pakuningrat ||
  12. wadanane wong gêdhe dènira lungguh | sosoran kang kiwa | iya wadana Panumping | lan si adhi Dipati Suryanagara ||
  13. duk puniku lajêng tari pra tumênggung | paran ing pratingkah | apa iya sun têtêpi | rêmak-rêmpu ana ing môncanagara ||
  14. nêmbah matur Pangran Natakusuma rum | kula nuwun duka | yèn ngarsakna padukaji | anêtêpi nèng tanah môncanagara ||
  15. ing tyasipun abdi dalêm sadayèku | kadya sinasaban | ing Jêmbangan langkung sêdhih | agêng alit prasami kawudhung ing tyas ||
  16. saminipun lawan prang mêmpên pukulun | wong Pajang Mataram | dene wong môncanagari | dèrèng manjing tyase punika sadaya ||
  17. sang aprabu pangandikanira arum | payo pra dipatya | padha rasakna sayêkti | bênêr êndi pikir ingsun lan adhi mas ||
  18. sami matur pukulun salêrêsipun | lêrês rayi tuwan | Pangran Natakusumèki | abdi dalêm inggih mangkatên sadaya ||
  19. sang aprabu gumujêng ngandika arum | iya yèn mangkana | ingsun budhal sangking ngriki | rêbut papan ing tanah Pajang Mataram ||

— 82 —

  1. iya iku Dipati Cêbolangipun | sun tuduh ngetana | nèng Wirasaba Kadhiri | akanthia kabèh wong môncanagara ||
  2. mung Madiun angulon bubuhanipun | lan Si Jagaraga | Warung lawan Balorèki | bubuhane ing karya ngetan kewala ||
  3. tan kawuwus wusnya amêmatah laku | sang nata budhalan | sangking nagri Pranaragi | mring Madiun wadyane kadya hèrnawa ||
  4. wadyanipun prajurit jro maksih wutuh | mung para dipatya | kang sangking Kêdhu prasami | sami suda wus lami dènnya kaponthal ||
  5. pra tumênggung kang umiring sang aprabu | taksih sami wêtah | praptèng Madiun sang aji | kaèbêkan sangking gunging wadyakusya ||
  6. gantya wau tanah Pajang kang winuwus | kang ngarêbat bawah | sawetan wukir Marapi | wong Kamangkunagaran anggung kaponthal ||
  7. malah sampun mêmacak para tumênggung | urut Kuwêl samya | ingkang pinacak bupati | pamrihipun kuwata arêbut bawah ||
  8. nora etung panajung dadi tumênggung | sok silih rosaa | iya rêbut bawah dadi | wong panèkêt Sêtrayuda ing Ungarang ||
  9. wus jinunjung sangking kathah sanakipun | sura ing ayuda | wus sinung namanirèki | pun Tumênggung Surawikrama Ungaran ||
  10. dadya bingung wong cili keron kalangkung | tambuh dèn pêpiliha | karo-karo padha gusti | rêbut sênêng rêbut tangguh ing wasana ||
  11. kang winuwus wau nagari Madiun | Pangran Martalaya | punika ingkang ngêmasi | anakipun satunggal jalu wus dadya ||
  12. langkung kathah nanging nak wadon puniku | kang jalu satunggal | Mlayakusuma namèki | sampun dadi bupati anèng Caruban ||
  13. milanipun karsanira sang aprabu | nênggih ingkang putra | wau pangeran dipati | waris sangking ibu Madiun nagara ||
  14. dadya wau kang putra sampun tinandur | Madiun kanoman | kang minôngka angêmbani | kasêpuhan Pangeran Purwanagara ||
  15. sang aprabu wus budhal sangking Madiun | wadyane balabar | angêbêki Wanagiri | busananing prajurit awarna-warna ||
  16. praptanipun anèng Bayêm akêkuwu | wadya amèt papan | wontên duta tur upaksi | sangking Wiranagara sarta Cêbolang ||
  17. surat katur binuka sinuksmèng kalbu | nênggih tur wuninga | Kumpni ing Surawèsthi | lan Maduntên minggah mring môncanagara ||
  18. langkung agung pan inggih dêdamêlipun | Japan Wirasaba | ingkang sampun dèn anciki | kawan dasa mêngsahe nèng Wirasmara ||

18. Asmaradana

  1. palajênge tur upaksi | inggih dhatêng Pasêdhahan | abdi dalêm ingkang kawon | gih pun Japan Wirasaba | kula nuntên [nu…]

— 83 —

[…ntên] lumampah | kagungan dalêm pukulun | nagri Japan Wirasaba ||

  1. pan sampun karêbat malih | rame anggèn kula aprang | langkung kathah pêpêjahe | sang nata suka miyarsa | lajêng kintun ganjaran | lan aparing angsul-angsul | lampahing duta tinulak ||
  2. parentah sri narapati | marang sagunging jajahan | dèn padha polatan kabèh | yèn ana tinêkan mêngsah | aja prang yèn kabotan | dèn inggal asunga wêruh | kang pra dipati amônca ||
  3. mangkana ingkang winarni | Kamagêtan binantonan | prajurit ingkang prapta kèh | wadya Kamangkunagaran | sigra atur wuninga | binantonan kang lumaku | Radèn Arya Jayèngrana ||
  4. lawan kinèn ananduri | Rahadèn Mangunkusuma | sangking Bayêm budhal age | sapraptaning Kamagêtan | lajêng campuh ing yuda | bêdhil-binêdhil gumuruh | arame sami suranya ||
  5. acaruk rukêt ing jurit | sor titih prajuritira | kamuk rinukêt bubare | prajurit Mangkunagaran | banderane kabandhang | miwah waos sênjatèku | turôngga akèh kabandhang ||
  6. tarub santananirèki | Rahadèn Mangkukusuma | kang anandur budhal age | barisan Bayêm wus prapta | Ki Arya Jayèngrana | kalawan sakancanipun | katur ngaturkên bandhangan ||
  7. langkung suka sri bupati | pinaringkên kang bandhangan | ingkang antuk sadayane | mangkana wau sang nata | sangking ing Bayêm budhal | masanggrahan Tèmpèljimbung | wadyagung apamondhokan ||
  8. wontên kang matur upaksi | yèn nagari Jagaraga | nênggih wontên bêbantune | prajurit Mangkunagaran | dêdamêlipun kathah | nênggih kêkalih tumênggung | sang nata duk amiyarsa ||
  9. utusan Ki Têpsirodin | Suranata wolung dasa | Mêrjan Muhyadin kanthine | sangking Tèmpèl Jimbung budhal | prajurit Suranata | tan luwih wong wolung puluh | arsa ngukub Jagaraga ||
  10. praptanira bangun enjing | prajurit manjing nagara | lajêng mangsah mungsuh kagèt | sami kasusu wêdalnya | lajêng campuh ngayuda | arame nèng ngalun-alun | ingamuk wong Jagaraga ||
  11. bubar sami aningali | mungsuhe dudu wong jaba | wêruh lamun prajurit jro | mila kawur asar-saran | akèh tinggal dangdanan | kèh kabandhang kudanipun | tambur bêndhe lan bandera ||
  12. mungsuh mawur sampun gusis | Kaji Têpsirodin sigra | wong bumi tinarubake | wontên bêkêl desa rosa | pinacak pinasrahan | Surayuda namanipun |

— 84 —

kumpul kuda pitung dasa ||

  1. binakta marang ki kaji | bubar sangking Jagaraga | prapta pasanggrahan Tèmpèl | katur marang sri narendra | suka natèng Banaran | pinacak nama Tumênggung | Surayuda waunira ||
  2. têtêp anèng Saosragi | Tumênggung Suradipraja | dadya pangarsa lakune | wus wuwuh prajuritira | kapat bêlah turôngga | budhal sangking Tèmpèl Jimbung | sang nata sawadyakusya ||
  3. sadintên dènnya lumaris | sang nata sabalanira | prapta tanah bumi Murong | ing Kunir wastaning desa | sang nata masanggrahan | anganti carakanipun | Ki Tumênggung Sindusastra ||
  4. kalih dalu anèng Kunir | praptanira Sindusastra | katur surat wêwangsule | Pangeran Mangkunagara | dene Ranadipura | kiyai maksa amundhut | amopo Ranadipura ||
  5. lampahe tan antuk kardi | Ki Tumênggung Sindusêtra | sampun têtela balike | lir sêsulung dutanira | marang dêlèr Samarang | miwah dêlèr dutanipun | wira-wiri ingkang prapta ||
  6. wuwusên dêlèr Samawis | sayaga kapraboning prang | ngundhangi pra dipatine | kang sami badhe binakta | Lèpèntangi ing Kêndhal | Batang Pamalang ing Kudus | kalawan Têgal Kanoman ||
  7. lawan ing Dêmak satunggil | wolu kang para dipatya | kawan atus Kumpnine | kang pêthak dene kang Islam | dhomas wolung kapitan | lan sakèhe kadangipun | Pangeran Mangkunagara ||
  8. sakawan jalu prasami | kang sêpuh sampun anama | Pangran Tirtakusumane | nanging kasêbut ing kathah | iya Pangran Pancuran | duk anèng Batawènipun | wismane anèng Pancuran ||
  9. nulya wau ingkang rayi | Rahadèn Warihkusuma | nulya Toyakusumane | arine Ranukusuma | sampun jangkêp sakawan | kang badhe binakta nglurug | mukul natèng Kabanaran ||
  10. nanging sawêg angantosi | bupati pasisir samya | dèrèng sampun dangdanane | lan dêlèr wêktu punika | kathah angingu magang | magang mantri pitung puluh | ngangkah kabupatèn samya ||
  11. ingkang magang ngangkah mantri | nênggih satus tigang dasa | badhe sinung gêgamane | sanjata lus karbin samya | jangkêp ingkang sanjata | amung waos pitung puluh | pinundhutkên pra dipatya ||
  12. para dipati pasisir | waos sulam gêrandi mas | sami cêmêng landheyane | punika kang dèrèng pêpak | milane ingantosan |

— 85 —

kunêng malih kang winuwus | kang wontên Murong barisnya ||

  1. tanah Murong dhusun Kunir | Sri Bupati Kabanaran | lagya anata barise | pra dipati ingandikan | kang sami munggèng ngarsa | sang nata anjunjung-junjung | mring wadya ingkang prayoga ||
  2. wontên abdinira lami | nging maksih mantri kewala | pun Dêmang Panatasingron | mangkya kinarya punggawa | sinungan bawah kathah | pinaring nama tumênggung | Tumênggung Wrêksanagara ||
  3. sinung panêkare mantri | kanthi angêlar jajahan | pêpitu kônca mantrine | Ki Ngabèi Gupitôngga | punika mantri tuwa | lan Dêmang Surangunangun | Dêmang Têgal Pangalapan ||
  4. lan Ki Dêmang Jurangtawing | Ngabèi Ranadikdaya | Rôngga Mêsnun Rônggalawe | Ngabèi Jayasêngkala | tinuduh angêlara | jajahan saurutipun | Matesih sapangidulnya ||
  5. budhal maring Murong aglis | Tumênggung Wrêksanagara | prajurit kêkapalane | kumpul kawan atus lagya | wus ngancik Pacangakan | sapangilèn sapangidul | tinarubakên sadaya ||
  6. mung wetan maksih nadhahi | ing prang wong Matesih samya | sami tumut mantri jêro | kêkalih kang sami têngga | mantri jro kang nanggulang | ing yudane ki tumênggung | nanging karoban ing mêngsah ||
  7. piniluta sampun kêni | nungkul mantri jro kalihnya | mring sira Panatasingron | Tumênggung Wrêksanagara | sigra dènnya utusan | mring Murong ngaturi wêruh | ing Pangran Natakusuma ||
  8. yèn Matesih sampun radin | mantri jro kalih atêngga | wus sami nungkul kalihe | wasta pun Jayakalpika | lan pun Jayaprayitna | bêndara nuntêna katur | ing raka paduka nata ||
  9. Pangran Natakusuma glis | sowan angaturkên sigra | surate Panatasingron | sang nata trusthèng wardaya | mantri jro nungkul samya | kinintun ganjaranipun | bênting cindhe èpèk renda ||
  10. lawan pinaringan lampit | nguni nyèkêt lungguhira | kinarya nyatus ing mangke | bênjang yèn tulus karyanya | ginagadhang punggawa | mangkya pakaryaning pupuh | nunggil lan Wrêksanagara ||
  11. wus jêmbar jajahanèki | praptèng kidul Sumêdhangan | ing Ngutêr Ngaribayane | Nglaroh ingkang maksih bôngga | malih ingkang winarna | wetan Marapi kang tugur | punggawane tinimbalan ||
  12. wus praptèng Murong prasami | anggawa samantrènira | praptanirèng pakuwone | Pangeran Natakusuma | sigra ingirit seba | sang nata miyos têtarub | sawadya prajurit aglar ||
  13. Pangran Natakusumèki | ngaturkên kang wau prapta | Tumênggung Dipadirjane | Tumênggung Surawijaya | miwah samantrènira | winiji-wiji dinangu | ing Lumbu Sutawijaya ||
  14. pun Martawijaya Pêngging | ing Lungge Sêtradinôngga |

— 86 —

Surawijaya mantrine | akathah kang winastanan | nênggih Surawijaya | ingalih jêjulukipun | Ki Tumênggung Alap-alap ||

  1. Sutawijaya ingalih | Ngabèi Jayanagara | Sêtradinôngga ing Nglungge | Ngabèi Wiranagara | Barengan Sutawirya | Kamanukan namanipun | Angabèi Kartapraja ||
  2. ing Pêngging namanirèki | Angabèi Suradirja | Kêpadan Kartanadine | Giyanti Dêmang Karangra | Danupati ing Langkap | ing Sima Singadirjèku | sura Dêmang Awijaya ||
  3. Dêmang Sungkupmanarèki | ing Talawong Katawêngan | wus jangkêp mantri salawe | mantrinira Alap-alap | urut Pêngging kewala | ing bang kidul mantrinipun | Ki Tumênggung Dipadirja ||
  4. sadasa sami ingalih | urut Jatinom sadaya | Ranupati ing Kadarèn | ing Galagah Ônggajigja | Sindupati Karajan | Puluwan Côndrasurèku | Jungkare Suralêgawa ||
  5. kalangkung Martanayèki | kadang wargane sadaya | Tumênggung Dipadirjane | kinèn têngga bawahira | wetan Marapi samya | aprang andina arêbut | bawah pan ganti kasoran ||
  6. akathah ingkang pêpati | anênggih wêktu punika | patining wong tanpa gawe | wong sajagad ngungun samya | iki pratingkah apa | nadyan mungsuh sami ngungun | wong tuwa ing Surakarta ||
  7. èstu gunaning Kumpni | kalawan rosaning brana | têka anut kang cinorok | Pangeran Mangkunagara | winastan kêkandhangan | sikara anglêbur dhapur | ambubrah tindak wus enak ||
  8. kang tugur wetan Marapi | wadya Kamangkunagaran | andina yudane kasor | wus kaingkut bawahira | Jatinom sapangetan | Jurangjêro urutipun | kalèyèk anggung rinupak ||
  9. jajahane sami tipis | nulya binanton santana | Pangeran Purubayane | lan Pangran Mangkudiningrat | sakawan pra dipatya | Tumênggung Surawinangun | Tumênggung Surawikrama ||
  10. kathah ingkang para mantri | dêdamêlipun akathah | tinadhahan aprang lèrès | Ki Tumênggung Alap-alap | Tumênggung Dipadirja | ngèrèk miring yudanipun | nanging tan purun bujunga ||
  11. wau pangeran kêkalih | lawan tumênggung sakawan | makuwon kidul Talawong | Pangeran Arya Purbaya | Pangran Mangkudiningrat | Tumênggung Dipadirjaku | lan Tumênggung Alap-alap ||
  12. kawratan atur udani | ing Pangran Natakusuma | lajêng katur raka katong | sang nata sigra parentah | mêmatah kang pinatah | marang Pêngging abêbantu | Pangran Dipati Bintara ||
  13. nênggih sêntana kêkalih | lan Pangeran Pakuningrat | binaktan mantri pamijèn | kalawan sakancanira | Radèn [Ra…]

— 87 —

[…dèn] Suraprameya | Ki Bênêr lawan Ki Bêndung | panèkêt sakancanira ||

  1. nindhihi tumênggung kalih | Alap-alap Dipadirja | wus budhal sangking ing Murong | lawan sang nata parentah | budhalakên pangarsa | Sokawati wetan kidul | lèring Matesih Kamajan ||
  2. badhe dipun pasanggrahi | wadyagung apamondhokan | urut Karja Jamus kabèh | kèbêkan wadya narendra | wau kang bantu ing prang | mring wetan Marapi gunung | Pangran Dipati Bintara ||
  3. gangsal atus kang prajurit | prajurit ingkang turôngga | nêmatus kabèh dharate | sapraptanira lèr taman | prasami pirêmbagan | Pangran Bintara andangu | mring têlike Dipadirja ||
  4. yèn barising mêngsah prapti | dados kêkalih barisnya | kang wetan lawan kang kilèn | ingkang wetan Pamutihan | Pangeran Purubaya | dene ta tumênggungipun | Tumênggung Surawikrama ||
  5. lawan Tirtanagarèki | katigane Cakrajaya | tumênggung sangking Pagêlèn | kang kilèn baris Kathithang | Pangran Mangkudiningrat | Tumênggung Surawinangun | Tumênggung Jayasudirga ||
  6. dêdamêle apan sami | prajurite kêkapalan | kapara kathah kang kilèn | matur Pangran Pakuningrat | marang Pangran Bintara | sampeyan kilèn puniku | kawula wetan kewala ||
  7. rayi Tuwan Purbayèki | puniku Dèn Mas Surata | pêdhotan sangking Pagêlèn | dilalah yèn kudu kalah | mungsuh Pangran Purbaya | paduka kilèn puniku | sami bandêl jajêngkêran ||
  8. Pangran Bintara nanggupi | akanthi lan Dipadirja | lan kalih dasa mantrine | wetan kanthi Alap-alap | lan mantri kalih dasa | wus dadya wau kang rêmbug | ing aprang ungkur-ungkuran ||

19. Pangkur

  1. Ngabèi Jayanagara | lawan Wiranagara kang pangarsi | katiga Suradirjèku | kapalan kawan dasa | sinambungan mantri miji sadayèku | Rahadèn Suraprameya | uwus sakancanirèki ||
  2. kêkapalan tigang dasa | lan panèkêt sangking kaparak kering | Anggotbênêr Tambakbêndung | Kêmplêng lan Wôngsaprana | catur jarak alah uga mangkotèku | kinarya mantri sadaya | nanging samya mantri miji ||
  3. sangking Pêngging sampun budhal | wanci bangun tan adangu wus prapti | lèr kali kèndêl sadarum | lawan anganti êbyar | nora suwe pêngajêng nabrang angidul | byar kathah wong guyang jaran | sami têtakèn prayayi ||
  4. sangking ing pundi punika | dene enjing punika lah kiyai | ana kang gêlêm sumaur | nukup têka ing Sima | wusnya nabrang wau kuda pitung puluh | jujug pasanggrahanira | Pangeran Purubayèki ||
  5. lajêng kukuk ngamuk samya |

— 88 —

wus Saragni Kapurbayan wus tangi | lagya wontên wong sapuluh | bubar pating balêsar | pangerane gugup dharodhog lumayu | gègèr kapusus busêkan | gumrubyug pating jalêrit ||

  1. akèh mati kèh kabranan | pangerane lumayu karo nyamping | pan cinangking dhuwungipun | sabukan turut marga | kathetheran samarga binujung-bujung | pisahe pambujungira | katuju kalangan kali ||
  2. Tumênggung Surawikrama | wus kacandhak rinampog angêmasi | para mantri kathah lampus | Pangeran Purubaya | pan inguwuh mandhêga Purubayèku | kaya dudu anak raja | lumayu wêdi ngêmasi ||
  3. mung bisamu kajailan | papêdhotan lan Arungbinang ngucir | mung gunamu gawe rêtu | ngojok-ojoki ala | gawe bênggang bapa lan anak sirèku | aprang dhewe nora daya | mung jail pangawak iblis ||
  4. wong duraka Si Purbaya | kari gundhil wong wêdi angêmasi | lan duraka kadang sêpuh | dènira adol umbak | mring kang putra Pangran Mangkunagarèku | sagah nadhahi ngayuda | lan nadhahi walatnèki ||
  5. mring raka natèng Banaran | mangkya prapta walat amilalati | dènnya syaranira umyung | kapiyarsa ngakathah | anêmahi mèh kacandhak ing prang pupuh | wurunge palêstra nora | wurung dunyane anggundhil ||
  6. wau kang wus unggul ing prang | lajêng sami ngilèn kang taksih jurit | ing Bênêr kang katalanjur | kadohaning pambalap | Pangran Mangkudiningrat ing yudanipun | mundur miring taksih kathah | prajurite kang ngampingi ||
  7. Ki Bênêr kalojokira | binalêdig ing mungsuh mingêr aglis | wus anunggil kancanipun | pinêthuk tinulungan | Pangran Mangkudiningrat prajuritipun | kèh pêjah akèh kabranan | lorode kèndêl garidhih ||
  8. wau kang wus mênang yuda | pirêmbagan kèndêl sami nèng Pêngging | kinumpul sadayanipun | sagung rajabarana | myang sênjata tambur bêndhe waos dhuwung | bèri kuda lan bandera | badhe katur lan sang aji ||
  9. budhal Pangeran Bintara | Pangran Pakuningrat lan para mantri | tumênggung kalih kang kantun | sapara mantrinira | Alap-alap lan Dipadirja kang kantun | barise sami amêncar | gêlar mrih lindhung ing jurit ||
  10. wau kang kasor ing yuda | katur marang Pangeran Adipati | Mangkunagara angungun | kalangkung dukanira | dyan têngara kalawan prajuritipun | budhal angawaki yuda | dènnya mrih tumênggung kalih ||
  11. Alap-alap Dipadirja | kalih arsa pinukul dèn awaki | tumênggung kalih angrungu | ngilang amung pacalang | para mantri sakawan turôngga satus | mindha-mindha anèng dhadha | tumênggunge nganan [ngana…]

— 89 —

[…n] ngering ||

  1. Ki Tumênggung Dipadirja | ngilèn mêncar marang wukir Marapi | angidul jog Puluhwatu | ngetan anjog ing wuntat | Alap-alap angetan Wanakartèku | wau dènira siluman | angidul anjog ing Baki ||
  2. wau ta dêdamêlira | Pangran Mangkunagara kang pangarsi | mantri sakawan kapêthuk | nèng Piji dènira prang | amung kuda satus pat banderanipun | prang lèrès mangalèr samya | binabujung tinut wuri ||
  3. saparan tinut kewala | Pangran Mangkunagara misih ngungsir | kênèng gêlar kuda satus | puniku tinut wuntat | kidul Sima kèndêl pasanggrahanipun | mungsuh wus ilang mring alas | wus datan ana kaèksi ||
  4. wau Pangeran Bintara | Pangran Pakuningrat lan mantri miji | praptèng Murong lajêng katur | ing prang panukupira | sapratikêlira ing ngayuda katur | bandhangan brana busana | waos bandera lan bêdhil ||
  5. lawan sirahing punggawa | pun Tumênggung Surawikrama nênggih | langkung suka sang aprabu | wontên kêdhik mêsgulnya | ingkang rayi Pangran Purbaya barundhul | asusah kaparèng suka | kapok kakang rayi jail ||
  6. ing ayuda nora daya | yèn ing pikir ngalênthar nora titih | yèn aja sutaning ratu | sayêkti tanpa karya | wau sagung bandhangan wus kinèn andum | sadaya kang sami angsal | kinèn bagi kang waradin ||
  7. wus dinuman kancanira | sri narendra budhal sangking ing Kunir | majêng barisira ngidul | kumêrab balakusya | kèndêl dhusun Kêmajan wus tigang dalu | wontên duta ingkang prapta | Sêcadirana namèki ||
  8. êmbane ratu bêndara | surat katur sangking pangeran nênggih | Mangkunagara puniku | tinampan tinupiksa | ngaturakên inggih sêmbah bêktinipun | ping kalih atur wuninga | inggih pun dêlèr Samawis ||
  9. badhe mukul ing paduka | dêdamêle dhomas Kumpni putih | Bali Bugis kalih èwu | warti bêkta Madura | bupatine pasisir sônga pukulun | kawula nuwun parentah | paran karsa padukaji ||
  10. kula punika kênia | sampun kongsi sowan ing padukaji | kula ladosi pukulun | sangking têbih kewala | rêmak-rêmpu dipun abêna lan mungsuh | amung jrih sowan kewala | pêpanggih lan padukaji ||
  11. pun dêlèr dêdamêlira | sampun mijil sangking nagri Samawis | wontên Ngungaran pukulun | panganjur Salatiga | sampun titi duta kinèn mondhok sampun | angantos wangsulan sêrat | sri narendra animbali ||
  12. ing Pangran Natakusuma | pra santana lan sagung pra dipati |

— 90 —

kabèh prapta ngarsèng prabu | samya kinèn wuninga | ing surate Pangran Mangkunagarèku | sang nata mèsêm ngandika | padha pikirên kang bêcik ||

  1. Pangeran Natakusuma | nêmbah matur datan kenging pinikir | yèn ing kawula pukulun | tan kenging pinikira | sêrat lamis abang ing lathi pukulun | datan pantês ginaliha | paduka sutèng nrêpati ||
  2. punika srat calawênthah | sru gumujêng ngandika sri bupati | kabèh kang para tumênggung | miwah kang pra santana | apa bênêr adhi Natakusumèku | santana lan pra dipatya | sarêng umatur wotsari ||
  3. inggih lêrês rayi tuwan | Pangran Natakusuma pan sayêkti | nanging paringa sul-angsul | sampun katawis duka | dipun sarèh ngirih-irih dipun alus | ing têmbung pan botên tumbas | gumujêng sri narapati ||
  4. nimbali wong Suranata | Ki Mukidin kalawan Ki Muhyadin | Dul Wakit katiganipun | padha sira gawea | têmbung rèngrèng mèh pangrêpa tangkêpipun | anging dudu pangrêrêpa | den ajêg amurba titi ||
  5. wong têlu padha gawea | dhewe-dhewe gon ingsun amangsuli | mring Si Mangkunagarèku | surat sami sinawang | wong têtiga sarêng damêl datan dangu | pinundhut katur katiga | satunggal kang dèn sênêngi ||
  6. Ki Dul Wakid kang kinarsan | sampun kinèn nurun lêlurah carik | Tumênggung Sindusastrèku | katur wus ingêcapan | tinimbalan duta Sêcadiranèku | êmbane ratu bêndara | Tumênggung Juwana nguni ||
  7. pinaring surat wangsulan | lajêng mangkat ngilèn anjog ing Kunthi | Pangran Mangkunagara wus | budhal ngidul sawadya | wus kacandhak wontên pasanggrahan Lêbu | lèr kilèn Ngasêm punika | surate katur ing gusti ||
  8. gya tinampan tinupiksa | bêbukane alus luwês amanis | sigra dangu kang ingutus | kiyai kaya ngapa | pasêmone iya apa nora rêngu | matur pun Sêcadirana | rama tuwan ngusap wèni ||

20. Sinom

  1. caraka matur wotsêkar | rama paduka sang aji | gusti datan mawi ewah | ing solah tingkahing nguni | pangeran ngandikaris | iya iki suratipun | alus datan rêkasa | anglêr kaya banyu mili | têka ewuh kiyai gon ingsun duga ||
  2. jêr bisa têmên wong ika | yèn uga olah lêlungit | yèn nêsu iya kayapa | padha sadhela asalin | nora tolih ing wuri | kaya iku patènipun | ing Kêdhu Mangkupraja | wus dadi punggawanèki | nora ketung nglunas ipe dhasar sanak ||
  3. kalawan Tumênggung Jipang | punggawane milu sakit | iya Suradimanggala | luput thithik dèn [dè…]

— 91 —

[…n] patèni | yèku mulane wêdi | ingsun iki atatêmu | pangeran wus utusan | mring Ungaran kang tinuding | nênggih Malangsumirang lan Malangdewa ||

  1. ambêkta lêmbu sadasa | lawan turôngga sarakit | sarêng wau dènnya budhal | pangeran sawadyanèki | ing Barija wus prapti | ngriku pasanggrahan agung | ingkang minôngka pura | wastanya sampun ingalih | winastanan ing Sumarêjadimulya ||
  2. wuwusên dêlèr Samarang | Ohèndrub budhalirèki | sangking Ungaran gumêrah | langkung gêng dêdamêlnèki | bêkta mariyêmnèki | sakawan tiktak wêwolu | badhe angantêp yuda | lan Susunan Mangkubumi | kanthi lawan Pangeran Mangkunagara ||
  3. tanggal sônga likur Ruwah | budhale sangking Samawis | tanggal kaping kalih Siyam | ing Salatiga duk prapti | rêmbên angati-ati | nèng Salatiga kapêthuk | duta Mangkunagaran | ngaturkên suratirèki | Malangdewa kalawan Malangsumirang ||
  4. surat tinampan binuka | têmbunge atur udani | yèn kiyai badhe prapta | inggih sangking Pranaragi | mangke wontên Matesih | langkung gêng dêdamêlipun | kêrig môncanagara | wiwit amukul ing jurit | rencang kula kang tugur sawetan marga ||
  5. Marapi kang kula matah | inggih santana kêkalih | para bupati sakawan | pinukul dipun agêngi | pan wadya kula sami | kawon kathah ingkang lampus | inggih tumênggung kula | satunggil ingkang ngêmasi | lampah dika tuwan dipun aprayitna ||
  6. Pangran Dipati Bintara | mangkya môngka senapati | inggih paman Buminata | mangkya sampun salin nami | nguni tumut Kumpni | kalangkung jêrih prangipun | mangke tumut kang raka | wartine kêndêl tan sipi | pan kinarya manggala pramukèng ngarsa ||
  7. badhe sanggup purun ngadhang | lampahe baris Kumpni | prajuritipun akathah | pinaring môncanagari | prajurit kang turanggi | nênggih sèwu gangsal atus | tumênggunge sakawan | anigang atus turanggi | mila sagah purun ngadhang lampah tuwan ||
  8. kuda kalih èwu dhomas | dharate samantên malih | panutupe ingkang sêrat | kintun kuda lawan sapi | dêlèr duk amiyarsi | angundhangi ing wadyagung | ing lampah dèn prayitna | yèn angambah kidul Tingkir | kang amukul badhe Pangeran Bintara ||
  9. budhal sangking Salatiga | dutane pangeran kalih | anyarêngi lampahira | wau kang baris Kumpni | dêlèr parentahnèki | kinèn anunggil gènipun | lan Pangeran Pancuran | yèn wus prapta Sala benjing | ingsun awèh srat wangsulan ing pangeran ||
  10. lampahing baris tinata | angambah sakidul Tingkir | wus dadi jajahanira |
Baca juga  Babad Giyanti Jilid 1 Diterbitkan Boedi Oetomo 1916

— 92 —

tumut marang Sokawati | pinacakan bupati | Sêmarangan Bumisèwu | Carub lan Bumisala | kèh pinacak para mantri | têtindhihe Tumênggung Tirtanagara ||

  1. lan Ngabèi Tirtasura | Ngabèi Tirtayudèki | Ngabèi Tirtawahana | Tirtalêgawa miranti | badhe angriwuk sami | marang idlèr lampahipun | kapalan kanêm bêlah | kinathahan banderèki | warna-warna kang bandera salawe prah ||
  2. lawan payung kalih dasa | anjirap wetaning margi | kukuk surak nêmpuh sênggrang | prang lèrès saurut margi | yèn wani marêpêki | dèn mariyêm kawur-kawur | nanging sami malawang | ngênginthil ing kanan kering | dadya bala Kumpni eca lêlampah ||
  3. ing Bayalali wus prapta | sadalu enjing lumaris | kang ngrêriwuk saya kathah | wontên wetan Bayalali | wuwuh tumênggung kalih | Lap-alap Dipadirjèku | rame prang urut marga | ing Gumpang kèndêlirèki | amakuwon dêlèr sakidul Laweyan ||
  4. wontên dhusun Kabanaran | jêjêl dhusun kanan kering | sapangulon sapangetan | gumuruh kanggenan baris | wadya Surakartèki | Dipati Pringgalayèku | asêsuguh wus panggya | sarêng dutane sang aji | wêdanane Tumênggung Puspanagara ||
  5. duta ing Mangkunagaran | sampun ingangsulan tulis | wêwangsul Malangsumirang | Malangdewa sami pamit | salaminira nunggil | Pangran Pancuran pan anggung | duk anèng Salatiga | pitakèn samargi-margi | pratikêle kang rayi umangun yuda ||
  6. Pangeran Mangkunagara | pira ta wadyanirèki | ature kang tinakenan | cacahipun ingkang ngabdi | rayi paduka mangkin | tan prabeda lawan ratu | yèn rayi jêng paduka | Sang Prabu Surakartèki | yêkti kathah Pangeran Mangkunagara ||
  7. kadi langkung kalih lêksa | balane ingkang turanggi | para tumênggunge kathah | Pangran Pancuran miyarsi | lan anggêping Kumpni | wus ginawe kadya ratu | ana lingsêming driya | yèn kalakona pêpanggih | ingajenan angluwihi kang sarira ||
  8. dadya Pangeran Pancuran | kintun sêrat mring kang rayi | Pangeran Mangkunagara | aja kongsi apêpanggih | iya lawan Kumpni | bok dhèwèke kênèng apus | aja kèh kaya ingwang | wus kadluwuk nèng Kumpni | suratira binakta Malangsumirang ||
  9. sapraptanirèng Barija | wus katur gustinirèki | angsul-angsul ingkang surat | sangking idêlèr Samawis | tinampan binuka glis | sarta amawi kêkintun | asrêp wau tyasira | myarsa sagah ing Kumpni | dènira jêng-ajêngan lawan kang rama ||
  10. rêmbag angêlar jajahan | pangeran nuduh kang rayi | Pangeran Mangkudiningrat |

— 93 —

kinèn bobok Pranaragi | mangkya prasamya sêpi | mêtua ing Wukirkidul | Pangran Mangkudiningrat | sawadyanira miranti | budhal sangking Kusumarêjadimulya ||

  1. nulya lêt ing patang dina | Pangran Mangkunagarèki | budhal sangking Sumarêja | ing lingsir kilèn lumaris | arsa anglanggar nênggih | mring kang rama budhalipun | nuju dina Jumungah | tanggal sawêlas marêngi | nuju sasi Puasa Je ingkang warsa ||
  2. kèndêl dhusun Patêguhan | Pangran Mangkunagarèki | sakidul ing Paserenan | makuwon sawadyanèki | kunêng gantya winarni | Ohèndrub ingkang gupênur | kang makuwon Lawiyan | sowan marang sri bupati | manggihakên kang raka Pangran Pancuran ||
  3. kalawan sakadangira | amung ambêkta upêsir | lawan kang para dipatya | mung bêkta magang kêkalih | Abraham marang puri | sigra têdhak sang aprabu | nitih Ki Alundrêsa | abajo baludru wilis | songkok wungu gêmbayèjo nyampingira ||
  4. rêspati dêdêg pidêgsa | kadya Prabu Maèspati | risang Arjunawijaya | pasêmon wangun nyabrangi | wus mijil sangking puri | ginarêbêg wadyanipun | prapta salèr galadhag | mung menggok angilèn kêdhik | tan adangu dêlèr kasêlak katingal ||
  5. kèndêl sang nata sakêdhap | mèh têdhak sangking turanggi | dêlèr nyandêr jangan-jangan | tuwan têdhak sangking waji | tanggêl wasisan loji | saksana sarêng lumaku | lajêng sami angetan | sêsaman rampak kudèki | sapraptane loji dêlèr wiwit têdhak ||
  6. amurugi sri narendra | gupuh sang nata nêdhaki | sangking turôngga anyandhak | tabe rêrangkulan sami | aras-ingaras sami | pan ing jôngga iringipun | nulya jumênêng samya | majêng ngalèr angantosi | ing praptane sira Pangeran Pancuran ||
  7. nulya kang para dipatya | mêndhak tarab nganan ngering | praptane Pangran Pancuran | rasukan baludru wilis | akuluk jangkang abrit | nyamping ragi Bali sarung | têdhak sangking turôngga | ingiring kabèh parari | dêlèr ngawe sarwi matur ring sang nata ||
  8. puniku raka paduka | sang nata mêthuk sakêdhik | gapyuk sami sêsalaman | sawusnya kang raka aglis | angrangkul jajanèki | mingsêg marêbêl wêtu luh | anulya ingusapan | ing saptangan sutra kuning | malah dangu dènira adêg-adêgan ||
  9. wong pasisir sami nyawang | ing pangeran lan sang aji | para mantri pra dipatya | sêngsêm dènira ningali | ewuh dènnya ngarani | sang nata asalin wangun | kadya putra [pu…]

— 94 —

[…tra] Cêmpala | duk ingangkat senapati | Radèn Dhustha jumênêng prang Bratayuda ||

  1. idlèr kang minôngka Krêsna | dêdêge alus pêsagi | kuciwa dadi Walônda | wong pasisir ting barisik | Pangran Pancuran iki | têka ewuh tangguhipun | milu kandhangan apa | dêdêge têka baluncing | iya apa sabrangan apa ing Jawa ||
  2. kalamun wani moyoka | nadyan sabrangana iki | nora tumèmpèl satriya | sêtun tibèng buta cakil | Dêmang Gêndir Panjalin | Ki Ngabèi Randhuwusu | lamun dadia rôngga | pantês Rôngga Walangkolik | yèn Jawaa tumèmpèl ing ngêndi baya ||
  3. lamun putra tanah Jawa | nora nana kang amirib | dene ibune Madura | sêrigake ana ngêndi | rowane lunga ngênthir | ringkêse têka ngalumpuk | dadak muwuhi kojah | yèn ngandika wuwuh mamring | syara kadya wong wadon gêring rong wulan ||
  4. êmbuh gone tinêmua | satriya mangkene iki | mila wong pasisir samya | panyawange anitèni | padha ngrungu kalêsik | duk arsa jinunjung ratu | nanging môngsa têmêna | mung murih êlok sathithik | mrih gêrago wong agung kang mangun aprang ||
  5. manjing loji pilênggahan | idêlèr lawan sang aji | tuwin Pangeran Pancuran | tuwin para ari-ari | dêlèr matur sang aji | tuwan sunan lamun tamtu | eling raka paduka | Pangeran Mangkunagari | kêna dipun arêp-arêp tanah Jawa ||
  6. kadi enggale raharja | ing nagari tanah Jawi | nanging sumêlang kawula | kula arsa magut jurit | lan rama dika nênggih | Mangkubumi wus pinunjul | prawiraning ayuda | untung ilang bêlum pasthi | rama tuwan prajurit môndragunèng prang ||
  7. sumbagèng rat wirotama | angadoni jayèng jurit | raka paduka pangeran | Dipati Mangkunagari | rêbat bawah wadyèki | anggung prang sami kaburu | para tumênggungira | Mangkunagaran kèh mati | milu kula ing lusah têtulung yuda ||
  8. dhatêng raka jêngandika | Pangran Mangkunagarèki | pan sampun ajêng-ajêngan | rama paduka ing mangkin | sampun wontên Matesih | wadyanipun langkung agung | ngêrig môncanagara | baris Matesih ing Bangsri | balanipun anggambuh ngêlar jajahan ||

21. Gambuh

  1. sigra wau gupênur | sawus bêbisik marang sang prabu | pamit mundur marang pakuwonirèki | sakidul Lawiyanipun | nêm dalu makuwon kono ||
  2. pangeran dukanipun | Jayakintèki bêkta sêsuguh | bêras bèbèk salawe lêmbunirèki | lan ayam sapuluh pikul | bêrambang bawang lan êndhog ||
  3. kalawan [kala…]

— 95 —

[…wan] suratipun | tuwan idlèr pan arsa têtamu | Pangran Mangkunagara sêmaya kêdhik | sêdhêng sampun aprang pupuh | agampil besuk patêmon ||

  1. kiyai bakal magut | balane padha nglarag mangidul | badhe ngutêr gèn kawula anadhahi | kula tuwan awèh wêruh | yèn kala tuwan makuwon ||
  2. dipun prayitnèng kewuh | apan kiyai darbe panukup | tukang nukup tumênggungipun kêkalih | amêthèt wong kawan atus | damêle nukup kimawon ||
  3. tuwan sayêktènipun | sampun lêt têbih pakuwonipun | arêm-arêm Pangran Mangkunagarèki | sangking lumuh atatêmu | milane anggung ngalap sor ||
  4. mangkana budhalipun | sangking Lawiyan tuwan gupênur | ngidul ngetan kèndêl Paserenan sami | idêlèr sabalanipun | nèng ngriku dènnya makuwon ||
  5. pangeran ênggènipun | nèng Katêguhan sakidulipun | Paserenan kasompokkên lak Kumpni | mingsêr ngetan barisipun | makuwon nèng dhusun Pojok ||
  6. gunêm sadalu-dalu | lawan sagunge kang pra tumênggung | kang ginunêm ora têmu lan nêmoni | bêcik kang êndi puniku | riyon kang sami tinaros ||
  7. tan ana ingkang kumpul | pating balêsar ing rêmbugipun | Danawarsa lan Jayaningrat Matawis | botên panggih rêmbugipun | dene bupati kang roro ||
  8. Suramangunjayèku | lawan Tumênggung Janapurèku | rêmbagipun sami kêdah amanggihi | sampun tanggêl barang laku | ing pikir pan maksih reyon ||
  9. ya ta wau sang prabu | undhanging bala siyaganipun | karsanira nênggih arsa marêpêki | ngrupak jajahaning mungsuh | wus budhal sangking ing Murong ||
  10. sawadyagung mangidul | praptèng ing Karja Kêmajan Jamus | tigang dalu masanggrahan sri bupati | lajêng budhale angidul | tanah Matesih makuwon ||
  11. ing Bangsri dhusun agung | wadya prajurit pangarsa sampun | ngêlar-êlar ing jajahan kanan kering | punggawa pangarsa kidul | pun Tumênggung Atasingron ||
  12. lawan sakancanipun | sagung pra mantri ingkang pênganjur | pangidule ing kali Jêlantah prapti | jajahan mêngsah kaikut | mring Tumênggung Atasingron ||
  13. ya Wrêksanagarèku | wantêr arikat tênaganipun | ngorakakên yèn ora ana prajurit | Kudanawarsa atur wruh | yèn Tumênggung Atasingron ||
  14. wus ngancik Barawatu | pangeran langkung dènira bêndu | budhal sangking Pojok sawadya ngawaki | kumêrap wadya anggrêgut | duk miyarsa Atasingron ||
  15. pangeran badhe mukul | sigra ngoncati budhal ing dalu | sakancane mung tilar mantri kêkalih | wontên kuda pitung puluh | jaga

— 96 —

ngawali kimawon ||

  1. pangeran praptanipun | kapanggih suwung ing Barawatu | amung kawal pitung puluh kang turanggi | binujung maring panganjur | palayune ngèrèk ngulon ||
  2. dadya nèng Barawatu | Pangeran Mangkunagara sampun | masanggrahan lan sagung wadya prajurit | lan sagung punggawanipun | wus tata dènnya makuwon ||
  3. sigra dadèkkên rêmbug | mring Paserenan dêlèr gènipun | ingaturan anggitik mungsuh tumuli | gampil ing benjing yèn sampun | mungsuh sirna atatêmon ||
  4. dêlèr apan wus nurut | sangking Serenan budhal gumuruh | nabrang ngetan sagung kang bala Kumpni | ngetan ngalèr lampahipun | sarêngan dènira bodhol ||
  5. kang sangking Barawatu | budhal mangalèr bala gumuruh | wus katingal lampahing baris Kumpni | Mangkunagaran kadulu | sangking doh sarêng mangalor ||
  6. lampahing duta manggung | awira-wiri mantri jronipun | kang ingutus maring barising Kumpni | Samêdhangan praptanipun | baris Kumpni makuwon ||
  7. pangeran barisipun | anèng ing Wera sabalanipun | masang rakit pangarsa myang kanan kering | wus cêlak ênggoning mungsuh | nèng Bangsri sang rama katong ||
  8. pangeran wus angutus | atur sugata marang gupênur | lan matêngkên rêmbag pamukuling jurit | lawan idêlèr wus rêmbug | ing samôngsa ngasmarèng don ||

22. Asmaradana

  1. punggawa pangarsa sami | balane natèng Banaran | Tumênggung Panatasingron | inggih pun Wrêksanagara | prapta sakancanira | tur wuninga lamun mungsuh | dêlèr baris Sumêdhangan ||
  2. Pangran Mangkunagarèki | baris wetan Sumêdhangan | dhusun ing Wera ênggène | têbah saonjotan kirang | sangking baris Walônda | amatêngakên ing rêmbug | gène mukul ing paduka ||
  3. Atasingron têliknèki | kang kinèn awor ing mêngsah | ingkang dinangu cacahe | watara kathahing mêngsah | punang têlik turira | sadaya watawisipun | dêlèr kalawan pangeran ||
  4. kadi cacahing prajurit | salêksa lan gangsal nambang | lamun wontêna kirange | pan inggih botên akathah | miwah lamun langkunga | botên kathah langkungipun | sangking gangsal wêlas nambang ||
  5. natèng Banaran nimbali | ing santana pra dipatya | lan lurah prajurit kabèh | tinawu ing bobotira | samono gênging mêngsah | apa oncat apa magut | kang abdi matur sadaya ||
  6. sumôngga karsa sang aji | kang abdi darmi kewala | amrih ing yuda rarêmpon | kang abdi drêmi tumandang | sang nata angandika | santana lan pra tumênggung | ngarêpna Mangkunagara ||
  7. ingsun ngarêpkên Kumpni | lan bocah jêro kewala | iya sun gawa sêparo |

— 97 —

kang patang atus kewala | punjul wong suranata | wolung puluh papat iku | mantri pinilih tri dasa ||

  1. bocah jêro kang sapalih | patang atus milu jaba | kang sun pangku iku bae | mangkêlang sagung dipatya | sêdyane lumuh pisah | antêpe dadia bubuk | yèn kênia lumuh pisah ||
  2. gya Pangran Natasuma glis | lan Rôngga Wirasêntika | wus tilar dhuwung kalihe | majêng sami matur nêmbah | pukulun nuwun duka | yèn èstu karsa sang prabu | nadhahi angantêp yuda ||
  3. tan wontên ajrih ngêmasi | sadaya abdi paduka | amung inggih kuciwane | pukulun tan antuk papan | lan mêngsah taksih ura | botên anunggil gènipun | owêl abdi padukendra ||
  4. sanadyan kathaha ugi | yèn mêngsah dados satunggal | botên tanggêl pêngantêpe | sang nata gumujêng suka | dhimas Natakusuma | ingsun pan kaya sirèku | iya kapalang ing papan ||
  5. yèn mangkono sun unduri | rôngga padha undhangana | kancamu bupati kabèh | besuk esuk ingsun budhal | ing Bangsri ingsun tinggal | bubaran wau kang rêmbug | wande umangsah ing yuda ||
  6. ing dalu datan kawarni | enjinge têngara budhal | gumuruh wadyabalane | putra santana nèng ngarsa | nuntên kang pra dipatya | sri narendra munggèng pungkur | lan wadya ing jro kewala ||
  7. kèndêl dhusun Wanasari | sadalu amasanggrahan | enjinge budhal angalèr | Murong kèndêl masanggrahan | anata balanira | kunêng malih kang winuwus | Pangeran Mangkunagara ||
  8. tur uninga ing Kumpni | yèn kang rama sampun jêngkar | sangking Bangsri sawadyane | angalèr mring Sokawatya | suwawi tinututan | tinut ing sapurugipun | idêlèr nurut kewala ||
  9. têngara baris Kumpni | budhal sangking Sumêdhangan | angsahe sarêng angalèr | lampahe lêt tigang bulak | ing Sokawati prapta | Pamasaran kèndêlipun | pangeran nèng Pagêdhangan ||
  10. baris Kumpni miranti | pangeran pemut prayitna | yèn ingkang rama badhene | sampun angundhangi bala | badhe angantêp yuda | dene pênêt papanipun | ing Sokawati arata ||
  11. idlèr ngundhangi prajurit | sami prayitnèng ayuda | Pangran Mangkunagarane | marang dêlèr pemutira | yèn kyai dèrèng nabrang | ngalèr taksih wontên kidul | niyat magut ing ayuda ||
  12. kunêng kang winuwus malih | Sri Narendra Kabanaran | kang abaris anèng Murong | anggung dènnya pirêmbagan | angrakit gêlaring prang | badhe ngantêp yudanipun | kasaru wontên caraka ||
  13. sangking Pugêr Adipati | surate atur wuninga | lamun kang rayi jêngkare | Pangran Arya Singasêkar | tilar nagari Jipang | kawone sangking Sidayu | pan inggih [ing…]

— 98 —

[…gih] lawan kawula ||

  1. botên ngangge têpang pikir | pun Pugêr nuwun dêduka | sintên kang kinarsakake | têngga tamping lèr punika | Pangeran Singasêkar | mring Kadiri lolosipun | môngsa mêcahna kaluwak ||

23. Pocung

  1. kula nuwun atur tiwasing pukulun | rumêksèng tampingan | angraos botên kasaid | tiwasipun rayi dalêm Singasêkar ||
  2. sang aprabu miyarsa kalangkung ngungun | kalawan Pangeran | Dipati Bintara mangkin | nuwun lênggah ing nagari Garobogan ||
  3. sang aprabu ing batin kalangkung rêngu | pinupus yèn beka | dènnya arsa magut jurit | tyasnya lagya kuwur wande magut ing prang ||
  4. iya lamun si adhi Bintara iku | yèn cinukêngana | beka satêngahing jurit | pan ingarêm-arêm tyasira sinamar ||
  5. ngandikarum dhimas Bintara sirèku | jaluk Garobogan | kadangira Pugêr iki | kaya priye ing ngêndi gon amrênahna ||
  6. dene iku sira adhi ingsun turut | jaluk Garobogan | watakira dhingin-dhingin | marènana sok lali wong pawong sanak ||
  7. mring sadulur alane dèn ulur-ulur | pakarya tan arja | nura tulus dèn walêsi | ingkang rayi pucat sumungkêm pratala ||
  8. aturipun sumôngga karsa pukulun | inggih dèn kumbaha | yèn kadosa nguni-uni | sakalangkung jrih kula ing padukendra ||
  9. ing sotipun kadang sêpuh pasthi ampuh | kula manggih papa | kang ngukup mung kakang aji | gih punapa badan kang dipun walêsna ||
  10. durakagung inggih kawula sok digung | kathah aturira | nêpa ta kadya wong cili | Pangran Adipati Bintara mring raka ||
  11. sigra wau narendra gandhèk tinuduh | mundhut Garobogan | marang Pugêr Adipati | pinaringkên Pangran Dipati Bintara ||
  12. Pugêr amung dhinongkolakên wong satus | langkung gujêngira | sira Pugêr Adipati | nora môntra-môntra yèn sakmanahira ||
  13. wêruh lamun kang duwe panggawe saru | Pangran Buminata | bêdhandhêr sajêge urip | durung-durung nglakoni pênggawe tata ||
  14. apan iku ya môngsa mantêpa besuk | marang ingkang raka | sayêktine dadi kardi | kudu-kudu ambêbeka lêlampahan ||
  15. nora enjuh mung gunane gawe rusuh | sampun tinampenan | ing Garobogan nagari | langkung suka Pangran Dipati Bintara ||
  16. yèn tinangguh saguh balanipun wuwuh | adhadhag-mêdhadhag | mangah-mangah ulatnèki | kaya êbung pring pêtung mêntas binakar ||
  17. ya ta wau barising Kumpni maju | kèndêl dhusun Gêbang | Pangran Mangkunagarèki | kèndêl baris wontên sawetaning Gêbang ||
  18. Sang Aprabu

— 99 —

Kabanaran karsanipun | pan anglès kewala | pan lagya sêbêl kang galih | ing bekane kang rayi Pangran Bintara ||

  1. kang tinuduh dadia kawaling pungkur | pra wadana jaba | sadaya ing jro satunggil | tinindhihe Mas Rôngga Wirasêntika ||
  2. sisihipun Radèn Suryanagarèku | sagung pra dipatya | ing jaba sadaya kari | mung kang dhèrèk sang nata sêntana putra ||
  3. budhalipun angilèn wau sang prabu | mingêr ngalèr nyabrang | praptane salèr banawi | ngetan malih sakêdhap prapta ing Bancar ||
  4. kèndêl wau masanggrahan sang aprabu | mungsuh wus miyarsa | pangeran miwah Kumpni | sami nusul baris Kumpni kalawan ||
  5. barisipun Pangran Mangkunagarèku | budhal sangking lampah | wetan kilèn nunggil kapti | baris Murong kang dèn ungsir budhalira ||
  6. ingkang kantun Murong kirab barisipun | baris mungsuh kagyat | anarka sunane maksih | sami kèndêl Kumpni baris sumêngka ||
  7. barisipun Pangran Mangkunagarèku | lan sabalanira | anèng dhusun Bantutangkil | baris Murong kêbut ngalèr ngilèn samya ||
  8. dêlèr ngutus amatêngakên kang rêmbug | Dipati Sêmarang | praptèng baris Batutangkil | wus pinêthuk urmat maryêm prajuritnya ||
  9. baris sungsun jroning pasanggrahan agung | sagung baris dharat | ing ngara-ara ing jawi | pan anggabag ewon kang baris turôngga ||
  10. praptanipun wau awaking gupênur | Dipati Samarang | pinanggihan anèng jawi | soring tarub pasanggrahan sampun gênah ||
  11. pra tumênggung tinunggalan pra tumênggung | lan Kudanawarsa | puniku jajare linggih | pangerane kang munggèng kursi priyôngga ||
  12. dipatyèku Sêmarang tyasira kêju | dêlèr kang karyawak | têka nora nêmu aji | linênggahkên anèng wêwidhik kewala ||
  13. lan andulu so[…] kèhing wadyagung | sinawung sinawang | pasêmone gêdhe […]k | lonyot-lonyot ing pratingkah gêgêculan ||
  14. tyase alum Dipati Samarangipun | mulat ing pratingkah | ki dipati kêcil ati | prakarane ngunthêt saparo pan mêdal ||
  15. ngaturakên surat kang sangking gupênur | kêdah pêpanggiha | matêngakên barang pikir | sabarang rèh pênêt nuli kalakona ||
  16. ya ta wau kèndêl ing pamaosipun | pangeran ngandika | hèh Adipati Samawis | dêlèr iki têka mangkene kang karsa ||
  17. atatêmu iya apa bedanipun | kalawan pangucap | kang kalêbu layang mami | bèbèt ingsun tan ana ngoncati ujar ||
  18. apan iku kakang mas panjalukipun | Pangeran Pancuran | nuli têmua lan mami | ngarah

— 100 —

apa bok besuk sawusing karya ||

  1. apan ingsun liwat rubêde tyas ingsun | wong arêp-arêpan | ingsun iki nyêngka tandhing | pan kiyai prajurit sumbagèng jagad ||
  2. tikêl satus balane lan balaningsun | tur padha prawira | kabèh balane kiyai | balaningsun lagi aprang bêbocahan ||
  3. prandeningsun nêmah tan mingkêt sarambut | sangking ingsun iya | wus saguh marang Kumpni | rêmak-rêmpu môngsa nêdya ngoncatana ||
  4. ciptaningsun lan Kumpni parêng gêmpur | môngsa dadak cidra | lamun taliti Matawis | wus muliha iya Dipati Samarang ||
  5. layang ingsun angsul-angsul bèn lumaku | Si Kudanawarsa | ingkang gawa layang mami | ngiras wakil prasasat wus awak ingwang ||
  6. pamit mundur Dipati Samarang gupuh | praptaning sumêngka | wus panggih lan kang anuding | Ohègendrup dipati ginawa ngiwa ||
  7. aturipun katur sasolah ingutus | Dipati Samarang | mring dêlèr amrasabêni | sampun midho kula dika kèn marika ||
  8. solahipun beda lawan pamanipun | taklim ing kongkonan | ing adate Mangkubumi | puniki ta pratingkahing gêgêculan ||
  9. manggil gupuh Radèn Endranata tumut | prapta tinakonan | miwah Naladikara glis | ingkang sami mindho ping têlu dinuta ||
  10. mring sang prabu natèng Banaran karuhun | ngajèni kongkonan | satata dènnya manggihi | lan têmbunge sêdhêp prak ati pêsaja ||
  11. patutipun sagène makuwonipun | mondhoka sadina | yèn Pangeran Mangkubumi | pasêmone baris kadi gone raja ||
  12. sru gumuyu anggoyang kapalanipun | êmbèn Danawarsa | badhe kinèngkèn mariki | siyaganên têtarub pakuwon ngarsa ||
  13. bubar sampun kunêng malih kang winuwus | Pangeran Pancuran | kintun sêrat mring kang rayi | wus tinampan ing Pangran Mangkunagara ||
  14. têmbungipun hèh yayi mas sira iku | iya dèn prayitna | patêmon aja nglakoni | lamun durung ingsun lumaku nèng ngarsa ||
  15. apan ingsun maksih lumaku nèng pungkur | iya durung kêna | lumaku ana ing ngarsi | lamun ingsun wus kêna lumakyèng ngarsa ||
  16. dadi uwus patêmona sakarêpmu | kapindho yayi mas | prang lan paman Mangkubumi | aja age adhi ngantènana ingwang ||
  17. pantês ingsun kang tuwa nanggulang pupuh | ya singa tiwasa | prang lan paman Mangkubumi | duk miyarsa kèndêl maos latah-latah ||

— 101 —

  1. dutanipun kang raka sinungan wuwus | lah iki kakang mas | ngandika tanpa kêkering | nora lingsêm karungu samining janma ||
  2. dadak iku nyumbari kyai prangipun | tan wruh ing ukara | tan wruh Ngêpon Wage Paing | wong kumaki iya prajurite pira ||
  3. nadyan iku duwea prajurit sèwu | ya têlung èwua | nora patut anadhahi | pamanane wus prajurit têtêmênan ||
  4. pira-pira prajurit sabrang kang wudhu | Mayor As Mayor Pal | Mayor Por kalèrèk mati | prang lan kyai tumpês saprajuritira ||
  5. waniningsun sun rewangi prang malincur | gêlar salinthutan | wong aprang lawan kiyai | tadhah dhadha pasthi rêmak-rêmpu bebas ||
  6. dutanipun kang raka sinung sul-angsul | Pangeran Pancuran | sampun lèngsèr nêmbah amit | kawuwusa ingkang abaris ing Bancar ||
  7. amrih laku wau kang putra tinuduh | pangeran dipatya | ngirit wong môncanagari | pra dipati wus kinèn mantuk sadaya ||
  8. pangranipun Dipati Anom Madiun | lan Purwanagara | nêdya tulung Pranaragi | kang binobot sangking ing gunung sarkara ||

24. Dhandhanggula

  1. nahên gantya kang winursita ris | nênggih wontên sêmpalaning kôndha | nagri Turki nangkodane | ing Turki tanahipun | lunga dagang mring bawah angin | nangkoda kalih sanak | sami sugihipun | lan kadang mung sabaita | ingkang tuwa anama Ki Sèh Ibrahim | kang anom Ki Sèh Iskak ||
  2. wus lakune ing nagari Turki | lamun nangkoda dagang anêbah | anggawa cape rajane | êcape sultan ing Rum | pan kalaut nèng bawah angin | têtiyangipun pokah | sêbit layaripun | palwane kalunta-lunta | kalih atus sabaita rowangnèki | Sèh Ibrahim ngulama ||
  3. datan kèndêl baitanirèki | anut ing barat kalunta-lunta | ngetan tan ana enggoke | kasanggrok nèng pulo Drus | dadya kèndêl palwanirèki | nanging tan wontên tiwas | mung tiyang kang putung | lawan layaripun sirna | nèng pulo Drus minggah tuwan Sèh Ibrahim | manggih têtiyang kathah ||
  4. wong lêlaran kang anambut kardi | gêraji kayu sadina-dina | Tuwan Ibrahim têtakèn | mring wong gêraji kayu | iya iki nagara ngêndi | apa rajane ana | wau kang sumaur | puniki ing Batawiyah | amung jendral gêng-gênge nagri puniki | akulit kadi tuwan ||
  5. nanging kaot srêban lawan topi | kalih tuwan sami kulit pêthak | sawusira atêtakèn | wangsul baitanipun | sagung

— 102 —

awak baita sami | kinèn kantun prayitna | amung kadangipun | binakta anitih sampan | minggah dharat sapraptanirèng Batawi | arsa anjaluk tiyang ||

  1. sami kagyat têtiyang Batawi | arang kambah sami kagawokan | abagus agêdhe-gêdhe | têtakèn gêdhongipun | goning jendral sami lumaris | ingkang jaga lumajar | badhe ngaturi wruh | yèn têtiyang Turki prapta | sawêg matur Sèh Ibrahim sêlak prapti | anguwuh jendral-jendral ||
  2. langkung gugup jendral angêdhuni | dharakalan kapêthuk ing latar | sampun cinandhak astane | sampun binêkta lungguh | munggèng kursi agya dènnyangling | jendral sun jaluk tiyang | putung tiyang ingsun | mulane kalunta-lunta | jêbul kene pan ingsun iki rad Turki | iki cape rajèngwang ||
  3. tuwan jendral sigra aningali | cape Jêng Sultan Muhamad Lekan | Rum Ingadli ratu gêdhe | kêkalih êcapipun | Kangjêng Sultan Mustapa Rumi | jendral sêngkut mangrêpa | langkung sugun-sugun | tuwan paduka dèn sabar | dene tuwan saèstu nangkoda Turki | kadhapur ing nagara ||
  4. dene antuk cape ratunèki | yêkti kajêjêr nangkodèng praja | mila dipun ragi rèrèh | kula turi tan wurung | inggih amrih ingkang prayogi | mantuk lah iya jendral | sun anti sanggupmu | ingsun rèrèn tanahira | mênawa na wong sikara marang mami | môngsa bodhoa sira ||
  5. tuwan jendral matur ngasih-asih | sintên purun tuwan kula rêksa | ing sadhahar inumane | anulya pamit wangsul | mring parau jendral ngurmati | angatêr lan sugata | sarwi wuwusipun | tuwan yèn wus tigang dina | inggih tuwan kawula aturi malih | dhatêng wisma kawula ||
  6. saungkure Tuwan Sèh Ibrahim | Jendral Jakub Musêl pirêmbagan | lawan dêlèr dhirèkture | pan Dêr Phara ranipun | iya Petrus Albetrus prapti | jendral atutur warta | ana nangkodagung | sangking Turki bijaksana | ing praptane palwa putung tiyangnèki | têmah kalunta-lunta ||
  7. gawa cape Sultan Rum sayêkti | iki patut yèn sinilih basa | iya ngakua dutane | kangjêng sultan ing Ngêrum | amariksa rusaking Jawi | sapa kang dadi purwa | Jawa rusakipun | kang aprang nora maria | Mangkubumi sayêkti lamun amanggih | sultan ing Rum dukanya ||
  8. sayêktine kêkês Mangkubumi | nuli nurut iya saparêntah | ing Kumpni pratikêle | anut ginawe ratu | ing nagara Jawi sapalih | dhirèktur pan Dêr Phara | pan Petrus Albertus | myang sagung rat pnidiya | wus sarêmpêg amung kari [ka…]

— 103 —

[…ri] pikir siji | ambobot maring opah ||

  1. ana ingkang tri atus sêsasi | ana ingkang tangatus sawulan | limang atus nêmatuse | puniku reyal sêpuh | sigra jendral ingkang mêdhoti | patang atus sawulan | patang atus kêtun | cêkak landhung wus bêjanya | ing tutute sakênane Mangkubumi | nurut marine aprang ||
  2. saingone sabature sami | wong rongatus kang anèng baita | kang atunggu dagangane | sawêdhus bêrasipun | sabêrambang bawang dhognèki | samenyak samarica | kapulaganipun | wus sah ingkang binicara | nulya ngutus mring pulo Drus komasaris | lawan kaji satunggal ||
  3. wong Makasar Ki Kaji Duljaki | ingkang bisa basa Turki Arab | ing pulo Drus sapraptane | sarta bêkta sasuguh | warna-warna sapitung konthing | pamrihe kasaida | bature rongatus | kanggoa satêngah wulan | wusnya panggih lawan Tuwan Sèh Ibrahim | nuju amaca kitab ||
  4. kitabira wontên kalih pêthi | kagyat dulu komasaris prapta | lan akathah gêgawane | kalangkung sukanipun | komasaris wus tata linggih | alon manis têmbungnya | tuwan kula ngutus | dhatêng putra jêngandika | tuwan jendral asung pratôndha ngurmati | rèhning paduka prapta ||
  5. inggih wontên tanah ing Batawi | aprasasat Sultan Rum kang prapta | angrahmati ing dasihe | sasat dhawuhan daru | amadhangi nagri Batawi | mung tuwan kang sayogya | pinintanan tulung | ing sagunging para susah | sultan ing Rum baboning ratu sabumi | tyas nulya paripurna ||
  6. kula ngutus ngaturi udani | nagri kang tuwan ciki punika | sapangetan saurute | manggih susah kalangkung | sagung daganganing Kumpni | kèndêl datan lumampah | pirang-pirang taun | Kumpni rugi kewala | ingkang mawi ing tanah Jawa ajurit | sinapih datan kêna ||
  7. wontên anaking raja satunggil | namanipun Radèn Mas Sujana | Mangkubumi ing samangke | angamuk pirang taun | datan kêni apês ing jurit | langkung sawindu dènnya | amurwèng prang pupuh | eyangipun prajangjean | lan Kumpni manjing darah kulit daging | sagêbyaring baskara ||
  8. awon-ingawonan botên kêni | èwêdipun tinadhahan ing prang | sasat prang lawan putune | tinêmênan puniku | nistha aprang putu lan kaki | rinewang prang wêtara | tan kêni sinêmbur | atusan sabên ayuda | pêpatine wutahing rah dalajadi | bumi satêmah rêngka ||
  9. putra tuwan jendral nyuwun runtik | sayêktinipun langkung bêbana | bilih dados usadane | tanah Jawi pukulun |

— 104 —

angipuka ing Mangkubumi | pasthi tuwan ginêga | jêr tuwan jinis Rum | Mangkubumi yèn kênia | ingadêkkên raja sapalih ing Jawi | kèndêla amangun prang ||

  1. putra tuwan jendral anyaosi | kawan atus kêton sabên wulan | Sèh Ibrahim duk myarsane | kalangkung ngungunipun | ana ingkang karasèng galih | Sèh Ibrahim ngulama | dhangan ing tyasipun | rêsêp karya kabêcikan | ya warahên si jendral aja kuwatir | ing samono prakara ||
  2. aja nganggo iya dèn owahi | yèn amurungakên wong tukaran | pan wus gêdhe ganjarane | mungguh Hyang Maha Luhur | komasaris sumaur aris | tuwan putra andika | jêr wus nandêripun | môngsa kênaa tinulak | angandika wau Tuwan Sèh Ibrahim | ya warahên si jendral ||
  3. besuk esuk sun têmu pribadi | karo jendral padha rêrêmbugan | ingkang linakon bêcike | wajib amrih rahayu | iya maring isining bumi | ingsun iki wong dagang | ngancik nagarèku | lagi nêmu kasusahan | kuwajiban angêntèni milu mikir | mulyane kang nagara ||
  4. komasaris lan Kaji Duljaki | sampun pamit lumbaya lumarap | wus minggah dharat lampahe | lajêng panggih gurnadur | Jendral Jakup Musêl anganti | lawan dhirèkturira | Petrus ya Albetrus | komasaris praptanira | ngaturakên saguh Tuwan Sèh Ibrahim | têtulung ing prakara ||
  5. tanah Jawa marine ajurit | akarya mandhêging dêdagangan | bumi kèh dadi rusake | apan ing dintên esuk | rama tuwan mariki malih | amatêngakên rêmbag | mrih kalakonipun | wajib tulung kasusahan | duk miyarsa ing karsane Sèh Ibrahim | suka angarsa-arsa ||
  6. kunêng dalu kawuwusa enjing | komasaris kang kinèn amapag | bêkta rumbaya lampahe | sapraptaning pulo Drus | Sèh Ibrahim wus dèn aturi | wau gurnadur jendral | ing sawingkingipun | utusan amêpak bala | dragundêre rongatus lan jalan kaki | urmat baris yèn prapta ||
  7. kang pinêthuk Tuwan Sèh Ibrahim | lan amêpak ing rat pnidiya | baris wus miranti gone | dêlèr kalih tinuduh | mêthuk reta pinggir pasisir | kang pinêthuk wus prapta | têdhak ing parau | sigra ingaturan minggah | ing kareta minggah Tuwan Sèh Ibrahim | lajêng karetanira ||
  8. praptanira jendral mêthuk aglis | lawan sagunging rat pnidiya | gupuh-gupuh tênagane | kadya urmat ing ratu | jendral langkung angasih-asih | kinanthi rinarêpa | wus binakta lungguh | sagung

— 105 —

kang rat pnidiya | sami tabe wus samya linggih ing kursi | Sèh Ibrahim ngandika ||

  1. apa nuli jendral pikir iki | apa tamban mungguh lakuningwang | Jakup Musêl lon ature | inggih salêrêsipun | tuwan kula ajrih ngaturi | yèn tuwan sampun dhangan | Tuwan Sèh amuwus | manawa na pikir liya | liya ingkang ginawa si komasaris | aran wong pêpikiran ||
  2. ingkang enak padha dèn lakoni | lamun sira kabotan ing pêrang | ya sira aja andalèh | lamun wong dagang ingsun | lamun ingsun kirima tulis | marang ing ratuningwang | anuwunkên bantu | aja maido maringwang | pasthi olih iya prajurit rong kêthi | sok kêlara nyugata ||
  3. iya sapa mungsuhmu ajurit | dadèkêna ancur sanagara | iya ngong kaduga bae | pan iya ratuningsun | bangêt asih ing awak mami | Sultan Muhamad Lekan | narendra pinunjul | sumbagèng rat pramudèng prang | prajurite kabèh pitung puluh kêthi | yèn ingsun utusana ||
  4. tur wuninga lamun awak mami | dagang ngambah ing nagara susah | susahe nuju prang rame | mrih mulyaning prajèku | ingsun nyuwun kirim prajurit | nadyan patang kêthia | pasthi lamun antuk | ingsun sira aku bapa | antêp ingong iya jendral nora wigih | nglakoni sarat jaja ||
  5. ingsun iki sira gumatèni | sampe mati nglabuhi prakara | iya mrih rahayu ngakèh | jendral mangrêpa matur | langkung sangking tarima kasih | langkung sangking kalingga | dede wawratipun | tuwan inggih tanah Jawa | amung ewon langkunga botên kuwawi | pasthi praja suwak brak ||
  6. têmah ajur botên dadi takir | mila tuwan panuwun kawula | mung ngipuk kang sami darbe | amrih puruna rukun | sampun kongsi sêlayèng budi | wong cili karisakan | kasihan kalangkung | nênulari tanah sabrang | gawe mandhêg marang dagangan Kumpni | windon rugi kewala ||
  7. amung tuwan pantês ngusadani | risakipun inggih tanah Jawa | tuwan tunggil agamane | aluhur sultan ing Rum | mila tuwan kula aturi | môngsa sagêda bôngga | ing salêrêsipun | yêkti agamane cacat | yèn mopoa tuwan pitutur mrih yêkti | kadi anut kewala ||
  8. sigra wau Tuwan Sèh Ibrahim | iya ingsun ora gawa rewang | wong Turki sun tinggal kabèh | sun gawanana batur | tuwa roro bocah kêkalih | Duljaki ingsun gawa | akèh karyanipun | kang minôngka juru basa | tuwan jendral sigra dènnya marentahi | kang juroni baita ||
  9. nuju

— 106 —

wontên duta ing Samawis | utusane Dipati Samarang | Wiryamanggala namane | kalawan mantonipun | namanira Dyan Wirasari | gandhèk ing Kartasura | nênggih lurahipun | syargi sumare Lawiyan | duk wiwite pakêthip lunga angungsi | pangan marang Sêmarang ||

  1. sinarêngkên Tuwan Sèh Ibrahim | ingantuke nunggil sabaita | sira Wiryamênggalane | kalawan ingkang mantu | Wirasari wus mancal aglis | samarga ing lautan | anggung andêdangu | pratingkahe tanah Jawa | Kyai Wiryamanggala umatur aris | tuwan anak kawula ||
  2. Wirasari puniki kang abdi | dhatêng sang prabu ing Kartasura | dadi wong kandêl têgêse | lêlurah gandhèkipun | malah tate kinèn tut wuri | kang rayi kang prakosa | samangke puniku | Pangran Mangkubumi nama | prawirèng prang samangke kang dadi kardi | anggung numpês Walônda ||
  3. duk miyarsa Tuwan Sèh Ibrahim | langkung suka anggung atêtanya | Wirasari cinêlake | lêga ing manahipun | myarsa ture pun Wirasari | yèn agung sok dinuta | jênêngi prang pupuh | duk ingabên mring kang raka | lawan pira-pira kang mungsuh katitih | tanna môngga puliha ||
  4. dadosipun mangkotên puniki | ing nguni Jendral Emub punika | prapta ing Surakartane | nuntên saantukipun | kesah Pangran Amangkubumi | lajêng prang tanpa wêkas | inggih sami batur | dadya lêtuh kang nagara | pan ing mangke tuwan kula tan udani | ngungsi wontên Samarang ||
  5. wus têtela Tuwan Sèh Ibrahim | sangking Radèn Wirasari turnya | yèn abêcik têtêkone | lan bêcik dhapuripun | nguni Pangran Amangkubumi | kunêng kang alêlampah | Tuwan Sèh nèng laut | wau suratira jendral | sabên kantor Têgal Jêpara Samawis | wus sami kadhawuhan ||
  6. suratira jendral ing Batawi | Sèh Ibrahim Tuwan Sarip Bêsar | sultan ing Rum carakane | dèn padha sugun-sugun | singa-singa kang dèn ampiri | dutane raja besar | dèn cakut dèn takut | aja gêgawa maringwang | tuwan jendral langkung dènira nasabi | mingit panggawenira ||
  7. wau lampahira Sèh Ibrahim | kèndêl Têgal Petor Palêm mapag | langkung panyuba-nyubane | mung kèndêl kalih dalu | lajêng mancal dhatêng Samawis | sadalu lampahira | êbyar praptanipun | petor bêsar ing Samarang | duk miyarsa mêthuk mring pinggir pasisir | panggih lajêng binakta ||
  8. marang petor [pe…]

— 107 —

[…tor] bêsar wismanèki | sinaosan gêdhong kang santosa | Tuwan Sèh makuwon rèrèh | pan dêlèripun suwung | pan anglurug mring Sokawati | Wirasari kalawan | Wiryamênggalèku | samya kinèn umantuka | yèn wus aso têlung dina kinèn bali | gawoa roning kamal ||

25. Sinom

  1. sawusnya so tigang dina | sira Radèn Wirasari | marak Tuwan Sarip Bêsar | sarta sugata mêrnani | sawusnya tata linggih | Tuwan Sèh Ibrahim dangu | Wirasari kayapa | suwunge si dêlèr iki | ya ta matur Wirasari inggih tuwan ||
  2. sami wontên panglurugan | inggih kang dipun lurugi | ingkang kula turkên tuwan | Pangran Arya Mangkubumi | kang madêg narapati | lawan karsane puniku | mangke pinukul ing prang | inggih kinarubut kalih | lan putrane Pangeran Mangkunagara ||
  3. Tuwan Sarip duk miyarsa | iku priye Wirasari | manawa kasêlak rusak | miwah matia ing jurit | sapa sun candhak malih | tanah Jawa sida ajur | sira angupayaa | kang nêkakkên layang mami | apadene ingsun arsa tatêmua ||
  4. Wirasari matur nêmbah | inggih tuwan kadipundi | wong sawêg ajêng-ajêngan | ingkang dipun utus ajrih | kalayan sônggarunggi | winastan karyaning mungsuh | yêkti manggih cilaka | tuwan dipun sabar kêdhik | petor bêsar nambungi lah inggih tuwan ||
  5. dene satêngah arungan | kasihan ingkang tinuding | Tuwan Sarip Bêsar tanya | marang petor ing Samawis | petor sapa kang bêcik | manawa sira wus wêruh | kang padha duwe Jawa | saliyane Mangkubumi | petor matur kula tuwan dèrèng mirsa ||
  6. mung sawêg siji punika | pratandhane yèn ajurit | dèrèng purun prang culika | sanadyan balane kêdhik | lamun tinonjok tulis | pinurugan mungsuh agung | yèn sampun sanggup mapag | rêmak-rêmpu dèn lakoni | mundur risak adate tuwan punika ||
  7. yèn balane nuju kathah | ingkang amarani kêdhik | tinonjok sanggup tan mêdal | pan inggih tulus ngoncati | botên prang cidrèng gêndhing | wêkêl tuhu watakipun | Mangkubumi punika | liyane sami prang gêndhing | aprang cidra Pangeran Mangkunagara ||
  8. tuwan waradin sadaya | papêrange trah Matawis | sawêg satunggil punika | Mangkubumi wus prajurit | nadyan watêke inggih | môngsa têbiha puniku | wau duk amiyarsa | suka Tuwan Sèh Ibrahim | padha lawan Wirasari tuturira ||
  9. petor malih aturira | tuwan malih saprakawis | kang sampun umadêg nata | puniku gih tyase bêcik | alus budi lêstari | santosa maring Yyang

— 108 —

Agung | Sèh Ibrahim lingira | boya catur kang wus dadi | sisihane kang sun catur mèt prayoga ||

  1. petor bêsar aturira | inggih dipun sabar kêdhik | kalamun sampun kantênan | pacampuhaning ajurit | kula ngupados nuli | ingkang pantês kula utus | sêdhêng mantun arungan | rèrèh tyase Sèh Ibrahim | ya ta kunêng gantya malih kawuwusa ||
  2. Pangeran Mangkunagara | kang abaris Batutangkil | idêlèr baris sumêngka | sami tanah Sokawati | pangeran kirim tulis | Kudanawarsa ingutus | kanthi Ranadiningrat | bêkta tumênggung kêkalih | lan tumênggung nênggih Suramangunjaya ||
  3. bêkta kêkapalan dhomas | prasamya milih turanggi | amung dhawuk lawan pancal | banderanipun sasupit | kathah saruwal abrit | sangkêlat kêstin baludru | sadaya pêpilihan | prajurite bêcik-bêcik | sami kuda dhawuk pancal lan palôngka ||
  4. praptane baris sumêngka | dêlèr amêpak prajurit | aglar baris ngara-ara | upêsir lan pra dipati | atarab munggèng kursi | dêlèr munggèng tarub agung | lawan Pangran Pancuran | idêlèr sandhinge linggih | praptanira Dipati Kudanawarsa ||
  5. idlèr ngadêg nèng taratag | amêthuk wau kang prapti | Dipati Kudanawarsa | cingak sagung wong pasisir | dhapure amantêsi | gagah rowa rikat bagus | kadya Bambang Swatama | dene punggawa kêkalih | Suramangunjaya lan Ranadiningrat ||
  6. kadya Nangkula Sadewa | kalihe apêkik-pêkik | katri punggawa binêkta | wus sami lênggah ing kursi | nunggil Ki Adipati | Samarang dènira lungguh | sira Kudanawarsa | angaturkên surat aglis | wus tinampan idlèr lajêng anupiksa ||
  7. sawusnya têlas winaca | urmat drèl baris Kumpni | gupênur nuduhkên sigra | marang Kudanawarsèki | lah Danawarsa iki | apa ta pangling sirèku | maring Pangran Pancuran | kagyat dongong sangêt pangling | sigra ngujung Dipati Kudanawarsa ||
  8. punggawa kalih anulya | prasami mangsah ngabêkti | gumujêng Kudanawarsa | bêndara sampeyan nênggih | andadak kaki-kaki | asêpuh kula satuhu | kang mirsa sangêt cingak | dene botên kakang adhi | pêpatute kaya anak lawan bapa ||
  9. gupênur alon wuwusnya | hèh Kudanawarsa iki | pangeran pikire iya | yèn uga patêmon mangkin | yèn kang rama miyarsi | yêktine sangêt angamuk | tan kêna tinadhahan | milanggung nglêlèdhèk mangkin | yèn apranga sadèrènge pêpanggihan ||
  10. sayêktine mônda-mônda | kêna tinadhahan tipis |

— 109 —

iya sun nurut kewala | nuli amriha ngajurit | mêngko ana ing ngêndi | ingkang rama barisipun | taksih wontên ing Bancar | balanipun wuwuh malih | wong pasisir kalawan wong Surakarta ||

  1. anakipun Pringgalaya | Pringgadiningrat ambalik | ambêkta samantrinira | mantri gêdhe tumut balik | mangkya kadya pangarsi | nèng Tinawas barisipun | dêlèr ngungun miyarsa | sakarsane wus nuruti | mring rêmbage Pangeran Mangkunagara ||
  2. pinutus sagung bicara | rampung Kudanawarsa mit | kalawan sakancanira | mêdal sajabaning baris | sami nitih turanggi | wadya kuda wolung atus | anuju maksih Siyam | tanggal wolu likur nênggih | lampahira Dipati Kudanawarsa ||
  3. wau ta sapraptanira | ing barisan Batutangkil | lajêng sowan ngarsanira | Pangran Mangkunagarèki | matur saha wotsari | ngaturakên tabenipun | dêlèr lawan kang raka | Pangran Pancuranirèki | salamipun inggih dhatêng ing paduka ||
  4. ing mangke raka paduka | inggih sampun kaki-kaki | pangeran alon ngandika | iya mandi sapa mangkin | Danawarsa wotsari | pun Jawirangrong pukulun | ompong uwane samya | pangeran gumujêng bêlik | Danawarsa kang êmas apa prakosa ||
  5. umatur Kudanawarsa | baluncing arêngkik-rêngkik | kados kêkathahên madat | biru pasêmon bakiwit | pangran gumujêng malih | prandene kudu kumênthus | akon ngêntèni ing prang | anyumbari ing kiyai | dibantinga macèthèt dadi nêmbêlas ||
  6. gumêr kang sami nèng ngarsa | Kudanawarsa wotsari | pun dêlèr mangkê sumôngga | ing paduka apêpanggih | botên kadi rumiyin | asangêt pamêksanipun | mangke dhèrèk sakarsa | sampun marêm tyasirèki | dene kula kenging pêpanggih punika ||
  7. ing benjing sampune bakda | anuntên umangsah jurit | nglanggar rama jêngandika | inggih angaturi aglis | pangeran ngandikaris | wong mungsuh kiyai iku | yèn ana lor bêngawan | aja wani anyabrangi | pan amungsuh iya wong sajagad-jagad ||
  8. adat wonge desa samya | dadi mungsuh gêdhe cilik | têkan bocah angon ika | padha milu ngamuk bêngi | tan ana marentahi | dudu kiyai kang nuduh | dhasar padha wong desa | kudu padha ngamuk bêngi | ambêbingung karya rusak ing akathah ||
  9. yèn kene lawan tan nyabrang | pasthi kyai anyabrangi | sayêkti sangêt bramatya | yèn rusaka

— 110 —

Sokawati | kunêng gantya winarni | kang anggung sungkawa nêkung | kang masanggrahan Bancar | Susunan Amangkubumi | sakalangkung anênêdha ing Hyang Suksma ||

  1. pangunadikaning driya | yèn mangkene tanah Jawi | alawas nora raharja | apa ta durung pinasthi | mulyaning tanah Jawi | yèn tan winarisa ingsun | ngur ingsun cinupêta | besuk satêngahing jurit | yèn mangkene yêkti andêdawa wirang ||
  2. sawadyane ingundhangan | padha salah ta kajati | anjungkung nêdhèng pangeran | mangkana Sang Adipati | Suryanagara nênggih | miyarsa pawarti katur | sangking nagri Samarang | yèn wontên caraka prapti | sangking ing Rum Jêng Sultan Muhamad Lekan ||
  3. utusan amariksaa | risakipun tanah Jawi | apa ingkang dadi purwa | Sarip Bêsar kang tinuding | jêjêr prayayi Turki | gêng inggil siwêr abagus | nèng gêdhong petor bêsar | inggih kèndêle samangkin | angantosi prayogine kang dinuta ||
  4. Kumpni ajrih sadaya | anggêpe sami anggusti | dhatêng Tuwan Sarip Bêsar | ingih Tuwan Sèh Ibrahim | warti duk sangking Turki | wadyanipun kalih èwu | punika mêmisanan | lawan Sultan Rum Ngadêli | ingkang nama Jêng Sultan Mukhamad Lekan ||
  5. kumêpyur wardayanira | sang nata osik ing galih | apa ta iki dhawuha | iya pitulunging Widhi | rusake tanah Jawi | kapyarsa sangking nagri Rum | baya ta linuwaran | kêlême nagari Jawi | singa-singa iya kang dadi jalaran ||
  6. sang nata alon ngandika | adhi Suryanagarèki | bêcik sira anêlika | marang nagari Samawis | yêktine kang pawarti | Suryanagara umatur | inggih langkung prayoga | Arya Jayèngrana aglis | nêmbah matur kawula adarbe magang ||
  7. punika langkung prayoga | têtiyang sangking pasisir | kadi botên kawênangan | kadange wontên Samawis | ngandika sri bupati | iya undhangên ngarsèngsun | ingkang tinuduh mêdal | Jayèngrana animbali | lêbêtipun angirit kang badhe duta ||
  8. sapraptanirèng ngayunan | dinulu langkung prayogi | abirawa asêmbada | lajêng dhinawuhan wêling | nêlika mring Samawis | ana caraka sangking Rum | iku waspadakêna | priye anggêping Kumpni | lah mangkata nêmbah kang dinutasmara ||

26, Asmaradana

  1. kunêng malih kang winarni | Pangeran Mangkunagara | rêmbage lawan idêlèr | idlèr apan arsa nglanggar | nyabrangi lèr bêngawan | angêsuk saênggènipun | mring Susunan Kabanaran ||

— 111 —

  1. pangeran rêmbagirèki | pratela wataking mêngsah | tinutur marang idêlèr | wong bumi kang pira-pira | wong desa dadi mêngsah | gêdhe cilik padha ngamuk | sabên bêngi pan wus adat ||
  2. yèn inganti kidul kali | mungsuh iku lawas-lawas | yèn Sokawati rusake | sayêkti nuli anglanggar | Pangran Mangkunagara | pamit marang idlèr wau | arsa mring môncanagara ||
  3. pisaha sakêdhap nuli | mungsuh iku banjur prapta | Kumpni ginêcak age | samôngsa badhe nabranga | kula anuli prapta | anggitik sangking ing pungkur | dêlèr anurut kewala ||
  4. budhal sangking Batutangkil | Pangeran Mangkunagara | kêbut sawadyakusyane | tanggal kaping tiga Sawal | gumuruh wadyanira | anggêcêg nagri Madiun | angampiri Jagaraga ||
  5. bupati ing Jagaragi | amêthuk ing prang sakêdhap | lajêng alorod mangalèr | Pangeran Mangkunagara | lajêng sabalanira | anggêcak nagri Madiun | wus prapta jajahanira ||
  6. Madiun miyarsa warti | gègèr têpiswiringira | kadhatêngan mungsuh gêdhe | duk lagya amêpak bala | badhe bantu ngayuda | Pangran Dipati Madiun | têtulung mring Pranaraga ||
  7. wande dhatêng Pranaragi | mantri tampingan turpiksa | mêngsah punika wartane | inggih raka jêngandika | Pangran Mangkunagara | langkung gêng dêdamêlipun | pangran dipati miyarsa ||
  8. kang raka dipun aturi | Pangeran Purwanagara | sapraptanirèng dalême | pangran dipati ngandika | kakang Purwanagara | gêdêre mungsuh kang rawuh | kang êmas mikunagara ||
  9. Purwanagara nauri | adora warti punika | mriki punapa damêle | wong sawêg ajêng-ajêngan | lan rama jêngandika | wong warta liwat agadur | amrih gêgirisi mêngsah ||
  10. Purwanagara nulyamit | wontên mantri malih prapta | langkung pratela ature | èstu raka jêngandika | piyambak ingkang tindak | langkung gêng dêdamêlipun | pangeran dipati sigra ||
  11. siyaga sawadyanèki | budhal dhatêng wismanira | Pangran Purwanagarane | prapta pangeran ngandika | kakang lah dawêg kesah | dede wadine kang mungsuh | amopo Purwanagara ||
  12. pinaksa ingajak gingsir | Pangeran Purwanagara | nanging maksa pamopone | ature Purwanagara | sampeyan langkung karsa | suwawi kula tut pungkur | ing saonjotan kewala ||
  13. budhal pangeran dipati | Pangeran Purwanagara | ngatêrakên ing

— 112 —

lampahe | dupi antuk saonjotan | wangsul Purwanagara | sapraptaning dalêmipun | kêbêk wong ngili busêkan ||

  1. para mantri angaturi | luhung anggèr gumingsira | kang mêngsah dede bobote | Pangeran Purwanagara | bêkuh tan purun kesah | tinangisan rabènipun | ingajak angoncatana ||
  2. nanging puguhe kapati | maksa maido kewala | Si Ranadiningrat bae | agawe-gawe lok ika | tan adangu gumêrah | mungsuh praptèng ngalun-alun | turôngga tanpa wilangan ||
  3. lajêng angêpung bathithit | angubêngi pagêr bata | Purwanagara balane | kathah malêduk sar-saran | binujung maring mêngsah | amung sèkêt balanipun | kang muwêr tumut jro bata ||
  4. akèn nabuh Carabali | Pangeran Purwanagara | mungsuh prapta sami kagèt | Pangeran Mangkunagara | wau duk amiyarsa | kang Carabalèn angungkung | kang langkung bramantyanira ||
  5. ing ngalun-alun wus prapti | wadya kinèn angrampida | amadung lawang korine | mènèk ing pagêre bata | wadya ngarsa turira | rayi paduka wus dangu | lolose ngalèr angetan ||
  6. dene kang kantun puniki | amung pun Purwanagara | kang anatab Carabalèn | pangran langkung dukanira | wadya parêng tumandang | angandhani banonipun | ana kang madungi lawang ||
  7. wus bujad lawangirèki | jinêjak ing Ônggaima | pan Walônda mantri jêro | satêdhake sangking kuda | tumut prajurit ngarsa | Ki Ônggaima malêbu | sarwi anyangking sanjata ||
  8. kang wetan kalêbon nuli | ingkang manjing bêbutulan | lajêng acampuh prang rame | Pangeran Purwanagara | maksih anabuh kêndhang | lêbête Ônggaimèku | angadêg Purwanagara ||
  9. durung nyandhak waosnèki | maksih nyêkêl tabuh kêndhang | kêndhange kang Carabalèn | sigra wau Ônggaima | Pangran Purwanagara | sinanjata nginggil susu | watgata lajêng aniba ||
  10. Ônggaima malayoni | kancane nusul wus kathah | malêdug wadyabalane | ingkang kacandhak wolulas | kang sami pinêjahan | ingkang kathah-kathah tumut | prasami kacandhak gêsang ||
  11. Ônggaima angakahi | ing Pangran Purwanagara | lajêng pinocok sirahe | akathah bandhanganira | kancane jawil sigra | hèh Ônggaima sirèku | wis-uwis lah undurana ||
  12. iku kang sira patèni | sêntanane gustènira | ibune kang mati kuwe | pan putri Kaèrucakran | Pangeran Èrucakra | kadange susunan prabu | dadi iku

— 113 —

sanak misan ||

  1. kalawan gustinirèki | Ônggaima duk miyarsa | sumiyat pucat ulate | wus katur marang pangeran | pêjah Purwanagara | Ônggaima praptèng ngayun | bongkok pêdhang dhuwungira ||
  2. pangeran kagyat ningali | wontên atur Ônggaima | kang mêjahi pangerane | nênggih pun Purwanagara | dèrèng wruh yèn santana | ing mangke sawêg angrungu | mila atur pêjah gêsang ||
  3. pangeran gumujêng bêlik | asru dènnya angandika | Ônggaima aja kowe | iya dadak kasusahan | nadyan iku sêntana | ujêr dadi satruningsun | bôngga wajib pinatenan ||
  4. lah iya bêkjanirèki | saparabote kang kêna | wus sah duwèkira kabèh | lêga tyase Ônggaima | tur sêmbah kaping sônga | gumêr kang sami andulu | panêmbahe Ônggaima ||
  5. Radèn Sumadirja prapti | apan sampun pinaringan | nagri Madiun saparo | lungguh anèng kasêpuhan | nama gêntèni rama | Pangran Mangkudipurèku | dene Madiun kanoman ||
  6. arine kang anglungguhi | nama Radèn Sumadirja | limang èwu kanomane | pitung èwu kasêpuhan | sawusnya pêparentah | Pangran Mangkunagarèku | budhal maring Pranaraga ||
  7. pangajêng budhale enjing | wuwusên ing Pranaraga | Pangran Mangkudiningrate | prapta kidul Pranaraga | anjog sangking ing arga | pinêthuk prang rame campuh | lawan Radèn Surabrata ||
  8. langkung dènira gagahi | Ki Tumênggung Surabrata | mila ngantêb kuwanène | kawratan ing Danakrama | sang natèng Kabanaran | mila labuh rêmak rêmpu | suka mati ngayahan prang ||
  9. ing sabên dina ajurit | lan Pangran Mangkudiningrat | datan gingsir ing yudane | dadya tan bisa anênga | Pangran Mangkudiningrat | nètèr pinggir wukir kidul | pêngkuh prange Surabrata ||
  10. wontên mantrine tur paksi | marang Radèn Surabrata | anggèr punika wartane | dêdamêl sangking lèr prapta | Pangran Mangkunagara | mêntas bêdhah ing Madiun | pêjahe Purwanagara ||
  11. luwung suwawi gumingsir | kasupit ênggèn punika | Surabrata lingiralon | paman Rôngga Sutadipa | lingsêm kula oncata | pan dèrèng katingal mungsuh | matur Rôngga Sutadipa ||
  12. yèn katingal kadipundi | Pangeran Mangkunagara | dene sêsanggan balane | angling Radèn Surabrata | lamun mangkatên paman | rêrepot wadonan iku | gawanên mungggah ing arga ||
  13. wong arêp andika kêrig | ngiring rêrepot sadaya | kula

— 114 —

dika tinggal bae | wong pitung atus turôngga | kang sami pêpilihan | wonge lawan kudanipun | wus bubar ungkur-ungkuran ||

27. Pangkur

  1. kang ngili lan ingkang mapan | Surabrata sampun angèsthipati | amung kuda pitung atus | patang rakit bandera | Surabrata ambêndhe nglanggar mangidul | wadya Mangkudiningratan | panganjure anadhahi ||
  2. sinarêmpêng sampun dhadhal | kagegeran sami minggah ing wukir | wau Rahadèn Tumênggung | Surabrata barisnya | majêng ngilèn pamrihe sami pakantuk | mung êlor lamun praptaa | sayêkti sami kaèksi ||
  3. Pangeran Mangkunagara | barisira kèndêl nèng Kaliasin | andangu mantri pangayun | kang rayi ênggènira | dèrèng ngancik nagari maksih nèng gunung | apêngkuh wong Pranaraga | Surabrata kang nadhahi ||
  4. langkung bramatyaning driya | Pangran Mangkunagara duk miyarsi | ginêlak ing lampahipun | praptanirèng jro kitha | mantri ngarsa prasamya majêng mangidul | kapêthukan barisira | Surabrata anadhahi ||
  5. arame dènira yuda | Surabrata ngundhangi wadyanèki | payo ajana lumayu | sêrodên ing ngayuda | anindhihi gumêrgut sarêng amuwus | mêngko padha lumayua | yèn wus katon payung kuning ||
  6. yèn padha Jawa kewala | alêksana apa gawe ngoncati | pangarsa prangira nubruk | êdir pangrasanira | gêtas bae Pranaraga adatipun | mangkya tinunjang apanggah | anyêrot anunjang wani ||
  7. kagum kagèt tan anyana | Pranaraga prange bôndakalani | pangeran wau kawuwus | duk arsa masanggrahan | jroning kitha pangarsa kawon prangipun | malêdug kathah kabranan | pangeran têngara aglis ||
  8. wande makuwon jro kitha | pan kasusu tulung bala pangarsi | bodhol sawadya angidul | Tumênggung Surabrata | duk tumingal ana payung kuning mêtu | asuwarèng wadyanira | payo ngèrèk ngetan aglis ||
  9. binêrêg wong jro angetan | dupi cêlak wana sarêng nyamêthi | turôngga kèh sarêng mamprung | ilang manjing ing wana | ting balêsar kathah kang minggah ing gunung | wangsul angilèn pangeran | masanggrahan sawadyèki ||
  10. anèng dhusun Kasatriyan | pinggir lèpèn alit ragi atêrbis | wadya makuwon sadarum | kang rayi wus miyarsa | Pangran Mangkudiningrat sabalanipun | wus nunggil anèng Satriyan | lawan kang raka wus panggih ||
  11. wau ta kang kawuwusa | kang abaris Bancar sri narapati | andadosakên kang rêmbug | ngêlar-êlar jajahan | Ki Tumênggung Alap-alap kang tinuduh | lan [la…]

— 115 —

[…n] Radèn Pringgadiningrat | katiga Dipadirjèki ||

  1. sami kinèn mêndhêtana | tanah Pajang urut Gondhang ing Wêdhi | Pamasaran wukir kidul | ing Pedan sapangetan | tri punggawa kêkapalan kawan atus | wus budhal sangking ing Bancar | mas rôngga ingkang winarni ||
  2. sangking pabarisan ngarsa | wontên prapta sangking môncanagari | Pangran Mangkunagarèku | Madiun wus binêdhah | pangerane Madiun kacandhak lampus | buh kanoman kasêpuhan | pangerane kang ngêmasi ||
  3. mas rôngga sumiwèng ngarsa | nêmbah matur pukulun sri bupati | pêcah nagari Madiun | pangeranipun pêjah | duka dalêm kang anèm tuwin kang sêpuh | Sri Bupati Kabanaran | wau kalane miyarsi ||
  4. kalangkung bramatyanira | angundhangi sagung kang pra dipati | budhalan marang Madiun | enjing sigra têngara | sakathahing prajurit samya akumpul | sumrêg budhal sangking Bancar | anyabrang bêngawan aglis ||
  5. Gêrogol kidul bêngawan | kèndêl sangking randhat panyabrangnèki | duk bêna bêngawanipun | môngsa ing rêrêndhêngan | sangking kirang ing baita ana lêsung | ingkang kinarya anyabrang | ana kang karya gèthèk pring ||
  6. tigang dina tungtasira | wus akumpul ing Gêrogol prajurit | kang wadya sami tinantun | wani ingadu aprang | lan bature Si Mangkunagara iku | yèn wêdi padha karia | yèn wani barêng lan mami ||
  7. umatur purun sadaya | angandika wau sri narapati | padha undhangna wadyagung | sun jabêl paring ingwang | Adipati Mangkunagara puniku | padha sira ngaranana | Si Suryakusuma mangkin ||
  8. wadyagung matur sandika | budhal sangking Garogol têngah wêngi | margi anasak wanagung | rêngkêt angèl kalintang | pêtêng-pêtêng pan ginêlak lampahipun | wau lampahe sang nata | langkung angowah-owahi ||
  9. sarêng byar kèndêl nèng Karas | ngara-ara wadya pating kulicir | nuntên wontên wong Madiun | prapta atur wuninga | kang wus pasthi Pangran Purwanagarèku | pêjah wontên palataran | wolulas rencange mati ||
  10. dene putra padukendra | ngalèr ngetan lolosipun rumiyin | sampun kêdhik abdinipun | malajêng ting balêsar | kilap inggih rusak lan basukinipun | dèrèng wontên kang awarta | duk miyarsa sri bupati ||
  11. kalangkung bramatyanira | sigra Gêndhong lan Ranawijayèki | kinèn amisah angruruh | sami lampah anamar | sigra munya têngara budhal gumuruh | sangking Karas lampahira | sadina êmpêt lumaris ||
  12. kèndêl rêp anulya budhal | praptanira ing Bayêm têngah [têng…]

— 116 —

[…ah] wêngi | wontên prapta wong Madiun | tinanggap aturira | yèn Pangeran Mangkunagara wus laju | sampun wonên Pranaraga | aprang lan Surabratèki ||

  1. Surabrata wus kasoran | rencangipun kathah pêjah myang kanin | duk prang lan pangeran timur | apan dèrèng kasoran | kawonipun lan Pangran Mangkunagrèku | kang amukul sangking wuntat | duk miyarsa langkung runtik ||
  2. tan nganggo têngara budhal | kang wadyagung tan ana kobêr bukti | miwah tan kobêr aturu | lan sangu sami pisah | sarêng êbyar praptanira ing Madiun | Pangran Dipati Bintara | praptane marêbês mili ||
  3. nanging tan purun matura | Pangran Mangkukusuma sami sêdhih | tuwin kang para tumênggung | sami pucat sadaya | Pangran Natakusuma sami tan purun | mas rôngga kêkês kewala | pra dipati langkung jêgrig ||
  4. wau kang darbe nagara | ing Madiun rawuhe sri bupati | pan kasusu kawur-kawur | nusul mring Pranaraga | sapraptane kasatriyan wanci surup | lajêng marêg ing ngajêngan | matur ngaturi udani ||
  5. yèn rama paduka prapta | Pangran Mangkunagara duk miyarsi | kagyat ir ing dalu gupuh | nimbali pra dipatya | Ki Dipati Kudanawarsa nèng ngayun | Janingrat lan Janapura | miwah ingkang para mantri ||
  6. pangeran alon ngandika | kayaparan kiyai iki prapti | wong wadonan besuk esuk | dèn esuk budhalêna | mêtu gunung anjog ing Pacitan iku | angulon anjog Wiraka | mandhêga Sêmbuyan sami ||
  7. pangeran malih ngandika | kayaparan Kudanawarsa iki | apa oncat apa magut | matur Kudanawarsa | yèn suwawi luwung oncata pukulun | yèn rêmbag kônca punggawa | dawêg umatura sami ||
  8. prasamya kèndêl kewala | sigra pangran wau ngandika malih | kiyai mungsuh lan ingsun | cingcing môngsa kobêra | sawab misih anggang-anggang tarungipun | ingsun wus nêmah wus nekad | pan ingsun anêdya mati ||
  9. bocah mantri jro yèn nêdya | têmên-têmên iya sun ajak mati | mantri jro sarêng umatur | sandikane gumêrah | ya jinajal yèn enak lagutanipun | yèn ora enak lumajar | anusul wadonan benjing ||
  10. wus dadi pirêmbagira | dalu-dalu busêkan wong pawèstri | udan riwis-riwis dalu | banjir kali Satriyan | langgung agêng lèpène alit tarêjung | dalu undhang karya sasak | kênoa kambah yèn enjing ||
  11. wuwusên natèng Banaran | nèng Madiun tan dangu kèndêlnèki | lajêng budhalira jujul | dhatêng ing Pranaraga | ngangah-angah

— 117 —

kadya lampahira prabu | nulyage têmpuha ing prang | ilang jatmikaning ngèlmi ||

  1. ngalamat badhe kasoran | sarwa supe wêwatak nguni-uni | bubaran babar têkabur | ngawuskên sêdyanira | yèn nêmêni durung dèrèng ngakên darung | mêthik maria kumêthak | mung niyat nuthuk sathithik ||
  2. tan anyana yèn kang putra | nêdya nekad anêmah anêmêni | praptèng Pranaraga bangun | wadyane pinarênca | ngêpung bata sang nata kang mêtu ngayun | kapanggih suwung kewala | tan ana manungsa siji ||
  3. langkung cuwa ing tyasira | nulya undhang ngumpul sagung prajurit | kèndêl anèng ngalun-alun | sarêng duk praptanira | ingkang putra pangeran dipati nusul | mung bêkta wadya sadasa | marêg ing rama wus panggih ||
  4. rinangkul wau kang putra | matur kala binabujung ing jurit | kang rama nyêgah ing atur | uwis aja dinawa | angrêrudah ing tyas amuwuhi nêpsu | kèndêle angantosi byar | sarêng byar manggih wong siji ||
  5. wong Madiun sikêp minggat | wus cinêkêl anulya dèn takèni | saure wontên ing ngriku | Pangran Mangkunagara | kidul kilèn dhusun Satriyan gènipun | dhusun Têgal Ampèl lèrnya | sampun rakit ngati-ati ||
  6. katur sigra pêparentah | aprang dharat prajurit kang prayayi | prajurit cilik puniku | kang sami nitihana | panggonane jaban pangawat puniku | sangking alun-alun mêdal | sapraptanira ing sabin ||
  7. tinata pêngawatira | Rôngga Suryanagara têngênèki | kang kiwa pêngawatipun | pangeran ing Bintara | Pangran Mangkukusuma kanthènirèku | Pangeran Natakusuma | Pangran Pakuningrat nunggil ||
  8. pangran ngabèi kinarya | lan kang raka pangeran adipati | pangirit ing ngarsa prabu | prajurit Suranata | mantri miji kaparak ing wuri prabu | pinilih lan brajayuda | kang munggèng ing kanan kering ||
  9. cêlak lawan sri narendra | sinuwaran budhal sagung prajurit | saengga alun gumulung | Pangran Mangkunagara | sabalane wau duk miyarsa gugup | matah kang môngka pêngawat | kanan Kudanawarsèki ||
  10. lan Jayaningrat Mataram | Jasêmbodra pangeran timur kering | Janapura kanthènipun | sami ngigil turôngga | Pangran Mangkunagara kalingan dhusun | lan mantri jêro kewala | nênggih sêdyane ngunduri ||

28. Durma

  1. pan kasusu Pangeran Mangkunagara | dènnya nata prajurit | mungsuh sêlak prapta | kang dèrèng nyabrang ngetan | prajurit saragni abrit | lan pêrang tandang | saragni irêng sami ||
  2. ingkang lajêng campuh [ca…]

— 118 —

[…mpuh] rumiyin pêngawat | Danawarsa ginitik | mring Suryanagara | kanthi lawan Mas Rôngga | Kudanawarsa akanthi | lan Ki Dipatya | Janingrat ing Matawis ||

  1. rame campuh ing prang sami suranira | rame bêdhil-binêdhil | mas rôngga kalawan | Radèn Suryanagara | nêrot angrukêt prajurit | Kudanawarsa | lan Janingrat kalindhih ||
  2. binalêdik ing Rôngga Suryanagara | pangeran duk ningali | yèn Kudanawarsa | Janingrat wus kasoran | mangsah lan kapêdhak ngampil | wontên sadasa | têtulung ing ajurit ||
  3. Wirarana munggèng kerine mas rôngga | ya ta pinestul aglis | marang ing pangeran | wêntisira kang kêna | tan pasah nanging asakit | Ki Wirarana | ingundurakên aglis ||
  4. Danawarsa Janingrat sami wuninga | yèn pangeran nulungi | sami wangsul sigra | Pangran Mangkunagara | datan angagêm jêmparing | amung sanjata | kumat encok astèki ||
  5. wus binêrêg rôngga lan Suryanagara | keron dènira jurit | dene Wirarana | kabranan pupu kiwa | sampun binêrêg ing jurit | pêngawat sêmpal | kang kering têmpuh aglis ||
  6. Pangran Mangkudiningrat lan Janapura | wus campuh kang anggitik | Pangeran Bintara | Pangran Natakusuma | rame ulêngan ing jurit | kang munggèng dhadha | sang nata marentahi ||
  7. payo bocah pinilih lan Suranata | miwah Brajayudèki | têmpuhên kang ika | baris sinang baranang | gone Suryakusumèki | sarêng umangsah | cêlak kalangan kali ||
  8. kali banjir prasamya tantang-tinantang | Suranata gêbyuri | ingkang sami lanas | pinilih Brajayuda | kang wus nyabrang campuh sami | ingamuk bubar | wong prang tandang saragni ||
  9. rinewangan prang lèrès inggil turôngga | abêr ingkang angungsir | dharat lawan sayah | dènnya mêntas lêlampah | rina wêngi têlung bêngi | tan ana mangan | lajêng gêbyur ing kali ||
  10. kang kalêbus akèh tan bisa lumampah | bêrêg jeprok pribadi | bêdhil bari lênggah | tan ana ingkang angsal | wong jeprok binêdhil kêni | wong arip sayah | tatu kêdhik ngêmasi ||
  11. sangking kathah kang pêjah gampil kewala | nulya sami kaèksi | ingkang sinabrangan | dede goning pangeran | inguwuh wangsula malih | wangsul sadaya | binêrêg ing turanggi ||
  12. ting saleyor tan ana kêras lumajar | tan kongsi nabrang siji | kacandhak sadaya | wontên wong pitung dasa | tumpês mung dadi sak sabin | sabin sakothak | kunarpaning prajurit ||
  13. bêcik-bêcik patine gampang kewala | ukur kacuwik mati | wong kang sami

— 119 —

sayah | ngêlih sarta karipan | ilang bayuning ajurit | rêkasa mêksa | wau ta kang ajurit ||

  1. mantri jêro kang sami alingan desa | ingkang dèrèng ajurit | ngarompol nêm dasa | Midigda Katawêngan | ranu rumênggèng Hyang Rawi | lila mangarsa | arsa umangsah jurit ||
  2. kawistara ing rama dènnya kang putra | kèndêl atata malih | amapag angrupak | campuh ramening yuda | Pangran Mangkunagarèki | wingkinging bala | alingan kopad-kapit ||
  3. alok êsêm lamun sira lumayua | iya kapêngkok wukir | nadyan dudu sanggan | ing prang payo anekat | bêja mati bêja urip | wadya miyarsa | umangsah ambêg pati ||
  4. caruk rukêt ing prang gumuruh wurahan | akathah kang ngêmasi | wadyane kang rama | Wangsèngsari palastra | miwah Kaji Têpsirodin | bêbêcikira | Suranata pinilih ||
  5. Ki Mukidin Purwadipura palastra | Ngalimun taha mati | rusak barisira | nirbaya jagabaya | prajurit kaparak sami | kèngêr ing gêlar | ing prang tanpa ngundhili ||
  6. kanan keringira sami kaparapal | amung gèn sri bupati | ingkang misih wêtah | pan kinitêr kewala | nêmpuh kanan kering wuri | nira sang nata | wuwuh-wuwuh kang mati ||
  7. Pangran Mangkukusuma binêdhil kêna | niba sangking turanggi | katur ingkang raka | sakala langkung duka | angêmbat lawung kumitir | angungak-ungak | kang putra dèn ulati ||
  8. Pangran Mangkunagara nora katingal | pijêr amobat-mabit | ngimpun prajuritnya | singa kang mandhêlonga | sêkala dipun jêjêgi | dadya akêkah | sadangunira jurit ||
  9. sigra wau Pangran Dipati Bintara | umatur saha tangis | ring raka narendra | suwawi ingoncatan | inggih wadya padukaji | kathah kang tiwas | dhuh kakang prabu aglis ||
  10. nulya sri narendra ngingêrakên kuda | pan arsa anuruti | marang aturira | nênggih Pangran Bintara | sumyur wadya kang dèn ungsir | ingkang atahan | tan pisah lawan gusti ||
  11. pan ingungsir binendrongan ing sanjata | nênggih samargi-margi | wau pêjahira | Radèn Suraprameya | sadèrènge nabrang kali | dangu kapisah | kalawan sri bupati ||
  12. tinututan ngamuk kinarubut kathah | dènira angêmasi | wau sri narendra | kapêngkok lampahira | wadya sakarine mati | sadaya samya | kinèn nabrang rumiyin ||
  13. ing bêngawan sêrikêd akulithihan | dèrèng nabrang kudèki | pangeran ngandika | lah mara bêdhilana | Kudanawarsa udani | lamun pangeran | marang kang rama lali ||

— 120 —

  1. sigra marêg Danawarsa praptèng ngarsa | pan sarwi anapihi | wong kang anênjata | sarwi matur tur sêmbah | dhuh gusti paran puniki | karsa paduka | dhumatêng ing ramaji ||
  2. damêl seda sangking margi siya-siya | botên arus ing bumi | inggih yèn paduka | gusti angarsakêna | botên aprang malih-malih | lan rama tuwan | kula kang sagah mangkin ||
  3. kula sagah ngengingkên rama paduka | inggih botên amargi | sangking siya-siya | pangeran angandika | anut ing Kudanawarsèki | lah iya bocah | prajurit sadayèki ||
  4. aja mêlak mring kiyai ngandhêgana | dimèn nyabrang dèn ririh | mêngko yèn wis nyabrang | nuli kinthilên padha | wau sagunging prajurit | kèndêl sadaya | wus nabrang sri bupati ||
  5. balanira ingkang nututi anabrang | pinêlak ing turanggi | anggêbyur ing toya | kèli kathah kang pêjah | pra sêntana pra dipati | nabrang sadaya | kumpul lawan sang aji ||
  6. wontên kalih atus kumpule kang yuda | wadyanira sang aji | satus ingkang dharat | lajênging budhalira | prapta rêp anèng Sumampir | kèndêl sadaya | nênggih ngantosi abdi ||
  7. ingkang sami kapisah kathah kang prapta | dupi ing têngah wêngi | budhal saha bala | limang atus wus ana | duk kumpul anèng Sumampir | mangke kèndêlnya | ing Tulung sri bupati ||
  8. Pangran Mangkunagara wau kèndênya | sakiduling Sumampir | langkung sukanira | unggul dènira yuda | Kudanawarsa ngaturi | kêkalih mêngsah | ingkang kacandhak urip ||
  9. namanira Ki Bênêr lan Ki Jaraga | inggih Jaragangukir | pangeran ngandika | ingsun siji kewala | Si Jaraga tukang ngukir | Si Bnêr ika | rawatana pribadi ||
  10. byar raina sangking Tulung budhalira | wau sri narapati | angalèr ngilènnya | Pangran Mangkunagara | budhal sangking ing Sumampir | nèng Tulung dènnya | makuwon manggih manis ||

29. Dhandhanggula

  1. kawuwusa wau kang lumaris | natèng Kabanaran pan sadina | dhusun Sumambung kèndêle | tanah bumi Madiun | ingkang kilèn watêse nunggil | lawan ing Jagaraga | êlèr kilènipun | langkung rujit kang wardaya | kang kaetang dhawuh dêdukaning Widhi | angas têkabur ing tyas ||
  2. kang sumêlang tyasira nrêpati | putra jalu apan kalih pisan | dèrèng kantênan wartane | gêsang lan sedanipun | duk apisah madyaning jurit | kang abdi kathah-kathah | wus sami akumpul | kang prapta duk kèndêlira | ing Sumpir wontên tigang atus nênggih | ingkang katawur samya ||
  3. nèng Sumambung dèrèng [dè…]

— 121 —

[…rèng] kèndêl prapti | mung kang putra kalih datan prapta | pangran adipati anèm | kalawan arinipun | wau sira Pangran Ngabèi | tyasira mawuyungan | ngurêng rêntêngipun | tan antuk dhahar lan nendra | prapta wau nênggih ingkang punggawa tri | rumiyin kang dinuta ||

  1. ngirup-irup ing bawahirèki | Pangran Dipati Mangkunagara | kang dèn ikut jajahane | kathah têlukanipun | kang binêkta sowan sang aji | nêdya mring Pranaraga | kapêthuk Sumambung | Ki Tumênggung Alap-alap | sami ngujung kalihe Dipadirjèki | katri Pringgadiningrat ||
  2. kêkapalan kalih èwu nênggih | angsalira bupati katiga | Alap-alap kapalane | sadaya wolung atus | Ki Tumênggung Dipadirjèki | nêmatus kang turôngga | pan prajuritipun | Tumênggung Pringgadiningrat | gih nêmatus prajurit ingkang turanggi | dharatipun akathah ||
  3. langkung asrêp tyasira nrêpati | dadya rèrèh kongsi tigang dina | anèng Sumambung lamine | nulya wau anuduh | angulati kang putra kalih | sira Arya Panatas | anamur tinuduh | lan Dêmang Gogangdhalungan | Dêmang Bulukumêndhung lan Rajêgwêsi | kapat sami anamar ||
  4. sigra budhal wau sri bupati | sangking ing Sumambung saha bala | lampahira ngalèr ngilèn | anèng marga sadalu | ya ta wau enjinge prapti | dhusun ing Sokawatya | Sumbêran ranipun | masanggrahan saha bala | ngarêm-arêm sagunging para prajurit | gêladhi ngara-ara ||
  5. ingkang ibu anèng Rancang prapti | sêkêl malih kang putra sor ing prang | kang wayah ilang kalihe | nulari sang aprabu | kambuh kambah kadhudhah sêdhih | raga rug kawigaran | wiyoga agiyuh | numpêg manaput ing driya | darawasèng sandea tyasira tistis | matis anrus tan kentas ||
  6. kunêng kang anggung sungkawèng galih | jungkung salat natèng Kabanaran | lawan sagung prajurite | wau ta kang winuwus | Pangran Mangkunagara mangkin | ingkang amasanggrahan | wontên dhusun Tulung | lor wetaning Kamagêtan | kidul kilèn sangking Madiun nagari | lèr kilèn Pranaraga ||
  7. dangu marang Kudanawarsèki | pira kèhe pêpati sadaya | Kudanawarsa ature | inggih duk mêntasipun | sangking aprang dipun cacahi | kapanggih gangsal bêlah | kajawi pukulun | Rahadèn Suraprameya | miwah Radèn Purbanagara kêkalih | pan amung gangsal bêlah ||
  8. inggih punjulipun pan kêkalih | dupi sadalu enjing cinacah | kula kèn mangsuli malèh | akêdhik ingkang kantun | amung sèkêt kirang kêkalih | tilasipun mêrkangkang | inggih kesahipun | anuhun dèrèng kaduga | inggih wontên kapanggih dhusun [dhu…]

— 122 —

[…sun] kêkalih | kang dèrèng pati bagas ||

  1. tinakenan inggih botên kikib | sarêng mambêd dalu kèh marangkang | sami ngulari kancane | punika wêrtinipun | jêng pangeran jêtung miyarsi | lah batur kang kabranan | ana banjur lampus | apa iya banjur waras | Ki Dipati Kudanawarsa turnyaris | sakawan lajêng pêjah ||
  2. kang sadasa lajêng sarasnèki | dadya nênêm têtêpe kang pêjah | sasat pêjah ing ajange | sami lan pêjahipun | gih pun Jayaprameya sami | lan pun Gunawaskitha | ing upaminipun | pati tan kenging ingakal | paran mêngko ing bêcike laku iki | banjur apa mandhêga ||
  3. aturira Kudanawarsa ris | yèn ing lampah lajêng umantuka | dhatêng Pajang Mantarame | kangelan tan pakantuk | pan ing bumi môncanagari | dèrèng wontên palihan | ingkang sami suyut | kathah ingkang sami trêsna | pra dipati ing rama tuwan sang aji | suwawi tinêngganan ||
  4. ing sawulan kewala ta gusti | tata-tata umacak punggawa | angupados priyogine | wontêna kanthènipun | Pangran Mangkudipura nênggih | mênggah môncanagara | gusti inggih amung | Pangeran Mangkudipura | ingkang sampun kèringan ing kanan kering | prawiraning sudira ||
  5. sigra Pangran Mangkunagarèki | yèn mangkono lah payo budhalan | maring Pranaraga manèh | datan kawarnèng dalu | enjing budhal sawadya atri | praptaning Pranaraga | wau kang jinujug | sakidul wetaning kitha | dhusun Wanakarta kang dèn pasanggrahi | wadyagung pamondhokan ||
  6. Pangran Mangkudipura ngaturi | kadang ipene ingkang lêlêgan | apan ing nguni randhane | Pangran Silarongipun | inggih dèrèng arsa akrami | antuk kusuma desa | punika tan purun | sumanggèng karsa paduka | nadyan inggih kaparingna para mantri | mijil lajêng paduka ||
  7. Pangran Mangkunagara lingnyaris | ingsun eling iya Danawarsa | si paman Purubayane | ngundhêr nèng Gunungkidul | duk tinukup kongsi barindhil | wong ora duwe bêja | cilakane muput | hèh kaki Kudanawarsa | kongkonana si paman Purubayèki | praptaa Pranaraga ||
  8. kon angatêr punggawa sawiji | Si Tumênggung Suramangunjaya | kabèh lan sagêgamane | Danawarsa wotsantun | sigra nuding mantri kêkalih | ing marga tan kawarna | praptèng Gunungkidul | panggih Pangeran Purbaya | wus binakta ing marga datan kawarni | praptaning Pranaraga ||
  9. lajêng sumiwèng ngarsanirèki | Pangran Mangkunagara ngandika | paman paduka ing mangke | asiliha jêjuluk | inggih nuli paduka rabi | putri [pu…]

— 123 —

[…tri] ing Pranaraga | apan randhanipun | paman Silarong duk kina | inggih dèrèng imah-imah malah mangkin | yèn tan antuk pangeran ||

  1. dene jêjuluk paman samangkin | Pangeran Arya Cakranagara | manawi wontên bêjane | nama Purubayèku | salamine katoring-toring | padha angèstrènana | sagung pra tumênggung | sadaya saur kukila | duk puniku pangeran wus ningkah aglis | lan putri Pranaraga ||
  2. ya ta kunêng kawuwusa malih | Kêdhu Pagêlèn lawan Mataram | Sakèbêr maju barise | sampun tilar ing Kêdhu | amangsuli bumi Matawis | gunung Gamping barisnya | ajêjagang kukuh | tarub kabèh wong Mataram | Kyai Surajênggala lan Rajaniti | kang ngêmbani Walônda ||
  3. pun Kapitan Sungrat kang tinuding | baris ngajêng anèng Parambanan | ênggèn pangajêng lamine | Kulman pan Dêr Pol Kêdhu | Mangkuyuda ingkang jagani | Paglèn Kapitan Bagrak | sumambitèng laku | Ki Tumênggung Arungbinang | duk puniku angaturakên pawarti | marang Kapitan Bagrak ||
  4. sabalike Mangkunagarèki | marang idlèr saiki wus pêrang | Susunan Mangkubumine | kinarubut ro iku | dêlèr Pangran Mangkunagari | Susunan Kabanaran | wus kasor prangipun | rêmpu balane kèh pêjah | Tuwan Pangran Mangkukusuma ngêmasi | kasambut ing ayuda ||
  5. mêksih tumut kang raka sang aji | Pangran Purbaya milu Pangeran | Mangkunagara balike | Kapitan Bagrak muwus | dadi êntèk mungsuh puniki | yèn Mangkubumi rusak | sapa manah mungsuh | nauri Kyai Rungbinang | salawase mungsuh kang bôndakalani | mung siji iku iya ||
  6. ya ping pira-pira mring Kumpni | Mangkubumi rusak pinukul prang | lèrèna rong sasi bae | nulyakèh balanipun | banjur aprang amêmalahi | aja kokira-kira | karusakanipun | lamun trah rajèng Mataram | karo badan tan kêna dèn majanani | ngungun Kapitan Bagrak ||
  7. duk sêmana Pagêlèn arjaning | pabarisan wus kadi nagara | Sêgaluh pelak patute | pasar agêng ing ngayun | malah dagang Samarang prapti | tuwin Pajang Mataram | dadi joganipun | akèh nungkul pra dipatya | para mantri numbakanyar kabèh prapti | nungkul mring Arungbinang ||
  8. Kapitan Bagrak Pêrlos sinalin | ingkang dadi sangking Batawiyah | binisikan Kapitan Sèl | Kapitan Bagrak sampun | budhal mantuk marang Bêtawi | ngungun ingkang

— 124 —

tinilar | malih kang winuwus | sultan ing Bantên kèwêdan | wontên Gowong panggenanira sasupit | ing kiwa têngên mêngsah ||

  1. kancanipun ingkang tunggil baris | kang pra dipati bubar kewala | nging maksih madêg barise | wontên Gowong puniku | botên nungkul marang Matawis | maring Pagêlèn nora | miwah maring Kêdhu | lan Tumênggung Mangkudirja | kanthinira dèrèng wontên nêdya gitik | kalangkung susahira ||
  2. Sultan Bantên sangêt dènnya watir | muwus mring Tumênggung Mangkudirja | kakang tumênggung bêcike | kula kakang anusul | mring Sang Nata Banaran mangkin | kula lumaku namar | botên gawa batur | mung dika gawani kakang | batur dika kang wus wruh Pajang Matawis | inggih siji kewala ||
  3. kula dhewe gawa batur siji | laku ngedan cara santri kakang | wus amit rêmbag kalihe | wus lajêng lumastantun | prajurite wong saralathi | mung kantun tigang dasa | tinilarkên sampun | mring Tumênggung Mangkudirja | lampahira nusup dharatan katawis | cara santri kewala ||
  4. sabên kèndêl angulari masjid | namanira ngalih Ki Mustapa | wus langkung Kêdhu lampahe | lajêng anikêl gunung | ing Pênthongan kang dèn margani | ngetan anjog ing Tumang | kèndêl tigang dalu | ing ngriku ngupaya warta | panggenane Susunan Amangkubumi | apadhang tuturira ||
  5. wontên dhusun tanah Sokawati | kang lèr kilèn wastaning Sumbêran | watawise ing samangke | nadyan kesah gènipun | tan atêbih ing Sokawati | Tumang maksih acungan | ngriki maksih tumut | ing Sang Nata Kabanaran | apêparon maring Surakarta inggih | anulak karusakan ||
  6. Sultan Bantên sigra angkatnèki | sangking Tumang angalèr angetan | anjog Gagatan sêdyane | langkung kawêlasayun | arêrendhon lampahirèki | ing lêlakon sadina | dadya tigang dalu | singa kang kandhêg kampiran | sami asih dene pamulune maksih | tan ilang sutèng raja ||
  7. nèng Gagatan kèndêl nèng Rêpaking | tigang dalu sangêt sayahira | nèng dhukuh pinggiring lèpèn | wontên surone patut | nêdya ngasokakên ing sikil | wismane Ki Nuriman | nguni kaumipun | Ki Tumênggung Jayadirja | Sultan Bantên ayêm ing papan prayogi | kalawan amiyarsa ||
  8. wong sadesa nênggih sami sêpi | sami nambut damêl pasanggrahan | ing Dhuwêt sêsaosane | natèng Banaranipun | masanggrahan [masanggraha…]

— 125 —

[…n] badhe alami | sawetaning Gagatan | mung lakon sabêdhug | miyarsa srêp manahira | Sultan Bantên dèn andhêg dèn gumatèni | marang Kyai Nuriman ||

  1. têlas labêting sayah lumaris | anèng dhukuh sampun patang dina | dèniradus esuk sore | wus mêdal cahyanipun | ulat tingkah jatmika wingit | yèn kalanira salah | Ki Nuriman tumut | angadani lajêng kamad | sabên sore Sang Prabu Mangkarawati | adan lajêng akamad ||
  2. cara Bantên syarane gumrining | Ki Nuriman anake wulanjar | ni mbok Sêridah namane | anginjên sabên dalu | Ki Mustapa saparanèki | yèn maring kali awan | nuli tinut pungkur | ingintip sapolahira | api-api kaprêgok angincang alis | ngêndhokkên kang sêmêkan ||
  3. linungsurkên wontên kalih nyari | têpiswiring pambayun katingal | pêpanas driya rakite | Ki Mustapa tumungkul | nora pisan nêdya ningali | nanging sampun karasa | bok lanjar kalamun | dhêdhayoh iki muliha | baya mati ingsun brôngta sipat kuping | Ki Nuriman wuninga ||
  4. yèn anake brôngta ing têtami | dalu sasampune bakda ngisa | sami jêjagongan suwe | prapta sugatanipun | bok Saridah takut ngladèni | kêmbên solok têrbaya | sinjangipun wulung | dhêdhêmêne cilik mula | sinjang wulung nanging wêdêlan Samawis | apike bok wulanjar ||
  5. sêngkangipun lapak batutangkil | walang sakawung sêsupenira | êmas bèh ro sataile | Kyai Nuriman cukup | ngugung anak dipun tutugi | sapatute wong desa | rijêkine cumpu | mangkana Kyai Nuriman | amêrsudi patakone niti-niti | amrih wêca balaka ||
  6. adhuh anak pun bapa puniki | lumaku têmên jinarwanana | sangking ajal kamulyane | miwah sinêdyèng kayun | gih pun bapa wus trêsnèng batin | inggih dhatêng pun anak | balung trusing sungsum | awit pun bapa nyupêna | sadèrènge pun anak prapta ing ngriki | ing bangun ing Jumungah ||
  7. wontên sasi lèr wetaning ngriki | surêm kagring anir ing prabanya | ima naput ing sangkane | nuntên wontên kadulu | sangking kidul kilèn lumaris | nênggih awarni lintang | nênggih sabaluluk | kèndêl ing ngriki sakêdhap | dangu-dangu pun lintang punika nunggil | ing sasi kang kalaran ||
  8. nuntên sasi cahyanipun pulih | pan sumêblak ingkang ôndakara | amadhangi ing jagade | amung lêt tigang dalu | nuntên anak prapta ing ngriki | anèh impèn punika | Sultan Bantên muwus | kula ing Gowong kewala |

— 126 —

ki pangulu ing Gowong ingkang sêsiwi | gih yêkti pun Mustapa ||

  1. sêdya kula puniki angabdi | inggih dhatêng natèng Kabanaran | mumpung kasoran yudane | akêdhik abdènipun | bokmanawa katampèn ugi | Ki Nuriman lingira | punika satuhu | pun bapa dèrèng tarima | tagsih sasab Sang Prabu Mangkarawati | gumujêng wuwusira ||
  2. basakêna pun paman angudi | alah dawêg maibên pun paman | dika arani yêktine | Ki Nuriman lingnyarum | dora lamun anaking santri | sanadyan angakua | anaking pangulu | sintên botên maibêna | sêtun asor ngaku anaking bupati | puniku misih dora ||
  3. dika mèmpêr kang rayi sang aji | inggih kang nama Pangran Purbaya | ing cahya lan pasêmone | botên kacèk sarambut | malah wilêt pun anak yêkti | lawan ruruh pun anak | ing saengganipun | kadi satriya lan raja | pasthi sènès ing solah jatmikanèki | nunggil pisah tan pisah ||
  4. pan pun bapa botêna kêkêlir | rayi andika anak kawula | mring dika sangêt brangtane | bok Sarigah puniku | kasmarane kadi kapesing | gih kongsi dadi rumab | angising sasêntul | pacerit sarandhu alas | yèn andika kesaha sangking ing ngriki | pasthi sêg nuli pêjah ||
  5. wau prabu ing Mangkarawati | adhuh paman katingal punapa | manjing panganiayane | tan dangu tangis umyung | nyai nira anusul gipih | Ki Umah anakira | kasambêt tan emut | nora suwe têka sêndhang | ya disèrèt wong dodot polèng gêng inggil | anakmu gurarapan ||
  6. ya ki anak dhêdhayoh puniki | katon kang ngrêbut mring anakira | iya wurunge kênane | Ki Nuriman sru muwus | adhuh anak suwawi aglis | tulunga kawlasarsa | rayinta puniku | yèn kongsia praptèng tiwas | dadi paran pun bapa arang sutèki | nêmah sèwu cilaka ||
  7. rinarêpa rajèng Pakungwati | têmah wêlas tumut maring wisma | sapraptane bale gêdhe | lênggah ing ulonipun | ni wulanjar nglugur aguling | karingêt lir dinusan | kêbêg kêmulipun | umatur Kyai Nuriman | lah suwawi pitulungipun Sang Yêkti | wêlasa ing pun bapa ||
  8. sigra sultan ing Mangkarawati | ngungkabi kêmul lajêng gurayang | gêgêr kang dèn êmèk-êmèk | tan ana tabêtipun | antarane sarira sakit | amung asakit driya | sangking karêpipun | Sultan Bantên osiking tyas | wus dilalah nêmu bekaning lumaris | iya [i…]

— 127 —

[…ya] kinapakêna ||

  1. lamun ora sun turuti iki | dadi beka anyênyuwe lampah | mupus tikahe Hyang mangke | sigra wau sinêmbur | gumaregah sigra ngêbyuki | ing pangkonira sultan | guragapan muwus | wêdi-wêdi aku bapa | wonge dodot polèng kudu gawa mami | iku ngadêg ing lawang ||
  2. pangrungkêbe sangsaya ngapithing | wêntisira sultan datan kêna | binênggang winêngkang kèkèt | Sultan Bantên anjêtung | kang karasa garwanirèki | nora duwe tênaga | sasolahe ruruh | dene ta iki wong desa | bisa gêlar sapolahe nora yêkti | têrlalu tukang bisa ||
  3. garwanira anaking bupati | pêparinge Sunan Kabanaran | Dèn Rara Patmiyah rane | nênggih ingkang sêsunu | Adipati Suranatèki | punggawa nagri Dêmak | pêjahe ramèku | Adipati Suranata | Radèn Rara Timur pinundhut nèng puri | diwasane kinarya ||
  4. têtariman rajèng Pakungwati | pelak warna pelak ing tênaga | ruruh tan ana cacade | cumangkol ing tyasipun | amanggiha garwa kadyèki | sêdhih tyasira maras | bok dèn uwus-uwus | ing asmara karasikan | Ki Nuriman pangucape wali-wali | anak yèn kalakona ||
  5. rayi dika sakite mulyèki | dika ningkah kula inggih pasrah | juru dangên ing arine | cinêkak kandhanipun | Sang Aprabu Mangkarawati | apan sampun aningkah | nyupêt beka nurut | Sultan Bantên anèng kana | dhukuh pinggir kali sakilèn Rêpaking | lami gantya winarna ||
  6. Sunan Kabanaran kang ginupit | kang makuwon dhusun ing Sumbêran | parentah ing punggawane | amangun ing prang pupuh | ngêlar-êlar jajahanèki | kang tinuduh ngalèra | masisir ingirup | Pangran Dipati Bintara | Dêmak Kudus ing Lasêm kalawan Pathi | kang kinèn nêlukêna ||
  7. budhal sangking Sumbêran lumaris | wau Pangran Dipati Bintara | kawan atus prajurite | wong Garobogan gupuh | kinumpulkên sami kinêrig | wuwuh prajuritira | turôngga rongatus | nulya Pangran Pakuningrat | budhal ngilèn kanthi Pangeran Ngabèi | mring bumi Samarangan ||
  8. Alap-alap lan Dipadirjèki | budhal ngidul lan Pringgadiningrat | sêmana sangêt sakite | timbalanira prabu | kinèn ngantukêna tumuli | marang ing Surakarta | wruha bapakipun | Adipati Pringgalaya | mantri nênêm kang tinuduh wus lumaris | koploh Pringgadiningrat ||
  9. wus ginotong nèng jêjolèn êpring | wau ingkang tinuduh angetan | Pangeran Dipati Anèm | ngadhêpana [ngadhê…]

— 128 —

[…pana] Madiun | nagri Jipang kinèn ngayumi | samangsane Pangeran | Mangkunagarèku | kesah sangking Pranaraga | sawurine aja têlangke nganciki | budhal sangking Sumbêran ||

  1. nulya wau têngara sang aji | budhal sangking pakuwon Sumbêran | maksih akathah untabe | mas rôngga munggèng ngayun | Pangran Natakusumèng wuri | sami kanthi punggawa | wuri lan ing ngayun | kunêng malih dutanira | Tuwan Sarip Bêsar Tuwan Sèh Ibrahim | kapêthuk anèng marga ||
  2. dutanira rumiyin sang aji | kang ingutus nêlik mring Samarang | anyarêngi ing lampahe | ingkang prapta rumuhun | aturira ing sri bupati | èstu yèn Sarip Bêsar | dutane Sultan Rum | gusti anggêping Walônda | aturipun miwiti malah mêkasi | yèn carakane prapta ||
  3. wau kula tilar anèng margi | inggih prapta ing dintên punika | sigra ngundhangi balane | kèndêla lampahipun | pra dipati ngandikan sami | Pangran Natakusuma | kang ngirit mring ngayun | timbalanira sang nata | kayaparan utusane Sèh Ibrahim | apa ginatèkêna ||
  4. iya apa kinarya sêsambi | Pangran Natakusuma wotsêkar | prayogi ginatèkake | ngandika sang aprabu | kaya priye sagung bupati | apa padha manuta | ing sapikiripun | adhi mas Natakusuma | sarêng nêmbah mas rôngga matur kariyin | lêrês rayi paduka ||
  5. yèn kêmbaa bilih pun ewani | lawan dipun wastani kumêthak | dutane narendra gêdhe | kangjêng sultan ing Ngêrum | nênggih ratu-ratuning bumi | wajib dèn ajènana | gumujêng sang prabu | saryalon dènnya ngandika | iki desa ing Gêragol duwe masjid | masjide rêsikana ||
  6. pan ing kono gon ingsun nêmoni | carakèng Rum gustine sajagad | pira-pira ingsun kiye | tinêkan duta ing Rum | durung ana kang dhingin-dhingin | kongsi adhêdhayohan | caraka sangking Rum | kang wadya sigra rumagang | agêng alit sami angrêsiki masjid | ing jawi tinaruban ||
  7. lagya eca ngandika lan abdi | wontên matur yèn caraka prapta | mas rôngga lajêng kinèngkèn | mêthuk nanging sinamun | amung kuda sakawan ngiring | sang natèng Kabanaran | budhal sawadyagung | mring Gêrogol jroning desa | jujug masjid rinakit sampun prayogi | anganti roning kamal ||

30. Sinom

  1. Mas Rôngga Wirasêntika | lawan caraka wus panggih | arsa mudhun sangking kuda | dene andulu priyayi | mas rôngga lingiraris | sanak sampun [sa…]

— 129 —

[…mpun] dika mudhun | dawêg sami lêlampah | kang gendhong sêrat puniki | kula iring wontêna ing ngajêng kula ||

  1. saksana sarêng lêlampah | mas rôngga têtanya aris | nênggih samia lêlampah | inggih kang sami tinuding | wong sanak sangking pundi | caraka alon turipun | kula tiyang Samarang | ladosanipun mas patih | kang satunggil upasipun petor bêsar ||
  2. tiyang sangking Surabaya | inggih Kangjêng Tuwan Sarip | rencange sami tinilar | sadaya wontên Bêtawi | sami tiyang ing Turki | kalih atus pitung puluh | parikine punika | amung gawa rare kalih | dhatêng jendral lan kêkalih wonge tuwa ||
  3. lan wong kaji kang satunggal | anama Kaji Duljaki | nanging dèrèng wruh jajahan | milane botên tinuding | mila tiyang Sêmawis | tuwan bêsar karsanipun | wus prapta pinggir desa | ing Garogol têdhak sami | sampun kerit caraka praptèng taratag ||
  4. Pangeran Natakusuma | ingandikan marang masjid | mas rôngga lan Jayèngrana | Dul Wakit miwah Muhyadin | sang nata ngandikaris | adhi Natakusumèku | apa sun têmonana | hèh rôngga caraka iki | wonge dhewe tuwin apa wong pundhutan ||
  5. mas rôngga matur tur sêmbah | urunan tiyang Sêmawis | sangking pêpatih Sêmarang | petor bêsar kang satunggil | upas têtiyang sangking | Surapringga angsalipun | Pangran Natakusuma | umatur saha wotsari | suratipun luwung kapêndhêt kewala ||
  6. sigra Muhyadin dinuta | mundhut srat lan Ki Dul Wakid | saksana katur kang surat | duta kinèn tunggil linggih | lawan kang pra dipati | sami munggèng tarub agung | sinugatanan kinang | sangking kang para dipati | sangunipun epok gendhong pra dipatya ||
  7. sang nata amaos sêrat | sangking Tuwan Sèh Ibrahim | bêbuka hèh salam reyang | Tuwan Sèh kang ahli Turki | mashur ing atas angin | pun bapa sajatènipun | nangkoda gêng kawilang | jinis prakara nagari | lunganingsun sangking Turki ginawanan ||
  8. cap Sultan Mukamad Lekan | Rum Ngadli kang ngabayani | wawêngkoning Rum sadaya | sagung kang para nrêpati | Sultan Mustapa Rumi | ya gawani êcapipun | têgese kang pitungkas | ing nagara wetan nênggih | urut timur nagara kèh padha rusak ||
  9. rusakipun sangking aprang | rèhning tanah Jawa mangkin | kanan kering sapangetan | ana ingkang ngêpalani | nyata jendral Bêtawi | ature kang marang ingsun | tan tumut karya rusak | inggih kang darbe pribabadi |

— 130 —

rêbat atas sami karabat kewala ||

  1. datan wontên wonge liya | rewange rêbat nagari | dene mangke kang prakosa | inggih nama Mangkubumi | dadi pun bapa mangkin | ya sawusing salam ingsun | atêtanya ing sira | adhuh nyawa Mangkubumi | sabab apa sira gawe nora arja ||
  2. jênêg gawe kasusahan | sapadha-padha dumadi | duraka wis marènana | anak ingsun Mangkubumi | pan sira wong abêcik | sirèku sutaning ratu | sira kang kuwajiban | rumêksa rayat sabumi | sapa nanggung dosamu iya ing kana ||
  3. pan si jendral iki selak | wit rusaking tanah Jawi | pan kinarêpakên samya | kang sami darbe pribadi | sun uji sira ugi | ing pawarta sêtya tuhu | eling sutaning raja | nora pikir salah kardi | ingsun nyawa wêruhna ing karêpira ||
  4. lawan ingsun iki nyawa | papagên sun arsa panggih | sarat kudu pêpanggiha | pribadi amituturi | sawusnya maos tulis | alênggêr jêtung angungun | alon dènnya ngandika | dhimas Natakusumèki | kaya kene dhawuh apuraning Suksma ||
  5. Dul Wakit kinèn akarya | angsul-angsul kang priyogi | adangu pitungkas wulang | kang sumêrêp sêdhêp manis | kang nora anyênyêngit | dhap asor saturutipun | kang têtêp mêlasarsa | wus dadya dipun êcapi | kang tinuduh Radèn Arya Jayèngrana ||
  6. ngaturkên wangsulan sêrat | dhatêng nagari Sêmawis | tinuduh sami sadina | Jayèngrana bêkta tulis | duta wus dèn panggihi | ginanjar pangadêgipun | arta lawan busana | caraka wus nêmbah amit | sarêng mêsat lawan Radèn Jayèngrana ||
  7. mung bêkta kuda pakbêlas | pakbêlas dharate sami | têgêsipun lêlancaran | prayayine dèn pilihi | datan kawarni margi | sawêngi praptane esuk | wanci pukul sawêlas | praptane nagri Samawis | jujug marang gone petor wismanira ||
  8. sira Radèn Jayèngrana | lan Tuwan Sarip wus panggih | sigra ngaturakên surat | angsul-angsul sri bupati | têmbunge mêlasasih | sêdhêp pasrah dhirinipun | juru basa kang maca | petor bêsar kanthinèki | pamaose winalèn-walenan rahap ||
  9. petor bêsar ngatag nurat | marang Ki Kaji Dulkaji | tulisana basa Arab | aturna mring Tuwan Sarip | nurut Kaji Dulkaji | mrih basa Arab wus katur | mring Tuwan Sarip Bêsar | winaos suka tan sipi | têmbung manis asêdhêp mawi la-êla ||

— 131 —

  1. sarta ngungun amiyarsa | ing rèh dadining ajurit | pratikêle tanah Jawa | kêna niaya sayêkti | dene kang sikara wit | Dul Jendral Baron pan Emup | akèn angêlongana | ing Pangeran Mangkubumi | ing cacahe kalong saparo kewala ||
  2. dadya miji ing santana | ing Pangeran Mangkubumi | alumuh lumakyèng karya | yèn kalonga Sokawati | dadya putungan sami | lajêng ngêkahi puniku | bumi ing Sokawatya | nadyan kalonga sakikil | sun labuhi ajur mumur dadi lêmah ||
  3. Si Ondorop pira-pira | saguh ngulihakên malih | nging ujare kamondaka | Pangran Arya Mangkubumi | lajêng gitik-ginitik | rêbut bêja ing prang pupuh | Kumpni krêp kasoran | akathah ingkang ngêmasi | Tuwan Sarip Betor Bêsar tinakonan ||
  4. iya iki petor nyata | mêngkene kawiting jurit | petor bêsar aturira | gih jendral mariki dhingin | Pangeran Mangkubumi | lolosipun sapuniku | wus nyata nora dora | anak ingsun Mangkubumi | kaya age ingsun iki pêpanggiha ||
  5. kunêng kang anèng Sêmarang | lagya ngayêm-ayêm pikir | sang nata ing lampahira | wus lajêng ing Dhuwêt prapti | masanggrahan sang aji | wus pamondhokan wadyagung | sang nata badhe lama | ngiras dènira ngantosi | carakane kang maring nagri Samarang ||
  6. sang nata arsa ngadêgna | sagung wadya kang ngêmasi | anakipun kang kinarya | karya mantri jro sang aji | suwidak kang kinardi | badhe nyèkêt sabinipun | kang kinarya lêlurah | têtiga angalih dèsi | ing Kumêndhêng nênggih pun Adimênggala ||
  7. lêlurah ingalih nama | Ngabèi Prawirasêkti | kancanipun ngalih dasa | sami prawira namèki | lêlurah saragni | Wirasastra wus pinundhut | lurah mantri jro nama | Yudakartika ing mangkin | sakancane sadaya wiwitan yuda ||
  8. Mas Malar mangkya kinarya | Ngabèi Baurêksèki | kancanipun ngalih dasa | wiwitan bau namèki | lagya samadya sasi | kancane lami kèh nusul | wontên wong tigang dasa | kalih dasa kang pinilih | Kyai Bênêr ingkang kinarya lêlurah ||
  9. lan ingalih namanira | Ranadirada Ngabèi | sakancane ngalih dasa | wiwitan Rana namèki | Ki Sutamênggalèki | gêdhong sinungan jêjuluk | Ngabèi Mangunjaya | mantri jêro wus rinakit | busanane abyor mantri wolung dasa ||
  10. ya ta wau kawuwusa | Sang Prabu Mangkarawati | ingkang wontên padhêkahan | wastanira

— 132 —

ing Rêpaking | mangkat sowan tumuli | bêbêktane tigang pikul | lombok kalawan kacang | kimpul talês wi gêmbili | nunggang jaran wadon sarwi bêbathilan ||

  1. arasukan gandhul pêthak | kasa kêmbang lungsêd kêdhik | anyamping sarung Mêkasar | pasêmon wilêt awingit | lampahira wus prapti | Dhuwêt pasanggrahan agung | sang natèng Kabanaran | nuju siniwakèng dasih | jumarojog manjing tan ngangge larapan ||
  2. amor lawan Suranata | miwah kang mantri pinilih | dèn nyana kônca kewala | dangu-dangu kang asandhing | prasami angingsêri | sang nata wruh sapa iku | Sultan Bantên turira | sigra Muhyadin nambungi | rayi dalêm Sultan Pakungwati prapta ||
  3. ingawe lajêng umangsah | gapyuk rinangkul siraglis | sang nata dhawuh kang waspa | Sang Prabu Mangkarawati | tangise lir pawèstri | gulêt lir kêkupu tarung | wus dangu tata lênggah | kang rayi tan sinung têbih | kang dinangu ing sasolahbawanira ||
  4. prajurite karisakan | sabên prang tanpa ngudhili | kula akanthi kakang mas | Purubaya nêniwasi | ngandika sri bupati | sarwi nênggak waspanipun | yayi prabu dilalah | sira ngungsi maring mami | nêdya enak yayi têka nêmu rusak ||
  5. karine prajuritira | mêngko sira sèlèh ngêndi | kang rayi matur tur sêmbah | kantun tigang dasa nênggih | amung wong saralathi | tigang dasa ingkang kantun | minarsa pitung dasa | tan wontên kantun satunggil | prang wawala mêngsah lan Kapitan Bagrak ||
  6. rayi paduka kakang mas | Purubaya ngapirani | tumpêse prajurit kula | mina bang suwidak tampis | pun gêndhayatan mati | wong saralathi kang kantun | kula titipkên samya | pun kakang Mangkudirjèki | kula sêlak onêng wulangun ing tuwan ||
  7. kapiyarsèng katêbihan | sawadyane tumpês jurit | yayi prabu kakangira | Mangkukusuma kang mati | sami ngungunirèki | kang rayi ngaturkên wau | sal-angsal tigang rêmbat | kang raka ngandika aris | kaya apa mêngkono tuk-antukira ||
  8. kang rayi matur bêlaka | duk wontên dhukuh Rêpaking | kasukan sayah lumampah | adharat sadasa ari | kèndêl dhukuh Rêpaking | pinaksa ingambil mantu | inggih Kyai Nuriman | gumujêng sri narapati | bênêr yayi wong amalês kabêcikan ||
  9. sang nata malih ngandika | dhimas Natakusumèki | wong gagatan dhawuhana | sun paringakên si adhi | dhimas Mangkarawati | iya ing gagatan sawus | anaa kang rumêksa | ing mêngko marang si adhi |

— 133 —

bêkêl satus iku sira kongkonana ||

  1. srahna maring Si Nuriman | konên anata kang bêcik | ing gagatan bumi rosa | jaran salawe kuwawi | rumêksa ing si adhi | rina lawan wênginipun | wong sèkêt ing pulutan | rumêksa dhahare adhi | tur sandika Pangeran Natakusuma ||
  2. anglampahakên caraka | mantri jêro kang tinuding | Ngabèi Ranadigdaya | Ranadimêja satunggil | ing gagatan wus prapti | sampun kumpul bêkêlipun | kapanggih kawan dasa | panglawe sakawan sami | wus binakta mring wismane Ki Nuriman ||
  3. kagyat ing tyas kagegeran | prayayi songkok kang prapti | bajo lurik irêng ginggang | lancingan sangkêlat abrit | nyuriga carabali | lawan bature kumrutug | kabèh bêkêl gagatan | dhêrodhog dènnya manggihi | bêkêl kabèh wus kasrah Kyai Nuriman ||
  4. Ngabèi Ranadigdaya | Ki Nuriman dèn jarwani | kiyai mantu andika | pan dede santri mêmêri | sajatine kiyai | sultan ing Bantên puniku | mêdhêdhêg Ki Nuriman | adhèhèm naga kabalik | ni Rubiyah anakira ni Saridah ||
  5. nyawargakakên wong tuwa | gagatan pulutan iki | pinaringkên mantunira | ni nyai watuk nyakikik | mantuk mantri kêkalih | akathah pasangonipun | ing wuri wus tinata | kang prajurit tan turanggi | tigang dasa sakawan bêdhil nêmbêlas ||
  6. lan waosipun wolulas | sadaya sopal jininggring | lêt kalih dina praptanya | lan sèkêt rêmbatanèki | Sang Prabu Pakungwati | mèsêm suka dènnya dulu | wus karya pamondhokan | Sang Prabu Mangkarawati | ragi kilèn sangarsaning pasanggrahan ||
  7. wolu rare punakawan | prasamya nitih turanggi | samuwa pratikêlira | mèh prasasat sabupati | bok Saridah têtilik | sawulanipun ping têlu | miwah sultan cangkrama | sang prabu ing Pakungwati | angêrakat ulam kali pêpucungan ||

31. Pocung

  1. kang winuwus dutanira sang aprabu | langkung kinasihan | marang Sèh Ibrahim Turki | karya surat rèngrèng Tuwan Sarip Bêsar ||
  2. dhapuripun surat pratela puniku | marang Batawiyah | prakarane Mangkubumi | dèn sikara mulane dadi murwèng prang ||
  3. lungguhipun Sokawati têlung èwu | saanane jendral | nagari Surakartèki | dèn êlongi saparo pangran pan suka ||
  4. milanipun wus kalakon karyanipun | waune nèng mêngsah | rinêbut anandhang jangji | singa [si…]

— 134 —

[…nga] ngrata ing Sokawati ginanjar ||

  1. Jendral Emup kang anglêbur jangjinipun | kathah rèngrèngira | kinèn nurun Wirasari | wusnya dadi Tuwan Sarip angandika ||
  2. iya iku Jayèngrana turna gupuh | maring anak ingwang | Susunan Amangkubumi | iki rèngrèng kang badhe marang si jendral ||
  3. besuk ingsun lamun uwis atatêmu | lawan anak ingwang | besuk ing sabalèn malih | pasthi kono iya ingsun pêpanggihan ||
  4. rèngrèng iku yèn wus dadi têrna mringsun | ingsun kang anggawa | marang nagari Batawi | aja susah sutaningsun akongkonan ||
  5. ya ta wau Jayèngrana kinèn mantuk | wus binêktan surat | bêdhug tiga angkatnèki | Jayèngrana sangking nagari Sêmarang ||
  6. ngatêr sampun Radèn Wirasari wangsul | ing nagari Dêmak | sira Radèn Wirasari | lampahipun wau Radèn Jayèngrana ||
  7. praptanipun ing Dhuwêt pan wanci surup | kèndêl pondhokira | sakêdhap lumêbêt nuli | jujug marang Pangeran Natakusuma ||
  8. sampunipun bakda ngisa lêbêtipun | sang nata wus salat | satêdhake sangking masjid | animbali ing Pangran Natakusuma ||
  9. lêbêtipun angirit Jayèngranèku | prapta ing ngajêngan | ngaturakên ingkang taklim | sangking rama tuwan nênggih Sarip Bêsar ||
  10. sêrat katur kêkalih lan rèngrèngipun | sigra tinupiksa | kadriya têmbunging tulis | ya ta mèsêm ing Pangran Natakusuma ||
  11. dhimas gupuh undhangana pra tumênggung | padha angrasakna | ing surate Sèh Ibrahim | matur nêmbah Pangeran Natakusuma ||
  12. pênêdipun abdi dalêm pun tumênggung | kang abaris ngarsa | sae katimbalan sami | miyarsakna ing surate Sarip Bêsar ||
  13. sang aprabu pangandikanipun arum | bênêr yayi êmas | nuli kongkonana aglis | sarupane punggawa kang baris ngarsa ||
  14. wus anuduh Pangran Natakusumèku | angêrig kang samya | punggawa kang baris ngarsi | sami prapta tan kalilan bêkta wadya ||
  15. maksih tugur sagunging prajuritipun | barise ing ngarsa | praptane kang pra dipati | pan sadaya sami lancaran kewala ||
  16. wetan kidul kulon sarêng praptanipun | Pangran Pakuningrat | kilèn lan pangran ngabèi | kidul nênggih Dipati Suryanagara ||
  17. kanthinipun Môndraka Wiradigdèku | lawan Jayarata | Tumênggung Dipadirjèki | Alap-alap myangn Tumênggung Pusparana ||
  18. têlas kidul ingkang wetan sami rawuh | Pangeran Dipatya | Anom sawadyanirèki | lan kang paman Pangran Dipati Bintara ||

— 135 —

  1. sadaya wus tumamèng ngarsa sang prabu | sang nata ngandika | hèh sagung kang pra dipati | lawan para santana putra satriya ||
  2. sadayèku dèn amêrês budinipun | padha rasakêna | ing karsane Sèh Ibrahim | iya ingkang muni layange kang prapta ||
  3. iya ingsun kinon akirim pra sadu | mring gurnadur jendral | sumilih kadya nêdhadil | anjaluka bênêr ing gurnadur jendral ||
  4. wong aluhur sangking asor wiwitipun | aja ta ugungan | dumèh Tuwan Sèh Ibrahim | Sarib Bêsar maringsun wus mundhut putra ||
  5. iya iku kêkêlire têgêsipun | aja ta kabiyak | sihe Tuwan Sèh Ibrahim | iya dadi ngadêg bênêr Sarip Bêsar ||
  6. dadi ampuh Sarip Bêsar yèn tinantun | mring gurnadur jendral | pratingkahe tanah Jawi | ing batine Tuwan Sèh wus maring ingwang ||
  7. karsanipun Sarip Bêsar batinipun | kinèn anjarwakna | ing Radèn Jayèngranèki | kalêthêke tyase Tuwan Sarip Bêsar ||
  8. awotsantun prawara ingkang tinantun | pukulun sang nata | sampun tanggêl ing pakarti | anganggea waos dhuwung marang jendral ||
  9. inggih lamun pun jendral darbe pangukup | botên wit piyambak | amiluta amrih ing sih | jêr pun jendral ingkang amrih amiluta ||
  10. riyêg guyup pra santana pra tumênggung | sami aturira | Pangran Natakusumèki | ingkang dadi pangirit atur andhadha ||
  11. kang dhinapur mungguh panggawening satru | ngajak rêrampekan | yèn dhèwèk nora nglanggati | satêmahan kabalik ingkang pratingkah ||
  12. ingkang luhur satêmah dados soripun | ingkang asor mangkya | dados luhure sayêkti | sabab sangking timbalan Jêng Nabi duta ||
  13. sru gumujêng wau sira sang aprabu | pagene yayi mas | anganggo wêdi Jêng Nabi | ngombe arak si adhi sadina-dina ||
  14. iku takut ing wêwalêr Kangjêng Rasul | gumujêng tur sêmbah | Pangran Natakusumèki | sanès ing prakawis arak lawan aprang ||
  15. sang aprabu gumujêng ngandika arum | yèn mangkono padha | bênêr panêdhanirèki | ingsun lagi nêmu dêdukaning Suksma ||
  16. mungsuh iku kang gêdhe angajak patut | iya Si Walônda | ingkang gêdhe mungsuh mami | mungsuh cilik iya Si Mangkunagara ||
  17. prandenipun yèn kudu kasor ing ngriku | lagya dukaning Hyang | kang dhawuh ing awak mami | wus dilalah kalah prang kalawan bocah ||
  18. mêngko mungsuh Si Walônda ngajak patut |

— 136 —

ing têgêse iya | iku pitulung Hyang Widhi | gawe asor prang ngamuk sariraningwang ||

  1. batinipun durung cacat têmên ingsun | ingong madêg nata | iya nèng Ngayugja dhingin | awèh wêruh marang dêlèr ing Sêmarang ||
  2. mundhut istu yèn ingsun jumênêng ratu | iya diadêgna | pan angrasa awak mami | yèn kang wayah Susunan Pakubuwana ||
  3. dêlèr langkung panampike marang ingsun | dadi ingsun iya | amadêg nata pribadi | iya iku sun lêbokkên layang jendral ||
  4. iya lamun Kumpni angajak patut | Ondorop Sêmarang | dèn salinana tumuli | lamun ora mêngkono ingsun anêmah ||
  5. sampun anut sagung punggawa nung-anung | ing sakarsa-karsa | mupakating lair batin | mumpung durung layar Tuwan Sarip Bêsar ||
  6. sigra wau rèngrèng tinurun karuhun | nanging Sarip Bêsar | kalah apa sor sathithik | wurukipun pisêdhêp ing tuwan jendral ||
  7. sêratipun piyambak wau sang prabu | ingkang dhatêng jendral | êla-êla anglangkungi | sarta mawi mugi-mugi tuwan jendral ||
  8. dipun asru angadilana satuhu | mangkya eyang jendral | ngarsakakên atur mami | ingkang mijil sangking Tuwan Sarip Bêsar ||
  9. têgêsipun eyang jendral mrih satuhu | karsa ngadilana | lampahane awak mami | satuhune pan kula kinaniaya ||
  10. yèn rumuhun wontêna sêrat gurnadur | kang dhatêng kawula | sarèhe kula lampahi | inggih môngsa panjanga lampahaning prang ||
  11. pun gupênur sok mêdosi suratipun | kula nêmah nekat | angraos yèn sinakait | jinabakkên darah Kapakubuwanan ||
  12. mila bingung ngraos tan wontên kang ngukup | mangkya eyang jendral | amrih lêrês kang sayêkti | sasat dhawuh pitulunging Gusti Alah ||
  13. langkung nutug la-êla prasabênipun | wus dadi sadaya | inggih sampun dèn rèngrèngi | ingkang katur dhatêng Tuwan Sarib Bêsar ||
  14. lawan dhuwung Naga sarasah wêwolu | lan waos trisula | inggih sinarasah sami | amung kuda enjing sinusul asmara ||

— 137 —

— 138 —

— [0] —

Dalam buku Babad Gianti yang terdiri atas 138 halaman ini terdapat sejumlah kesalahan cetak yang perlu diloreksi. Naskah Babad Gianti dengan cacatan hasil analisis sebagai catatan kaki pernah dipublikasikan oleh Yayasan Sastra Lestari.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here